Cerkak bahasa Jawa dapat menjadi hiburan sekaligus sarana menyampaikan nilai-nilai kehidupan. Lewat bahasa yang sederhana dan alur yang ringkas, cerkak mampu mengajak pembaca merenung dan belajar dari pengalaman tokoh-tokohnya.
Dikutip dari artikel ilmiah berjudul Pangembangan Medhia Dhigital Flipbook Kanggo Ngundhakake Kawasisan Nulis Cerkak Siswa Kelas VIII SMP Negeri 40 Surabaya oleh Luluk Avivah, cerkak atau cerita cekak adalah karangan fiktif yang menceritakan suatu peristiwa dalam kehidupan dengan alur yang relatif singkat namun padat. Cerita ini bertujuan menyampaikan pengalaman atau gagasan secara ringkas, tetapi tetap mampu menarik perhatian pembaca melalui isi cerita yang bermakna.
Berikut ini adalah beberapa contoh cerkak bahasa Jawa yang dihimpun dari Antologi Cerkak Taman Putra oleh Balai Bahasa Surabaya, Rikma tulisan Syafira Nur Damayanti, Antologi Cerkak Bale Akarya oleh Siswa-siswi Kelas 8 SMPN 5 Bojonegoro. Mari kita simak!
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Cerkak Bahasa Jawa Panjang dan Pendek
1. Merga Saka Salahku Dhewe
"Aljabar iki kok angel temen ya?" Mengkono panggresahku nalika ana ulangan kenaikan kelas. Karo uthek-uthek klat, dakcoret, daksuwek, dakbuwang, banjur nyoba maneh. Ping papat, ping lima, tetep wae buntu. Rasa-rasane pikiranku mbulet, ruwet, ora nemu solusi. Senajan angel, aku tetep nyoba lan ora gelem nyerah. Aljabar tetep dakgarap sanadyan akalku wis entek.
Ret...ret...ret...ret...ret. Sedhela-sedhela nyandhak piranti kanggo mbusek. Usek usek usek...usek...sek...sek...sek. Suprandene meksa isih durung ana mentase, sanajan wis kurban pirang-pirang klat. Pangudarasaku wiwit rada mangkel, "Tobat tenan nek ngadhepi kaya ngene iki, kebangeten tenen maringi soal wae kathik diangel-angel.".
Lagi tengah-tengahe ubres karΓ©pe dhewe, ndadak bapak guru wis ana ing sandhingku karo mesem. Mak jenggirat aku kaget.
"Dar, saya lihat sejak tadi kamu selalu ribut sendiri saja!"
"Sukar kok, Pak!"
"Mana yang sukar," ngendikane guruku karo mriksani garapanku.
"Yang nomer dua ini, Pak, barangkali soalnya ada yang salah."
"Akh, tidak, semuanya tentu cocok, hanya kamu yang kurang belajar."
Sakjerone atiku ngerti yen aku kurang sinau. Alasan mung dadi tameng, padahal sakjatine aku pancen ora bisa nggarap. Bareng guruku ngendika, "Kurang sepuluh menit tho," atiku tambah ora karu-karuwan. Pikiran sing ora jujur bajur tuwuh, "Yen nurun wae rak cepet."
Lagi wae nyoba nyonto, entuk patang larik, guruku ngendika, "Waktu sudah habis." Garapanku tak kumpulake apa anane. Bareng istirahat, kanca-kanca padha cocog-cocog jawaban, giliran aku ditakoni, mung bisa mangsuli, "Lah, embuh... aku lali."
Aku rumangsa getun, wektu akeh tak buwang mung kanggo seneng-seneng. Saupama wektu kuwi tak gunakake kanggo sinau, mesthi ora bakal kaya ngene asilku. Nanging, kabeh wis kasep, mung kari penyesalan. Atiku nggrundel, "Sepisan iki wae, aku kapok, ora bakal mbaleni maneh."
Saiki mung kari ngenteni rapot, ngrasakake deg-degan apa aku bakal munggah kelas apa ora. Nalika mikir nasibku, kancaku ngagetke, "Heh, nglamun wae kowe!"
"Ora, aku mung kelingan ujian sing njepluk kuwi," aku mangsuli.
Pesenku kanggo adhik-adhik, aja ditiru lelakonku iki. Cukup aku wae sing ngalami. Getun kuwi ora ana gunane yen wis kasep.
2. Gawe Geger
Hari wis rong jam ngenteni Sugito ing Kidulngawu, arep nyilih cukit ban amarga bane mbledhos. Ora suwe Sugito teka karo nuntun sepedha. Bareng ditakoni, jebul sepedhane Sugito uga rusak. Banjur cukit ditindakake bareng lan sepeda dititipke.
Bocah loro mulih bareng sinambi guyonan. Hari ngajak Gito sekolah esuk-esuk dina Saptu bareng mlaku. Temenan, jam papat esuk, dheweke mangkat tanpa obor, awit isih padhang wulan.
Nalika liwat dhukuh Tojawiji, dheweke padha muni kaya manuk kulik lan tuwu, geguyon nyandhak kapercayan warga. Ora suwe, keprungu kenthongan rame, dikira ana pratandha ala dening warga. Hari lan Gito mlayu ngedoh, nanging banjur kaget merga manuk kulik lan tuwu muni tenanan. Wedi kesasar, dheweke mandheg lan ngenteni nganti padhang.
Langit wis abang, dheweke terus mlaku lan nganti sekolah kanthi selamet. Gito ngelingake supaya ora mbaleni maneh. Hari mangsuli, "Iya, kapok tenan aku."
Crita iki tenan. Aku sing marahi, mula nyuwunku, aja ditiru. Aja gawe geger wong akeh mung merga guyonan sing ora pas.
3. Kalimput ing Pepeteng
Mbedhodhog rasane atiku bareng tanpa ijazah tamat lan lulus ujian saka SMP. Ijazah kang tansah dadi pangimpi-impiku. Wus klakon dakpondhong kanthi rasa kang marem amarga bijine ora nguciwani.
Aku mesthi bisa nerusake sasenengku. Embuh mengko saka keparenge bapak, aku mung manut. Tekan ngomah luwih seneng maneh. Bapak ibu adhik-adhik dakpameri padha melu bungah.
Nanging, sabubare bungah, daksawang bapak teka sajak kurang rena. Apa isih kuciwa bijiku? Apa bapak kurang marem? Ilmu Pasti aku oleh 10 bulat. Inggris 8. Mangka ana sekolahan aku wis dadi agul-agule guruku. Baya apa kang agawe kurang rena? Mangkono pitakonku sajroning ati.
Bareng wis bengi aku ditimbali. Rada dheg-dhegan rasane atiku; nyipta manawa bakal didukani.
"O, Ngger, Anakku," mengkono pangandikane. Durung-durung waspane bapak wis kumepyur, "Bapak marem ndeleng bijimu, thole! Mesthine kowe kepengin nerusake sekolah. Nanging, iba susahing atimu merga wong tuwamu bebasan kerot ora duwe untu, ora bisa ngragadi sekolahmu maneh ana ing kutha. Amarga, pira bakal pondhokanmu ana ing kutha kang luwih gedhe. Durung sangumu, durung sandhanganmu. Elek-eleke aku kudu ngetokake dhuwit saben sasine ora kurang saka limang atus rupiyah. Lha saka-ngendi thole? Kahanane bapak wis benjut selagine kowe sekolah ana ing kutha cilik. Sepira panandhange kulawargamu mengko, yen benjut mau katambah kebentus-bentus maneh. Ora ngira le. Ora ngira yen bakal ana jaman edan kaya mengkene. Ora mung kowe dhewe thok sing gela, dene cita-citamu ora klakon. Aku luwih gela maneh dene kapeksa gagal cita-citaku. Trimanen le, trimanen. Ora dadi apa, mbesuk yen wis ana jaman murah, mbacutake sekolah maneh."
Pyur...rasane atiku kaya didhodhog nganggo gandhen. Ora nyipta menawa bakal ana kedadeyan kang mengkene. Kebangeten bapak. Dene aku ora pareng nerusake sekolah. Gek kon apa nyang omah. Macul ora bisa, nyambut-gawe liyane maneh jegosa.
Gegambaranku rena-rena. Sok thukul arep golek sekolahan sing nganggo Ikatan Dinas. Ning sok ndeleng kaya-kaya ora ana. Arep golek pegaweyan, ya menyang endi. Kepingin lunga arep ngulandara menyang sabrang. Nanging, bapak ibu mesthi ora pareng. Arep mberot, aku dhewe ora duwe ragad kang kena kanggo sanguning laku. Peteng ndhedhet rasaning atiku, tansah kuwur-kuwur ora ngerti apa kang kudu daktindakake.
Suwe-suwe kendho! Kendho semangatku. Kelingan menawa bapak ibuku lagi kesrakat. Kelingan manawa reregan sarwa larang. Pondhokan dhuwiir banget. Ah eman. Eman dene aku dadi bocah ndesa.
Aku nrima! Trima gagal ana ing tengahing dalan. Arep melu urun ngabekti nyang wong tuwa sarana melu ngrewangi wong tuwaku ngundhakake asil
4. Swarga Impen
Lukisan Taj Mahal sing wis takwiwiti dhek Minggu kepungkur durung wae rampung. Embuh iki,aku lagi kena lara aras-arasen. Saben dina gaweyanku mung nongkrong, turu, karo ndeleng tivi.
Pas wayah sore, pas lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar
omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku nyawang sing apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki.
"Omah kok apike ora ilok kaya ngono kuwi, sing manggon apa ya manungsa?" grenengku. Lha piye, sing kaya ngono kuwi aku durung tau weruh kok!
Omahe Gedhe-gedhe, apik lan katon kerlap. Ruwang tamune kaya panggonane presiden nampa tamu negara. Tenan! Kamar paturonane, jembar ngluwihi omahku sapekarangan. Lha piye, ing jero kamar ana meja kursi lengkap, kamar mandi. Niku durung kolam renange, banyune biru katon kinclong-kinclong.
"Kuwi omahe sapa Mas Gondo?" pitakone Tanto bocah cilik tanggaku. Merga anggonku nyawang tivi, aku nganti ora weruh yen ana bocah melu-melu nyawang gambar omah apik mau.
"Kuwi dudu omah, kuwi swarga," wangsulanku karo ngulu idu.
"Ana ngendi manggone?" sajake Tanto durung ngerti karo wangsulanku.
"Embuh, wong aku durung tau mrana!"
"Aku pengin mrana, Mas Gondo!"
"Lha wong swarga kuwi panggonane wong-wong sing wis mati, sing ora duwe dosa!" aku njur nerangke. Tanto mung plonga-plongo ngrungokake wangsulanku, embuh dheweke ngerti opo ora.
Gara-gara ndeleng acara Rumah Idaman, lukisan Taj Mahal tansah durung rampung, saben aku nyawang fotone Taj Mahal kanggo model lukisanku angenku tekan ngendi-endi. Taj Mahal endah banget, kaya swarga.
Nalika bocah cilik Tanto teka maneh arep melu ndeleng tivi, dumadakan aku nemu ide.
"Tan, dolan wae yuk!" pangajakku.
"Nyang ngendi, Mas? Ancol" bocah cilik kuwi seneng.
"Huuu... Ancol kurang sip, panas-panas ngene!"
"Lha nyang ngendi lho?"
"Nyang puncak wae, yuk! Neng kana kuwi kepenak banget, hawane adhem, kaya neng swarrga."
Tanto seneng banget, dheweke mlayu mulih. Aku dewe salin kaos thok. Ora suwe aku lan Tanto wis melu dheseg-dhesegan dhempet-dhempetan karo mobil gilap ing ndalan kutha Jakarta.
Tanto takon wae, apa puncak isih adoh. Aku kudu ngguyu, jeneh tekan saka Kebon Jeruk wae durung. Ya kaya ngene iki yen kepingin weruh swarga, kudu kangelan dhisik. Kudu sabar nunggu giliran liwat. Kok ana wae wong sing numpak mobil. Marahi ndalan kebak wae!
"Mas Gondo, apa swarga kuwi apik tenan?" pitakone Tanto mbuyarake esemku.
"Ya mesthi wae, ora ana tandhinganelah!" wangsulanku.
"Wong apik, yen mati mesthi menyang swarga?" Tanto takon maneh.
"Iya!" jawabku mantep.
"Kepingin apa wae klakon?"
"Iya!"
"Pingin mangan enak terus, klakon?"
"Mesthi!"
"Manggon nang omah apik kaya ning tivi kae bisa?"
"Wis ta, pokoke ora ana tandhingane. Neng kana kuwi sembarang wis cumepak, butuh apa wae ana. Ora usah kangelan. Ora ana wong mlarat, ora ana wong kere!"
Mbok menawa dheweke mbayangake saumpama ana swarga, ndahneya senenge. Karo mesam-mesem, Tanto wiwit ngantuk, merem.
Puncak isih adoh. Dalane isih rame, ngarep macet maneh. Kebangeten, saben dina kok macet wae. Ngarepku ana mobil BMW sing sopire metu, nesu-nesu karo nuding-nuding sopir liya sing sajake nyenggol bodi BMW-ne sing mulus. Kapokmu kapan, batinku. Mobil apik kok dipek dhewe.
Sopir BMW isih nesu karo nuding-nuding. Aku isih fokus nyawang nang jalane nalika dumadakan ana cahya kumilat disusul swara gumlegar lan sopir sing nesu-nesu mencelat, geni ing ngendi-endi. Aku isih kelingan sakdurunge mobil sing taksetiri katut kedilat geni. Bom.
Aku ora mikir apa-apa kajaba mung kahanane Tanto sing takrungkebi. Embuh piye. Aku ora wani melek. Anane mung rasa panas sing kliwat, lan aku ora duwe daya kanggo loncat.
"Mas Gondo, apa iki wis teka?"
"Durung." wangsulanku alon.
"Mesthine iki rak dudu swarga? Jarene swarga endah banget?"
"Dudu, Tanto iki dudu swarga. Neng swarga ara ana wong sing nesu-nesu, tukaran, ora ana bom!" Saka dhasare atiku, kanthi tulus aku ndonga supaya Tanto nemokake swarga sing semesthine, swarga sing diimpekake. Banjur peteng ndhedhet, ora ana swara.
5. Ngapusi Marai Dosa
Dina Selasa iki wayahe bocah-bocah mbayar dhuwit KAS. Sedina mbayar Rp.2000. Tina, si bendahara kalang kabut nyateti bocah-bocah sing mbayar, nalika Vera nariki bocah-bocah mbayar. Bareng wis rampung, Tina lan Vera banjur nglebokake duit KASe dina iki ing dompet abang. Sakwise iku, Tina, Vera lan kanca-kancane mlaku ing kantin. Nanging, Rea lan Zahra ora melu. Dheweke lagi sinau basa Jawa.
Wektu iku, kahanan kelas mung ana Rea, Zahra, lan bocah lanang telu, yaiku, Dava, Nino, lan Adi. Rea sing lagi fokus, dumadak madhep ngguri ngewasi Dava sing lenggah ing bangkune Tina. Rasa curigane Tina muncul.
"Dav, awakmu lagi apa?" Takone Rea. "Lenggah, Re." Jawabe Dava.
Banjur Zahra nggeret tangane Rea metu saka kelas. Zahra njaluk ing kantin.
"Ayo, Re!"
"lya, Ra.." Jawabe Rea.
Sakdurunge Rea lan Zahra metu saka kelas, Rea ndeleng yen ana bocah sing mbukak tase Tina.
Sakwise saka kantin, Tina lan kanca-kancane banjur mangan bareng ing mejane Tina.
"Sek ya cah. Aku arep ngecek duit KAS-e mau." Omonge Tina.
Bareng tase wis dibuka Tina, dompete mbuka lan isine wis ora ana. Tina dadi bingung.
"Piye iki? Duite ilang! Sapa sing njupuk?"
"Aku ngerti sapa sing njupuk." Ngomonge Rea.
"Sapa, Re?" Takone Tina.
"Ora ana bukti sing kuat, Na. Tapi, awakmu bisa ngecek tase Dava.
Banjur Rea nggeledah tase Dava lan bener, ana duit kase.
"Re, melu aku nang BK."
"Siap, Na."
Bocah loro mau menyang BK arep matur ngenani tumindake Dava lan kanca-kancane. Sawise teka BK, bu Yani ingkang nangani. Bu Yani banjur nimbali Dava lan kanca-kancane kanggo ngintrogasi Dava. Tapi Dava, Nino, lan Adi tetep ora ngaku.
"Yen ora awakmu, terus sapa maneh? Duite lho ning tasmu. Bentake Tina.
"Dav, Nin, Di aja ngapusi. Ngapusi iku dosa. Lan aja seneng nyolong. Awakmu gelem dosa ta?" Takone bu Yani.
"Mboten bu." Jawab e Dava.
"Saiki njaluk sepura marang Tina." Perintahe Bu Yani.
"Na, sepurane ya.." Dava matuhi perintahe Bu Yani lan Tina uga nyepura Dava.
Demikianlah tadi sejumlah contoh cerkak bahasa Jawa. Semoga dapat menjadi inspirasi!
(par/rih)