3 Contoh Cerkak Bahasa Jawa yang Menarik untuk Dibaca

3 Contoh Cerkak Bahasa Jawa yang Menarik untuk Dibaca

Tim detikJatim - detikJatim
Selasa, 11 Okt 2022 18:17 WIB
Kongres Aksara Jawa
Ilustrasi cerkak bahasa Jawa/Foto: Pradito Rida Pertana/detikcom

3. Kekudhung Walulang Macan

Swara banyu gembrojog nlesik-nlesik kuping. Oyage godhong kesempyok angin jangkepi wanda tembang wengi. Lamat-lamat jangkrik ngerik , ceblang-ceblung kodhok ngimbali.

Pandi metani suket kang mapan ing pinggir Kali Watu. Yen ora wong kurang gaweyan apa ana manungsa kang gelem metani suket jalaran golek wangsit.

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Miturut kandhane Lik Barki, pancen Pandi iku pawongan sregep. Sregep pasang nomer. Amung kari Pandi kang tumeka saiki durung kapok laku prihatin nyeyuwun marang Bandar kang murbeng dumadi.

Kali Watu tansah rame. Ora amung warga Desa Kemawur kang tranyak-tranyak saba kali golek wangsit.

ADVERTISEMENT

Memper jenenge, Kali Watu pancen kebak watu gedhe kang mapan ing pinggir utawa tengahe kali. Malah akeh watune tinimbang banyu kang mili.

Dlusap-dlusup lelumpatan pawongan iku padha nggembol bakoh karep ing tembe, yaiku dhuwit. Ramene para buruh nomer iku bisa bubar amung karo tekane limbah kang liwat.

Pabrik mbukak tandhon limbah tengah wengi supaya ora konangan warga desa. Banyu bening ing kali bisa molah- malih dadi werna abang, ijo, lan kuning.

Nalika banyu kali mundhak dhuwur mambune mundhak ngawur. pawongan kang blusak-blusuk padha pilih sumingkir golek panggon liya.

"Jangkrik... iki karepe piye ta? Kok isih ora kapok ngguwak limbah ana kene!" Robet muring-muring.

"Lak ya pancen lumrahe kaya ngene ta Bet. Wis lingsir wengi je, wayahe pabrik ngguwak limbah." Pandi mentas saka kali.

"Bet... Ndi... rene munggaha! Age!" Lik Barki nyeluki saka pos ronda kang mapan ing ndhuwur kali.

Krungu swarane Lik Barki kang sajak wigati, Pandi lan Robet age-age munggah. Dalan tumuju pos rondha kagolong rekasa.

Pereng kali amung sacuwil, gawe mrindinge sikil. Durung suket kang lekas teles kena embun, sandal jepit wus alus ora gelem nyakot.

Tlunyar-tlunyur sandal kang wus ora peret. Saking mangkele, sandal dicopot bocah loro iku pilih nyeker. Wangsit durung sida ketemu malah ana kabar ora penak saka Lik Barki.

"Tak Kandhani..." Lik Barki miwiti kabar kang dirungu saka Pak Lurah.

"Sesuk Kali Watu iki arep ditekani Pak Bupati lan para perangkat dinas liyane."

"Pak Bupati pasang nomer ta Lik?" Robet nggodha sinambi ndudut rokok sak ler karemane.

"Wooo ngawur... kene jaluk ududmu dhisik!" Lik Barki ngranggeh wadah udud kang diselehke Barki.

"Ealah Lik Lik awormu thok karo Pak Lurah, udud wae isih njaluk. Gage tutukna ceritamu." Robet wus ngenteni.

"Lha ya, mbok age ta Lik" Pandi melu ngoyak-ngoyak Lik Barki kang gampang lalen iku.

"Nah rawuhe Pak Bupati lan perangkate duwe niyat ngangkat papanmu golek wangsit iku dadi panggon wisata"

"Kok isa???" kandhane Robet lan Pandi bareng.

"Aku ya ora ngerti, olehku nguping amung entuk kabar samono je."

Pandi lan Robet wus klimpungan, mikir golek panggon liya kang luwih mujur. Nanging arepa wis dipikir ngendi panggonan liyane tetep ra ketemu, amung Kali Watu kang penak lan cedhak saka omah.

Nah, itu tadi contoh cerkak bahasa Jawa beserta penjelasannya. Semoga Bermanfaat ya.


(hse/sun)


Hide Ads