Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa tentang Pengalaman Liburan Lengkap Terjemahan

Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa tentang Pengalaman Liburan Lengkap Terjemahan

Ulvia Nur Azizah - detikJogja
Kamis, 07 Agu 2025 09:47 WIB
Ilustrasi teks
Ilustrasi teks narasi bahasa Jawa. (Foto: Pexels/Pixabay)
Jogja -

Teks narasi (teks narasi) merupakan jenis teks yang menyajikan rangkaian peristiwa secara runtut berdasarkan urutan waktu. Salah satu bentuk yang sering dijumpai adalah contoh teks narasi bahasa Jawa yang mengangkat tema sederhana dari kehidupan sehari-hari, seperti pengalaman liburan atau bermain. Teks semacam ini dapat digunakan sebagai sarana belajar bahasa Jawa yang menyenangkan sekaligus mengenalkan struktur cerita yang utuh.

Dikutip dari buku Gladhi Basa Jawa Kelas V untuk SD/MI tulisan Dhita Puspitasari Sukendro dan Triana Wahyu Susanti, teks narasi bahasa Jawa memiliki beberapa ciri utama atau titikan, seperti berisi cerita tentang sebuah peristiwa, bisa berdasarkan kejadian nyata maupun imajinasi, serta disusun mengikuti kronologi waktu. Di dalamnya juga tergambar dengan jelas unsur tokoh, sudut pandang pengarang serta latar tempat dan waktu.

Jika detikers tengah mencari teks narasi bahasa Jawa, terutama yang bertema pengalaman liburan, di bawah ini terdapat sejumlah contohnya. Yuk, simak!

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa tentang Pengalaman Liburan

Di bawah ini terdapat beberapa contoh teks narasi bahasa Jawa yang membahas tentang pengalaman liburan yang disadur dari buku Preinan ing Desa tulisan JFX Hoery serta Nalika Preinan Sekolah tulisan Gatot Harijoto.

ADVERTISEMENT

1. Yono lan Yuni Preinan Ana Desa Daleme Mbahe

Nalika preinan Yuni lan Yono menyang daleme Mbahe ing desa. Yuni lan Yono menyang desa diterake Bapake. Yuni dibonceng ana mburi, Yono ana ngarep.

"Iki isih adoh ya, Yu?" pitakone Yono menyang Mbakyune. "Kulone kreteg kae," wangsulane Yuni. "Wis tekan Pak?" pitakone Yono takon marang Bapake.

"Uwis. Kae Mbah Kakung, ana latar," wangsulane Bapake Yono.

Mbahe Yuni lagi panen lan nylumbati klapa ana latar. "Wonten deganipun Kung?" pitakone Yuni. Yuni karo Yono diundhuhne degan loro, banjur dibacoki sepete. Yono nunggoni Mbahe Kakung mecah degan. "Yon, degane digawe serbat," kandhane Yuni. "Iya, Yu. Cocok, ngelak-ngelak ngene."

"Degane dakerukane. Kowe nyuwun gula Mbah Uti." Kerukan degan diwadhahi panci dicampur karo banyune klapa. Yono nggawa gula klapa. Dheweke gumun, gulane kok gedhe lan atos. "Yu gulane kok atos, abang ngene?" pitakone Yono. "Iki gula klapa, sing ana ngomah gula pasir," wangsulane Yuni.

"Klapa bisa digawe gula, Yu? Piye carane?" pitakone Yono.

"Sing digawe gula iki juruh klapa," jawabe Yuni. "Ika ana wong nderes apek juruh," sambunge Yuni. "Nggawene piye Yu, kok bisa atos kaya watu?" "Juruh digodhog, nganti asat banjur dicithak."

Serbate wis dadi, banjur diwadhahi gelas. Yono banjur ngombe serbate. "Seger Yu. Nggelaku ilang," kandhane Yono. "Klapa akeh gunane, wiwit glugu, uwoh, sarta blarake. Kabeh isa digunakake," kandhane Yuni maneh.

Wektu kuwi ing emper daleme Simbahe akeh janur. "Janur iku arep dienggo apa, Yu?" "Digawe kupat," wangsulane Yuni. Blarak sing tuwa isa digawe payon omah. Sadane digawe sapu. Blarak sing garing kanggo obor. Bathok klapa isa digawe kerajinan kayata siwur, irus, centhong, benik, lan rerenggan maneka rupa.

Seminggu Yuni karo Yono liburan ing daleme Mbahe ana desa. "Suk nek preinan mrene maneh ya Yu," kandhane Yono nalika mulih. Mulihe Yuni karo Yono diparani Bapake. Kaya nalika budhal, bocah loro diganjeng ana ngarep lan mburi. Mbah Kakung lan Mbah Putrine guntapake ana latar.

Terjemahan:

Yuni dan Yono berlibur ke Desa Tempat Tinggal Kakek dan Nenek

Saat liburan sekolah, Yuni dan Yono pergi ke rumah Kakek di desa. Mereka diantar oleh Ayah. Yuni duduk di boncengan belakang, sementara Yono duduk di depan.

"Ini masih jauh ya, Mbak?" tanya Yono kepada Kakaknya. "Di seberang jembatan itu," jawab Yuni. "Sudah sampai, Pak?" tanya Yono kepada Ayah. "Sudah. Itu Kakek di halaman," jawab Ayah.

Kakek Yuni sedang memanen dan mengupas kelapa di halaman. "Ada kelapa muda, Kek?" tanya Yuni. Yuni dan Yono dipetikkan dua buah kelapa muda, lalu dikupas kulit luarnya. Yono menunggu Kakeknya memecah kelapa muda itu. "Yon, kelapa muda ini bisa dibuat serbat," kata Yuni. "Iya Mbak, cocok sekali, haus begini," jawab Yono.

"Kelapa mudanya kuserut, kamu minta gula ke Nenek ya." Serutan kelapa muda ditaruh ke dalam panci yang diisi air kelapa. Yono membawa gula kelapa. Ia heran, karena gulanya besar dan keras. "Mbak, gula ini kok keras dan warnanya merah begini?" tanyanya. "Itu gula kelapa, sedangkan yang di rumah gula pasir," jawab Yuni. "Kelapa bisa dibuat gula, Mbak? Bagaimana caranya?" tanya Yono.

"Yang dibuat gula itu niranya," jawab Yuni. "Lihat itu, ada orang memanjat pohon kelapa untuk mengambil nira," lanjut Yuni. "Cara membuatnya bagaimana Mbak, kok bisa keras seperti batu?" tanya Yono. "Nira itu direbus sampai mengental lalu dicetak," jelas Yuni.

Serbat pun selesai dibuat, lalu dituangkan ke gelas. Yono meminumnya. "Segar sekali, Mbak. Hausku hilang," katanya. "Kelapa itu banyak sekali manfaatnya, dari batang, buah, sampai daunnya. Semuanya bisa digunakan," tambah Yuni.

Saat itu, di teras rumah Kakek banyak daun kelapa muda. "Untuk apa daun kelapa muda itu, Mbak?" tanya Yono. "Untuk membuat ketupat," jawab Yuni. Daun kelapa tua bisa digunakan sebagai atap rumah. Lidinya dijadikan sapu. Daun kering digunakan untuk obor. Tempurung kelapa bisa dibuat kerajinan seperti gayung, sendok sayur, centong, kancing baju, dan aneka hiasan.

Selama seminggu Yuni dan Yono berlibur di rumah Kakek di desa. "Nanti kalau libur lagi, kita ke sini lagi ya, Mbak," kata Yono saat mereka pulang. Saat pulang, mereka dijemput oleh Ayah. Seperti saat berangkat, mereka dibonceng, satu di depan, satu di belakang. Kakek dan Nenek mengantar mereka dari halaman rumah.

2. Sinau Dolanan Tradisional Nang Omah Eyang

Hanan libur sekolah suwene telung minggu. Dheweke bakal nginep ana omahe Mbah Kung lan Mbah Putri ing Lumajang. Tekan kana, Mbah Kung lan Mbah Putri bungah amarga putune teka. Ing dina kaping pisan, Hanan diajak Mbah Kung dolanan gobak sodor bareng bocah-bocah kampung.

Mbah Kung crita babagan dolanan tradisional kaya dakon, nekeran, cublak-cublak suweng, lan yoyo. Hanan kaget nalika ngerti yoyo kuwi wis ana luwih saka 2.500 taun kapungkur. Saka lukisan vas Yunani, yoyo digawe saka kayu, logam, lan gerabah.

Mbah Kung njlentrehake tembang dolanan kaya soyang, jalak pita, lan jamuran. Bocah-bocah nembang bareng sinambi joged. Hanan banjur diajak nembang "Menthok-menthok" nganti Mbah Putri kaget amarga swarane banter banget.

Terjemahan:

Belajar Permainan Tradisional di Rumah Eyang

Hanan libur sekolah selama tiga minggu. Ia akan menginap di rumah Kakek dan Nenek di Lumajang. Sesampainya di sana, Hanan disambut dengan hangat. Pada hari pertama, dia diajak Kakek bermain gobak sodor bersama anak-anak kampung.

Kakek bercerita tentang permainan tradisional seperti dakon, kelereng, cublak-cublak suweng, dan yoyo. Hanan terkejut ketika mengetahui yoyo sudah ada lebih dari 2.500 tahun yang lalu. Berdasarkan lukisan pada vas dari Yunani, yoyo dibuat dari kayu, logam, dan gerabah.

Kakek menjelaskan lagu-lagu dolanan seperti soyang, jalak pita, dan jamuran. Anak-anak menyanyi bersama sambil menari. Hanan kemudian diajak menyanyikan lagu "Menthok-menthok" hingga Nenek terkejut karena suaranya sangat keras.

3. Dolan nang Omah Tukang Gawe Wayang

Liburan sekolahku kari rong dina maneh. Sesuk Ayah lan Mama arep teka menyang omahe Mbah Kung lan Mbah Putri ing Lumajang kanggo mapak aku. Rong dina maneh aku arep mulih menyang Jogja numpak sepur Logawa. Saktenane, aku durung kateg, isih kepengin suwe-suwe nang omahe simbah.

Aku banjur ngandhani Mbah Kung, "Mbah, mbokmenawa isih kelingan, mbiyen nate dhawuh arep ngajak aku dolan menyang omahe tukang gawe wayang. Kapan, Mbah?"

Mbah Kung banjur mangsuli, "Iya, Le. Mengko sore wae, Thole. Ing kana kowe bisa weruh carane nggawe wayang kulit."

Sore kuwi, aku numpak pit montor tuwa bareng Mbah Kung menyang Kecamatan Senduro. Adohe saka Lumajang kira-kira 20 kilometer. Angin seger ngusap rai nalika aku mbonceng ing mburi Mbah Kung. Aku seneng banget, awit iki pisanan aku arep ndeleng langsung proses nggawe wayang kulit.

Tekan kana, aku ketemu Pak Jayeng, tukang gawe wayange. Dheweke mesem lan langsung takon, "Thole menika keng wayahipun, nggih, Pak?"

Mbah Kung mangsuli, "Iya, Pak Jayeng. Putuku iki kepingin ngerti carane nggawe wayang kulit."

Aku krasa bungah lan semangat. Rasane ora sabar arep sinau bab apa wae sing ana gandheng cenenge karo wayang kulit.

Ing kana aku weruh piranti-piranti gawe wayang sing werna-werna, kayata pecok kanggo ngrogok wulu, amril kanggo nggosok kulit, telenan saka kayu sawo, tatah, gandhen, lan jangka. Aku kaget lan gumun, amarga iki pisanan aku ngerti kabeh mau.

Pak Jayeng nerangake proses gawe wayang, saka ngumbahi kulit sapi sak wengi, dipepe nganti garing, dirogok wulune, digosok nganti alus, nganti diukir nganggo tatah. Tatah ana 18 macem, diperang dadi tatah kuku lan tatah lantas. Natah kudu ati-ati, apamaneh nalika mbedhah (ngukir rai wayang).

Aku nyoba natah sithik nganggo gandhen, krasa angel nanging nyenengake. Sawise iku, aku diajak nyungging, yaiku aweh werna nganggo bahan kimia. Aku seneng banget bisa sinau langsung bab tatah sungging, senajan isih grothal-grathul.

Terjemahan:

Berkunjung ke Rumah Pengrajin Wayang

Liburan sekolahku tinggal dua hari lagi. Besok Ayah dan Mama akan datang ke rumah Kakek dan Nenek di Lumajang untuk menjemputku. Lusa aku akan pulang ke Yogyakarta naik kereta api Logawa. Sebenarnya, aku belum puas berada di rumah kakek-nenek.

Aku kemudian bilang kepada Kakek, "Kek, mungkin Kakek masih ingat, dulu pernah bilang mau mengajakku ke rumah perajin wayang. Kapan kita ke sana?"

Kakek menjawab, "Iya, Nak. Nanti sore saja. Di sana kamu bisa melihat bagaimana cara membuat wayang kulit."

Sore itu, aku naik motor tua bersama Kakek ke Kecamatan Senduro. Jaraknya dari Lumajang sekitar 20 kilometer. Angin segar menyapu wajah saat aku dibonceng di belakang Kakek. Aku sangat senang, karena ini pertama kalinya aku akan melihat langsung proses pembuatan wayang kulit.

Sesampainya di sana, aku disambut oleh Pak Jayeng, si perajin wayang. Ia tersenyum dan langsung bertanya, "Ini cucu Bapak, ya?"

Kakek menjawab, "Iya, Pak Jayeng. Cucu saya ingin tahu cara membuat wayang kulit."

Aku merasa gembira dan bersemangat. Rasanya tidak sabar untuk belajar tentang segala hal yang berkaitan dengan wayang kulit.

Di sana aku melihat berbagai alat pembuatan wayang seperti pecok untuk mengerok bulu, amplas, talenan dari kayu sawo, tatah, palu, dan jangka. Aku kagum, karena ini pertama kalinya aku melihat semua itu.

Pak Jayeng menjelaskan proses membuat wayang, mulai dari merendam kulit sapi semalaman, dijemur hingga kering, bulunya dikerok, digosok sampai halus, lalu diukir dengan tatah. Tatah ada 18 jenis, dibagi jadi tatah kuku dan tatah lantas. Mengukir harus hati-hati, terutama saat mengukir wajah (disebut mbedhah).

Aku mencoba mengukir sedikit memakai palu, rasanya sulit tapi menyenangkan. Setelah itu, aku diajari menyungging, yaitu memberi warna memakai bahan kimia. Aku sangat senang bisa belajar langsung tentang tatah sungging, meskipun masih agak bingung.

4. Dolan Menyang Candi Prambanan

Wulan Juni sekolahku prei. Aku diajak bapak lan ibu dolan menyang Candi Prambanan. Aku mangkat bareng sepupuku, Kino. Tekan kana, aku langsung gumun. Candi Prambanan gedhe lan endah banget. Ana telung candi utama, yaiku Candi Siwa, Brahma, lan Wisnu.

Aku mlaku-mlaku ngubengi candhi, nonton arca-arca lan relief ing tembok. Aku ngerti yen crita ing candhi kuwi yaiku Ramayana. Reliefe nggambarake lakone Rama, Sinta, Rahwana, Hanoman, lan liya-liyane. Critane menarik lan gampang dingerteni awit diterangake dening bapakku.

Sakwise mlaku-mlaku, aku ndelok ana tukang dodol wayang cilik saka kulit. Aku tuku siji, gambare Hanoman. Wayang kuwi tak gawe kenang-kenangan saka Prambanan. Dina kuwi aku seneng banget, awit bisa dolan, nambah kawruh, lan ndelok kabudayan Jawa kanthi langsung.

Terjemahan:

Berwisata ke Candi Prambanan

Pada bulan Juni sekolahku libur. Aku diajak ayah dan ibu berwisata ke Candi Prambanan. Aku pergi bersama sepupuku, Kino. Sampai di sana, aku langsung kagum. Candi Prambanan sangat besar dan indah. Ada tiga candi utama, yaitu Candi Siwa, Brahma, dan Wisnu.

Aku berjalan-jalan mengelilingi candi, melihat arca-arca dan relief di dinding. Aku tahu bahwa kisah di candi itu adalah cerita Ramayana. Reliefnya menggambarkan kisah Rama, Sinta, Rahwana, Hanoman, dan lainnya. Ceritanya menarik dan mudah dimengerti karena dijelaskan oleh ayahku.

Setelah berjalan-jalan, aku melihat ada penjual wayang kecil dari kulit. Aku membeli satu, bergambar Hanoman. Wayang itu kujadikan kenang-kenangan dari Prambanan. Hari itu aku sangat senang, karena bisa berwisata, menambah pengetahuan, dan melihat budaya Jawa secara langsung.

5. Plesir Menyang Pantai Indrayanti

Wulan Desember kepungkur, aku diajak bapak lan ibu dolan menyang salah siji pantai ing Gunungkidul. Jenenge Pantai Indrayanti. Aku tekan kono awan-awanan, srengenge sumunar padhang lan angine seger.

Sakwise tekan, aku mlaku-mlaku nyeker ing pasir putih sing alus. Banjur aku dolanan banyu bareng ibuku lan adikku Jaka. Ombake ora gedhe, nanging kudu tetep ati-ati. Kadhang aku mung lungguh ing pinggir, nyawang segara lan ngrungokke swarane ombak.

Bapak tuku klapa ijo saka bakul jajanan ing warung cedhak pantai. Sawise kuwi, aku lan Jaka nggawe istana pasir. Rasane nyenengake banget bisa dolan bareng kulawarga. Liburan ing pantai kuwi dadi kenangan sing ora bakal tak lalekake.

Terjemahan:

Pada bulan Desember yang lalu, aku diajak ayah dan ibu berlibur ke salah satu pantai di Gunungkidul. Namanya Pantai Indrayanti. Aku sampai di sana saat siang hari, matahari bersinar cerah dan anginnya sejuk.

Setelah tiba, aku berjalan-jalan tanpa alas kaki di pasir putih yang halus. Lalu aku bermain air bersama ibuku dan Kino. Ombaknya tidak besar, tetapi tetap harus hati-hati. Kadang aku hanya duduk di tepi, memandangi laut dan mendengarkan suara ombak.

Ayah membeli kelapa muda dan beberapa jajanan di warung dekat pantai. Setelah itu, aku dan Kino membuat istana pasir. Rasanya sangat menyenangkan bisa berlibur bersama keluarga. Liburan di pantai itu menjadi kenangan yang tak akan aku lupakan.

Nah, itulah tadi sejumlah contoh teks narasi bahasa Jawa tentang pengalaman liburan yang dilengkapi terjemahan. Semoga bermanfaat!




(sto/apu)

Berita Terkait

 

 

 

 

 

 

 

 

Hide Ads