- Khutbah Jumat Bahasa Jawa terbaru 2026 Khutbah Jumat #1: Pentinge Niti Pirso Celo Awake Dewe (Muhasabah) KHUTBAH I KHUTBAH II khutbah Jumat #2: Takwa Minongko Solusi KHUTBAH I KHUTBAH II Khutbah Jumat #3: Nata Berkahe Yuswa Khutbah I Khutbah II Khutbah Jumat #4: Tumindak Amal Kesaenan Ing Rebo Wekasan Khutbah I Khutbah II Khutbah Jumat #5: Damel Becik Dumateng Tonggo Khutbah I Khutbah II Khutbah Jumat #6: Kriteria Pemimpin Miturut Agami Islam Khutbah I Khutbah II Khutbah Jumat #7: Ciri-Ciri Tiyang Untung Kaleh Rugi Khutbah I Khutbah II Khutbah Jumat #8: Ganjaran Pitutur Sae Khutbah I Khutbah II Khutbah Jumat #9: Larangan Bikak Aib Dalah Tumindak Ala Khutbah I Khutbah II Khutbah Jumat #10: Keutamaan Sambung Sanak Sambung Sedulur Khutbah I Khutbah II Khutbah Jumat #11: Nata Jiwa Wasilah Tafakur Khutbah I Khutbah II Khutbah Jumat #12: Nyeimbangake Perkara Dunyo Lan Akhirat Khutbah I Khutbah II Khutbah Jumat #13: Merdeka Saking Gudone Howo Nafsu Khutbah I Khutbah II Khutbah Jumat #14: Fadhilah Sasi Rajab Khutbah I Khutbah II Khutbah #15: Agunge Rahasia Lan Hikmah Ganjaran Shalat Khutbah I Khutbah II
Di tahun 2026 ini, dakwah di atas mimbar perlu beradaptasi. Meski zaman makin digital, penggunaan Bahasa Jawa tetap jadi kunci agar pesan ketaqwaan terasa lebih dekat dan santun di hati jamaah.
Karena masyarakat sekarang lebih menghargai efisiensi, materi yang ringkas dan relevan menjadi sangat penting. Khutbah yang disampaikan secara lugas justru lebih mudah diingat dan dipraktikkan dalam kehidupan sehari-hari.
Untuk itu, berikut adalah 15 khutbah Jumat bahasa Jawa terbaru 2026 yang singkat dan padat. Kumpulan khutbah ini disusun khusus sebagai panduan praktis bagi para khotib agar bisa menyampaikan syiar agama dengan lebih efektif, berbobot, dan sesuai dengan kebutuhan jamaah masa kini.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Khutbah Jumat Bahasa Jawa terbaru 2026
Berikut adalah daftar 15 khutbah Jumat bahasa Jawa terbaru 2026 yang disusun secara singkat dan padat untuk memudahkan penyampaian pesan dakwah yang efektif. Kumpulan khutbah ini dirangkum dengan referensi dari laman NU Online dan buku Khutbah Jumat Bahasa Jawa karya Misbahuddin Nashan, dan Muhaimin.
Khutbah Jumat #1: Pentinge Niti Pirso Celo Awake Dewe (Muhasabah)
KHUTBAH I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَ النَّفْسَ فَأَلْهَمَهَا فُجُورَهَا وَتَقْوَاهَا. وَكَتَبَ بِأَنَّهُ قَدْ أَفْلَحَ مَنْ زَكَّاهَا وَقَدْ خَابَ مَنْ دَسَّاهَا. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ رَبٌّ كَرِيمٌ لَا يَنَالُ مَا لَدَيْهِ إِلَّا بِإِزَالَةِ الْغُيُوبِ. وَأَشْهَدُ أَنْ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ نَبِيٌّ أَرْسَلَهُ هَادِيًا لَا مَسَّهُ عَلَّامُ الْغُيُوبِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الَّذِي كَشَفَ الْكُرُوبَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ سَارُوا بِسَيْرَتِهِ وَجَنَحُوا بِغُفْرَانِ الذُّنُوبِ
أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللَّهِ، إِتَّقُوا اللَّهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ بِفِعْلِ الْمَأْمُورَاتِ وَاجْتِنَابِ الْمُحَرَّمَاتِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
Jamaah Jumat Rahimakumullah,
Monggo sareng-sareng ningkataken taqwa dumateng Gusti Allah, kanthi ajrih dumateng ngarsonipun Allah, nindakaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun. Kranten saking meniko, kito sedoyo saget angsal kawilujengan soho kabejan wonten dunyo ngantos akhirat.
Kedah kito mangertosi bilih Allah puniko menawi ngersa'aken sae dateng kawulonipun, bakal dipun tuduhaken keawonan serto celo (aib) ingkang wonten awake piyambak. Lajeng Allah paring gampil ngicali keawonan utawi celo niku wau saking awakipun. Akhire kawulo niku saget ndandani sekedik-sekedik hinggo dados kesaenan ingkang sempurno.
Jamaah ingkang minulyo,
Kaprahe manungso puniko asring mboten nyumerapi awonipun piyambak. Kathah ingkang nggadahi prosongko bilih piyambakipun sampun sae mungguhi masyarakat lan ugi mungguhe Allah. Milo saking anggepan meniko, piyambakipun menawi semerap celo saking tiyang lintu masiyo sak klilip moto, langsung dados bahan rasan-rasan. Kosok wangsulipun, menawi keawonan lan celo ingkang wonten ngajeng mripatipun piyambak malah mboten ketingal. Kanjeng Nabi dawuh:
يُبْصِرُ أَحَدُكُمُ الْقَذَى فِى عَيْنِ أَخِيْهِ وَيَنْسَى الْجِذْعَ فِى عَيْنِهِ
(رواه أبو هريرة)
Artosipun: "Salah siji siro kabeh weruh kotoran cilik ono mripate dulure, ananging lali karo kayu ingkang malang onok ngarep mripate dewe."
Hadits meniko negasaken bilih niti pirso utawi metani celone dewe lan mboten niti-niti aibe wong liyo puniko sumber kabejan. Kanjeng Nabi Muhammad SAW dawuh:
طُوْبَى لِمَنْ شَغَلَهُ عَيْبُهُ عَنْ عُيُوْبِ النَّاسِ
Artosipun: "Untung banget wong kang ketungkul metani celone awake dewe lan ora gelem ketungkul metani celone wong liyan." (HR. Al-Bazzar)
Sayyidina Ali wonten kitab Nashaihul Ibad dawuh:
كُنْ عِنْدَ اللَّهِ خَيْرَ النَّاسِ وَكُنْ عِنْدَ النَّفْسِ شَرَّ النَّاسِ وَكُنْ عِنْدَ النَّاسِ رَجُلًا مِنَ النَّاسِ
Artosipun: "Dadiyo menungso paling sae mungguhe Allah. Dadiyo menungso paling awon mungguh pandanganmu dewe (mergo ngerti dosane dewe), lan dadio manungso kang kaprah (biasa) ono ngarepe poro manungso."
Saking dawuh kasebat, wonten hikmah ingkang saget kito petik kagem ndandosi awak kito:
Istiqomah ningkataken taqwa lan amal sholih supados sae mungguhe Gusti Allah.
Ngrumaosi dados tiyang awon ingkang kathah kekiranganipun, supados selamet saking sifat ujub (sombong), riya' (pamer), lan sum'ah.
Andap asor (tawadhu') dateng tiyang sanes soho mboten ngrumaosi langkung mulyo tinimbang liyane.
Jamaah Jumat Rahimakumullah,
Perkawis muhasabah utawi niti pirso celo awake dewe meniko penting sanget, kranten Gusti Allah sampun dawuh:
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللَّهَ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
Artosipun: "Hai wong kang podo iman, wediyo marang Allah lan saben awak-awak becik nggate'aken opo-opo sing wes dilakoni kanggo dino sesok (kiamat), lan wediyo marang Allah, setuhune Allah Dzat kang mirsani amal siro kabeh." (QS. Al-Hasyr: 18)
Lajeng Sahabat Umar bin Khattab dawuh:
"Niti pirsoho marang awak siro kabeh sakdurunge diitung amal (hisab). Lan timbangen awak siro kabeh sakdurunge podo ditimbang (ono dino kiamat)."
Rasulullah ugi nate dawuhaken:
اَلْكَيِّسُ مَنْ دَانَ نَفْسَهُ وَعَمِلَ لِمَا بَعْدَ الْمَوْتِ وَالْعَاجِزُ مَنْ أَتْبَعَ نَفْسَهُ هَوَاهَا وَتَمَنَّى عَلَى اللهِ
Artosipun: "Wong cerdas yoiku wong kang ngitung-ngitung (muhasabah) awake dewe lan ngamal kanggo sak wise mati. Wong apes yoiku wong kang nuruti nafsune nanging arep-arep (pujiane) Allah." (HR. Ahmad).
Mugi-mugi kito kalebet golongane tiyang-tiyang ingkang tansah mawas diri, saget ndandosi kekiranganipun piyambak, lan mboten ketungkul nggoleki salahe tiyang lintu. Aamiin.
جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ : أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمانِ الرَّحِيمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا. باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَى بِمَلآئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ. وَقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيَائِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ. وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِي بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِي وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيْنَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
عِبَادَ اللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
khutbah Jumat #2: Takwa Minongko Solusi
KHUTBAH I
الْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِه نَسْتَعِيْنُ عَلى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلى اٰلِه وَأَصْحَابِه وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلى يَوْمِ الدِّيْنِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَه لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِه وَصَحْبِه أَجْمَعِيْنَ أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالى: وَاعْبُدُوا اللّٰهَ وَلَا تُشْرِكُوْا بِهٖ شَيْـًٔا وَّبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسَانًا وَّبِذِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَالْجَارِ ذِى الْقُرْبٰى وَالْجَارِ الْجُنُبِ وَالصَّاحِبِ بِالْجَنْۢبِ وَابْنِ السَّبِيْلِۙ وَمَا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ مَنْ كَانَ مُخْتَالًا فَخُوْرًاۙ
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo,
Monggo tansah samiyo netepi takwa lan taat dateng ngarso Dalem Allah kanthi ambudi doyo nindakaken sedoyo dawuh lan perintahipun, soho nilar lan nebihi sedoyo awisanipun. Insyaallah kito bade tansah kaparingan kabekjan wiwit alam donyo puniko ngantos mbenjang dumugi ing alam akhirat.
Poro sederek Muslimin rahimakumullah,
Tembung takwa punika mboten asing tumrap kito. Sampun biasa mireng lan kito ucapaken. Kalimat meniko enteng sanget dipun ucapaken, ananging kangge nindakaken sakestu mboten gampil kados anggenipun ngucapaken. Menggah dawuhipun Imam Al-Ghazali, bilih takwa punika: ''Nderek sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisan".
Ringkesipun, takwa puniko kedah mengku kalih perkawis: Nderek sedaya perintah lan nebihi sedaya awisan. Estunipun kito kedah mangertos dasar-dasar takwa ingkang sakestu. Milo takwa mbetahaken dateng ilmu, tanpa ilmu mboten mungkin tiyang saget netepi takwa. Poro ulama dawuh bilih takwa puniko rangkaian saking ilmu, amal, lan istikamah.
Pramilo wonten ing mriki kito wajib nindakaken tholabul ilmi. Jalaran ilmu minongko dasar takwa lan ibadah kito dumateng Allah SWT.
Jamaah ingkang minulyo,
Mangertos kemawon dateng perintah lan laranganipun Allah nanging mboten ngamalaken ilmunipun, puniko mboten saget kawastanan takwa. Semanten ugi tiyang ingkang mangertosi ilmu lan ngamalaken ilmunipun, nanging dereng saget istikamah, ugi dereng dipun wastani takwa sakestu. Contonipun, kewajiban dipun tindakaken nanging nglampahi doso ugi jalan terus.
Meniko bukti bilih takwa puniko mboten enteng. Ananging menawi sakestu takwa saget katindakaken, wonten jaminan saking Allah arupi kebahagiaan gesang donyo ngantos akhirat. Dawuhipun Allah:
اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَكَانُوْا يَتَّقُوْنَۗ لَهُمُ الْبُشْرٰى فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَفِى الْاٰخِرَةِۗ لَا تَبْدِيْلَ لِكَلِمٰتِ اللّٰهِۗ ذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُۗ
''Wong-wong kang pada iman lan pada takwa, tumrap wong-wong mahu kabungahan ing ndalem panguripan donyo lan akhirat, ora ana owah-owahan kanggo janjine Allah, kang mengkono mau minangka kabegjan kang agung." (QS Yunus: 63-64)
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo,
Takwa ugi minongko solusi kangge nggayuh pitulung lan kemudahan saking ngarso Dalem Allah ing tengahing pagesangan ingkang sarwo sulit. Kados dawuhipun Allah:
وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مِنْ اَمْرِهٖ يُسْرًا
".....Lan sopo wae kang takwa marang Allah, mongko mesti Allah bakal ndadekake perkoro kang angel songko wong kuwi dadi gampang." (QS At-Thalaq: 4)
Menawi kito gesang rumaos repot netepi aturan agami kanthi alasan kepengen bebas nuruti hawa nafsu, tentu bade getun keduwung ing tembe wingkingipun. Pramilo, monggo kito galih pepenget saking Kanjeng Nabi SAW:
"Uripo sak karepmu, ngertiyo siro mesti bakal mati. Tumindako sak karepmu, ngertiyo siro mesti bakal diwales sebab tumindakmu. Senengo sak karepmu, ngertiyo siro mesti bakal pisah karo kang siro tresnani."
Mugi-mugi kito tansah pinaringan pitedah lan pitulung saget nindakaken kewajiban kito ngumawula lan ngibadah dateng ngarsanipun Allah SWT. Amin.
بَـارَكَ اللهُ لِـيْ وَلَكُمْ بِالقُـرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِــيْ وَإِيَّــاكُــمْ بِمَــا فِيْهِ مِـنَ الآيَاتِ وَالـذِّكْرِ الحَكِيْمِ، وَأَقَـوْلُ قَوْلِي هذَا وَاسْتَغْفِرُوْا اللّـهَ لِـيْ وَلَــكُمْ مِـنْ كُلِّ ذَنْـبٍ، فَيَا فَوْزَ المُسْتَغْفِرِيْنَ وَيَــا نَجَاةَ التَــائِبِيْنَ
KHUTBAH II
الحمد للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ .وَبِه نَسْتَعِيْنُ عَلى اُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ. اَشْهَدُ اَنْ لاَاِلَهَ اِلاَّ اللَّهُ وَحْدَه لاَ شَرِ يْكَ لَهُ لَهُ الْمَلِكُ الْمُبِيْنُ. وَاَشْهَدُ اَنْ اِنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الصَّادِقُ الْوَعْدِ اْلاَمِيْنِ .صَلاَةً وَسَلاَ مًا دَآ ئِمَيْنِ مُتَلاَ زِمَيْنِ عَلى اَشْرَفِ الْمُرِسَلِيْنَ. سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِه وَاَصْحَابِه الطَّاهِرِيْنَ الْمُكَرَّمِيْنَ. (اَمَّا بَعْدُ) فَيَآ اِخْوَانِىْ رَحِمَكُمُ اللّهُ. اُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللّهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.
فَقَالَ تَعَالى فِى كِتَابِهِ الْكَرِ يْمِ : مَنْ يَتَّقِ اللّهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا وَيَرْزُقهُ مِنْ حَيْثُ لاَ يَحْتَسِبْ. وَاَنَّ اللّه اَمَرَكُمْ بَدَأَ بِنِفْسِهِ وَ ثَنى بِمَلاَ ئِكَةِ بِقُدْسِهِ . فَقَالَ عَزَّ مِنْ قَا ئِلٍ كَرِ يْمٍ. اِنَّ اللّهَ وَمَلآ ئِكَتَه يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْ تَسْلِيْمًا.
اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى اَلِه وَاَصْحَابِه وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. وَعَلَيْنَا مِنْهُمْ وَمَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَااَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ . اَمِيْنْ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ.
اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ, وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ, اَ لْاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّهُمَّ اَعِزِّ اْلاِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ. وَاَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. وَ لاَ تَجْعَلْنَاتَحْتَ اَقْدَامِ الْمُنَافِقِيْنَ الظَّالِمِيْنَ. أَللّهُمَّ انْصُبْ فِيْ بِلاَدِنَا هذَا اِمَامًا عَادِلاً وَبِلاَدِ الْمُسْلِمِيْنَ عَآمَّةً اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ .اَللّهُمَّ اَ لِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ , وَفَرِّقْ جَمْعِيةَ الْكُفْرِ الْمُشْرِكِيْنَ بِعِنَايَتِكَ وَرَحْمَتِكَ يَآ اَرْحَمَ الرَّ احِمِيْنَ .
اَللّهُمَّ ا دْ فَعْ عَنَّا الْغَلآ ءَ وَالْوَ بَآ ءَ وَالْفَخْشَآ ءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْىَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَآ ئِدَ وَالْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَاذَ خَآ صَّة. وَمِنْ بُلْدَانِ مُسْلِمِيْنَ عَآ مَّة. اِنَّكَ عَلى كُلِّ شَيْئٍ قَدِ يْرٌ . رَ بَّنَااغْفِرْ لَنَا وَ ِلاِ خْوَاننَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْ نَا بِاْلاِ يْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْ بِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ اَ مَنُوْ ا رَبَّنَآ اِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ.
عِبَادَ اللّهِ, اِنَّ اللّهَ يَأْ مُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِ يْتَآ ءِ ذِي الْقُرْبى وَ يَنْهى عَنِ الْفَخْشَآ ءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغِى يَعَظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَلَذِكْرُ اللَّهِ اَكْبَرُ. اَسْتَغْفِرُ اللَّهَ لِيْ وَلَكُمْ. ثُمَّ اَقِمِ الصَّلاَةَ.
Khutbah Jumat #3: Nata Berkahe Yuswa
Khutbah I
الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيدَه، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِي لِجَلَالِ وَجْهِكَ الْكَرِيمِ وَلِعَظِيمِ سُلْطَائِكَ سُبْحَانَكَ اللهُمَّ لَا أُحْصِي ثَنَاءً عَلَيْكَ أَنْتَ كَمَا أَثْنَيْتَ عَلَى نَفْسِكَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيلُهُ خَيْرَ نَبِي أَرْسَلَهُ. أَرْسَلَهُ اللَّهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيرًا وَنَذِيرًا، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةَ وَسَلَامًا دَائِمَيْنِ مُثَلًا زِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ.
أَمَّا بَعْدُ فَإِنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ الْقَائِلِ في كتابِهِ الْقُرْآنِ: شَهِدَ اللَّهُ أَنَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا هُوَ وَالْمَلَائِكَةُ وَأُولُوا الْعِلْمِ قَائِمًا بِالْقِسْطِ لَا إِلَهَ إِلَّا هُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ
Ayyuhal Hadlirun Jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
Monggo kito sami ningkataken raos takwa lan ajrih dumateng Gusti Allah kanti tansah nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun. Amergi tiyang ingkang cecekelan perintahipun Gusti Allah bakal bejo dunyo akherat. Gusti Allah dawuh:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
Artosipun: Hei wong kang podo iman, podo takwoho siro kabeh marang Gusti Allah kelawan sejatine takwa, lan aja pado pejah siro kabeh kejoba dadi wong Islam (Ali Imran: 102).
Ayyuhal Hadlirun Jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
Nambahing yuswa wonten gesang menungso nun inggih perkawis ingkang biasa dipun panggehe sinten-sinten kemawon. Amergi ing lelampahing urip menungso dina-dina ingkang dipun lampahi, saestu dados tinondo bilih urip meniko pesti gentosan. Sami kalayan anane siang kalayan dalu, isuk kalayan sore, sedayanipun dados tinondo bilih urip meniko nun inggih silih berganti.
Ing dalem lelampahe pergantian yuswa (Ulang Tahun), kulinane kita ngelaksanaake khajatan tasyakkuran. Ucapan Sugeng ambal warsa tansah kaaturaken dhumateng ingkang ngrayakake ulang tahun. Kajawi punika ugi dipun ucapake supados si jabang bayi tansah sehat saha panjang umur. Nanging, nopo wonten ingkang saget jamin yen dheweke bakal urip suwe? Apa dheweke mulya utawa sengsara? Apa dheweke kebak berkah? Gusti Allah Subhanahu Wata'ala sampun dawuh wonten QS. Al-A'raf, 34:
وَلِكُلِّ أُمَّةٍ أَجَلٌ فَإِذَا جَاءَ أَجَلُهُمْ لَا يَسْتَأْخِرُونَ سَاعَةً وَلَا يَسْتَقْدِمُونَ.
Artosipun: Lan saben umat menungso iku pada duwe ajale dewe-dewe. Naliko wes pada teko ajale, mako ora ana sapo ae sing iso ngundurake wektune utawa disiake wektune.
Ayyuhal Hadlirun Jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
Gusti Allah gadah rahasia babagan umur manungsa. Mboten wonten ingkang ngertos nganti suwene wong bakal urip. Senajan sedaya menungsa ngarep-arep yuswa panjang, ananging yuswa meniko sifatipun misteri. Negasaake perkawis meniko Habib Abdullah bin Alwi Al-Haddad wonten bukunipun ingkang judul Sabilul Idzkar wal Itibar bima Yamurru bil-Insan wa Yangadhi lahu minal-A'mar, paring pawartos babagan yuswa. Piyambaipun mbagi umur pidados gangsal tahapan.
Tahap sepindah dipun wiwiti nalika Allah nitahake Nabi Adam AS lan menehi keturunan. Tahap kang kapindho inggih wiwit manungsa lahir saking guwa garbane ibune nganti mati. Tahap kaping telu nun inggih wiwit Malaikat Israfil niup trompet ing Padang Mahsyar ngantos tangine manungsa saking dunya jumeneng saking sedanipun. Manungsa gesang ing akhirat nalika jaman ketigo. Jaman kaping papat diwiwiti nalika manungsa ditangekake saka jagad liya kanthi trompet kaping pindho lan miwiti perjalanan menyang Shirath al-Mustaqim. Jaman kaping lima diwiwiti nalika manungsa tiba ing Jurang Neraka.
Nom-noman lan diwasa minangka periode paling penting ing gesang manungsa. Ahlul Hikmah nate dawuh; 'Yen sampeyan ora bisa diajeni nalika enom, sampeyan ora bakal diajeni ing umur tuwa, sing nuduhake pentinge pemuda. Wonten agami Islam, umur 40 taun dianggep minangka umur khusus. Umur niki dianggep minangka titik ing ngendi wong wis siyap. Ing yuswa 40 taun, Rasulullah SAW dipun angkat dados Nabi dening Allah SWT. Ing tasawuf, umur 40 taun dianggep minangka ambang kanggo Allah SWT.
Syekh Abdullah ngendika, "Ing umur 40 taun, kita nazar bakal melipat kasur, eling karo saben napas yen kita mlaku menyang akhirat, lan nyiapake awak nganti urip ing donya ora kepenak maneh." Syekh Wahab bin Ahmad Asy-Syaukani ngendika ing Bahrul Maulud, 'melipat kasur tegese ngurangi jam turu kanggo nambah sholat. Sawise tekan diwasa, Muslim mlebu ing tahap persiapan kanggo pati antarane umur 60 lan 70. "Umatku umure antarane 60 lan 70 taun." Imam Muslim lan Imam An-Nasai nyatakake.
Mulane, iku banget pantes kanggo wong kanggo nindakake tumindak ala sanajan sawise umur 60 taun. Nabi Shallallahu 'Alaihi Wasallam ngandika, "Satemene, Allah ora nampa tuwa saka wong sawise umur 60 taun" (HR. Bukhari lan Muslim).
Kajaba iku, wong tuwa duwe ciri khas dhewe. Rasulullah Shallallahu 'Alaihi Wasallam ngendika wonten hadits: 'Demi kaluhuraningsun, kaluhuraningsun, lan kabetahaningsun marang Ingsun, temen Ingsun isin nyiksa hamba-hamba Ingsun, lanang lan wadon, kang wes luntur tuwa wong Islam.' Wonten ing hadits sanesipun piyambakipun ngendika;
خَيْرُكُمْ مَنْ طَالَ عُمْرُهُ وَحَسُنَ أَعْمَالُهُ.
Artosipun: Apik-apik siro yo wong sing dawa umure lan apik amal-amal perbuatane (HR At-Tarmidhi).
Nanging, Al-Quran ugi bola-bali ngelingake babagan pikun lan umur tuwa. Tuladhanipun wonten ing surat An-Nahl ayat 70 dipun dhawuhaken: "Allah nitahake sira, banjur mateni sira, sawenehe panunggalanira dibalekake marang umur kang luwih enom, mulane sira wis ora dume ilmu maneh." Allah Kang Maha Kuwasa lan Maha Ngerti. Kajawi saking punika ugi wonten tiyang ingkang senajan umuripun cekak, nanging kathah tumindak ingkang dipun ridhai dening Allah Subhanahu Wata'ala lan pengaruhipun sanget. Klompok niki ugi kalebet wong sing bakal dieling-eling ing sejarah.
Anas bin Malik minangka salah sawijining sahabat utama Rasulullah Shallallahu 'Alaihi Wasallam, perawi hadits sing kasuwur lan abdi dalem paling suwe. Anas lair sepuluh taun sadurunge Hijrah. Piyambake mlebet Islam nalika taseh cilik lan tetep setya marang Nabi nganti seda. Piyambake ngabdi marang Nabi kinten-kinten sedasa taun sakjerone manggon ing Madinah. Kagem pikantuk kasempatan ngabdi dumateng Nabi Muhammad Shallallahu 'Alaihi Wasallah, ibune langkung rumiyen beto dumateng ngarsanipun Kanjeng Nabi, nun inggih 'Ngabdi dining Rasulullah' minangka pakurmatan lan Anas saestu bangga pikantuk gelar kasebat.
Berkat doa Kanjeng Nabi, piyambakipun dados sahabat ingkang paling kathah keturunanipun. Sawijining dina ibune nyuwun ndonga marang Nabi. "Ya Allah, paringana rizki, bandha lan berkah. Ya Allah, tambahi bandha lan anak-anake lan lebokna ing swarga." Anas minangka sahabat terakhir ingkang seda ing Basrah. Miturut riwayat paling populer, piyambaipun tilar donya ing taun 93 H (711 M) ing umur 103 taun. Panjenengaipun tilar donya sawisé urip kebak kasusahan. Piyambake minangka tiyang ingkang ngerti lan welas asih. Nalika piyambaipun seda, ngucap, 'Saduhu kulo tumancep kaleh ucapan La ilaha illallah.' Lan ukara tauhid terus diucapake nganti nyawa ninggalake raga.
Para Salaf ingkang soleh, nyengkuyung para mudha supados mudha-mudhi kanthi maksimal, kanthi ngendika: "Gunakake masa mudamu sadurunge dadi kaya aku saiki." Dheweke ora bisa nindakake akeh amal apik nalika wis tuwa lan ringkih, nanging ing umure, dheweke ndhisiki wong enom ing dalane Allah lan taat marang Allah. Nanging, ing Islam, sing penting ora dawa umur, nanging berkah saka tuwa. Berkah iku diciriake kanthi tumindak becik, kayata shalat lan akhlak ingkang sae, lan tumindak sing migunani kanggo generasi sa'lajengipun. Muga-muga Gusti Allah tansah nunggil kalayan kita. Amin Allahumma amin.
أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ. وَأَنِ اسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوبُوا إِلَيْهِ يُمَتِّعْكُمْ مَتَاعًا حَسَنًا إِلَى أَجَلٍ مُسَمًّى وَيُؤْتِ كُلَّ ذِي فَضْلٍ فَضْلَهُ وَإِنْ تَوَلَّوْا فَإِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ كَبِير. بَارَكَ الله لي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلَا وَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ. وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيمَ إِي وَلَكُمْ فَيَا فَوْزَ الْمُسْتَغْفِرِينَ وَيَا نَجَاةَ الثَّابِبين.
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّي وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، أَمَّا بَعْدُ.
فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُونَ، أُوْصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ الْعَلِي الْعَظِيمِ، وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيمِ، فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلَّمُوا تَسْلِيمًا، اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحْنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةُ، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةٌ وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ.
Khutbah Jumat #4: Tumindak Amal Kesaenan Ing Rebo Wekasan
Khutbah I
الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ، وَبِهِ نَسْتَعِينُ عَلَى أُمُورِ الدُّنْيَا وَالدِّينِ وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِينَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِينَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِينِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ صَادِقُ الْوَعْدِ الْأَمِينِ. أَمَّا بَعْدُ. فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُونَ إِتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يَتَأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا قُوا أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلَئِكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَّا يَعْصُونَ اللَّهَ مَا أَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُونَ مَا يُؤْمَرُونَ
Ma'asyiral Muslimin Rahimakumullah
Sumangga kita aturaken puja lan puji syukur dhumateng Ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun maringi kita sedaya kesempatan lan kesehatan. Salajengipun, minangka pandhita wajib kita sesarengan ngajak kita sesarengan, mliginipun para pendakwah, supados tansah nambahi lan njagi raos iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT. Mung iman lan taqwa sing bakal urip bahagia donya lan akhirat.
Ma'asyiral Muslimin Rahimakumullah
Wulan Safar minangka sasi ing kalender Islam ingkang asring digandhengake kalayan macem-macem mitos dalah kapercayan. Sasi meniko asring dianggep minangka sasi ala utawa dihindari dening sawetara wong. Salah sawijine kapitayan kang ana ing masyarakat yaiku ngenani nasib ala ing Rebo Wekasan. Ing babagan pangerten, Rebo Wekasan minangka tradhisi sing ditindakake saben dina Rebo pungkasan ing sasi Safar ing kalender Islam utawa kalender Hijriyah. Tradhisi iki ditindakake dening saperangan masyarakat Indonesia mligine wong Jawa. Oyod tradhisi Rebo Wekasan asale saka kapercayan masyarakat Indonesia sing nganggep yen wulan Safar minangka wulan sing kebak musibah.
Ma'asyiral Muslimin Rahimakumullah
Ing Islam, ora ana wulan utawa wektu sing nggawa nasib ala utawa apik. Sejatine kabeh rejeki lan musibah iku gumantung saka kersane Allah SWT, dudu ing sasi utawa tanggal tartamtu. Salajengipun, Islam paring piwulang dhateng para pandherekipun bilih rejeki ingkang sae utawi awon punika asalipun saking Allah, sanes saking wulan utawi tumindak tartamtu ing salebeting wulan tartamtu.
Ma'asyiral Muslimin Rahimakumullah
Pramila tiyang muslim kedah ngadohi kapitadosan utawi amalan ingkang bertentangan kaliyan piwulang agami lan ngandelaken Allah ing sedaya aspek gesang. Iki ditegesake langsung dening Nabi ing sawijining hadits sing diriwayatkan dening Imam Bukhari, yen ora ana nasib ala ing wulan Safar:
لا عُدْوَى وَلَا طِيرَةً وَلَا هَامَّةَ وَلَا صَفَرَ وَفِرَّ مِنَ الْمَجْدُوْمِ كَمَا تَفِرُّ مِنَ الْأَسَدِ.
Artosipun: "Ora ana lelara nular, ora ana ramalan sing ala, ora ana nasib ala amarga manuk hammah, ora ana sial ing sasi Safar, lan sira mlayu saka lepra kaya sira mlayu saka singa" (HR. Bukhori).
Ma'asyiral Muslimin Rahimakumullah
Salah sawijine amalan sing bisa ditindakake ing dina Rebo Wekasan yaiku ndedonga marang Allah. Satemene wulan Safar disunatake kanggo nambah sholat. Wonten ing hadits dipun andharaken bilih ing wulan Safar shalatipun badhe dipun kabulaken dening Allah. Kapindho, maca istighfar. Istighfar inggih menika nyuwun pangapunten dhumateng Allah Subahanahu Wata'ala saking sedaya kalepatan saha kalepatan ingkang sampun kita tindakaken. Istighfar banget kanggo saben Muslim, gedhe utawa cilik, disengaja utawa ora disengaja. Ing Al-Quran Allah SWT ngandika ing Surah Hud [11] ayat 90:
وَاسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوبُوا إِلَيْهِ إِنَّ رَبِّي رَحِيمٌ وَدُودٌ.
Artosipun: "Nyuwun pangapunten dhumateng Pangeranira, lajeng tobat dhateng Panjenengane. Satemene Pangeranku iku Maha Welas tur Maha Asih."
Hadits Nabi Muhammad SAW ingkang dipun riwayataken saking Abu Hurairah RA:
مَنْ أَكْثَرَ الاسْتِغْفَارَ جَعَلَ اللهُ لَهُ مِنْ كُلِّ ضِيقٍ مَخْرَجًا وَمِنْ كُلِّ همْ فَرَجًا وَرَزَقَهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ.
Artosipun: "Sapa sing luwih akeh istighfar, mesthi Allah bakal paring dalan metu kanggo saben kasusahan, kelapangan kanggo saben kesempitan lan menehi rizki saka arah sing ora disangka-sangka (Riwayat Ahmad)."
Ma'asyiral Muslimin Rahimakumullah
Katelu, maca Al Quran. Al-Quran minangka kitab suci umat Islam sing diturunake marang Nabi Muhammad minangka pedoman urip. Maca Al-Quran minangka salah sawijining ibadah sing paling dianjurake ing agama Islam. Kathah kautaman lan ganjaran ingkang ageng tumrap tiyang ingkang maos Al Quran. Lan entuk ganjaran sing cukup gedhe kanggo wong sing maca. Kados ing riwayat Tirmidzi ingkang tegesipun: "Sing sapa maca siji huruf saka Kitab Allah (Al-Quran), mula kanggo wong iku siji kabecikan. Lan kabecikan sing siji diganjar tikel sepuluh. Aku ora ngomong yen alif laam mim iku siji huruf. Nanging, alif iku siji huruf, laam iku siji huruf, lan mim iku siji huruf (HR. Tirmidzi)."
Pramila wonten ing akhir dinten Rebo Wekasan menika boten wonten klenta-klentunipun anggenipun nindakaken amal soleh minangka wujud usaha saha nyuwun pangapunten saha pangayoman dhumateng Allah SWT saking sedaya musibah.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيمَ لِي وَلَكُمْ فَيَا فَوْزَ الْمُسْتَغْفِرِينَ وَيَا نَجَاةَ التَّائِبِينَ.
Khutbah II
الْحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَمَا أَمَرَ وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ إِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ سَيِّدِ الْإِنْسِ وَالْبَشَرِ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنُ بِنَظَرٍ وَأُذُنٌ بِخَبَرٍ (أَمَّا بَعْدُ). فيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى وَذَرُوا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ وَمَا بطنَ وَحَافِظُوا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُورِ الْجُمُعَةِ وَالْجَمَاعَةِ. وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرِ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ. وَثَنَّى بِمَلَائِكَةِ قدسِهِ. فَقَالَ تَعَالَى وَلَمْ يَزَلْ قَائِلًا عَلِيمًا إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللَّهُمَّ صَلَّ وَسَلَّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ اللَّهُمَّ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِينَ الَّذِينَ قَضَوْا بِالْحَقِّ وَكَانُوا بِهِ يَعْدِلُونَ، أَبِي بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِي وَعَنِ السِّتَّةِ الْمُتَيْمِينَ لِلْعَشَرَةِ الْكِرَامِ وَعَنْ سَائِرِ أَصْحَابِ نَبِيِّكَ أَجْمَعِينَ وَعَنِ التَّابِعِينَ وَتَابِعِ التَّابِعِينَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ.
اللَّهُمَّ لَا تَجْعَلْ لِأَحَدٍ مِنْهُمْ فِي عُنُقِنَا ظُلَامَةٌ. وَنَحْنَا بِحُبِّهِمْ مِنْ أَهْوَالِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ اللَّهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِينَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِينَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ. اللَّهُمَّ آمِنًا فِي دُورِنَا وَأَصْلِحُ وَلَاةَ أُمُورِنَا، وَاجْعَلِ اللَّهُمَّ وَلَا يَتَنَا فِي مَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ. اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ بِرَحْمَتِكَ يَا وَاهِبَ الْعَطِيَّاتِ اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالرِّبَا وَالزِّنَا وَالزَّلَازِلَ وَالْمِحَنَ، وَسُوْءَ الْفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةٌ يَا رَبَّ الْعَالَمِينَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. عِبَادَ اللَّهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكERِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرُكُمْ وَاشْكُرُوهُ عَلَى نعَمِهَ يَزِدُكُمْ وَاسْتَلُوا مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ، وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَعَزُّ وَأَجَلٌ وَأَكْبَرُ.
Khutbah Jumat #5: Damel Becik Dumateng Tonggo
Khutbah I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الْمَلِكِ الْعَلَّامِ وَأَعْطَانَا مَا عِنْدَهُ مِنَ الْفَضْلِ وَالْإِنْعَامِ أَحْمَدُهُ وَأَشْكُرُهُ عَلَى نِعْمَةِ الْجِسْمِ وَالْمُجَسَّمِ وَهِيَ الصَّحَةُ وَالْإِيْمَانُ وَالْإِسْلَامُ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ الْمُتَّصِفُ بِالْبَقَاءِ وَالْقِدَمِ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ إِلَى جَمِيعِ الْعَالَمِ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ مُحَمَّدٍ صَاحِبِ الظَّلِّ فِي الْغَمَامِ وَآلِهِ وَصَحْبِهِ الْبَرَرَةِ الْكِرَامِ (أَمَّا بَعْدُ).
فَيا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ فَقَالَ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحُ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
Jamaah Jumat rahimakumullah
Monggo kito sedoyo sami netepi lan ningkataken takwo dumateng Gusti Allah. Wonten ing panggenan pundi kimawon kawontenan. Rame utawi sepi. Kanti tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun. Supados kita tansah pikantuk rahmat lan kabegan saking Gusti Allah.
Kito sedoyo gesang ing dunyo meniko kedah migunaaken wekdal ingkang dipun paringi Gusti Allah kanti sae. Keranten wekdal ingkang sampun keliwat mboten bade wangsul malih. Gusti Allah dawuh:
إِنَّ الْإِنسُنَ لَفِي خُسْرٍ إِلَّا الَّذِينَ ءَامَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ.
Artosipun: Saktemene menungso iku mesti bakal rugi, kejobo wong-wong kang podo iman, nindakake amal kesaenan, podo tutur-tinutur ing perkara bener, lan tutur tinutur ing kesabaran (Q.S. al- Ashr).
Surat al-Ashr kasebat mertelaaken bilih katah menungso ingkang getunan keranten mboten migunaaken wekdal kanti sae. Mboten didamel ngelampahi tindak becik. Salah setunggale tindak becik lan kesaenan nggih meniko dados tonggo ingkang sae.
Hadirin ingkang minulyo
Tonggo utawi tetanggi meniko tiyang ingkang langkung rumiyen mangertosi kawontenan kito sedoyo. Mulai saking kowentenan kita nembe bungah utawi susah, rupek utawi lonngar, gerah utawi sehat. Kito pasti mbetahaken tetanggi. Saking meniko, Islam ngatur hak-hakipun tetanggi. Gusti Allah dawuh:
وَاعْبُدُوا اللهَ وَلَا تُشْرِكُوا بِهِ شَيْئًا وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا وَبِذِي الْقُرْبَى وَالْيَتَامَى وَالْمَسَاكِينِ وَالْجَارِ ذِي الْقُرْبَى وَالْجَارِ الْجُنُبِ وَالصَّاحِبِ بِالْجَنْبِ وَابْنِ السَّبِيلِ وَمَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ إِنَّ اللَّهَ لا يُحِبُّ مَنْ كَانَ مُخْتَالًا فَخُورًا.
Artosipun: Nyembaho siro kabeh marang Allah lan ojo nyekutoaken kelawan lintune. Lan pode gaweyo bagus siro kelawan wang tuo loro, kerabat, anak yatim, wong miskin, tetonggo celak lan tebih, konca raket, wong dalanan, lan kawulo. Saktemene Allah ora demen wang-wong sombong lan mbanggakno awake dewe (Annisa' 36).
Wonten ing ayat meniko, kito dipun perintahaken supados nyembah dumateng Allah lan mboten nyekutoaken Gusti Allah. Lajeng dipun perintah mbagusi dateng tiyang sepuh kaleh, termasuk ugi dipun perintahaken mbagusi, tumindak sae dateng tanggi-tanggi kito.
Tafsir Ibn Katsir mertelaaken bilih lafadz والجار ذي القرني (tanggi ingkang celak) wonten ing ayat meniko maksude tetanggi ingkang tasih wonten hubungan famili, kados pendapatipun Imam Ikrimah, Imam Mujahid soho Imam Ad-Dohhak. Miturut riwayat Ibnu Jarir soho Abi Hatim, maksud tanggi ingkang celak niku tanggi ingkang muslim. Menawi lafadz والجار الجلب (tanggi ingkang tebih) wonten ing ayat meniko maksude tetanggi ingkang mboten wonten hubungan famili, kados pendapatipun Imam Ikrimah, Imam Mujahid soho Imam Ad-Dohhak. Miturut riwayat Ibnu Jarir soho Abi Hatim, maksud tetanggi ingkang tebih niku tanggi ingkang agomone mboten sami kaliyan kito.
Jamaah Jumat Rahimakumullah
Ayat meniko nuduhaken bilih kito kedah tumindak sae, becik dateng tetanggi. Setunggale hadits negesaken pentinge mulyaaken tetongggo:
مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ فَلْيُكْرِمْ جَارَهُ.
Artosipun: Sapa wonge iman dumateng Gusti Allah lan percoyo anane dino akhir (qiyamat), mongka becik mulyakno tanggane (HR. Bukhari).
Saking pentinge mulyaaken tetanggi, wonten setunggale hadits lintu dipun jelasake kito kedah njagi hak-hakipun tetanggi, ngantos Kanjeng Nabi nyongko tetanggi bakal iso saling ngewarisi bondo:
مَا زَالَ جِبْرِيلُ يُوْصِينِي بِالْجَارِ حَتَّى ظَنَنْتُ أَنَّهُ سَيُوَرَتُهُ.
Artosipun: Ora gingsir-gingsir Jibril pesen marang ingsun supoyo mbagusi tongge, hingga aku nyongka yen tonggo iku iso saling ngewarisi bondane (muttafaq alaih).
Pramilo monggo kito sami njagi kamulyan tetanggi, tumindak sae, becik. Keranten saking meniko guyub lan rukun saget dipun wujudaken, hinggo dados tiyang ingkang kalebet minal muhsinin utawi tumindak bagus.
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ. إِنَّ الْإِنسُنَ لَفِي خُسْرٍ، إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ.
أَقُولُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيمَ لِي وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِينَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلَّ ذَنْبٍ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ.
Khutbah II
الحمدُ للهِ حَمْدًا كَمَا أَمَرَ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، إِلَهُ لَمْ يَزَلْ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ وَكِيلًا وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ وَحَبِيبُهُ وَخَلِيلُهُ، أَكْرَمِ الْأَوَّلِينَ وَالْآخِرِينَ، الْمَبْعُوْثِ رَحْمَةً لِلْعَالَمِينَ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ كَانَ لَهُمْ مِنَ التَّابِعِينَ، صَلَاةٌ دَائِمَةً بِدَوَامِ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضِينَ.
أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُونَ اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَذَرُوا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. وَحافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُورِ الْجُمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ وَالصَّوْمِ وَجَمِيعِ الْمَأْمُورَاتِ وَالْوَاجِبَاتِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ بِنَفْسِهِ. وَتَنَى بِمَلَائِكَةِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النبي...
Khutbah Jumat #6: Kriteria Pemimpin Miturut Agami Islam
Khutbah I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِلْإِيْمَانِ وَالْإِسْلَامِ، وَخَصَّنَا بِشَرِيعَةِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ الْمُنْعِمُ الْمَنَّانُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الْمَبْعُوثُ بِخَيْرِ الْأَدْيَانِ اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ السَّادَاتِ الْأَعْيَانِ. (أَمَّا بَعْدُ).
فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُونَ اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللَّهَ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ.
Ayyuhal Hadlirun Jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
Wonten kesempatan ingkang minulya meniko, khatib bade ngaturaken babagan kriteria sae kagem pemimpin. Pemimpin miturut agami Islam diwajibake gadah tiga raos wonten awakepun dalah saget dipun pisahaken nalikanipun mimpin.
Sepindah nun inggih rasa indera utawi raga ingkang kalebet sakjeronipun rasa pait, legi lan asin. Kaping pindho nun inggih, raos nafsiyah ingkang kalebet sakeronipun raos seger saha kabugaran. Dene ingkang kaping tiga inggih menika raos qalbiyah ingkang kalebet sakjeronipun rasa tresna, sengit, seneng lan sengsara.
Raos qalbiyah ugi kalebet raos ingkang paling mulya, inggih menika raos ruhiyah ingkang kalebet kawicaksanan lan kayekten ilahi, ingkang dipun sebat ma'rifat lan minangka hakekat tasawuf. Kanthi gadhah raos ingkang kasebat, pemimpin bade pikantuk ridho saking Gusti Allah.
Kajawi punika, wonten sekawan perkawis ingkang dados kriteria pemimpin sae, inggih menika:
Isin dhumateng Gusti Allah.
Isin dhumateng manungsa sanes.
Isin dhumateng dhiri pribadi.
Ajrih utawi khauf marang Allah Subhanahu Wata'ala.
Ing babagan khauf utawi wedi marang Allah, menungsa kudu wedi amarga wedi marang Allah bisa nyengkuyung para abdine supaya bisa nyembah marang Panjenengane kanthi pasrah lan andhap asor. Yen ana wong sing ora wedi marang Allah, tumindak ala kayata korupsi lan liya-liyane bakal saya tambah akeh, luwih srakah, lan ora bakal isin ing uripe.
Tuladhanipun pemimpin ingkang sae inggih menika Umar bin Khattab RA, piyambake kanti piyambaan beto karung ingkang isi daging kangge diedum-edumke marang wong-wong miskin sing keluwen ing mangsa pemerintahane. Dheweke nuduhake kaluhuran moral saengga sifat lan karakter Rabbaniyah kanyata As-Siddiq, Amanah, Fathonah, lan Tabligh saget katingal.
بَارَكَ الله لي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلَا وَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ. وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيمَ إِي وَلَكُمْ فَيَا فَوْزَ الْمُسْتَغْفِرِينَ وَيَا نَجَاةَ الثَّابِبين.
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّي وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، أَمَّا بَعْدُ.
فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُونَ، أُوْصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ الْعَلِي الْعَظِيمِ، وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيمِ، فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلَّمُوا تَسْلِيمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحْنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةُ، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةٌ وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ.
Khutbah Jumat #7: Ciri-Ciri Tiyang Untung Kaleh Rugi
Khutbah I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَ الإِنْسَانَ فِي أَحْسَنِ تَقْوِيْمِ، وَفَضَّلَهُ بِالعَقْلِ وَالإِيْمَانِ عَلَى كَثِيْرٍ مِمَّنْ خَلَقَ تَفْضِيلاً. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، لَهُ المُلْكُ وَلَهُ الحَمْدُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، المَبْعُوثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِينَ. اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ. (أَمَّا بَعْدُ).
فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُونَ اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى فِي القُرْآنِ الكَرِيمِ: وَتِلْكَ الْأَيَّامُ نُدَاوِلُهَا بَيْنَ النَّاسِ وَلِيَعْلَمَ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا وَيَتَّخِذَ مِنْكُمْ شُهَدَاءَ وَاللَّهُ لَا يُحِبُّ الظَّالِمِينَ.
Ayyuhal Hadlirun Jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
Wonten ing kesempatan dinten Jumat ingkang barokah punika, mangga kita sareng-sareng ningkataken raos takwa kita dhumateng Allah Subhanahu Wata'ala. Takwa ingkang saged dados benteng kita saking nggodha hawa nafsu lan dunya, saingga kita saged kalebet golongan tiyang ingkang beja utawi untung ing dunya lan akhirat.
Saben manungsa ing alam dunya punika tamtu pengin nggayuh kabegjan lan mboten pengin nemahi kerugian. Ananging, kathah manungsa ingkang mboten mangertos kriteria utawi ciri-ciri tiyang ingkang saestu untung lan tiyang ingkang rugi miturut pandangan agami.
Jamaah Jumat ingkang minulya
Gusti Allah sampun paring pepeling wonten ing Al-Quran bilih wonten golongan manungsa ingkang ngibadahipun mboten mantep, utawi ibadahipun namung "ing pinggiran" kemawon. Menika salah setunggalipun ciri tiyang ingkang badhe rugi. Gusti Allah dawuh wonten Surat Al-Hajj ayat 11:
وَمِنَ النَّاسِ مَن يَعْبُدُ اللَّهَ عَلَى حَرْفٍ فَإِنْ أَصَابَهُ خَيْرٌ اطْمَأَنَّ بِهِ وَإِنْ أَصَابَتْهُ فِتْنَةٌ انقَلَبَ عَلَى وَجْهِهِ، خَسِرَ الدُّنْيَا وَالْآخِرَةَ ذَلِكَ هُوَ الْخَسْرَانُ الْمُبِينُ.
Artosipun: "Lan ing antarane menungsa iku ana kang (ngibadah) nyembah marang Allah mung ana ing pinggire wae. Mula yen dheweke pikantuk kebecikan, dheweke tentrem atine sebab kebecikan iku. Ananging yen dheweke ketekan cubo, dheweke mungkuri Gusti Allah (bali kafir). Dheweke iku rugi dunya lan akhirat. Mengkono iku kerugian kang gedhe banget."
Ayat punika nuduhaken bilih tiyang ingkang rugi inggih menika tiyang ingkang:
Imanipun mboten mantep (setengah-setengah), yaiku namung purun ngibadah lan syukur nalika nampi kanikmatan dunya, ananging muring-muring lan murtad nalika dipun paringi pacoban.
Tumindak ingkang ngelanggar agami, kados milarani tiyang sanes, remen maksiat, lan mboten amanah.
Ngremehaken perintah Allah, kados shalat ingkang tansah telat lan mboten nate mbayar zakat.
Kosok wangsulipun, tiyang ingkang untung inggih menika tiyang ingkang nggadhahi iman ingkang kiat, sabar nalika nampi pacoban, lan istiqomah nindakaken amal saleh. Tiyang menika mboten gampil owah senajan kahanan dunya owah gingsir, amargi tujuan utamanipun inggih menika ridhanipun Gusti Allah.
Mila saking punika, mangga kita tansah titi-pirso utawi muhasabah dhumateng amalan kita piyambak-piyambak. Punapa kita sampun saestu ngumawula dhumateng Allah kanthi tulus, punapa taksih namung pados keuntungan dunya kemawon?
Mugi-mugi kita sedaya tansah dipun paringi hidayah dening Allah Subhanahu Wata'ala saingga saged kalebet golongan tiyang ingkang al-faizin (tiyang-tiyang ingkang beja) dunya dumugi akhirat. Amin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ. أَقُولُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيمَ لِي وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ.
Khutbah II
الْحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَمَا أَمَرَ وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ إِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ سَيِّدِ الْإِنْسِ وَالْبَشَرِ. اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَأُذُنٌ بِخَبَرٍ. (أَمَّا بَعْدُ).
فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى وَذَرُوا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ وَمَا بَطَنَ وَحَافِظُوا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُورِ الْجُمُعَةِ وَالْجَمَاعَةِ. وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ، وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ بِقُدْسِهِ. فَقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحْنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِينَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرُكُمْ وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدُكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.
Khutbah Jumat #8: Ganjaran Pitutur Sae
Khutbah I
الْحَمْدُ لِلَّهِ وَاسِعِ الْفَضْلِ وَالْإِحْسَانِ، وَمُضَاعِفِ الْحَسَنَاتِ لِذَوِي الْإِيْمَانِ وَالْإِحْسَانِ الْغَنِي الَّذِي لَمْ تَزَلْ سَحَائِبُ جُودِهِ نَسِحُ الْخَيْرَاتِ كُلَّ وَقْتٍ وَأَوَانٍ العَلِيمِ الَّذِي لَا يَخْفَى عَلَيْهِ خَوَاطِرُ الْجَنَانِ الْحَيِّ الْقَيُّوْمِ الَّذِي لَا تَغِيضُ نَفَقَاتُهُ بِمَرٍ الدُّهُورِ وَالْأَزْمَانِ الْكَرِيمِ الَّذِي تَأَذَّنَ بِالْمَزِيدِ لِذَوِي الشَّكْرَانِ.
أَحْمَدُهُ حُمْدًا يَفُوقُ الْعَدَّ وَالْحُسْبَانِ، وَأَشْشْكُرُهُ شُكْرًا نَنَالُ بِهِ مِنْهُ مَوَاهِبَ الرِّضْوَانِ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهَ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ دَائِمُ الْمُلْكِ وَالسُّلْطَانِ، وَمُبْرِزُ كُلِّ مَنْ سِوَاهُ مِنَ الْعَدَمِ إِلَى الْوِجْدَانِ عَالِمُ الظَّاهِرِ وَمَا انْطَوَى عَلَيْهِ الْجِنَانِ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَخَلِيْلُهُ صَاحِبُ الْبُرْهَانِ اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَاحِبِ الشَّفَاعَةِ يَوْمَ الْفَزَعِ الْأَكْبَرِ وَالْأَمَانِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ.
Ayyuhal Hadlirun Jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
Wonten ing kesempatan ingkang minulya meniko, mangga kita sareng-sareng ningkataken raos iman dalah takwa dumateng Allah Subhanahu Wata'ala. Kanti tansah njagi lisan kita saking sedaya perkawis ingkang saged dadosake pituna dining awak kita sedaya. Khatib bade ngaturaken babagan ganjaran sae kagem tiyang ingkang remen paring pitutur sae.
Jamaah Jumat ingkang minulya
Ucapan utawi omongan meniko arupi bagian ingkang paling dahsyat akibatipun wonten gesang manungsa. Omongan ingkang sae saged dadosaken paseduluran ingkang raket, ananging omongan ingkang awon saged dadosaken permusuhan dalah peperangan. Salah setunggale Ulama Salaf nate paring pepeling:
إِنَّ الْكَلَامَ لَيَنْفُذُ مَا لَا تَنْفُذُهُ الْإِبَرُ.
Artosipun: "Anane omongan iku isa menembus opo-opo sing ora iso ditembus jarum jahit."
Ayyuhal Hadlirun Jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
Pepertelan saking para Ulama Salaf meniko saget pidados pepeling dining awak kita sedaya, bilih saestu dahsyat akibat saking menopo kemawon ingkang kita aturake dumateng sanes. Seumpami akibat alane omongan niku dados permusuhan, dalah saenipun omongan saget ngeraketake peseduluran, saestu kita saget paham bilih ingkang sae meniko langkung apik kagem kita tindakake wonten rina-rina kita sesrawung kalayan tonggo.
Sumonggo kita sami ngelingake menopo ingkang sampun Ngarsa Dalem Allah Subhanahu Wata'ala dawuhaken saking apike ganjaran saking apike omongan:
قَوْلٌ مَعْرُوفٌ وَمَغْفِرَةٌ خَيْرٌ مِنْ صَدَقَةٍ يَتْبَعُهَا أَذًى وَاللَّهُ غَنِيٌّ حَلِيمٌ.
Artosipun: "Omongan ingkang sae dalah paring maaf meniko langkung apik sangkang sedekah ingkang ditutke kalayan ala. Gusti Allah Dzat Kang Maha Sugih dalah Maha Penyabar" (Al-Quran Surah Al-Baqarah, 263).
Tiyang ingkang omonganipun kagungan kesaenan, Allah Subhanahu Wata'ala janjiaken ganjaran ingkang pahalanipun ngeluwehi saking ganjaran sedekah ingkang dipun iringi kalayan tumindak awon. Mugi-mugi kita saestu dipun paringi dining Allah Subhanahu Wata'ala pangertosan kangge nampi sedaya perkawis wonten gesang kita kanti arif dalah bijaksana. Amin Allahumma amin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيمِ، وَتَقَبَّلَ اللَّهُ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ، وَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ.
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّي وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِله إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ أَمَّا بَعْدُ.
فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أَوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ الْعَلِي الْعَظِيمِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيمِ فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحْنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةُ، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةٌ وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ.
Khutbah Jumat #9: Larangan Bikak Aib Dalah Tumindak Ala
Khutbah I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي جَعَلَ كَلِمَةَ التَّوْحِيدِ لِعِبَادِهِ حِرْزًا وَحِصْنًا. وَجَعَلَ الْبَيْتَ الْعَتِيقَ مَثَابَةً لِلنَّاسِ وَأَمْنًا. وَأَكْرَمَهُ بِالنَّسْبَةِ إِلَى نَفْسِهِ تَشْرِيفًا وَتَحَصِينًا وَمَنَّا وَجَعَلَ زِيَارَتَهُ وَالطَّوَافَ بِهِ حِجَابًا بَيْنَ الْعَبْدِ وَبَيْنَ الْعَذَابِ وَمِجْنًا أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى وَأَشْكُرُهُ وَأَتُوْبُ إِلَيْهِ وَأَسْتَغْفِرُهُ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ شَهَادَةً خَالِصَةً تُنْجِيْنَا مِنْ أَهْوَالِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الَّذِي خَصَّهُ بِالشَّفَاعَةِ اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ نَبِيِّ الرَّحْمَةِ وَسَيِّدِ الْأُمَّةِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ قَادَةِ الْأَئِمَّةِ.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ.
Ayyuhal Hadlirun Jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
Wonten ing dinten Jumat ingkang barokah punika, mangga kita sami nambah raos takwa kita dhumateng Allah SWT. Salah setunggale bukti takwa nun inggih kanti njagi raos isin kita dumateng manungsa lan Gusti Allah. Wonten ing kesempatan punika, khatib bade ngaturaken babagan larangan mbikak aib dalah tumindak ala.
Mboten wonten menungso ingkang suci mboten anggadahi cela alias aib utawi kekurangan. Menawi kito manggihi tiang kok sae, sekedik kepireng kekurangane, meniko berarti tasih dirahmati Allah SWT. Rahasiane disimpen rapet kale Gusti Pengeran. Tapi nopo kewajiban kito menawi sampun semerap mboten wonten ingkang sempurno lan kebak kalian kekurangan?
Nabi SAW ngimutaken kito sedoyo kangge mboten bangga kalian duso ingkang sampun dilakoni. Kekurangan meniko empon ngantos diceritaaken teng tiang sanes, nopo malih dateng anak, putu lan kelurga kelawan bangga. Empon ngantos justru ngumbar eleke awak dateng wong liyo. Kanjeng Nabi dawuh:
كُلُّ أُمَّتِي مُعَافَى إِلَّا الْمُجَاهِرِينَ وَإِنَّ مِنَ الْمُجَاهِرَةِ أَنْ يَعْمَلَ الرَّجُلُ بِاللَّيْلِ عَمَلًا ثُمَّ يُصْبِحَ وَقَدْ سَتَرَهُ اللهُ عَلَيْهِ فَيَقُولُ يَا فُلَانُ، عَمِلْتُ الْبَارِحَةَ كَذَا وَكَذَا وَقَدْ بَاتَ يَسْتُرُهُ رَبُّهُ وَيُصْبِحَ يَكْشِفُ سِتْرَ اللهِ عَنْهُ.
Artosipun: "Kabeh umatku mu'afa (disepuro dusane), kecuali wong sing ngelakoni duso kelawan terang-terangan. Lan saktemene termasuk ngelakoni dusa kelawan terang terangan inggih niku, ono wong ngelakoni kelakuan maksiat wayah bengi, tapi wayah isuk deweke crito: "Yo Fulan, mau bengi aku mari ngelakoni iki lan iku". Padahal bengine wes ditutupi duso iku mau dining Gusti Allah, tapi isuke deweke malah mbikak dewe tutupe Allah soko awake".
Mugi-mugi kita sedaya dipun paringi kekiyatan dening Allah SWT supados mboten kalebet golongan ingkang ngumbar aib lan duso kita piyambak, punapa malih aibipun tiyang sanes. Amin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ مِنَّى وَمِنْكُمْ تِلَا وَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيمَ لِي وَلَكُمْ فَيَا فَوْزَ الْمُسْتَغْفِرِينَ وَيَا نَجَاةَ الثَّائِبِينَ.
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّي وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِله إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ أَمَّا بَعْدُ.
فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أَوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ الْعَلِي الْعَظِيمِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيمِ فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحْنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةُ، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةٌ وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكERِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ.
Khutbah Jumat #10: Keutamaan Sambung Sanak Sambung Sedulur
Khutbah I
الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيدَه، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِي لِجَلَالِ وَجْهِكَ الْكَرِيمِ وَلِعَظِيمِ سُلْطَانِكَ سُبْحَانَكَ اللهُمَّ لَا أُحْصِي ثَنَاءً عَلَيْكَ أَنْتَ كَمَا أَثْنَيْتَ عَلَى نَفْسِكَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيلُهُ خَيْرَ نَبِي أَرْسَلَهُ أَرْسَلَهُ اللَّهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيرًا وَنَذِيرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا دَائِمَيْنِ مُثَلًا زِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ.
أَمَّا بَعْدُ فَإِنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ الْقَائِلِ في كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: شَهِدَ اللَّهُ أَنَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا هُوَ وَالْمَلَائِكَةُ وَأُولُوا الْعِلْمِ قَائِمًا بِالْقِسْطِ لَا إِلَهَ إِلَّا هُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ.
Ayyuhal Hadlirun Jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
Wonten ing kesempatan dinten Jumat ingkang barokah punika, mangga kita sareng-sareng nambah raos iman dalah takwa kita dhumateng Allah SWT. Salah setunggale bukti takwa nun inggih kanti njagi raos paseduluran kita dumateng sesami manungsa. Khatib bade ngaturaken babagan keutamaan saking sambung sanak dalah sambung sedulur.
Ma'asyiral Muslimin Jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
Manungsa meniko makhluk sosial ingkang mboten saged gesang piyambakan. Kita sedaya mbetahaken tiyang sanes wonten gesang kita. Agami Islam saestu merintahake kita sedaya supados njagi paseduluran utawi silaturahmi. Gusti Allah dawuh wonten Surat Ar-Ra'du ayat 21:
وَالَّذِينَ يَصِلُونَ مَا أَمَرَ اللهُ بِهِ أَنْ يُوصَلَ وَيَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ وَيَخَافُونَ سُوءَ الْحِسَابِ.
Artosipun: "Lan wong-wong sing nyambungake opo sing diperintahake dining Allah, maka wong iku bakale dihubungake ing perkara iku mau, utawa dihubungake antara iman lan imane lan liya-liyane. Anane maksud iki mau yo sa'temene awak bakal disambungke sanak lan sedulure."
Ma'asyiral Muslimin Jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
Agenge makna silaturahmi wonten agami saestu ditegaskan dining Kanjeng Nabi Muhammad SAW bilih perkawis meniko dados bagian sambung roso menungso dumugi Ngarsa Dalem Allah SWT. Tiyang muslim ingkang saestu dadosake sambung sanak dalah sedulur kaleh sederekipun sesami tiyang muslim, maka tiyang meniko sami kalayan sambung sanak dalah sedulur kalayan Kanjeng Nabi Muhammad SAW dumugi sambung awakipun dining Gusti Allah SWT.
Negasake perkawis agami meniko, Sayyidah Aisyah RA dawuh saking hadis Kanjeng Nabi:
الرَّحِمُ مُتَعَلِّقَةٌ بِالْعَرْشِ تَقُوْلُ: مَنْ وَصَلَنِي وَصَلَهُ اللهُ، وَمَنْ قَطَعَنِي قَطَعَهُ اللهُ.
Artosipun: "Diriwayatke saking Siti Aisyah RA, piyambaipun ngendiko. Sampun dawuh Rasulullah SAW: Rahim (paseduluran) iku gumantung ing Arsy. Rahim iku ngucap: Sopo wonge sing nyambung aku, mongko Allah bakal nyambung wong iku. Lan sopo wonge sing medot aku, mongko Allah bakal medot wong iku."
Pramilo monggo kita sami njagi tali paseduluran kita, mboten namung marang sedulur kandung, nanging ugi marang tangga lan kanca. Mugi-mugi kita kalebet golongan tiyang ingkang tansah njagi silaturahmi. Amin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، أَقُولُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ.
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّي وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِله إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أَوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ الْعَلِي الْعَظِيمِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيمِ فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْواتِ. اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحْنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِينَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ.
Khutbah Jumat #11: Nata Jiwa Wasilah Tafakur
Khutbah I
الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيدَه، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِي لِجَلَالِ وَجْهِكَ الْكَرِيمِ وَلِعَظِيمِ سُلْطَانِكَ سُبْحَانَكَ اللهُمَّ لَا أُحْصِي ثَنَاءً عَلَيْكَ أَنْتَ كَمَا أَثْنَيْتَ عَلَى نَفْسِكَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيلُهُ خَيْرَ نَبِي أَرْسَلَهُ. أَرْسَلَهُ اللَّهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيرًا وَنَذِيرًا، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةَ وَسَلَامًا دَائِمَيْنِ مُثَلًا زِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ.
أَمَّا بَعْدُ فَإِنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ.
Ayyuhal Hadlirun Jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
Wonten ing kalodhangan ingkang minulya punika, mangga kita tansah ningkataken raos takwa dhumateng Allah Subhanahu Wata'ala. Salah satunggaling cara kagem nggayuh karenteming jiwa lan nata batin inggih punika kanthi tafakur.
Menggahipun jumhurul ulama (mayoritas ulama), wonten gangsal peranganipun tafakur:
Sepisan, tafakur kagem ngrenungaken sifat-sifatipun Allah Subhanahu Wata'ala, yakni kanthi cara tawajjuh, yakin, ugi kebak penghayatan.
Kaping kalih, tafakur kagem merenungi nikmat-nikmatipun Allah Subhanahu Wata'ala. Cara menika saged nuwuhaken pribadi mahabbah utawi cinta dhumateng Allah Subhanahu Wata'ala, sahingga nuwuhaken keikhlasan ibadah semata-mata namung pados ridlanipun Allah.
Kaping tiga, tafakur dhumateng janji-janjinipun Allah Subhanahu Wata'ala. Cara menika saged nambah semangat kagem ibadah lan amal shaleh kanthi mawi raja' (harapan) supados pikantuk pahala lan suwarganipun Allah Ta'ala.
Kaping sekawan, tafakur dhumateng peringatanipun Allah Subhanahu Wata'ala. Kanthi ngrenungaken dhumateng peringatan-peringatan Allah, badhe nuwuhaken raos ajrih (khouf) dhumateng ancaman lan siksanipun Allah Subhanahu Wata'ala.
Lan ingkang kaping gangsal, tafakur dhumateng lirwanipun diri pribadi salebetipun nindakaken perintahipun Allah Subhanahu Wata'ala. Tafakur ingkang kados makaten menika nuwuhaken raos isin/malu wonten Ngarsa Dalem Allah Subhanahu Wata'ala.
Amargi mboten wontenipun raos isin lan susah nalika ninggal kalodhangan kagem ibadah lan beramal, saha mboten wontenipun raos getun dhumateng lirwanipun beramal sarta nglanggar perintah-perintah Allah, menika nedahaken pejahipun paningal batin kita.
Mugi-mugi kita sedaya tansah dipun paringi kekiyatan kagem tansah muhasabah lan tafakur, saingga jiwa kita tansah resik lan dipun ridlai dening Allah SWT. Amin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ. وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيمَ لِي وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ.
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّي وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهُ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ أَمَّا بَعْدُ.
فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ الْعَلِي الْعَظِيمِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيمِ فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحْنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْك وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ.
Khutbah Jumat #12: Nyeimbangake Perkara Dunyo Lan Akhirat
Khutbah I
الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيدَه، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِي لِجَلَالِ وَجْهِكَ الْكَرِيمِ وَلِعَظِيمِ سُلْطَانِكَ سُبْحَانَكَ اللهُمَّ لَا أُحْصِي ثَنَاءً عَلَيْكَ أَنْتَ كَمَا أَثْنَيْتَ عَلَى نَفْسِكَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيلُهُ خَيْرَ نَبِي أَرْسَلَهُ. أَرْسَلَهُ اللَّهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيرًا وَنَذِيرًا، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةَ وَسَلَامًا دَائِمَيْنِ مُثَلًا زِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ.
أَمَّا بَعْدُ فَإِنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ كُلَّ نَفْسٍ ذَائِقَةُ الْمَوْتِ، وَإِنَّمَا تُوَفَّوْنَ أُجُورَكُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ، فَمَنْ زُحْزِحَ عَنِ النَّارِ وَأُدْخِلَ الْجَنَّةَ فَقَدْ فَازَ، وَمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلَّا مَتَاعُ الْغُرُورِ. وَاتَّقُوا اللهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ.
Ma'asyiral haadlirin jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
Wonten kesempatan ingkang langkung minulyo meniko, khatib bade ngaturaken keutamaan saking perjuangan gesang wonten alam dunya dalah kesadaran kita bilih kepastian kita sedaya wangsul wonten akhirat. Perintah agami meniko saestu kedah tertanam wonten manah masing-masing muslim, bilih kehidupan dunya dalah akhirat arupi kondisi pasti ingkang pasti dipun lampahi setiap pribadi. Kehidupan dunya dalah akhirat meniko saestu kedah melampah kanti seimbang, amergi keseimbangan gesang wonten alam dunyo bagian saking perintah ingkang Allah Subhanahu Wata'ala perintahake wonten agami.
Negasake perintah meniko, Allah Subhanahu Wata'ala sampun ngendika wonten firmanipun:
...وَكُلُّ شَيْءٍ عِنْدَهُ بِمِقْدَارٍ
Ma'asyiral haadlirin jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
Masing-masing kita saestu sami mangertos bilih wekdal pelaksanaan Shalat Jumat meniko kalebet wekdal ingkang sulit amergi ngganggu kaleh pekerjaan kita. Kagem pegawai ingkang nyambil damel wonten kantoran, kagem petani ingkang damel tanduran, kagem pedagang ingkang sibuk kaleh sadehan, dalah tiyang-tiyang ingkang nyambut gawe wonten pabrikan, katah-katahipun sepakat bilih dinten Jumat meniko dino kejepit. Ngelampahi aktivitas wonten dinten meniko saestu mbatesi ing dalem pekerjaan kita piyambak-piyambak.
Ananging, kondisi meniko kedah pidados sadare maneh kita sedaya bilih Gusti Allah Subhanahu Wata'ala menguji kita sedaya, menopo kita saget ikhlas kagem membagi perkawis-perkawis ingkang terkait kaleh urusan duniawi dalah perkawis-perkawis ingkang terkait kalayan urusan ukhrawi? Allah dawuh:
مَنْ كَانَ يُرِيدُ حَرْثَ الْآخِرَةِ نَزِدْ لَهُ فِي حَرْثِهِ وَمَنْ كَانَ يُرِيدُ حَرْثَ الدُّنْيَا نُؤْتِهِ مِنْهَا وَمَا لَهُ فِي الْآخِرَةِ مِنْ نَصِيبٍ
Artosipun: "Sopo wonge kang pingin maring keuntungan akhirat, maka Kami tambahake dining keuntungane iku kanggo awake, lan sopo wonge pingin maring keuntungan duniawi, maka Kami wenehi maring awake sebagian (soko keuntungan duniawi), ananging awake ora bakal pikantuk bagiane neng akhirat." (QS. Asy-Syura: 20)
Ma'asyiral haadlirin jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
Saben awak kita sampun dipun paringi jatah kebutuhane dening Gusti Allah saking gesang wonten alam dunyo dumugi akhirat. Gigih dalah rajin kita gesang wonten alam dunyo meniko saestu dipun elingake dening para ulama kita:
إِجْهَدُ وَلَا تَكْسَلُ وَلَا تَكُ غَافِلًا فَنَدَامَةُ الْعُقْبَى لِمَنْ يَتَكَاسَلْ
Artosipun: "Gigih lan rajin sira kabeh tur ojo males-malesan, kerono nyesele wong sadar iku mergo awake males-malesan."
Mugi-mugi kita sami gigih tur rajin kagem saestu berjuang wonten perintahipun Allah Subhanahu Wata'ala, kagem saestu pinaringan ridanipun gesang kita wonten alam dunyo dumugi akhirat kelak. Amin Allahumma amin.
أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، وَابْتَغِ فِيمَا آتَاكَ اللهُ الدَّارَ الْآخِرَةَ وَلَا تَنْسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا وَأَحْسِنُ كَمَا أَحْسَنَ اللهُ إِلَيْكَ وَلَا تَبْغِ الْفَسَادَ فِي الْأَرْضِ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ الْمُفْسِدِينَ.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ. وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيمَ لِي وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ.
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّي وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهُ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ أَمَّا بَعْدُ.
فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ الْعَلِي الْعَظِيمِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيمِ فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحْنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ.
Khutbah Jumat #13: Merdeka Saking Gudone Howo Nafsu
Khutbah I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِلْإِيْمَانِ وَالْإِسْلَامِ، وَخَصَّنَا بِشَرِيعَةِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ الْمُنْعِمُ الْمَنَّانُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الْمَبْعُوثُ بَخِيرُ الْأَدْيَانِ اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ السَّادَاتِ الْأَعْيَانِ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ وَهُوَ أَصْدَقُ الْقَائِلِينَ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحُ لكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
Ma'asyiral haadlirin jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
Wonten ing kalodhangan dinten Jumat ingkang barokah punika, mangga kita sami nambah raos takwa kita dhumateng Allah SWT kanthi nindakaken sedaya perintah-Ipun lan nebihi sedaya awisan-Ipun.
Jamaah Jumat Rahimakumullah
Poro pejuang, khususe ingkang muslim meniko kalebet jihad fi sabilillah. Katah sanget tulodo ingkang saget kito pundut saking para pejuang, ananging wonten kalih ingkang dados punjer (inti), nggih meniko:
Kiat nyekel prinsip agomo.
Sabar ngadepi cobaan.
Kiat nyekel prinsip agomo niku maksude mboten kabujuk kaliyan iming-iming dunyo lan howo nafsu, kados mboten kantil bondo dunyo lan kepincut bujukane penjajah ingkang saget nyebabaken ninggal ibadah marang Allah. Gusti Allah dawuh:
فَاسْتَقِمْ كَمَا أُمِرْتَ وَمَن تَابَ مَعَكَ وَلَا تَطْغَوْا إِنَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ
Artosipun: "Mongko jejeko (istiqomah) siro kados punopo ingkang dipun perintahaken, ugi wong kang wes bali (taubat) bareng siro lan ojo podo lacut. Saktemene Gusti Allah iku dzat kang ngaweruhi punapa ingkang siro kabeh lakoni." (QS. Hud: 112)
Ayat meniko negesaken kito sedoyo supados nggadah prinsip agomo ingkang kiat tansah istiqomah ngelampahi ibadah sinaoso katah cubo lan gudo ingkang saget njelumprungaken manungsa. Ampon ngantos kita kelelep kaliyan bujukane howo nafsu ingkang nyebabaken supe kaliyan prinsip agomo.
Jamaah Jumat Rahimakumullah
Tulodo saklajengipun nggih menika kedah sabar. Tegese sinten kimawon ingkang gesang wonten dunyo pasti badhe ngadepi cubo lan ujian. Carane ngatasi ujian niku inggih kanthi nggadhahi sifat sabar. Keranten tiyang ingkang sabar badhe pikantuk pitulungan saking Allah SWT.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَا وَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ. وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيمَ لِي وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ.
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّي وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، أَمَّا بَعْدُ.
فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُونَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ الْعَلِي الْعَظِيمِ، وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيمِ، فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحْنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْك وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ.
Khutbah Jumat #14: Fadhilah Sasi Rajab
Khutbah I
الْحَمْدُ للهِ الَّذِي وَفَّقَ مَنْ شَاءَ مِنْ عِبَادِهِ لِبُلُوغِ رِضْاهُ، أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى لَا يَضِلُّ مَنِ اتَّبَعَ هُدَاهُ، وَخَصَّصَ مِنْ أَحْبَابِهِ بِالْإِسْرَاءِ وَالْمِعْرَاجِ إِلَى حَضْرَةِ مُنَاجَاتِهِ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِي يُؤْمَرُ بالصَّلَاةِ حِينَ يَعْرُجُ فِي حَضْرَتِهِ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ (أَمَّا بَعْدُ. فَيَا أَيُّهَا الإِخْوَانُ، إِتَّقُوَ اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ فِي هَذَا الشَّهْرِ مَحَاسِنُ غَيْرُ مُنْحَصِرٍ. فَتَزَوَّدُوا بِالتَّقْوَى فِيْهِ، وَأَكْثِرُوا الصِّيَامَ فِيهِ كَمَا فَعَلَ الْأَوَّلُونَ السَّابِقُونَ.
Para Sederek Kaum Muslimin Jama'ah Jumu'ah Ingkang Minulya
Monggo sesarengan nambahi ajrih kita dumateng Allah kanthi nambah raos takwa. Wulan Rajab menika nggadhahi kathah kautaman ingkang mboten saged dipun itung. Pramila, mangga kita nambahi bekel takwa lan nambah siyam (pasa) wonten ing wulan punika, kados ingkang dipun tindakaken dening para sesepuh kita rumiyin.
Conto kautamanipun inggih punika nalika panjenenganipun Kanjeng Nabi Muhammad Shallallahu 'Alaihi Wasallam nindakaken Isra' Mi'raj wonten ing wulan Rajab. Sampun kathah sanget paring pangertosan dumateng kaum muslimin, ugi sampun jelas bilih saben-saben tiyang ingkang taqwa lan nindakaken sunnah-sunnahipun badhe dipun paringi ganjaran ingkang trep kalayan menapa ingkang dipun lampahi. Semanten ugi menawi kita nyampingaken dawuh-dawuhipun Nabi Muhammad SAW, badhe pikantuk piwales ingkang langkung asor. Punika kados ingkang dipun dhawuhaken wonten ing Hadits Qudsi:
إِعْمَلْ مَا شِئْتَ فَإِنَّكَ مَجْزِيٌّ بِه
Artosipun: "Ngamala siro, ngelakanana siro sak kersa iro, kerono saktemene iro bakal oleh piwales sesuai amal iro."
Kaum Muslimin Jama'ah Jumu'ah Rahimakumullah
Monggo wonten pungkasaning khutbah punika kita sareng-sareng dedonga mugi-mugi kanthi ningkataken sedaya ibadah, kita sedaya nampi tambahe rahmat, hidayah, taufiq, saha ridlanipun Allah SWT. Akhiripun kita sedaya kaparingan umur panjang kagem tha'at marang Allah, tebih saking musibah, lan slamet saking rubeda dunya saha adzab akhirat. Amin ya Rabbal Alamin.
أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ. سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَى بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى الَّذِي بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آيَاتِنَا إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ.
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّي وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهُ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ أَمَّا بَعْدُ.
فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى وَذَرُوا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ وَمَا بطنَ وَحَافِظُوا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُورِ الْجُمُعَةِ وَالْجَمَاعَةِ. وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ. وَثَنَّى بِمَلَائِكَةِ قدسِهِ. فَقَالَ تَعَالَى وَلَمْ يَزَلْ قَائِلًا عَلِيمًا إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.
اللَّهُمَّ صَلَّ وَسَلَّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ اللَّهُمَّ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِينَ أَبِي بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِي وَعَنِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعِينَ وَعَنِ التَّابِعِينَ وَتَابِعِ التَّابِعِينَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ.
Khutbah #15: Agunge Rahasia Lan Hikmah Ganjaran Shalat
Khutbah I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي جَعَلَ الصَّلَاةَ عِمَادًا لِلدِّينِ، وَقُرَّةً لِأَعْيُنِ الْمُؤْمِنِينَ، وَسَبَبًا لِنَيْلِ رِضَا رَبِّ الْعَالَمِينَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِينُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، الصَّادِقُ الْوَعْدِ الْأَمِينُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِينَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
Ma'asyiral Muslimin Jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
Monggo kita tansah samiya ajrih lan takwa dumateng Allah kanti takwa ingkang sak estu, sarono tansah nindakaken sedoyo dawuh lan perintahipun, soho nilar ingkang dados awisanipun. Pangarep kito tansah pinaringan rahmat lan kanugrahan saking Ngarso Dalem Allah Subhanahu wa Ta'ala.
Wonten kesempatan ingkang minulyo meniko khatib bade ngaturaken pentingipun salat wonten gesang kita ing alam dunyo. Shalat meniko mboten saget digunakake minangka kriteria kanggo ngukumi saben wong, ananging saora-orane Allah njlentrehake bilih shalat meniko saget dadoso tetengere manungsa ing babagan watak lan sipat lan kebiasaane. Sholat iku nyucekake lan nyucekake jiwane manungsa lan nyengkuyung supaya bisa madosi Allah ing urip iki lan nunggil karo Panjenengane ing akhirat.
Hikmah lan rahasia ganjaran shalat saged dipun tingali saking pinten-pinten aspek:
Latihan Disiplin: Wekdale shalat meniko sampun ditentokake lan ora bisa digantos, dicepetake utawa ditundha. Tiyang saged ngembangaken kadisiplinan wekdal kanthi tansah njagi keteraturan shalat.
Karesikan: Shalat mung saget ditindakake dening wong-wong sing wis diresiki saka kabeh rereget lan najis. Karesikan kang dibutuhake mboten namung karesikan jasmani, nanging ugi karesikan non fisik utawi rohani.
Konsentrasi: Nalika shalat, kedah sesarengan nindakake tumindak lisan lan fisik kagem madhep dhumateng Allah.
Sumber Kekiyatan: Shalat minangka sikap batin kanggo entuk kekuwatan, kapercayan, lan keberanian kanggo urip ing jagad iki kanthi tumindak sing jelas.
Shalat ora ana gunane yen ora nyengkuyung kita dadi apik lan nyingkiri olo. Yen kita maringi pitulungan marang tiyang miskin lan nganggep masa depan bocah yatim sarta posisi wong sing ringkih, ateges shalat kita wis diresiki saka formalitas.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَا وَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ. وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيمَ لِي وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ.
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّي وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهُ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ أَمَّا بَعْدُ.
فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ الْعَلِي الْعَظِيمِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيمِ فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحْنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْرَبُ.
Demikianlah daftar 15 khutbah Jumat Bahasa Jawa terbaru 2026 yang singkat dan padat yang dapat detikers jadikan referensi di atas mimbar. Semoga dengan materi yang ringkas ini, pesan-pesan kebaikan dapat tersampaikan dengan maksimal tanpa mengurangi kekhusyukan ibadah. Jangan lupa untuk bagikan pula khutbah ini kepada rekan sesama khotib agar manfaatnya semakin meluas. Selamat berdakwah!
Artikel ini ditulis oleh Shakti Brammaditto Widya Fachrezzy peserta Program MagangHub Bersertifikat dari Kemnaker di detikcom
(sto/apl)











































