Contoh Pranatacara, Teks MC Bahasa Jawa berbagai Acara

Contoh Pranatacara, Teks MC Bahasa Jawa berbagai Acara

Talita Leilani Putri - detikJogja
Jumat, 11 Agu 2023 15:10 WIB
Ilustrasi menulis LPJ.
Contoh Pranatacara, Teks MC Bahasa Jawa berbagai Acara. Foto: Christin Hume/Unsplash
Jogja -

Pranatacara merupakan istilah untuk seseorang yang memandu jalannya suatu acara. Seorang pranatacara juga bertanggung jawab untuk memastikan acara dapat berlangsung dengan lancar dan khidmat dari awal hingga akhir.

Dikutip dari laman Pemerintah Kota Jogja, pranatacara merupakan suatu pekerjaan yang membutuhkan keahlian khusus karena diharuskan untuk memahami seluruh susunan acara dengan menggunakan bahasa Jawa. Untuk memahami pengertian lebih dalam tentang pranatacara dan contoh dari teks pranatacara, simak pembahasannya berikut ini.

Pengertian Pranatacara

Pranatacara merupakan seseorang yang bertugas dalam memandu suatu acara dan bertanggung jawab untuk memastikan susunan acara berlangsung dengan lancar dari awal hingga akhir. Secara umum tugas dari pranatacara sama seperti MC (Master of Ceremony) yang memandu jalannya suatu acara. Namun seorang pranatacara harus membawakan acara dengan bahasa Jawa.

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Pranatacara juga sering dihubungkan dengan upacara adat Jawa, seperti pengantin (temanten), kematian (kesripahan), pertemuan (pepanggihan), perjamuan (pasamuan), pengajian (pengaosan), pentas, dan lain sebagainya.

Struktur Teks Pranatacara

Berikut merupakan struktur dari teks pranatacara yang biasanya digunakan dalam memandu suatu acara.

ADVERTISEMENT

1. Salam Pembukaan

Pada bagian awal pranatacara biasanya membuka suatu acara dengan mengucapkan salam pembuka seperti 'Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh, sugeng enjing, sugeng sonten'.

2. Salam hormat

Setelah mengucapkan salam pembuka seorang pranatacara sebaiknya mengucapkan salam hormat kepada orang-orang penting yang menghadiri acara tersebut

3. Pembukaan

Pada bagian pembuka ini, seorang pranatacara mengucapkan rasa syukur atas diselenggarakannya acara tersebut

4. Isi

Ini merupakan bagian terpenting dalam struktur teks pranatacara karena pada bagian ini, seorang pranatacara menjelaskan susunan acara dari awal hingga akhir kepada para tamu yang hadir.

5. Penutup

Pada akhir acara, seorang pranatacara dapat mengucapkan salam penutup bagi para tamu dan ucapan hamdallah.

Contoh Teks Pranatacara

Berikut ini 3 contoh teks pranatacara, dikutip dari laman pemerintah Kabupaten Kebumen.

Contoh 1

Assalamualaikum Wr Wb.

Kula nuwun dhumateng para tamu kakung miwah putri ingkang winantu ing suka basuki, para sepuh, pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur ingkang pantes hanampi sagunging sekar pakurmatan

Panjenenganipun para sarjana sujananeng budi, para priyagung pangemban pengembating praja, para satriyaning nagari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang satuhu kinurmatan.

Mboten katalumpen dhumateng para kadang mitra, wreda mudha ingkang pantes sinudarsana.

Nun inggih awit saking keparengipun pamangku gati saha kapanatyan bawahan manten (kepanitiaan acara manten) ing kalenggahan menika. Kula pun... (nama diri misal Hendro)..kinen sumileh sarira hangemban wuwus ngaturaken wedharing gantha babaring prasedya.

Minangka purwakaning atur, sumangga sesarengan kula dherekaken ngaturaken suka syukur wonten Ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Wikan ingkang sampun kepareng hambabar daya pangaribawanipun ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih. Satemah wonten ing kalodhangan menika panjenegan sedaya lan kula taksih saget makempal wonten papan panggenan menika kanthi rahayu wilujeng nir ing sakara-kara.

Sumangga sinartan ndedunga mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa, madya dumugi wasana mangke saget pinaringan gancar, rancak sepen ing rubeda.

Para tamu kakung miwah putri sinedhahan ingkang winantu ing suka basuki, madyaning suka ing kalenggahan menika , Bapa..(nama tuan rumah/pamangku gati)...sekalian angambali atur pambagya wilujeng awit karawuhan panjenengan sedaya sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi keparenga pinarak sinambi ngrantos wosing gati dumugi paripurnaning pawiwahan ing kalenggahan menika.

Parandene wosing gati adicara pahargyan menika nun inggih panjenenganipun pamangku gati Bapa.. (nama tuan rumah) sekalian netepi peperangan darmaning asepuh mahargya suta amiwaha siwi nun inggih putrinipun ingkang asesilih..(nama mempelai putri) ..dhaup kalian Bagus..(nama pengantin putra)..jalu tenayanipun Bapa..(nama besan/orang tua pengantin putra)..ingkang pidalem ing..(alamat besan/ pengantin putra).Wondene wiwaha gama satataning adat sarta agami, sampun kelampahan kala wau wanci..(waktu akad nikah jika sudah terlakasana)..antuk pepayung karahayon tebih ing sambekala.

Winantu pangajabing sedya saking Bapa...(nama tuan rumah/pamangku gati) sarimbit,mugi wonten suka lilaning manah panggalihipun para tamu kasuwun puja hastawa hastunipun, satemah penganten sarimbit sageta tresna tiresnanan, atut runtut anggennya mangun bale wisma, hayu hayem hangayomi(sakinah mawaddah wa rahmah), saha enggal pinaringan kanugrahan saking Gusti wujuding golek kencana ingkang saget tata jalma pinangka panyambating sejarah, trah tumerahipun ingkang sami mangun bebesanan.

Para tamu kakung putri ingkang agung ing darma, mboten katalumpen Bapa..(nama pamangku gati) sekalian ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng para sanak kadang miwah tangga tepalih, pamong mitra sedayanipun, ingkang sampun kepareng paring iguh pratikel menapa dene penggalihan. Sedaya kalawau bapa..(nama pamangku gati) sekalian garwa mboten saget mangsulaken karana lahir, amung kasumanggakaken wonten ngarsanipun Gusti allah Ingkang Maha Kawasa. Mugi kadarman panjenengan kalawau dadosa amal kesaenan, saha pikantuk peparing nugraha ingkang satraju (setimpal).

Pepuntaning atur saking bapa..(nama pamangku gati) sarimbit, hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya wonten kiranging boja miwah krama, mugi kaagungna pangaksama panjenengan.

Kula ugi taksih titah sawantah, ingkang kapurba winisesa dening Gusti, kiranging suba sita kula nglenggana taksih kiranging seserepan ingkang kedah nyadong wewarahing para winasis ing reh basa tuwin sastra.

Hayu-hayu raharja niskala. nuwun.

Wassalamu'alaikum Wr. wb.

Contoh 2

Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Sugeng Enjing,

Bapa/Rakamas/Adhimas ... (nama paraga panampi) ingkang hangemban wajib luhur wonten ing madyaning pahargyan punika minangka sulih sarira saking Bapa ... (ingkang hamengku karsa) sakalihan garwa, ingkang satuhu bagya mulya. Sowan kula ing ngarsa panjenengan minangka duta-sarayanipun Bapa ... (nama tiyang sepuhipun panganten kakung) ingkang pidalem ing ... (dedunung tiyang sepuhipun panganten kakung).

Saderengipun kula ngaturaken menggah wigatosing pisowan kula, keparenga langkung rumiyin kula ngonjukaken suka-syukur tuwin sembah puji ing ngarsa Dalem Gusti Ingkang Maha Suci, inggih awit rumentahing barokah tuwin kawilujengan, satemah lampah kula hangirid panekaring putra panganten kakung manggih rahayu-wilujeng kalis saking pringgabayaning margi.

Minangka purwakaning atur, kula kinen ngaturaken salam taklimipun Bapa ... (nama tiyang sepuhipun panganten kakung) sakalihan, mugi kaaturna Bapa ... (nama ingkang hamengku karsa/tiyang sepuhipun panganten putri) sakalihan garwa.

Sumusul atur ingkang angka kalih, sowan kula saperlu nglarapaken saha ngaturaken sekar cempaka mulya sasele inggih pinanganten kakung Anakmas ... (nama panganten kakung), putra kakungipun Bapa ... (nama tiyang sepuhipun panganten kakung).

Ingkang punika, putra panganten kakung kula aturaken panjenengan. Kajawi saking punika, minangka tangsuling katresnan, kula kinanthen sasana redana/amplop tuwin ubarampe sawatawis, mugi-mugi katampia kanthi suka renaning panggalih, sarta sageda nambahi raketing pasadherekan anggenipun sami mangun bebesanan.

Salajengipun menggah badhe kaleksananing sedya, kula sapanggrubyuging pinanganten kakung, tansah jumurung ing karsa sinartan puji-donga, mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Agung ngijabahi sedya-tama punika. Amiin.

Minangka panutuping atur, kula titah sawantah, tartamtu kathah kalepatan tuwin kekiranganipun. Awit saking punika, kiranging subasita miwah tumpah-suhing basa, kula nyuwun agunging pangaksama.

Wabillaahi taufiq wal hidayah.

Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Contoh 3

Asssalamu'alaikum Wr. Wb

Kawula nuwun.

Para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan. Panjenenganipun Bapak ... (besan), ingkang satuhu kula bekteni. Kula ingkang minangka talanging basa cundhakaning atur panjenenganipun Bapak/Ibu ... (ingkang mengku gati).

Ingkang sepisan, Bapak Kusnan kekalih ngaturaken salam taklimipun konjuk dhumateng Bapak Darjan kekalih, kanthi pepuji mugi-mugi pangeran suka rahayu ingkang sami pinanggih.

Kaping kalihipun kula ugi tinanggenah hamasrahaken sri penganten kakung ingkang sesilih Bg. ... ingkang badhe kadhaupaken Rr. ... putra-putrinipun Bapak ... (ingkang mengku gati) kekalih ugi ngaturaken talining katresnan ingkang arupi sandhangan penganten sapendherek.

(saget kaaturaken peranganipun, contonipun, sangsangan rinonce, kundala krincing, kalpika, ugi rasukan kangge pinanganten putri ingkang sedaya kalawau arupi beburoning wana).

Menggah sedaya kalawau kaaturaken kanthi suka renaning penggalih, nadyan ta mboten wonten ajinipun. Pramila sampun kaukur kanthi bobot lan bebeting barang. Mugi kersa anampi minangka tali asih katresnan kangge ngraketaken anggenipun bebesanan lan silaturahmi.

Bapak/Ibu ... (besan) ndherek nyenyuwun dhateng Gusti Allah SWT, mugi paringa berkah pangestu wilujeng dhumateng ijabing penganten, sageda kasembadan kanthi wilujeng nir ing sangsaya mboten wonten alangan setunggal punapa sumrambah ing samudayanipun.

Kula ingkang minangka caraka ingkang ngaturaken pasrahan temanten, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur lan mbok bilih wonten kiranging subasita, tandang tanduk tuwin tata krami, kula dalah para caraka ingkang nglumantaraken srah-srahan sedaya nyuwun samodraning pangaksama.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb

Demikian penjelasan mengenai pranatacara lengkap dengan struktur dan contoh dari teks pranatacara. Semoga bermanfaat, detikers!

Artikel ini ditulis oleh Talita Leilani Putri peserta Program Magang Bersertifikat Kampus Merdeka di detikcom.




(ahr/rih)

Berita Terkait

 

 

 

 

 

 

 

 

Hide Ads