- Soal Bahasa Jawa Pilihan Ganda Kelas 6 SD Soal Pilihan Ganda #1 Soal Pilihan Ganda #2 Soal Pilihan Ganda #3 Soal Pilihan Ganda #4 Soal Pilihan Ganda #5 Soal Pilihan Ganda #6 Soal Pilihan Ganda #7 Soal Pilihan Ganda #8 Soal Pilihan Ganda #9 Soal Pilihan Ganda #10 Soal Pilihan Ganda #11
- Soal Bahasa Jawa Isian Kelas 6 SD Soal Isian #1 Soal Isian #2 Soal Isian #3 Soal Isian #4 Soal Isian #5 Soal Isian #6 Soal Isian #7 Soal Isian #8 Soal Isian #9 Soal Isian #10 Soal Isian #11 Soal Isian #12
Bahasa Jawa menjadi salah satu mata pelajaran muatan lokal yang biasanya terdapat di berbagai sekolah dasar. Inilah kumpulan soal pilihan ganda dan isian bahasa Jawa Kelas 6 SD lengkap dengan kunci jawabannya.
Dikutip dari buku Pembelajaran Bahasa Jawa di Sekolah Dasar oleh Endang Sri Maruti, pengajaran bahasa Jawa merupakan bentuk sistem penyikapan terhadap bahasa Jawa itu sendiri melalui bahan pembelajaran, hasil pembelajaran, hingga sistem pembelajarannya. Mengingat bahasa Jawa menjadi salah satu bahasa ibu untuk anak dapat berkomunikasi di wilayah sekitar Jogja, Jawa Tengah, hingga Jawa Timur.
Nah, untuk kalian yang sedang mencari referensi contoh soal bahasa Jawa pilihan ganda maupun isian untuk siswa SD kelas 6. Langsung saja simak baik-baik penjelasan di bawah ini.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Soal Bahasa Jawa Pilihan Ganda Kelas 6 SD
Berikut ini merupakan rangkuman soal pilihan ganda bahasa Jawa Kelas 6 SD yang dikutip dari Soal Penilaian Tengah Semester KKG Saptosari.
Soal Pilihan Ganda #1
Kupat dikum santen
Kula lepat ....
a. cekap semanten
b. paring pangapunten
c. ngaturaken sungkem
d. nyuwun pangapunten
Jawaban: d
Soal Pilihan Ganda #2
Pak Budiman anggone nyambut gawe olah tetanen pancen sregep. Sawahe ditanduri pari, kalamangsane ditanduri lombok, kacang, lan sapanunggalane. Kebone ora di umbar nganggur, ananging ditanduri sawenehing wit-witan, kayata pelem, rambutan, nangka, gedhang, lan liya-liyane. Pak Budiman uga gawe rak-rakan saka pring kanggo nandur sayur-sayuran kaya dene lombok, tomat, terong, lan bayem. Mula sanadyan papan pekarangane Pak Budiman mung ciyut bisa ngasilake. Kejaba dienggo janganan padinan, uga bisa kanggo dodolan menyang pasar.
Lakone ana ing cerita kasebut nduweni watak ....
a. ngangsa
b. ndregil
c. gemi
d. sregep
Jawaban: d
Soal Pilihan Ganda #3
Bima: "Lindhu menapa ingkang dumados rikala dinten Setu Wage, 27 Mei 2006, Pak?"
Bapak: "Lindhu tektonik, kanthi kekuatan 5,9 skala richter. Undering lindhu anaing segara kidul 37 km saka kutha Ngayogyakarta saka pesisir lan jerone 33 km, mula goncangane gedhe banget."
Bima: "Kadospundi kedadosane, kok nggegirisi sanget?"
Bapak: "Aku ora ngerti, le. Prastawa mono tekane nyolong pethek. Sing dikuwatirke Gunung Merapi, jebule sing ngamuk malah segara kidul."
Bima: "Rikala kula ningali televisi, geneo kurbanipun kathas sanget nggih, Pak?"
Bapak: "Mergane kedadeyane isih jam 5.00 esuk, isih akeh wong sing padha ana ngomah, ora sempat mlayu metu."
Isine pratelan antarane bima lan bapake yaiku ....
a. Lindhu Setu Wage, 27 Mei 2006
b. Prastawa lindhu gedhe, 27 Mei 2006
c. Kedadosan lindhu ing Ngayogyakarta
d. Geneo lindhu dadosaken kathah kurban
Jawaban: b
Soal Pilihan Ganda #4
Wiwit cilik nganti saiki Bawa ora tau kendhat anggone nggambar. Kabukten tekan saiki dheweke wis duwe 10 tropi utawa piala lan piagam sing ngebaki lemarine. Meh, saben-saben lomba dheweke oleh juara. Durung maneh saka pemerintah dheweke diwenehi beasiswa bakat prestasi. Nang sekolahan Bawa uga oleh renking 2, nampa hadiah dhuwit. Bawa wis ora nyuwun sangu meneh karo bapak ibune, malah Bawa isa nyelengi saka hasile dhewe.
Paribasan sing gathuk karo crita kasebut yaiku ....
a. mbayu mili
b. nampa kabegjan
c. sirah gundhul dikepeti
d. kajugrukan gunung emas
Jawaban: a
Soal Pilihan Ganda #5
Ing wasana, cekap semanten atur kula. Wonten kirangipun nyuwun pangapunten!
Ukara kasebut diucapake ing sesorah nalikane ....
a. miwiti sesorah
b. atur panyuwun
c. wigatining atur
d. panutup
Jawaban: d
Soal Pilihan Ganda #6
Jaman saiki bocah-bocah wis akeh sing ora bisa basa krama marang wong tuwa. Kepara olehe ngenganggo sandhangan uga wis niru wong kutha. Mangkono mau padha ora krasa yen dheweke arep kelangan budaya. Carane wong sesrawungan niru-niru wong manca. Mula wong Jawa kudu bisa njaga bangsane kanthi ngetrapake unggah-ungguh lan tata trapsilane wong Jawa.
Isining crita kasebut yaiku ....
a. njaga bangsane wong Jawa
b. lali marang basa Jawa
c. ilange unggah-ungguh
d. ora bisa basa krama
Jawaban: c
Soal Pilihan Ganda #7
Seni kethoprak mujudake kesenian kang adi luhung sing perlu di uri-uri.
Tembung adiluhung tegese ....
a. jero
b. luhur
c. dhuwur
d. misuwur
Jawaban: b
Soal Pilihan Ganda #8
Adikku durung tangi ... aku arep mangkat sekolah.
Ukara gandheng sing mathok yaiku ....
a. kamangka
b. amarga
c. nalika
d. kejaba
Jawaban: c
Soal Pilihan Ganda #9
Mijil
Tansaha njunjung budi pekerti
Ing lair lan batos
Becik tumindak lan pituture
Pratandha kalbu agung sejati
Tan bakal nemoni
Iku kala bendu
Cacahe gatra tembang mijil kasebut ana ....
a. 3
b. 4
c. 5
d. 6
Jawaban: d
Soal Pilihan Ganda #10
Sutini iku dadi kembang lambe wong sadesa.
Kembang lambe tegese....
a. dadi omongan
b. bocah sing ayu
c. cerewet
d. nakal
Jawaban: a
Soal Pilihan Ganda #11
Wosing pengetan menika, sumangga sesarengan mahargya lan nyengkuyung dhumateng sedaya program pemerintah murih kuncarane bangsa Indonesia. Ing pangajab, mugi kadumugen nuwuhaken nagari ingkang adil, makmur, gemah ripah, lan kerta raharja....
Perangan sesorah kasebut kalebu ....
a. wosing sesorah
b. salam atur
c. pambuka
d. panutup
Jawaban: a
Soal Bahasa Jawa Isian Kelas 6 SD
Di bawah ini merupakan rangkuman soal pilihan ganda bahasa Jawa Kelas 6 SD yang masih dikutip dari sumber sebelumnya.
Soal Isian #1
Tembang macapat cacahe ana ....
Jawaban: 11
Soal Isian #2
Guru lagu tembang Mijil yaiku ....
Jawaban: i, o, e, i, i, u
Soal Isian #3
Tembang pangkur kalebu tembang ....
Jawaban: macapat
Soal Isian #4
Mbah Sastra basan wis sepuh kegugah atine.
Tembung kegugah atine padha tegese .....
Jawaban: sadar, eling, insyaf
Soal Isian #5
Udin lagi nonton wayang.
Perangane ukara kasebut sing madeg dadi jejer yaiku ....
Jawaban: Udin
Soal Isian #6
Puji miwah syukur kita aturaken dhumateng Gusti ingkang Maha Agung!
Unen-unen kasebut dadi perangane sesorah kang aran ....
Jawaban: Pambuka
Soal Isian #7
Wiwitwingi Pak Dheturunggonaku.
Basa krama aluse yaiku ....
Jawaban: Wiwit kala wingi Pak Dhe sare wonten panggenan kula
Museum Ullen Sentalu
Museum Ullen Sentalu papane ing sacerake Pasanggrahan Hastarengga sakidul Gunung Merapi, sawetan Kali boyong, Kaliurang. Museum kang duwe corak Seni budaya Jawa kawi diresmekake dening Sri Paku Alam VIII, tanggal 1 Maret 1997.
Wiwit madege museum saka rasa kepedulian sawijining kulawarga marang batik motif kuno. Merga ing tahun 1970-an motif batik kuno pada digoleki dening kolektor mancanegara. Mula, keluarga kasebut banjur ngedekake Yayasan Ullen Sentalu. Upaya didhukung dening kerabat Kraton Dinasti Mataram kang sabanjure pinangka pengayom yayasan. Kerabat Kraton Dinasti Mataram kasebut yaiku Sri Paku Alam VIII, Sunan Paku Buwono XII, K.G.P.H. Puger, lan G.R.Ay. Nurul Kusumawardani.
Ing museum ana guwane aran Guwa Selogiri. Wujude trowongan ngisor lemah kang gunane kanggo njaga saka bebaya awan panas nalika Merapi erupsi. Kejaba guwa uga ana kampung kambang cacahe lima. Kampung kambang kuwi omah kemambang sadhuwure blumbang. Dene kampung kambang cacahe lima kasebut yaiku Bale Sekar Kedhaton, Pendhapa Pengantin Kraton Ngayogyakarta, Ruwang Batik Pasisiran lan Ruwang Batik Surakarta.
(sumber: Buku Panduan Museum-Museum Daerah Istimewa Yogyakarta)
Soal Isian #8
Ing ngendi dununge Museum Ullen Sentalu?
Jawaban: Sacerake Pasanggrahan Hastarengga sakidul Gunung Merapi, sawetan Kali Boyong Kaliurang.
Soal Isian #9
Kapan Museum diresmekake?
Jawaban: Tanggal, 1 Maret 1997
Soal Isian #10
Kepriye wiwitan madege museum?
Jawaban: Saka rasa kepedulian sawijining kulawarga marang batik motif kuno
Soal Isian #11
Sapa para pengayom Yayasan ullen Sentalu?
Jawaban: Kerabat Kraton Dinasti Mataram kasebut yaiku Sri Paku Alam VIII, Sunan Paku Buwono XII, K.G.P.H. Puger, lan G.R.Ay. Nurul Kusumawardani.
Soal Isian #12
Aranana kampung kambang ing Museum Ullen Sentalu!
Jawaban: Bale Sekar Kedhaton, Pendhapa Pengantin Kraton, Ngayogyakarta, Ruwang Batik, Pasisiran lan Ruwang Batik Surakarta.
Nah, itulah kumpulan contoh soal bahasa Jawa kelas 6 SD lengkap pilihan ganda dan isian dengan kunci jawabannya. Semoga bermanfaat ya, Dab.
(sto/ams)
Komentar Terbanyak
Jokowi Berkelakar soal Ijazah di Reuni Fakultas Kehutanan UGM
Blak-blakan Jokowi Ngaku Paksakan Ikut Reuni buat Redam Isu Ijazah Palsu
Tiba di Reuni Fakultas Kehutanan, Jokowi Disambut Sekretaris UGM