Contoh Pidato Bahasa Jawa Tema Lingkungan, Pendidikan dan Kesehatan

Contoh Pidato Bahasa Jawa Tema Lingkungan, Pendidikan dan Kesehatan

Dina Rahmawati - detikJatim
Jumat, 07 Okt 2022 00:16 WIB
Ilustrasi pidato.
Ilustrasi pidato/Foto: Miguel Henriques/Unsplash
Surabaya -

Menurut Kamus Besar Bahasa Indonesia, pidato adalah pengungkapan pikiran dalam bentuk kata-kata kepada banyak orang. Pidato juga bertujuan untuk mengajak orang lain agar melakukan hal-hal yang disampaikan.

Biasanya, pidato berisikan pesan-pesan yang positif dan inspiratif. Agar pesan-pesan tersebut dapat diterima dengan baik, isi pidato harus disusun dengan baik dan rapi sesuai dengan kaidah bahasa yang berlaku.

Selain disampaikan dengan bahasa Indonesia, pidato juga bisa menggunakan bahasa daerah seperti bahasa Jawa. Penyampaian pidato bahasa Jawa tentu harus disusun dengan baik agar dapat dimengerti.

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Berikut contoh pidato bahasa Jawa dengan berbagai tema:

1. Tema Lingkungan

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

ADVERTISEMENT

Para bapak ibu serta rencang sedaya ingkang kawula hurmati. Ten dalem dinten niki, monggo kita sareng-sareng ngaturaken syukur dumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung. Meniko kita taksih diparingi nikmat lan rahmat sehingga kita sedaya saget kempal kanthi pinaringan sehat wal afiat.

Sholawat teriring salam dumateng junjungan kita, Nabi Muhammad, ingkang sampun maringi petunjuk dumateng umatipun sedoyo, sehinggo kita saget pinaringan cahaya ingkang terang benderang.

Para bapak ibu lan rencang-rencang ingkang kawula hurmati. Lingkungan punika papan gesang kagem sedaya titah gesang. Milo punika, kita kedhah njagi lestari lingkungan supados kita saget gesang kanthi tentrem lan mboten ngakibateaken bencana ingkang berbahaya.

Salah satunggalipun cara njagi lingkungan inggih punika karesikan. Njagi karesikan lingkungan saget diwiwiti saking perkawis-perkawis ingkang alit. Umpaminipun mbucal runtah ing pangggenanipun. Njagi karesikan lingkungan inggih saget ngilangaken wadah penyakit ing sekitar.

Njagi karesikan lingkungan sebenere gampil yen pancen ndamel lingkungan resik lan nyaman. Tegesipun karesikan lingkungan salerese lingkungan ingkang layak dipanggoni manungsa sehinggo kesehatan kita saget terjaga sangking wabah penyakit.

Cekap semanten ingkang saget kawula aturaken. Mugi-mugi sesorah niki saget bermanfaat kangge kita piyambak. Kirang langkungipun kawula nyuwun pangapunten ingkang katah.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

2. Tema Pendidikan

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Para bapak ibu serta rencang sedaya ingkang kawula hurmati. Ten dalem dinten niki, monggo kita sareng-sareng ngaturaken syukur dumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung. Meniko kita taksih diparingi nikmat lan rahmat sehingga kita sedaya saget kempal kanthi pinaringan sehat wal afiat.

Sholawat teriring salam dumateng junjungan kita, Nabi Muhammad, ingkang sampun maringi petunjuk dumateng umatipun sedoyo, sehinggo kita saget pinaringan cahaya ingkang terang benderang.

Para bapak ibu lan rencang-rencang ingkang kawula hurmati. Monggo kita ningkataken malih anggenipun kita pados ilmu. Nopo niku arupi ilmu agami utawi ilmu pengetahuan. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunyo lan akhirat.

Pemerintah kita bangsa indonesia ing dalem undang-undang dasar 1945 sampun wonten program pajak belajar kagem sedoyo warga milahi umur pitung tahun.

Uga meniko kita sumerap ing dalem agama Islam, Nabi Muhammad maringi perintah wajib belajar kagem umatipun supados saget dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan, mboten dados umat ingkang bodoh.

Mulo, pendidikan punika miduweni peran ingkang wigatos kangge majukaken bangsa puniki. Tanpo pendidikan, menungso mboten wonten artine.

Kita sedoyo tansah memperjuangaken pendidikan kangge sinten mawon. Mboten mandang suku, agama, golongan. Menawi sarana pendidikan dimanfaataken kanthi becik, bangsa puniki saget maju. Nanging, menawa kita piyambak mboten manfaataken sarana pendidikan kanthi becik, mila bangsa puniki mungkin mboten berkembang.

Ing Indonesia puniki, kita piyambak pidanget, mriksani, lan ngedameli piyambak bahwa panggonan ingkang paling becik kangge ngangsu ilmu niku sekolah utawi lembaga formil. Senajan, ing pundi mawon kita piyambak manggen niku panggenan ingkang paling becik kangge nuntut ilmu lan saget mundhut pendidikan saking saben kajadian ingkang dialami.

Cekap semanten ingkang saget kawula aturaken. Mugi-mugi sesorah niki saget bermanfaat kangge kita piyambak. Kirang langkungipun kawula nyuwun pangapunten ingkang katah.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

3. Tema Kesehatan

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Para bapak ibu serta rencang sedaya ingkang kawula hurmati. Ten dalem dinten niki, monggo kita sareng-sareng ngaturaken syukur dumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung. Meniko kita taksih diparingi nikmat lan rahmat sehingga kita sedaya saget kempal kanthi pinaringan sehat wal afiat.

Sholawat teriring salam dumateng junjungan kita, Nabi Muhammad, ingkang sampun maringi petunjuk dumateng umatipun sedoyo, sehinggo kita saget pinaringan cahaya ingkang terang benderang.

Para bapak ibu lan rencang-rencang ingkang kawula hurmati. Ing dalem kasempatan menika kawula badhe sekedhik caos sesorah babagan kasarasan. Kasarasan nggih menika kawontenan sejahtera ing jasmani lan rohani.

Kita sedaya saget ngereksa kasarasan kita piyambak-piyambak sadereng telat. Amargi wonten pepatah ingkang ngendikakaken menawi "mencegah langkung sae tinimbang ngobati". Menawi kasarasan kita sedaya tetep kereksa, milo kita sedaya saget melampahi aktivitas sadinten-dinten kanthi lancar.

Dadosipun kita sedaya saget njejer prestasi langkung kathah malih kagem masa ngajeng bangsa kita sedaya amargi bangsa ingkang kiyat inggih niku bangsa ingkang sehat. Menawi rakyat ingkang kathah sesakitan, milo bangsa badhe dados lemah.

Para bapak ibu lan rencang-rencang ingkang kawula hurmati. Kita sedaya saget njagi kasarasan diwiwiti saking perkawis-perkawis ingkang alit. Umpamane inggih menika olahraga, kedah njagi pola dhahar sehat, lan ngasoh.

Menggah saking mapinten-pinten perkawis ingkang kedah dipuntebihi kersanipun badan sehat, inggih menika nebihi rokok, unjukan keras, lan narkoba. Amargi perkawis-perkawis niku saget nimbulaken penyakit.

Cekap semanten ingkang saget kawula aturaken. Mugi-mugi sesorah niki saget bermanfaat kangge kita piyambak. Kirang langkungipun kawula nyuwun pangapunten ingkang katah.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh




(sun/iwd)

Berita Terkait

 

 

 

 

 

 

 

 


Hide Ads