3 Contoh Sesorah, Pidato Bahasa Jawa Berbagai Tema

3 Contoh Sesorah, Pidato Bahasa Jawa Berbagai Tema

Genis Naila Alfunafisa - detikJogja
Senin, 31 Jul 2023 19:21 WIB
ilustrasi microphone
3 Contoh Sesorah, Pidato Bahasa Jawa Berbagai Tema (Foto Ilustrasi: thinkstock)
Jogja -

Bagi seseorang yang ingin menyampaikan pidato dalam bahasa Jawa bisa menggunakan beberapa contoh berikut ini. Adapun dalam Bahasa Indonesia, sesorah adalah berpidato.

Pidato biasanya disampaikan seseorang dalam sebuah acara. Biasanya, sebagian masyarakat Jawa yang berpidato pun juga akan menggunakan bahasa Jawa.

Pengertian Sesorah

Dikutip dari laman ayoguruberbagi.kemdikbud.go.id, sesorah atau dalam bahasa Jawa biasa dikenal sebagai medhar sabda merupakan pidato dalam bahasa Jawa yang diungkapkan dengan tujuan untuk melahirkan gagasan, pendapat, atau bisikan hati melalui lisan di depan orang banyak.

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Sesorah biasanya disampaikan dengan topik yang berbeda-beda tergantung di mana seseorah itu disampaikan dan siapa audiensnya. Misalnya, sesorah dengan topik pendidikan, keagamaan, sambutan kepada orang lain, dan sebagainya.

Contoh Sesorah

1. Contoh Sesorah Perpisahan Sekolah

Dikutip dari laman Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi, berikut adalah contoh sesorah perwakilan kelas 12 dalam acara perpisahan sekolah.

ADVERTISEMENT

Assalamualaikum Wr. Wb.

Kawilujengan saha kabagaswarasan mugya tansah kajiwa kasarira dumateng panjenengan sedaya dalasan kula.

Ingkang satuhu kinurmatan, Kepala Dinas Pendidikan dan Olahraga Kabupaten Grobogan, Kepala SMA Negeri 1 Wirosari, Muspika kecamatan Wirosari, Bapak/Ibu para rawuh dalasan kanca-kanca ingkang bagya mulya.

Saderengipun sumangga kula dherekaken monjukaken puja-puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring kanikmatan saha rahmat, satemah ing wekdal menika kula panjenengan saged kempal ing papan kalenggahan menika saperlu hangrawuhi adicara wisuda purna siswa saha tutup tahun palajaran 2021/2022 kanthi pinayungan bagas waras nir ing rubeda.

Bapak Ibu para rawuh ingkang dahat kinurmatan,

Boten karaos bilih kula sakanca sampun tigang warsa dangunipun ngangsu kawruh wonten ing SMA Negeri 1 Wirosari ingkang kinasih menika. Salajengipun ing kalodhangan menika, kepareng kula minangkani sesulihipun kanca-kanca kelas XII badhe ngaturaken tetembungan saking telenging manah, sadangunipun kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing SMA Negeri 1 Wirosari menika.

Kula sakanca ngaturaken agungin panuwun kanthi ikhlasing manah dhumateng bapak Kepala sekolah, minangka manggalaning pra Dwija SMA Negeri 1 Wirosari, bapak saha ibu dwija dalasan karyawan SMA Negeri 1 Wirosari ingkang sampun kersa nggula-wenthah kula sakanca kanthi raos sih katresnan, kacihna kanthi panggula-wentah kados ing kawah candradimuka menika kula sakanca saged nglampahi Ujian Nasional saha Ujian Sekolah kanthi sae.

Kula sakanca ngaturaken agunging samudra pangaksami dhuamteng bapak Kepala Sekolah, bapak ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 1 Wirosari mbok bilih sadangunipun kula sakanca dipungula-wenthah ing kawah candradimuka menika kathah kalepatan arupi atur ingkang boten mranani, trapsila ingkang boten tata, lan saweneh kawontenan ingkang boten mantesi, saestu sepisan malih kanthi andhap asoring manah kula sakanca nyuwun lumunturing sih pangaksama.

Kula sakanca ugi nyuwun tambahing donga pangestu saking bapak ibu dwija dalah karyawan saha rayi kula ingkang samenika lenggah wonten ing kelas sedasa saha sewelas. Mugi-mugi kula sakanca saged nglajengaken wonten pawiyatan ingkang langkung inggil malih saha saged nggayuh gegayuhan ingkang dados pangimpen kula sakanca. Amin.

Ing wusana, kanthi tulusing manah kula sakanca namung saged ndherek dedonga mugi-mugi SMA Negeri Wirosari langkung misuwur saha dados pawiyatan ingkang migunani dhumateng bebrayan ageng ing tlatah Wirosari Kabupaten Grobogan. Amin.

Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur awit saking kiranging seserepan kula ngengingi basa, sastra saha subasita, kula nyuwun sih samudra pangaksami. Nuwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

2. Contoh Sesorah Edukasi Narkoba

Mengutip buku 'Perangkat Pembelajaran Bahasa Jawa' (2022) oleh Lisa Megawati yang diunggah di laman Kemenetrian Pendidikan Kebudayaan, Riset, dan teknologi, berikut adalah contoh seseorah tentang edukasi narkoba.

Assalamu'alaikum, Wr. Wb.

Nuwun.

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang winantu ing pakurmatan. Bapak ibu guru ingkang kula urmati. Ingkang winantu ing pakurmatan bapak ibu staf karyawan karyawati, ugi kanca-kanca siswa siswi ingkang winantu ing kabagyan.

Puji syukur konjuk ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun kepareng paring rahmat dhateng kula lan panjenengan sedaya, satemah saged pinanggih ing papan mriki kanthi wilujeng nir ing sambikala. Mugi kasarasan, kawilujengan, miwah kabahagyan katumrapan dhumateng kula lan panjenengan sedaya.

Ing kalodhangan punika kangge mahargya dinten BEBAS NARKOBA, kula ngajak dhumateng para tamu, mliginipun kanca-kanca siswa siswi, mangga sesarengan sami nyuksesaken program pamarentah ingkang gadhah pangajab BEBAS NARKOBA ing warsa punika. Awit saking kathahing kedadosan ingkang sampun kaetang, sampun makaping-kaping korban-korban ingkang ngginakaken narkoba tansaya mindhak. Langkung-langkung saking gunggung jiwa ingkang sampun kacathet, 80 % korban punika saking para mudha. Pramila wonten andharan punika, sekedhik badhe kula aturaken sesambetan kaliyan pirembagan ing ngajeng.

Menawi dipungatosaken saking kedadosan ingkang sampun kelampahan, miturut saking kasunyatan ingkang cetha, kanca-kanca ingkang ngginakaken narkoba punika wiwitanipun namung nyobi-nyobi. Mirsani kanca ingkang ngginakaken punika sajak remen kawontenanipun. Kabithung saking kawontenan kanca ingkang makaten, lajeng boten kiyat imanipun, mlajengipun ketut tumindak kados mekaten.

Kajawi saking punika, kanca-kanca ingkang ngginakaken narkoba punika kajawi kaglithuk dening lingkungan, wingkingipun ugi kathah ingkang saking kulawarga ingkang risak. Awit salebetipun kaluwarga boten wonten raos njagi setunggal tumrap setunggalipun. Sedaya anggota kaluwarga namung nuruti hardaning kanepson, namung menggalihaken karemenanipun kiyambak. Antawisipun tiyang sepuh kaliyan putra boten wonten raos tresna lan asihipun.

Bapak ibu ingkang kula urmati, dalasan kanca-kanca ingkang winantu ing kabahagyan. Kajawi saking kados perangan ing nginggil. Lare ingkang kados mekaten punika wingkingipun ugi kathah ingkang saking kaluwarga ingkang cekap, langkung-langkung saking kaluwarga ingkang tirah. Tiyang punika menawi gadhah arta tirah umumipun bingung anggenipun ngecakaken.

Pramila lajeng mlajar dhateng tumindak ingkang boten sae. Pramila saking punika panjenengan lan kula kedah saged nebihi tumindak awon ingkang kados mekaten. Mliginipun tumrap kanca-kanca siswa siswi sedayanipun, lare ingkang sampun kecanduan narkoba punika mesthi risak nalaripun. Titikanipun sedaya ingkang dipuntindakaken tansah sulaya. Gampil kesenggol raosipun, nganggep tiyang sanes punika mengsahipun. Boten purun manunggal kaliyan kanca sanesipun. Sampun ketingal nglokro, gampil kesel, gampil sakit, tansah uring-uringan, lan sapanunggalanipun. Malah ingkang sampun mlebet tataran kecanduan, rumaos remen menawi saged milara dhateng dhiri pribadinipun piyambak.

Ngengeti kawontenan ingkang kados mekaten, menapa boten miris menawi dipunraosaken. Ningali kemawon sajak boten mentala. Pramila mangga nebihi tumindak ingkang ngginakaken narkoba jinis punapa kemawon. Awit menapa kemawon wujudipun narkoba punika boten prayogi tumrap dhiri pribadi. Ingkang saged ngendhaleni sedayanipun punika kawiwitan dhiri pribadinipun piyambak. Langkung prayogi ingkang dereng kenging narkoba, ampun ngantos nyobi-nyobi ngangge. Ingkang sampun kelajeng, saged nebihi kanthi ngginakaken cara:

  1. Tansah eling dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung.
  2. Mungkasi sedaya tumindak ingkang ngosumsi narkoba.
  3. Menawi boten saged ngendhaleni piyambakan, saged pasrah dhateng dokter, supados mangke saged dipundandosi.
  4. Tumrapipun kaluwarga kedah saged maringi penyengkuyung ingkang awujud materi punapa dene spiritual.

Kanthi nindakaken cara ingkang kados mekaten, mugi-mugi saged minangka satunggaling pambudidaya kangge nebihi sarta ngusadani lare ingkang kenging narkoba.

Pramila kula ngemutaken dhateng dhiri pribadi kula piyambak, ugi dhumateng kancakanca, ampun ngantos dados satunggaling pengguna narkoba, awit narkoba punika pancen ngrisak panjangka lan sedaya kekajengan ingkang badhe dipungayuh.

Bapak ibu ingkang kula urmati, dalasan kanca-kanca siswa-siswi ingkang winantu ing suka basuki. Cekap semanten atur kula. Sakathahing atur, kula nglenggana kathah kekirangan kula, pramila sedaya kekirangan kala wau nyuwun agunging samudra pangaksami. Nuwun. Wasalamu'alaikum, Wr. Wb.

3. Contoh Sesorah Acara Lamaran

Dilansir laman kebumenkab.go.id., berikut ini adalah contoh seseoorah untuk acara lamran.

Assalamu 'alaikum wr.wb.

Alhamdulillahirabbil 'alamin. Allahuma shalli 'ala Muhammad, wa 'ala alihi washahbihi ajma'in.

Puji syukur, kita konjukaken dumateng ngarsanipun Allah Swt, ingkang sampun paring kathah rahmat ugi kanikmatan dhumateng umatipun, saengga dumugi titi wanci menika, kita sedaya tansah manggih ing karaharjan, widada astuti, nir ing sambekala.

Shalawat sarta salam, mugi tansah tinetepna kagem junjungan kita Rasulullah Muhammad SAW, sumrambahipun dhumateng kulawarga Nabi, para sohabatipun sedaya.

Wonten ngarsanipun para pinisepuh lan sesepuh kulawarga Bapak Ahmad Shiddiq ugi Ibu Sulami ingkang satuhu kinabekten, hadirin ingkang dhahat kinurmatan, keparenga kula kumowantun matur wonten ngarsa panjenengan sedaya, minangka sulih atur Bapak Daman Siri sakulawarga, ingkang pidalem wonten ing Desa Tegalampel, Kecamatan Karangdowo, Kabupaten Klaten.

Ingkang Sepindah, Bapak Daman Siri sakulawarga ngaturaken salam taklim kanthi atur "Assalamu 'alaikum wr.wb", katur keluarga besar Bapak Ahmad Shidiq, sinartan atur panuwun ingkang tanpa upami, bilih sowan kula sak rombongan sampun katampi kanthi sae ugi kanthi renaning penggalih.

Kaping kalihipun, netepi jejegipun tiang sepuh, Bapak Daman Siri kaliyan Ibu Nurgiyati ingkang peputra Dhimas Saat Abrori, dipun sambati dening putranipun, dene anggenipun srawung kekancan kalian Nimas Fatimah zahro Ash shidiqoh putra putrinipun Bp. Ahmad Shidiq , tambah raket, nuwuhaken raos tresna ingkang tan kena pinisah.

Golonging tekad, Dhimas Saat Abrori nedyo ngajak bebrayan wontening ikatan perkawinan ingkang suci.

Kanthi menika, Bp Daman Siri sakulawarga sowan wonten ngarsanipun kulawarga Bp Ahmad shidiq, kanthi sedya nglamar putrinipun, ingkang sesilih Nimas Fatimah Zahro Ash Shidiqoh.

Njangkepi sowan kula sakrombongan, kula aturaken ugi uba rampe rerangkening pirembagan, ingkang arupi kalpika/cincin lan oleh-oleh sakcekapipun. Mugi saget katampi, lan ndadosaken rumaketing silaturahmi antawisipun kulawarga Bp Ahmas Shidiq lan kulawarga Bp Daman Siri. Amin.

Makaten ingkang dados atur kula pinangka talangipun atur keluwarga. Mbok bilih wonten klenta klentu saha kebat kliwating atur kula ingkang mboten ndadosaken serjuning penggalih, saestu kula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami. Wabilahitaufiq walhidayah,

Wassalamu 'alaikum wr.wb

Demikian penjelasan mengenai contoh sesorah dengan beberapa tema. Semoga bermanfaat, Lur!

Artikel ini ditulis oleh Genis Naila Alfunafisa peserta Program Magang Bersertifikat Kampus Merdeka di detikcom.




(ams/ahr)

Berita Terkait

 

 

 

 

 

 

 

 

Hide Ads