3 Contoh Cerkak Bahasa Jawa yang Menarik untuk Dibaca

3 Contoh Cerkak Bahasa Jawa yang Menarik untuk Dibaca

Tim detikJatim - detikJatim
Selasa, 11 Okt 2022 18:17 WIB
Kongres Aksara Jawa
Ilustrasi cerkak bahasa Jawa/Foto: Pradito Rida Pertana/detikcom

2. Ing Tanah Sabrang

Wes oleh telung tahun Reza kerja ing PT kang dadi klangenane awit sekolah kejuruan jaman semana. Telpunan aweh kabar lan aweh kiriman marang Bapak Ibune ing ngomah ora tau kendhat.

Dheweke pancen gemati marang Bapak Ibune, sregep kirim dhuwit ajeg ora tau lali saben sesasi ping papat. Malah utange Bapak Ibu wus dilunasi dening Reza kabeh. Dhuwit wus cemepak, mangan enak, turu njenak, nanging kaya isih ana sing kurang.

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Pepujaning ati kang dilirik awit pitung tahun kepungkur isih wae durung karanggeh. Nanging menawa digagas iki pancen salahe Reza, sawise ketampa ing PT dheweke ora kober dolanan HP lan kabar-kabaran marang kanca-kancane biyen. Nalika nyekel HP dheweke amung ngabari wong tua lan dulur, saliyane iku amung nguthek perkara gaweyan.

"Nyoba dolanan Sosial media, piye ya kabare kanca-kanca ngomah." Kandhane nalika nganggo Instagram.

ADVERTISEMENT

Nalika wus isa aweh kabar marang kanca-kancane, ora nyana, Rumi, bocah kang disir pitung tahun durung kecandhak iku malah kang ndhisiki takon kabare Reza. Jroning ati rasane kaya gringgingen, bingung kudu piye, arep diwangsuli apa, ora gerti kudu ngomong apa.

Anane amung jingkrak-jingkrak, eseme kecer teka ngendi-endi ora ana enteke. Sawise iku dinane sajak ora mboseni, sithik-sithik mbukak HP nunggu wangsulan saka Rumi.

Menawa rada jeleh lan kesel ngadhep gaweyan, Reza mbuka fotone Rumi kang kapajang ing Instagram.

Dina gilir gumanti tresna jroning ati sansaya dadi, Reza kepingin nglamar Rumi. Dheweke durung ngrasa kalah lan durung ngrasa tresnane kandas, awit durung ana candhakan kang cetha saka Rumi seprana tumeka seprene. Mbok menawa candhakan iku metu nalika Rumi diajak tenanan bebrayan.

"Rum wus ana pitung tahun lho Rum, kowe krasa apa ora?" Swarane Reza lumantar telpun.

"Krasa ngenani apa Za?" Pitakone Rumi sajak bingung.

"Apa aku kudu jlentrehke ta Rum?" Durung tutug anggone ngomong, telpune pedhot embuh merga dipateni apa sinyale Rumi ilang.

"Jaluk Sepuramu ya Za, sinyalku elek telpune pedhot-pedhot" Reza maca chat kang lagi mlebu.

Embuh saka ngendi Reza entuk nomer rekeninge Rumi, tanpa suwe dheweke age-age nransfer Rumi dhuwit kareben tuku paket data larang. Reza wegah menawa telpunan rendhet amung gara-gara sinyal.

Pitakone kang durung oleh wangsulan iku, bali dikanthongi meneh durung ngerti arep ditakokne Rumi mbesuk kapan.

"Eh apa iki Za? Ngawur kowe" Pitakone Rumi sawise nampa dhuwit enem atus ewu ing rekeninge.

"Iku kanggo tuku paket data utawa pasang wifi Rum, supaya sinyalmu ora pedhot-pedhot" Wangsulane Reza kang aweh pitulungan.

Jane mono Rumi rumangsa ora kepenak marang Reza kang awit biyen apikan. Nanging, awit saka loma lan entheng tangane dina iku, Reza kerep dijaluki tulung Rumi perkara dhuwit.

Ora ngerti bakale kanggo apa, nanging Reza tetep ngirim dhuwit nadyan amung seket ewu. Sansaya suwe Reza katon umuke lan luntur gemine. Rumi jaluk apa sithik dituruti, sambat ora duwe dhuwit langsung dikirimi.

Ora krasa Reza lali wus ana rong minggu, dheweke durung ngirimi Bapak Ibune.

"Nyuwun pangapunten nggih Pak Bu, kula kesupen dereng kirim minggu kala wingi." Kandhane Reza lumantar telpun.

"Halah ya uwis, kuwi ya dhuwit-dhuwitmu dhewe lho. Ibu lan Bapakmu ora ngarep-arep mbok kirimi Le" Wangsulane Ibu meling Reza.

Durung suwe Ibune rampung telpun, Rumi genti nelpun. Perkara kang ora ana bedane karo dina-dina biasane. Anane amung jaluk kiriman utawa jaluk sawijining kepinginginan.

Nggagas lupute marang Bapak Ibu, Reza banjur nenguk sawise rampung ditelpun Rumi. Meneng ndomblong, tangane nyangga bathuk, kadhang kala ngukur sirah, budrege ora isa diendhani.

Kaya padatan, nalika budreg dheweke mbuka instagram langsung goleki fotone Rumi. Nalika mbuka status ing Instagrame Rumi malah metu fotone lagi metu karo kanca-kacane.

Ana ngomah Rumi anane malah dolan-dolan, seneng-seneng, blanja lan katon urip mewah. Dheweke isih tetep ora percaya ngenani foto lan video uripe Rumi kang ngebreh iku.

Baca contoh cerkak lainnya di halaman selanjutnya



Hide Ads