3 Teks MC Malam Tirakatan 17 Agustus 2025 Bahasa Jawa dan Susunan Acaranya

3 Teks MC Malam Tirakatan 17 Agustus 2025 Bahasa Jawa dan Susunan Acaranya

Nur Umar Akashi - detikJogja
Jumat, 15 Agu 2025 11:57 WIB
Ilustrasi mc pernikahan
Ilustrasi MC. Foto: Getty Images/Karl-Hendrik Tittel
Jogja -

Malam Tirakatan 17 Agustus 2025 biasa dipandu oleh Master of Ceremony (MC) agar berjalan lancar. Selain bahasa Indonesia, MC juga lazim memandu tirakatan menggunakan bahasa Jawa.

Biasanya, MC menggunakan bahasa Jawa untuk tirakatan yang dilangsungkan di kampung atau desa. Kehadiran para sesepuh desa membuat penggunaan bahasa Jawa tampak lebih tepat. Pasalnya, sehari-hari, masyarakat memakai bahasa Jawa untuk berkomunikasi.

Pemilihan tingkatan bahasa Jawa yang digunakan untuk membawakan acara bisa disesuaikan dengan para hadirin. Bila yang datang terbatas kaum anak-anak dan remaja saja, bahasa Jawa ngoko pun bisa dipakai.

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Sebagai gambaran, di bawah ini detikJogja sudah siapkan tiga contoh teks MC malam tirakatan 17 Agustus 2025 bahasa Jawa. Yuk, baca setiap contohnya sampai tuntas!

MC Malam Tirakatan Bahasa Jawa #1

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Sugeng dalu, para rawuh ingkang kinurmatan, para sesepuh, para pinisepuh, tokoh masyarakat, bapak-bapak, ibu-ibu, saha sedaya warga ingkang kula tresnani. Mugi rahayu tansah kasembadan wonten ing rahmat lan pangayomanipun Gusti Allah SWT.

ADVERTISEMENT

Wonten ing dalu menika, kita sami kaparingan kesempatan kangge bebarengan nindakake malam tirakatan, minangka bentuk sukur kita dhumateng Gusti, amargi bangsa Indonesia sampun saget ngraih kamardikanipun tanggal 17 Agustus 1945. Menika ugi dados pepeling supados kita tansah ngèlingi perjuangan para pahlawan ingkang sampun ngurbanaken nyawa lan tenaga kangge kamulyaning bangsa.

Kangge nglantaraken acara, kula badhe wacaken runtutanipun: kawiwitan kanthi pambuka, pambacaan doa, sambutan sesepuh, renungan kemerdekaan, lan panutup.

Kita awali acara menika kanthi sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT kanthi ngucap hamdalah. Alhamdulillahirabbil 'alamin. Mugi acara menika saged lumampah kanthi lancar lan pinaringan manfaat kangge sedaya.

Runtutan kapisan, pambacaan doa, ingkang badhe dipun aturaken déning bapak kyai... (sebut nama). Dhumateng panjenenganipun, kula aturaken wekdal saha papan.

(Pembacaan doa)

Maturnuwun sanget dhumateng bapak kyai ingkang sampun ndedonga, mugi sedaya panyuwunan kita dipun kabulaken déning Gusti Allah SWT.

Runtutan salajengipun, sambutan saking sesepuh kampung, ingkang badhe dipunaturaken déning bapak... (sebut nama). Dhumateng bapak, wekdal lan papan kula aturaken.

(Sambutan)

Maturnuwun sanget dhumateng bapak sesepuh ingkang sampun maringi wejangan saha pitedah. Mugi saged dados pepadang lan pituduh kangge kita sedaya.

Runtutan candhakipun, kita badhe sami-sami midangetaken renungan kemerdekaan, minangka pepeling supados kita tansah nguri-uri semangat perjuangan. Renungan menika badhe dipun aturaken déning... (sebut nama). Dhumateng panjenenganipun, kula aturaken.

(Renungan kemerdekaan)

Maturnuwun sanget dhumateng panjenengan ingkang sampun maringi renungan kemerdekaan kanthi manah ingkang jero, mugi saged njalari semangat anyar tumrap kita sedaya kangge mbangun bangsa.

Sumangga, kita tutup acara menika kanthi panyuwunan pangapunten bilih wonten lepat lan khilaf. Mugi Gusti tansah maringi rahmat lan pitulungan dhumateng bangsa lan negara kita, sarta tansah njagi kesatuan lan persatuanipun.

Kula, minangka pambiwara, nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

MC Malam Tirakatan Bahasa Jawa #2

(sumber: kanal Youtube Pambiwara Jawa dengan pengubahan)

Bismillahirrohmanirrohim
Assalamualaikum Wr.Wb

Kula Nuwun. Mugi sih wilasa saha berkahing Gusti Ingkang Maha Kawasa, tansah kapatedhakna dhumateng panjenengan sadaya lan kula.

Keparengna kula matur wonten ing ngarsanipun para pinisepuh, para sesepuh ingkang dhahat binektenan. Para bapak, para ibu ingkang winengku ing pakurmatan, saha para sedherek kaneman ingkang winegku ing karahayon.

Murwakani atur, sumangga tansah kula dherekaken, ngunjugaken raos puji sokur, wonten ing ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring kanugrahan awujud punapa kemawon, satemah ing wanci dalu punika, kula lan panjenengan sadaya, saged pepanggihan wonten ing papan punika, kagem nglaksanani Tirakatan, minangka salah satunggaling upaya, kangge mengeti dinten Kamardikan Nagari R1 ingkang kaping 80, kanti wilujeng, kinayoman ing karahayon.

Salam saha sholawat mugi tansah kaaturaken dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang panjenengan kula anti-anti syafaatipun, benjing wonten ing yaumul qiyamah.

Para rawuh ingkang kinurmatan. Keparenga kula minangka pambiwara ngaturaken urut-uturaning lampah tatacara Tirakatan ing dalu punika. Tatacara ingkang angka setunggal inggih punika Pambuka. tatacara ingkang angka kalih Ngumandangaken Lagu Kebangsaan Indonesia Raya, tatacara ingkang angka tiga Pandonga, tatacara ingkang angka sekawan Atur Pambageharjo, tatacara ingkang angka gangsal Pamaosing Pesan Perjuangan Kamardikan RI, tatacara ingkang angka enem inggih punika Panutup

Para bapak, para ibu ingkang kinurmatan. Makaten urut-urutaning lampah tatacara Tirakatan ing dalu punika, salajengipun panjenengan sadaya kasuwun mugiya kersa lelenggahan ngantos dumugining purna. Matur nuwun.

Para rawuh ingkang kinurmatan. Tatacara ingkang angka setunggal inggih punika Pambuka. Sumangga kula dherekaken bikak acara Tirakatan ing dalu punika, kanthi waosan Barmalak sesarengan, "Bismillahirrohmanirrohim." Mugi-mugi kanthi pambuka ingkang sae, lampahing acara Tirakatan sageda gangsar ing purwa, madya, dumugining wasana.

Para rawuh ingkang bagya mulya. Dedaharan saha unjukan sampun kasugata wonten ing ngarsa panjenengan sedaya. Awit saking menika, panjenengan sedaya kasuwun hangrahapi kanthi mardikaning panggalih. Sumangga

Para rawuh ingkang luhuring budi. Tatacara ingkang angka kalih inggih punika Ngumandangaken Lagu Kebangsaan Indonesia Raya kanthi seserengan, minangka dirijen kasuwun tumuju ing papan piniji, sederek (nama), para rawuh kasuwun jumeneng Para rawuh kasuwun pinarak lelenggahan.

Para rawuh ingkang kinurmatan. Tatacara ingkang angka tiga inggih punika Pandonga. Wondene ingkang hadhe hamandhegani lampahing waosan donga pamuji inggih punika (nama). Katur dhumateng (nama) wekdal kula aturaken, sumangga.

Para rawuh ingkang kinurmatan. Tatacara ingkang angka sekawan inggih punika Atur Pambagyaharja saking pangarsa RT.6. Dumateng (nama) wekdal kula aturaken, sumangga.

Para rawuh ingkang kinurmatan. Tatacara ingkang angka gangsal inggih punika Pamaosing Pesan Perjuangan Kamardikan RI. Ingkang badhe kaaturaken dening (nama). Dumateng (nama) wekdal kula aturaken, sumangga.

Para rawuh ingkang kinurmatan. Tatacara ingkang pungkasan inggih punika Panutup. Sumangga acara Tirakatan ing dalu punika dipun tutup kanthi waosan Hamdalah sesarengan "Alhamdulillahirabbil "alamin"

Para rawuh ingkang kinurmatan. Kula minangka pambiwara nglenggana, anggen kula ngaturaken urut-urutaning lampah tatacara, kathah subasita ingkang mboten mranani penggalih, mawantu-wantu kula nyuwun diagunging sih samodra pangaksami. Pepuntoning atur.

Wassalamualaikum Wr. Wb

MC Malam Tirakatan Bahasa Jawa #3

Bismillahirrahmanirrahim
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Nuwun sewu, keparenga kula ngaturaken panuwun saha sembah bekti wonten ngarsanipun para sesepuh, para pinisepuh, para tokoh masyarakat ingkang kinurmatan saha tansah kinabekten.

Bapak Kepala Desa (nama desa) ingkang kinurmatan.
Ustadz (nama) ingkang kula ajèni.
Para bapak, ibu, saha sedaya rawuh ingkang tansah kula bekti.

Kanthi linambaran pepayung budi rahayu saha ngaturaken agunging pangaksama, mugi keparenga kula cumantaka sowan wonten ngarsa panjenengan sami minangka pambiwara, kangge nglantaraken runtuting acara tirakatan ing dalu menika.

Sakderengipun kula maos runtuting adicara, sumangga langkung rumiyin kita sami ngaturaken raos puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat lan kanikmatan, saéngga kita sedaya saged makempal ing papan punika kanthi sehat lan wilujeng.

Mboten kesupen, shalawat saha salam mugi tansah kasembada dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, dhumateng para keluarga, para sahabat, lan para umatipun, mugi kita sedaya kalebet ingkang pikantuk syafa'atipun wonten ing yaumil qiyamah. Aamiin ya Rabbal 'alamin.

Wondene runtuting adicara ingkang badhe kalampahan inggih kados makaten:

  • Pambuka
  • Maos ayat suci Al-Quran
  • Menyanyikan lagu Indonesia Raya
  • Atur pambagyaharja
  • Pengaosan
  • Panutup
  • Lan pungkasanipun dzikir sesarengan

Para rawuh ingkang kinurmatan, sumangga acara menika kita wiwiti kanthi maos basmalah bebarengan.

(Bismillahirrahmanirrahim)

Adicara kaping kalih, maos ayat suci Al-Quran ingkang badhe kapundhutaken déning (nama). Dhumateng panjenenganipun, kasumanggaaken.

(Pembacaan ayat suci Al-Quran)

Maturnuwun dhumateng (nama), mugi tansah pikantuk ganjaran ingkang langkung saking Gusti Allah SWT. Adicara kaping tiga, menyanyikan lagu Indonesia Raya. Dhumateng panjenengan ingkang kapundhut mimpin, kasumanggaaken. Lan dhumateng para rawuh sedaya, kasuwun jumeneng.

(Menyanyikan lagu Indonesia Raya)

Maturnuwun, para rawuh dipun sumanggaaken lenggah malih. Adicara salajengipun, atur pambagyaharja saking Bapak (nama). Dhumateng panjenenganipun, kasumanggaaken.

(Atur pambagyaharja)

Maturnuwun sanget dhumateng Bapak (nama) ingkang sampun paring pambagyaharja.

Candhakipun, pengaosan ingkang badhe kapundhutaken déning Ustadz (nama). Dhumateng panjenenganipun, kasumanggaaken.

(Pengaosan)

Maturnuwun dhumateng Ustadz (nama) ingkang sampun paring pitedah saha wejangan. Kanthi purnaipun pengaosan, kita sampun dumugi pungkasaning acara.

Saderengipun ditutup, kula nyuwun agunging pangaksama bilih wonten tutur saha lampah kula ingkang kirang mranani. Mugi sedaya pepundhen lan panyuwunan kita dipun kabulaken Gusti Allah SWT.

Sumangga kita tutup kanthi maos hamdalah. Alhamdulillahirabbil 'alamin
Kula akhiri, wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Nah, itulah tiga teks MC bahasa Jawa untuk malam tirakatan 17 Agustus 2025 yang bisa kamu buat contoh. Semoga bermanfaat!




(par/sip)

Berita Terkait

 

 

 

 

 

 

 

 

Hide Ads