- Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa #1: Rezeki Wis Ana sing Ngatur Khutbah I Khutbah II
- Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa #2: Kawontenan Umat Akhir Zaman
- Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa #3: Pentinge Ngatahaken Maos Istighfar Khutbah I Khutbah II
- Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa #4: Damel Becik Kagem Tonggo Khutbah I Khutbah II
- Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa #5: Kanthi Niat, Sedaya Obah Kita Dados Ibadah. Khutbah I Khutbah II
Menyiapkan khutbah Jumat bukanlah hal yang mudah, apalagi jika ingin menyentuh hati jemaah dengan bahasa yang akrab di telinga mereka. Di tengah keberagaman budaya di Indonesia, kebutuhan akan contoh khutbah Jumat bahasa Jawa pun semakin meningkat, terutama di masjid-masjid yang mayoritas jemaahnya adalah penutur bahasa Jawa.
Dikutip dari buku Masjid Ramah Difabel tulisan Arif Maftuhin, khutbah Jumat boleh menggunakan bahasa setempat, termasuk bahasa Jawa. Meskipun khutbah adalah ibadah, bahasanya hanya dianggap sebagai sarana komunikasi. Selama isi khutbah menyampaikan pesan takwa dan dipahami jamaah, penggunaan bahasa non-Arab diperbolehkan.
Apakah kamu sedang mencari inspirasi khutbah Jumat bahasa Jawa, detikers? Yuk, simak sejumlah contohnya berikut ini yang dihimpun dari laman resmi NU Online serta buku Khutbah Jumat Bahasa Jawa tulisan Misbahuddin Nashan dan Muhaimin.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa #1: Rezeki Wis Ana sing Ngatur
Khutbah I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي حَمْدًا يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِيُّ مَزِيْدَهُ يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهكَ وَلِعَظِيم سُلْطَانِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لا إلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ وَصَفِتُهُ وَخَلِيلُهُ خَيْرُ نَبِي أَرْسَلَهُ اللهُ إِلَى الْعَالِمِ كُلِهِ بَشِيْرًا وَنَذِيرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةَ وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ
فيا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ قَالَ اللَّهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ. أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ: وَمَا مِنْ دَابَّةٍ فِي الْأَرْضِ إِلَّا عَلَى اللهِ رِزْقُهَا وَيَعْلَمُ مُسْتَقَرَهَا وَمُسْتَوْدَعَهَا كُلٌّ فِي كِتَبٍ مُّبِيْنٍ
Ma'asyiral muslimin rahimakumullah
Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta'ala.
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (Surat Al-Baqarah ayat 197).
Sidang Jumat rahimakumullah
Rikala gesang wonten ing dunya, manungsa bakal nampa rezeki saking Gusti Allah SWT. Malahan, mboten namung manungsa, ananging sedaya makhluk bakal dipun tanggung rezekine kalian Gusti Allah, Dhawuhipun Allah ta'ala ing Al-Quran:
وَمَا مِنْ دَابَّةٍ فِي الْأَرْضِ إِلَّا عَلَى اللهِ رِزْقُهَا وَيَعْلَمُ مُسْتَقَرَّهَا وَمُسْتَوْدَعَهَا كُلٌّ فِي كِتَبٍ مُّبِيْنٍ
Artosipun, "Lan ora ana gumremet ana ing bumi iki, kajaba Allah ta'ala kang nanggung rezekine, Lan Allah ta'ala dhewe kang pirsa panggonane tetepe ana ing dunya lan panggonan disimpene sakwuse mati. Kabeh mau wis katulis ana ing lauh mahfudh kang pertela." (Surat Hud ayat 6).
KH Bisri Mustofa wonten ing kitab Tafsir Al-Ibriz, juz 12, kaca 622, sampun maringi keterangan, ayat punika negesaken, bilih Gusti Allah ta'ala iku tansah mirsani marang sekabehane makhluke ana ing endi bae panggonane. Ana ing gegere bapakne. Ana ing guwa garbaning ibu. Ana ing alam dunya lan ana ing kuburane.
Wondéné maceme rezeki niku kathah, mboten namung arupi arta lan panganan. Utawi ingkang sifatipun material utawi lahiriah. Ananging ugi wonten rezeki ingkang sifatipun batiniah. Kados dene ingkang sampun dipun terangaken Syekh Nawawi Al-Bantani wonten ing kitab Qatrul Ghaits halaman 6:
الرِّزْقُ لَا يُخْتَصُّ بِالْمَأْكُولِ وَالْمَشْرُوبِ بَلْ كُلُّ مَا انْتَفَعَ بِهِ الْحَيَوَانُ مِنْ مَأْكُولٍ وَمَشْرُوبٍ وَمَأْبُوسٍ وَغَيْرِهَا وَمِنْ أَعْظَمِ الرِّزْقِ التَّوْفَيِّقُ لِلطَّاعَاتِ
Artosipun, "Rezeki iku ora dikhususake namung kelawan panganan lan ombenan, ananging saben-saben barang kang manfaat kanggo pira-pira makhluk kang dhuwe nyawa, kaya dene panganan, ombènan, sandhangan, lan liya-liyane. Utawi rezeki kang paling agung yaiku at-taufiq (pitulungan saking Allah) marang ketaatan."
Sidang Jumat rahimakumullah
Pramila, ing babagan rezeki punika, kita sampun ngantos sumelang, sebab sedaya sampun diatur kalian Gusti Allah. Ingkang kedah kita wigatosaken inggih punika carane kita angsal rezeki lan ing dalem nggunakake rezeki ingkang sampun kita tampi saking Allah. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW:
فَاتَّقُوا اللَّهَ وَأَجْمِلُوا فِي الطَّلْبِ
Artosipun, "Padha takwaha sira marang Allah lan padha mbagusi ing dalem (carane) ngluru (rezeki)." (Hadits Riwayat Al-Hakim lan Al-Baihaqi).
Ing dalem kita pados rezeki punika kedah dipun lampahi kanthi cara kang halal tur bener. Sampun ngantos, kita nglarani wong liya napa malih mendhet hak-hak e wong liya. Kajaba upaya lahir arupi nyambut damel lan liya-liyane, uga kita kedah tansah eling bilih sedaya rezeki punika saking Gusti Allah SWT.
Pramila, sampun ngantos kita lali nyuwun kalian Gusti Allah ingkang Maha Sugih. Sebab kita sedaya ing ngarsane Gusti Allah, namung makhluk ingkang mboten gadah daya apa-apa. Dipun terangaken ing salah setunggale hadits qudsi:
يَا عِبَادِي كُلُّكُمْ جَائِعٌ إلا مَنْ أَطْعَمْتُهُ فَاسْتَطْعِمُونِي أَطْعِمْكُمْ يَا عِبَادِي كُلُّكُمْ عَارٍ إِلَّا مَنْ كَسَوْتُهُ فَاسْتَكْسُونِي أَكْسَكُمْ
Ing dalem kita pados rezeki punika kedah dipun lampahi kanthi cara kang halal tur bener. Sampun ngantos, kita nglarani wong liya napa malih mendhet hak-hak e wong liya. Kajaba upaya lahir arupi nyambut damel lan liya-liyane, uga kita kedah tansah eling bilih sedaya rezeki punika saking Gusti Allah SWT.
Pramila, sampun ngantos kita lali nyuwun kalian Gusti Allah ingkang Maha Sugih. Sebab kita sedaya ing ngarsane Gusti Allah, namung makhluk ingkang mboten gadah daya apa-apa. Dipun terangaken ing salah setunggale hadits qudsi:
يَا عِبَادِي كُلُّكُمْ جَائِعٌ إلا مَنْ أَطْعَمْتُهُ فَاسْتَطْعِمُونِي أَطْعِمْكُمْ يَا عِبَادِي كُلُّكُمْ عَارٍ إِلَّا مَنْ كَسَوْتُهُ فَاسْتَكْسُونِي أَكْسَكُمْ
Artosipun, "Hei kawula ingsun kabeh. Utawi sira kabeh iku ngelih. Ora bisa mangan sapa manungsa, yen ora oleh peparinge Allah. Mangka nyuwuna mangan sira kabeh ing Ingsun. Mangka paring mangan Ingsun ing sira kabeh. Hei kawula Ingsun kabeh. Utawi sira kabeh iku wuda. Ora bisa nyandhang sapa manungsa, yen ora oleh peparinge Allah. Mangka nyuwuna sandhangan sira kabeh ing Ingsun. Mangka paring sandhangan Ingsun ing sira kabeh. (Hadits Riwayat Imam Muslim).
Imam An-Nawawi maringi keterangan tambahan, sinten tiyang ingkang kepengin rezekine jembar tur kathah saget dipun ikhtiari kanthi sregep nglampahi shalat, maos shalawat, lan istighfar. Menika selaras kalian Dhawuhipun Allah ing Al-Quran:
وَأَمر أَهْلك بالصلوة واصطيرْ عَلَيْهَا لا تستلك رِزْقاً نَحْنُ نَرْزُقُ وَالْعَاقِبَةُ لِلتَّقْوَى
Artosipun, "Lan perintaha sira ing ahli (kaluwarga) ira kelawan shalat lan shabar ingatase shalat. Ora ngangel-angel Ingsun ing rezeki sira lan liyane sira, Ingsun (Allah) tansah ngerzekini sira kabeh. Utawi pungkasan kang pinuji (Swarga) iku tetep keduwe wong-wong kang ahli takwa," (Surat Thaha ayat 132).
Sidang Jumah rahimakumullah
Kangge mungkasi khutbah punika, mangga kita tansah dedunga mugi kita sedaya lan keluarga kita, pinaringan rezeki ingkang gampil, kathah, lan barokah. Amin ya Rabbal 'alamin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيم وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُم بِمَا فِيهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ، فَاعْتَبِرُوا يَا أُولِي الْأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِي لَوْلا أَنْ هَدَانَا اللهُ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ لا نَبِيُّ بَعْدَهُ اللَّهُمَّ صَلَّ وَسَلَّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّينَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِينَ الظَّاهِرِينَ. أَمَّا بَعْدُ
فَيَا أَيُّهَا الحَاضِرُونَ أُوْصِيكُمْ وَإِيَّايَ يتقوى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى فَقَدْ قَالَ الله تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيمِ أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ وَالْعَصْرِ إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّينَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّينَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّينَا إِبْرَاهِيمَ فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُونَ وَالْأَمْرَاضِ وَالْفِتَن مَا لا يَنفَعُهُ غَيْرُكَ عَن بَلينَا هَذَا انْدُوْنِيْسِيًّا خَاصَّةً وَعَنْ سائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً يَا رَبُّ الْعَالَمِينَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللَّهِ إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ والبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ، وَاذْكُرُوا اللهَ العَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدُّكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ
Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa #2: Kawontenan Umat Akhir Zaman
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلّهِ, الحمدُ للهِ حـَمْـدًا مُسْــتَـمِـرًّا عـَلىَ الـدَّوَامِ * أشـهـدُ ان لا اله الا الله وحدَهُ لا شـريكَ لَهُ شَـهَـادَةً تُـنْـجِى قَـائِـلَـهَـا يَـوْمَ الـزِّحـَامِ * وأشـهدُ أن محمدا عبـدُهُ ورسـولُه سَـيِّدِ الـعَـَربِ وَاْلـعَجـَمِ * اللّهـمَّ صَـلِّ وسَـلِّمْ على سـيِّدِنـَـا مُحمَّـدٍ شَــفِـيْعِ الْـخـَلْـقِ مِـنْ أَهْـوَالِ يَـوْمِ اْلـقِـيـَـامِ * وعلى ألـِهِ وَأصْــحـَابِهِ مَـادَامَـتِ الَّـليَـالُ وَالأَيَّـامُ * أمـَّا بَعْـدُ فَيَـا أَيُّها الإخـوان رَحِمَكُمُ اللهُ أُوْصِــيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْـوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُـفْـلِـحُوْنَ * وَقَدْ قَالَ اللهَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ* بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ * لَـتُـبْـلَـوُنَّ فِى أَمْـوَالِـكُـمْ وَأَنْــفُـسـِكُـمْ وَلَـتَسْــمَـعُـنَّ مِـنَ الـذيـنَ أُوتُـوا الْـكـتـابَ مِـنْ قَـبْـلِـكُـمْ
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!
Mangga tansah samiya netepi taqwa lan ta'at dateng ngarsa dalem Allah kanti berusaha supados ibadah kita soyo meningkat, sedoyo perintahipun Allah kanthi sekuat tenaga sageto kito lampahi serto ambudi daya amrih sedaya awisanipun saget kitho tilar, minongko dados tekad saha sarana kita sedoyo angrungkebi Iman lan Islam ing saklebetipun gesang punika, ing pangangkah kitho sedoyo kalebet kawula-kawula nipun Allh ingkang tansah tumidak sahe soho pinaringan khusnul khatimah.
Kados dawuhipun Allah :
يَاأَيُّهاَ الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ
هُ فَإِنَّهُ مُلاقِيكُمْ ثُمَّ تُرَدُّونَ إِلَى عَالِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
"Satemene pati kang sira hindari, banjur sayekti pati bakal nemoni sira, banjur sira bakal dibalekake marang (Allah), kang nguningani barang kang ghaib lan nyata, banjur Panjenengane paring pitutur marang sira apa kang wus sira lakoni". (Surat Jumat: 8).
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!
Kita mesthi seneng duwe omah sing mewah, apik, megah, agama kita uga ora nglarang. Nanging segede-gedhe lan sak apik-apie omah-omah kita, mesthi bakal ditinggal. Kita mesthi bakal manggon ing kuburan. Mula, aja nganti seneng karo omah-omah ing donya iki nganti lali marang omah sing bakal dikubur. Apa bakal apik, ayu, mewah utawa liya-liyane omah kuburan kita mengko, gumantung carane kita nyiyapake saiki kanggo mbangun omah kuburan mengko. Mesthine mung iman lan amal shaleh sing bakal ndadekake omah kita mengko dadi "raudlah min riyadhil jinan", miniatur taman surga. Akeh wong sing rumangsa urip ing donya iki, rina wengi tansah nglumpukake bandha, mbangun omah semewah-mewah, kaya-kaya kepengin manggon ing salawas-lawase, nanging jebule ora marem anggone ngrasakake. kepeksa ninggalake, menyang kuburan sing wis lali. Minangka dhawuh dening Allah:
أَلْهَاكُمُ التَّكَاثُرُ * حَتَّى زُرْتُمُ الْمَقَابِرَ *
"urip sing bermegah-megahan iku nglirwakake sira nganti sira lumebu ing kubur." (QS. At-Takatsur: 1-2)
Pranyata akehe bandha, ora ora bias njamin lestari uripe. Nalika Allah nimbali dheweke ora ana sing bisa nyegah dheweke. Dados griya ingkang kito mbangun, kados pundi kawontenan, sae utawi awon, kedah dipungsinakaken kangge ngibadah dumateng Allah, ugi dados papan panggenan kluarga, insya Allah mugi-mugi manfaat dateng alam kubur mengko.
Kita uga ora bisa nolak tresna marang arta-bandha, agama kita ora nglarang, anggere kita ora nglirwakake tuntunan agama. Kalih ing babagan cara ngasilaken, kanthi makarya miturut aturan mu'amalah, lan kanthi cara ingkang sah, ugi ing pundi panggenan bandha. Kasugihan ingkang kita pikantuk saking usaha kita nyambut damel mboten sakmesthinipun kagungan kita sedaya, ananging wonten hak kangge tiyang sanes ingkang kedah kita aturaken. Pangandikane Gusti Allah:
وَالَّذِينَ فِي أَمْوَالِهِمْ حَقٌّ مَعْلُومٌ * لِلسَّائِلِ وَالْمَحْرُومِ *
"Lan wong-wong kang ing bandhane ana bagean tartamtu, kanggo wong-wong (miskin) sing njaluk lan wong-wong sing ora duwe apa-apa (sing ora gelem njaluk). (Al-Ma'arij: 24-25).
Bahkan Nabi Muhammad SAW ugi paring peringatan dhateng tiyang-tiyang ingkang sugih:
ويـل لـلأغـنـيـاء مـن الـفـقـراء يـوم الـقـيـامـة يـقـولـون ربـنـا ظلـمـونـا حـقـوقـنـا التى فـرضـت عـلـيـهـم
"Bilai kanggone wong sugih, yen wong mlarat duwe hak marang awake dhewe. Ing dina kiyamat, wong-wong mau padha sambat marang Allah: "Dhuh Pangeran kawula, tiyang-tiyang ingkang sugih punika sampun nganiaya dhateng kawula, ngrampas hak-hak kawula, boten nindakaken kewajiban ingkang Paduka paringaken dhateng tiyang-tiyang ingkang sugih".
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!
Mugi-mugi Allah tansah paring hidayah, kekuatan iman, tansah emut dateng tugase awake dewe gesang wonten ing alam dunyo, tansah mituhu, nderek dawuh-dawuhipun Allah, ugi nderek daten tindak lampahe kanjeng Nabi Muhammad SAW. Mugi-mugi kita dipun paringi hasanah fiddunya ngantos akhirat...amin ya rabbal alamin.
بارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمِ , قَالَ تَعَالَى وَهُوَ أَصْدَقُ اْلقائِلِيْنَ, أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ , مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّن ذَكَرٍ أَوْ أُنثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً, وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ
Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa #3: Pentinge Ngatahaken Maos Istighfar
Khutbah I
اَلْحَمْدُ للّٰه الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَـقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اله إِلاَّ اللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللّٰه ، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين
أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ
Jemaah Jumat Rahimakumullah
Monggo kito ningkataken taqwa dumateng Gusti Allah, ajrih dumateng ngarsanipun Gusti Allah, kanti nindakaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun. Supados kito sedoyo pikantuk kawilujengan soho kabegjan wonten ing dunyo ngantos akhirat.
Setunggale tindak lampah ingkang kalebet taqwa nggih meniko maos istighfar utawi nyuwun pangapuro dumateng Gusti Allah. Wonten surat Al-Anfal 33 dipun dawuhaken:
وَمَا كَانَ اللَّهُ لِيُعَذِّبَهُمْ وَأَنْتَ فِيهِمْ وَمَا كَانَ اللَّهُ مُعَذِّبَهُمْ وَهُمْ يَسْتَغْفِرُونَ
Artosipun: Allah ora bakal nyikso wong-wong iku selagine siro (Muhammad) ono ing tengah-tengahe wong-wong iku. Lan Allah ora bakal nyikso wong-wong iku selagine wong-wong iku podo gelem Istighfar (njaluk ngapuro)
Ayat meniko negesaken bilih tiyang ingkang ajeg maos istighfar, ngatahaken maos istighfar, sami kaliyan dipun tebihaken saking siksane Gusti Allah, amergi tiyang kolo wau estu nyuwun ngapuro marang Gusti Allah lan mboten bade mbaleni maksiat.
Maasyirol Muslimin Ingkang Bahagio
Lajeng ayat kasebat ugi paring piwulang dumateng kito bilih ngatah-ngatahaken maos istighfar lan shalawat minongko sarono ingkang sae lan saget dados enggal-enggal tumurune pitulungan saking Gusti Allah. Kanjeng Nabi Muhammad dawuh:
وَقَالَ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: أكْثِرُوْا مِنَ الْاِسْتِغْفَارِ، فَمَنْ أَكْثَرَ مِنْهُ جَعَلَ الله لَهُ مِنْ كُلِّ غَمٍّ وَهَمٍّ فَرَجًا وَرَزَقَهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ
Artosipun: ngakeh-akehno siro kabeh moco istighfar, sopo kang ngakehne moco istighfar, mongko Allah bakal paring kajembaran saking saben-saben karupekan, kasusahan, lan Allah bakal paring rezeqi kang ora kasongko.
Dawuh meniko negesaken bilih maos istighfar saget ngudari kesusahan, kesumpekan lan mbuka dalan rezeki. Sinten kemawon ingkang purun ngelampahi maos istighfar, insyaallah bakal pikantuk rezeki ingkang jembar lan berkah
Maos istighfar niku saget dados penebus lan panglebur duso, ananging ampun ngantos njajal mbaleni ngelampahi maksiat maleh. Tegese, kito sedoyo kedah berusaha nebihi sedoyo perkawis ingkang saget nyebabaken maksiat.
Hadirin Jemaah Jumat Rahimakumullah
Kedah kito sadari, kito sedoyo dados tiyang gesang wonten dunyo meniko pasti nate ngelampahi maksiat lan duso, bahkan kados dene Rojo, Presiden, Menteri, ulama, santri, tiyang kampung, dusun, kuto, sedoyo pasti nate ngelampahi duso, ananging kadar abot lan entenge bedo-bedo.
Sinaoso mekaten, kedah kito eling bilih duso ingkang berkaitan kaliyan haq adami mboten cekap dipun tebus kaliyan maos istighfar mawon, tapi kedah nyuwun ngapuro marang tiyang ingkang dipun sakiti, lan nyuwun halale. Pramilo, kito kedah atos-atos nalikane berhubungan kaliyan rencang, tetonggo, sahabat, sedulur, supados mboten ketatrapan babakan niki. Mugi kulo panjenengan sami saget istiqamah maos istighfar lan sering nyuwun ngapuro marang Gusti Allah, nyuwun ngapuro marang tiyang sepuh, sedulur, sanak raket, rencang, lan tetangga, sehinggo sedoyo keluputan kito saget dipun resiki kados dene resike bayi saking kandungan. Amin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ، وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَمَا آمَرَ وَأَشْهَدُ أَنْ لا إلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لا شَريكَ لَهُ إرغامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ سَيِّدُ الخلائق والبشر . اللَّهُمَّ صَلَّ وَسَلَّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَأُذُنٌ بِحْبَرٍ
أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللَّهُ إِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى وَدْرُوا الفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُورٍ الجُمُعَةِ وَالجَمَاعَةِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرِ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَتَنَّى بِمَلائِكَةِ المُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالَى وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلَيْمًا إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلَّمُوا تَسْلِيمًا. اللَّهُمَّ صَلَّ وَسَلَّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ اللَّهُمَّ وَارْضَ عَنِ الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ الَّذِيْنَ قَضَوْا بِالْحَقِّ وَكَانُوْا بِهِ يَعْدِلُوْنَ سَادَاتِنَا أَبِي بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيّ وَعَنْ سَائِرِ أَصْحَابِ نَبِيِّكَ أَجْمَعِيْنَ وَعَنِ التَّابِعِينَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ اللَّهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِينَ وَأَعْلِ كَلِمَتُكَ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ اللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّينَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ المُسْلِمِينَ اللَّهُمَّ آمِنَّا فِي دُوْرِنَا وَأَصْلِحْ ولاة أُمَوْرِنَا وَاجْعَلِ اللَّهُمَّ ولا يَتَنَا فِمَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ. اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغلاء وَالوَبَاءِ وَالرِّبَا وَالزِّنَا وَالزَّلَازِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الْفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بِلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلادِ المُسلِمِينَ العَامَّةَ يَارَبَّ العَالَمِينَ رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ الله ! إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي القُربَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُم لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوا اللَّهَ العَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ اشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ
Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa #4: Damel Becik Kagem Tonggo
Khutbah I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الْمَلِكِ الْعَلَّامِ وَأَعْطَانَا مَا عِنْدَهُ مِنَ الْفَضْلِ وَالْإِنْعَامِ أَحْمَدُهُ وَأَشْكُرُهُ عَلَى نِعْمَةِ الْجِسْمِ وَالْمُجَسَّمِ وَهِيَ الصِّحَةُ وَالْإِيْمَانُ وَالْإِسْلَامُ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ الْمُتَّصِفُ بِالْبَقَاءِ وَالْقِدَمِ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ إِلَى جَمِيعِ الْعَالَمِ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ عَلَى عَبْدِكَ مُحَمَّدٍ صَاحِبِ الظَّلِّ فِي الْغَمَامِ وَآلِهِ وَصَحْبِهِ الْبَرَرَةِ الْكِرَامِ (أَمَّا بَعْدُ). فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُونَ اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ فَقَالَ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحُ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
Jemaah Jumat rahimakumullah
Monggo kito sedoyo sami netepi lan ningkataken takwo dumateng Gusti Allah. Wonten ing panggenan pundi kimawon kawontenan. Rame utawi sepi. Kanti tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun. Supados kita tansah pikantuk rahmat lan kabegjan saking Gusti Allah.
Kito sedoyo gesang ing dunyo meniko kedah migunaaken wekdal ingkang dipun paringi Gusti Allah kanti sae. Keranten wekdal ingkang sampun keliwat mboten bade wangsul malih.
Gusti Allah dawuh:
إِنَّ الْإِنسُنَ لَفِي خُسْرٍ، إِلَّا الَّذِينَ ءَامَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ.
Artosipun: Saktemene menungso iku mesti bakal rugi, kejobo wang-wong kang podo iman, nindakake amal kesaenan, podo tutur-tinutur ing perkara bener, lan tutur tinutur ing kesabaran. (QS Al- Ashr).
Surat Al-Ashr kasebat mertelaaken bilih katah menungso ingkang getunan keranten mboten migunaaken wekdal kanti sae. Mboten didamel ngelampahi tindak becik. Salah setunggale tindak becik lan kesaenan nggih meniko dados tonggo ingkang sae.
Hadirin ingkang minulyo
Tonggo utawi tetanggi meniko tiyang ingkang langkung rumiyen mangertosi kawontenan kito sedoyo. Mulai saking kowentenan kita nembe bungah utawi susah, rupek utawi lonngar, gerah utawi sehat. Kito pasti mbetahaken tetanggi. Saking meniko, Islam ngatur hak-hakipun tetanggi. Gusti Allah dawuh:
وَاعْبُدُوا اللهَ وَلَا تُشْرِكُوا بِهِ شَيْئًا وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا وَبِذِي الْقُرْبَى وَالْيَتَامَى وَالْمَسَاكِينِ وَالْجَارِ ذِي الْقُرْبَى وَالْجَارِ الْجُنُبِ وَالصَّاحِبِ بِالْجُنُبِ وَابْنِ السَّبِيلِ وَمَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ إِنَّ اللَّهَ لا يُحِبُّ مَنْ كَانَ مُخْتَالًا فَخُورًا.
Artosipun: Nyembaho siro kabeh marang Aliah lan ojo nyekutoaken kelawan lintune. Lan poda gaweyo bagus siro kelawan wong tuo loro, kerabat, anak yatim, wong miskin, tetonggo celak lan tebih, konca raket, wong dalanan, lan kawulo. Saktemene Allah ora demen wong-wong sombong lan mbanggakno awake dewe (Annisa 36).
Wonten ing ayat meniko, kito dipun perintahaken supados nyembah dumateng Allah lan mboten nyekutoaken Gusti Allah. Lajeng dipun perintah mbagusi dhateng tiyang sepuh kaleh, termasuk ugi dipunperintahaken mbagusi, tumindak sae dating tanggi-tanggi kito.
Tafsir Ibn Katsir mertelaaken bilih lafadz والجار ذي القرني (tanggi ingkang celak) wonten ing ayat meniko maksude tetanggi ingkang tasih wonten hubungan famili, kados pendapatipun Imam Ikrimah, Imam Mujahid soho Imam Ad-Dohhak. Miturut riwayat Ibnu Jarir soho Abi Hatim, maksud tanggi ingkang celak niku tanggi ingkang muslim.
Menawi lafadz الجار الجنب (tanggi ingkang tebih) wonten ing ayat meniko maksude tetanggi ingkang mboten wonten hubungan famili, kados pendapatipun Imam Ikrimah, Imam Mujahid soho Imam Ad-Dohhak. Miturut riwayat Ibnu Jarir soho Abi Hatim, maksud tetanggi ingkang tebih niku tanggi ingkang agomone mboten sami kaliyan kito.
Jemaah Jumat Rahimakumullah
Ayat meniko nuduhaken bilih kito kedah tumindak sae, becik dateng tetanggi. Setunggale hadits negesaken pentinge mulyaaken tetongggo:
مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ فَلْيُكْرِمْ جَارَهُ.
Artosipun: Sapa wonge iman dumateng Gusti Allah lan percoyo anane dino akhir (qiyamat), mongka becik mulyakno tanggane (HR. Bukhari)
Saking pentinge mulyaaken tetanggi, wonten setunggale hadits lintu dipun jelasake kito kedah njagi hak-hakipun tetanggi, ngantos Kanjeng Nabi nyongko tetanggi bakal iso saling ngewarisi bondo.
مَا زَالَ جِبْرِيلُ يُوْصِيْنِي بِالْجَارِ حَتَّى ظَنَنْتُ أَنَّهُ سَيُوَرَتُهُ.
Artosipun: Ora gingsir-gingsir jibril pesen marang ingsun supoyo mbagusi tonggo, hingga aku nyongka yen tonggo iku iso saling ngewarisi bondane (muttafaq alaih)
Pramilo monggo kito sami njagi kamulyan tetanggi, tumindak sae, becik. Keranten saking meniko guyub lan rukun saget dipun wujudaken, hinggo dados tiyang ingkang kalebet minal muhsinin utawi tumindak bagus.
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ. إِنَّ الْإِنسُنَ لَفِي خُسْرٍ، إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَتِ وَتَوَاصَوْا بالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ. بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ أَقُولُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيمَ لِي وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِينَ فَاسْتَغْفِرُوهُ مِنْ كُلَّ ذَنْبٍ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ.
Khutbah II
الحمدُ للهِ حَمْدًا كَمَا أَمَرَ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهَ وَحْدَهُ لَا شرِيكَ لَهُ، إِلَهُ لَمْ يَزَلْ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ وَكِيلًا. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ وَحَبِيبُهُ وَخَلِيلُهُ، أَكْرَمِ الْأَوَّلِينَ وَالْآخِرِينَ، الْمَبْعُوْثِ رَحْمَةٌ لِلْعَالَمِينَ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ كَانَ لَهُمْ مِنَ التَّابِعِينَ، صَلَاةٌ دَائِمَةً بِدَوَامِ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضِينَ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُونَ اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَذَرُوا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. وَحَافِظُوا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُورِ الْجُمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ وَالصَّوْمِ وَجَمِيعِ الْمَأْمُورَاتِ وَالْوَاجِبَاتِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ بِنَفْسِهِ. وَثَنَى بِمَلَائِكَةِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلَّمُوا تَسْلِيمًا. اللَّهُمَّ صلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ فِي العَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ اللَّهُمَّ ادْفَعُ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحْنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَةٌ وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَةُ، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللَّهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ الْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ.
Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa #5: Kanthi Niat, Sedaya Obah Kita Dados Ibadah.
Khutbah I
الحَمْدُ لِلّٰهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ
Jemaah Jumat rahimakumullah
Kesaenan Raos syukur tansah kita panjataken dhateng Allah ta'ala, sebab kelawan nikmat saha peparingipun kita taksih saget ngelampahi kewajiban ibadah wonten ing dinten Jumat punika.
Mugi-mugi kanthi syukur punika, saget nambahi iman saha takwa kita dhateng Allah.
Iman lan takwa punika, dados sangu ingkang penting nalika kita urip ana ing Dunya tumuju maring Akhirat. Kados dene keterangan wonten ing Al-Quran surat Al-Baqarah ayat 197:
وَتَزَوَّدُوا۟ فَإِنَّ خَيْرَ ٱلزَّادِ ٱلتَّقْوَىٰ وَٱتَّقُونِ يَٰٓأُو۟لِى ٱلْأَلْبَٰبِ
Artosipun, "Lan padha sanguo sira kabeh, mangka luwih bagus-baguse sangu, iku takwa (wedi) marang Allah. Lan takwa (wedi) ha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang anduweni akal."
Jemaah Jumat rahimakumullah
Ikhtiar kita kagem ningkataken takwa dhateng Allah ta'ala, saget dilampahi kanthi tansah ngeling-eling, bilih tugas kita ana ing Dunya, mboten sanes kejaba namung kagem ngibadah utawi nyembah dhateng Allah ta'ala. Gusti Allah paring dhawuh ana ing Al-Quran:
وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ
Artosipun, "Ingsun (Allah) ora nyiptaake menungsa lan jin, kajaba supaya padha ngibadah maring Ingsun." (QS Ad Dzariyat: 56).
Jemaah Jumat rahimakumullah
Para ulama sampun maringi penjelasan babagan ibadah menika, ingkang dipun bagi dados kalih werna, inggih punika ibadah mahdhah lan ibadah ghairu mahdhah.
Ibadah mahdhah inggih punika ibadah ingkang tata carane sampun dipun tetepke lan dirinci saking keterangan ana ing Al-Quran saha hadist, kados dene sifat, wekdal, panggenan, lan sanes-sanese.
Cara nglampahi ibadah mahdlah ugi sampun dipun contohaken kalian Rasulullah SAW. Contoh ibadah mahdhah punika kados dene shalat, zakat, puasa, lan haji.
Lajeng, wonten ugi ibadah ghairu mahdhah, ingkang tata caranipun mboten dipun tetepke kanthi rinci, kados dene dzikir, dakwah, sedekah, gawe becik marang sepadha, tulung tinulung, lan liya-liyane.
Awit saking keterangan punika, bilih cara lan kesempatan kita ibadah wonten ing Dunyo menika katah sanget. Amal utawi kegiatan kita saget dados kalebet ibadah, menawi ugi kita niatake kanthi sahe. Niat sahe punika dados kunci kita ngawiti lan nglampahi kegiatan saben dina.
Kanjeng Nabi Muhammad SAW sampun paring dhawuh:
إِنَّمَا الأَعْمَالُ بِالنِّيَّةِ وَإِنَّمَا لِكُلِّ امْرِئٍ مَا نَوَى
Artosipun, "Wus sakmestine utawi sahe sekabehe amal, iku kudu nganggo niat. Lan sedaya perkara (bakal diwales) miturut apa sing dadi niate."
Jemaah Jumat rahimakumullah
Pramila, mangga kita tansah nata niat kanthi niat ingkang sahe, supados amal lan sedaya obah kita, kecatet ibadah. Kathah sanget perkawis utawi kegiatan ingkang ketingalipun urusan dunyo, ananging menawi kita niati sahe lan dipun lampahi kanthi mboten nglanggar syariat, malah saget dados amal ibadah.
Contonipun, menawi kita nyambut damel, ampun kita niati namung kanggo golek arta, ananging kita niati ugi kangge ngibadah utawi nyukupi nafkah keluarga, lan niat sahe ingkang sanese. Rasulullah ugi sampun paring dhawuh:
كَمْ مِنْ عَمَلٍ يَتَصَوَّرُ بِصُوْرَة أعْمالِ الدّنْياَ وَيَصِيْرُ بِحُسْنِ النِيَّة مِن أَعْمَالِ الآخِرَة، كَمْ مِنْ عَمَلٍ يَتَصَوَّرُ بِصُوْرَة أعْمالِ الأخرة ثُمَّ يَصِيْر مِن أَعْمَالِ الدُّنْيَا بِسُوْءِ النِيَّة
Artosipun, "Akeh banget amal ingkang ketingal amal dunyo, ananging sebab didasari niat kang sahe, mangka dadi amal akhirat. (Kosok wangsule) Akeh banget amal ingkang ketingal amal akhirat, tapi dicatet dadi amal dunyo, sebab didasari niat kang elek,"
Mugi-mugi kita sedaya dipun gampilaken Allah ta'ala, anggene kita gadahi niat ingkang sahe saha saget nglampahi ngibadah kanthi istiqomah dhateng Allah ta'ala.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ، وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلَّهِ وَكَفَى وَأُصَلِّي وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ المُصطفى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الوفا. أَشْهَدُ أَنْ لا إلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لا شَريكَ لهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
أَمَّا بَعْدُ فيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ أُوْصِيكُمْ وَنَفْسِي بتقوى الله العلي العَظِيمِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرِ عَظِيمٍ أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلى نَبِيِّهِ الكريم فقالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلَّمُوا تَسْلِيمًا. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالغَلَاء والوباء والفحشاء والمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ والسيوف المُخْتَلِفَة وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ. مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
عِبَادَ اللَّهِ إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ
Itulah tadi sejumlah contoh khutbah Jumat bahasa Jawa yang penuh makna serta mudah dipahami. Semoga bermanfaat!
(par/rih)