Banyak orang tua yang kerap mendongengkan atau menceritakan sebuah kisah pada anak-anak. Cerita-cerita itu biasanya berupa dongeng sebelum tidur, legenda, cerita pendek (cerpen), dan lain-lain.
Cerpen kerap dipilih karena teksnya dianggap sederhana, mudah dimengerti, namun tetap mengandung nilai moral yang tinggi. Terlebih, banyak cerpen yang bisa mengajarkan budi pekerti kepada anak-anak.
Di Jawa ada cerkak yang merupakan cerita pendek berbahasa Jawa. Cerkak termasuk karya sastra Jawa Modern.
Melansir buku Bahasa Jawa Xa karya Eko Gunawan, cerkak ditulis kurang dari 10.000 kata. Isinya juga ringkas dan merupakan cerita fiktif.
Contoh Cerkak Bahasa Jawa
Ada banyak contoh Cerkak yang bisa Anda gunakan. Berikut 3 contoh yang diambil dari situs Jawasastra.
1. Dongeng Sato Kancil, Kebo, lan Baya
Awan iku panase sumelet. Krana gorongane garing lan ngelak banget, Kancil kepengin menyang kali saperlu ngombe. Sawise ngombe samareme, dumadakan Kancil krungu swara sing njaluk tulung.
Kepengin ngerti sapa sing njaluk tulung mau, Kancil banjur nyedhaki menyang asale swara. Saeba kagete Kancil nalika lakune tekan enggok-enggokan kali. Panyawange tumancep marang Kebo sing lagi sambat kelaran merga sikile dicokot Baya.
Mangerteni kahanan kaya ngono Kancil rumangsa welas. Kepengin nulungi Kebo sing arep dimangsa Baya. Nanging kepriye carane sing arep nulungi? Kancil banjur ngulur pikire.
"Kebo lan Baya, piye kabarmu? Apa kowe sakloron lagi padha dolanan lan gegojegan?" tembunge Kancil sawise ana cedhake Kebo lan Baya.
"Cil, aku lagi apes tenan iki. Tulungana aku," kandhane Kebo karo ngempet lara.
"Apik Cil, kabarku. Dina iki aku pancen lagi untung banget," semaute Baya.
"Piye ta iki critane. Sing siji omong apes lan sing siji omong untung. Jan-jane ana apa iki?" Kancil ethok-ethok mbodhoni.
"Ngene lho, Cil. Mau nalika aku lagi ngombe neng pinggir kali kene dumadakan aku krungu swara sing njaluk tulung. Sawise takgoleki jebul Baya lagi sambat kelaran merga kebrukan wit. Dheweke ngrerepih njaluk tulung, mulane ya taktulungi," kandhane Kebo.
Kancil manthuk-manthuk.
"Ngene lho Cil critane," Baya sumambung. "Mau Kebo pancen sing nulungi aku. Dheweke sing bisa nguwali aku saka wit sing ngebruki awakku nganti ora bisa obah. Aku uga takon marang Kebo, apa gelem nulungi aku kanthi tulus? Dheweke saguh nulungi kanthi tulus."
Kancil bali manthuk-manthuk.
"Aku kebrukan wit nganti ora bisa obah suwene telung dina. Mesthi wae aku keluwen. Merga pas wektu ditulungi aku keluwen, dheweke arep takmangsa. Karomaneh dheweke ya wis janji saguh nulungi aku kanthi tulus. Apa aku salah yen tumindak kaya ngono?" kandhane baya maneh.
"Apa bener kaya ngono critane, Kebo?" pitakone Kancil marang Kebo.
"Pancen bener kaya ngono, Cil. Nanging karepku rak mung nulungi dheweke sing lagi kebrukan wit. Aku ora ngira babar pisan yen Baya uga arep mangsa aku," kandhane Kebo.
Kancil meneng sedhela, sajak mikir. "Yen kaya ngono critane, ateges Baya sing bener. Lan kowe, Kebo, kudu gelem dimangsa Baya," kandhane sabanjure.
Krungu tembunge Kancil sing kaya ngono, Baya rumangsa seneng atine. Suwalike Kebo dadi susah banget lan sajak pasrah.
"Nanging, kanggo nggoleki cethane perkara iki, aku kepengin kabeh sing wis kelakon dibaleni saka ngarep. Aku kepengin weruh sanyatane," kandhane Kancil.
"Ngapa ndadak kaya ngono, Cil?" pitakone Baya.
"Aku kepengin ngerti wiwit Baya kebrukan wit, ditulungi Kebo lan nganti Baya kepengin mangsa Kebo. Iki kabeh kanggo nggoleki endi sing bener lan endi sing luput."
"Perkara iki aku rak sing bener ta, Cil," semantane Baya.
"Pancen bener. Nanging apa kowe sing kondhang pinter gelem yen diarani arep mangsa Kebo sing ora rumangsa salah?"
Krungu tembunge Kancil sing kaya ngono mau, Baya saguh nuruti penjaluke Kancil. Wekasane, Baya ngeculake cokotane marang sikile Kebo.
Ora gantalan wektu, Baya diajak menyang papane sekawit nalika kebrukan wit. Sawise Baya mapan, Kebo gage-gage nyurung wit nganggo sungune. Saikine Baya bali kebrukan wit lan ora bisa obah maneh. Nyipati kahanan kaya ngono, Kancil banjur cepet-cepet ngajak mlayu Kebo ninggalake papan kuwi.
"Saiki rasakna Baya. Kaya ngono kuwi entuk-entukane ditulungi malah menthung," kandhane Kancil.
Baya sing saiki sambat kelaran lan ora bisa obah merga kebrukan wit, lagi sadhar yen wis diapusi Kancil. Ing atine banjur tuwuh pangigit-igit lan kepengin males arep mangsa Kancil embuh kapan mengko. Sauntara Kebo sing wis ditulungi Kancil lan uwal saka bebaya, bola-bali mung ngucapake panuwun.
Sawise Elisa rampung maca dongeng mau, kanca-kancane sanalika banjur keplok ora leren-leren.
"Saiki Ibu arep nyuwun pirsa. Pelajaran apa sing bisa dipethik saka dongeng mau?" ngendikane Bu Hesti.
"Baya sing srakah, Bu," wangsulane Sari.
"Kebo sing gampang diapusi, Bu," semaute Candra lan banjur disusul jawaban sing beda-beda saka murid liyane.
Bu Hesti mesem. "Sing cetha, pelajaran saka dongeng mau ora liya ditulungi malah menthung. Tumindak kaya ngono ora kena lan kudu disingkiri. Mesthine, yen ditulungi kudune matur nuwun, ora malah arep nyilakani sing aweh pitulungan."
Bubar ngendika kaya ngono Bu Hesti banjur metu saka ruwangan kelas, awit bel ngaso wis muni.
Baca contoh cerkak lainnya di halaman selanjutnya
(hse/sun)