Contoh Dongeng Bahasa Jawa yang Menarik dan Penuh Pesan Moral

Contoh Dongeng Bahasa Jawa yang Menarik dan Penuh Pesan Moral

Syifa`ul Husna - detikJogja
Rabu, 24 Jul 2024 20:21 WIB
ilustrasi ibu mendongeng
Ilustrasi membaca dongeng Foto: iStock
Solo -

Tak hanya dalam bahasa Indonesia, dongeng juga ada dalam versi bahasa Jawa. Adapun dongeng bahasa Jawa ini juga biasanya menjadi materi belajar di sekolah dan juga dapat dibacakan untuk anak saat akan tidur.

Dongeng merupakan cerita fiktif yang tidak benar-benar terjadi. Dongeng bersifat sebagai penghibur bagi pembaca yang di dalamnya terdapat berbagai pesan moral yang bisa dijadikan pelajaran di kehidupan nyata.

Dongeng dapat diceritakan kepada anak sebagai pengantar tidur. Selain dapat memberikan pesan moral, membacakan cerita dongeng sebelum tidur dapat membangun kedekatan emosional dan melatih daya imajinasi anak.

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Dongeng memiliki banyak kategori, mulai dari yang menceritakan asal usul suatu tempat hingga cerita rakyat. Berikut ini penjelasan berbagai kategori dongeng yang dilengkapi dengan kumpulan contoh dongeng dalam bahasa Jawa yang penuh pesan moral.

Jenis-jenis Dongeng

Dongeng memiliki berbagai kategori dengan jenis cerita yang berbeda-beda. Berikut ini penjelasannya mengutip dari laman SMA Negeri 2 Tanjungpandan:

ADVERTISEMENT

1. Mite (Mitos)

Mite adalah kategori dongeng yang berkaitan dengan makhluk gaib, seperti jin, setan, dan dewi-dewi. Meskipun terdengar tidak masuk akal, sampai kini masih terdapat beberapa masyarakat yang mempercayainya. Contohnya yaitu Joko Tarub, Nyi Roro Kidul, dan sebagainya.

2. Sage

Sage merupakan cerita rakyat yang mengisahkan tentang tokoh sejarah yang memiliki keberanian, kebaikan, kepahlawanan, dan kesaktian. Cerita ini terkadang masih dipercaya oleh beberapa kalangan masyarakat. Contohnya yaitu Sangkuriang, Ciung Wanara dan sebagainya.

3. Fabel

Fabel adalah cerita rakyat yang menggambarkan kehidupan hewan dengan kemampuan berpikir dan berperilaku seperti manusia. Contoh fabel termasuk Kancil dan Buaya, Semut dan Belalang.

4. Legenda

Legenda adalah cerita rakyat yang dipercayai oleh sebagian masyarakat bahwa ceritanya benar-benar terjadi. Beberapa juga meyakini bahwa tempat kejadian dalam cerita itu merupakan tempat yang sakral. Contoh legenda termasuk Lutung Kasarung, Danau Toba, Tangkuban Perahu, dan Roro Jongrang.

5. Parabel

Parabel adalah cerita rakyat yang mengandung nilai-nilai pendidikan, baik itu moral, agama, atau nilai pendidikan lainnya yang disampaikan secara tidak langsung. Contoh parabel yang terkenal adalah Malin Kundang dan Kabayan.

Kumpulan Cerita Dongeng Bahasa Jawa

Berikut ini kumpulan dongeng dalam bahasa Jawa yang dikutip dari mengutip dari laman SMPN 2 Kota Bima, SMKN 1 Bogor, dan buku berjudul Cerita Rakyat Jawa Tengah dalam Tiga Bahasa.

1. Kancil lan Baya

Ing sawijining dina Kancil mlaku-mlaku ing alas. Dumadakan wetenge krasa ngelih. Banjur dheweke weruh akeh woh-wohan seger ing sebrang kali. Kancil bingung kepiye carane bisa nyabrang kali golek pangan.

Akhire Kancil golek ide sing apik kanggo nyabrang kali. Banjur Kancil nyeluk baya sing manggon ing kali.

"Hei baya metu, aku duwe kabar apik"

Krungu swarane Kancil, akhire ana baya metu lan nyedhaki Kancil.

"Ana apa Kancil, kowe ngganggu turuku!" ujare baya.

"Aku bakal mbagi daging seger akeh kanggo kowe," kandhane Kancil karo raine sumringah.

"Endi daginge?" wangsulane baya karo ekspresine sing liar.

"Ketoke daginge lumayan akeh, kowe kudu ngundang kanca-kancamu mangan.

Akhire baya gedhe nyeluk kawanan baya liyane. Sawise kabeh padha ngumpul, Kancil ngedhawuhi baya gawe baris kanthi rapi.

"Ngopo dewe kudu baris rapi?" pitakone baya

"Aku kudu ngetung kowe kaceh ana pira kanggo nyebarake daging kanthi rata"

Kancil berhasil ngeyakinake lan baya-baya kasebut nggawe garis kaya jembatan.

"Oke, aku mulai ngetung, siji... loro... telu..." kandhane Kancil karo ngidak baya siji-siji liwat kali sing mili deres.

Kancil uga berhasil nyabrang kali kanthi ngliwati baya. Sawise iku dheweke ngguyu banter.

"Hahahaha, sejatine aku ora nggawa daging, aku mung pengin kowe baris supaya bisa nyabrang kali. Ternyata gampang banget kanggo njupuk keuntungan saka kowe!" ujare Kancil

Rombongan baya akhire nesu lan kepingin mangan Kancil. Nanging wis telat amarga Kancil wis mlayu saka dheweke.

Crita iki mbuktekake yen kapinteran bisa ngalahake kekuwatan.

2. Timun Mas

Ing jaman mbiyen, ing desa cedak alas ono sepasang petani ingkang sampun sepuh lan mboten gadhah anak. Saben dina sepasang petani iku nyuwun marang Gusti Allah supaya diparingi anak.

Ing sawijining dina, pandongane dirungokake dening raksasa. Raksasa mau uga nawani sepasang petani iku yen bakal duwe anak saka timun sing ditandur ing sawahe. nanging raksasa kasebut menehi syarat, yen anake wis umur 17 taun, dheweke kudu nyerahake menyang raksasa.

Pak tani setuju tanpa mikir dowo. Bocah mau diwenehi jeneng Timun Mas. Petani lan Timun Mas uripe seneng nganti umure Timun Mas 17 taun. Raksasa mau teka nuntut janjine. Saperangan petani lali janji lan wedi. Dheweke kandha marang Timun Mas supaya nylametake awake dhewe kanthi nggawa 4 barang gaib, yaiku wiji timun sing banjur dadi sawah timun. Raksasa mandheg mangan timun kesenengane.

Sawise kebak banjur ngoyak Timun Mas maneh. Nalika raksasa nyedhaki, Timun Mas nyebarake jarum sing banjur dadi alas pring eri sing ruwet. Bareng wis meh kecekel, Timun Mas nyebar uyah sing dumadakan dadi segara. Raksasa bisa nglangi lan ngoyak timun nganti pungkasane Timun Mas nyebarake terasi sing dadi lendhut. Raksasa sing wis kesel, akhire ambruk ing lendhut.

3. Mula Bukane Umbul Tlatar

Dhek jaman biyen ana salah sawijining Kademangan kang tlatahe subur lan makmur, jenenge Kademangan Catur Sari. Kademangan Catur Sari dikupengi alas gung liwang-liwung kang kanthi sengaja dijaga kalestarene. Kademangan mau kapimpin dening Ki Demang Among Warga. Dhe- weke kalebu pawongan kang wicaksana, gedhe tanggung jawabe, lan sekti mandraguna.

Ing sawijining dina, Ki Demang Among Warga kapundhut dening Gusti Kang Maha Kuwasa amarga wis tuwa. Kabeh warga Kademangan Catur Sari sungkawa amarga kelangan pemimpin sing padha ditresnani lan dikurmati. Warta lelayu sedane Ki Demang Among Warga kanthi cepet sumebar tumeka ing sakehing panggonan. Warta sungkawa mau pungkasane tekan uga ing Desa Klatak Sari, yaiku sawijining desa kang dipanggoni dening maneka warna durjana. Ki Angkara, pemimpin desa Klatak Sari bungah banget atine krungu warta tiwase Ki Demang Among Warga.

"Saiki wis titi wancine aku ngrampok Kademangan Catur Sari," grenenge Ki Angkara.

Ki Angkara banjur nggerakake sakehing brandal Klatak Sari kanggo ngrampok Kademangan Catur Sari. Warga Kademangan Catur Sari ora duwe daya. Kabeh raja brana kang diduweni warga diwenehake marang para durjana mau. Ananging, Ki Angkara kanyatan durung marem. Dheweke kepengin nguwasani Kademangan Catur Sari, utamane alas jati kang wis umur atusan taun. Sabanjure, Ki Angkara ngangkat salah sijining anak bu- wahe, Kala Murka, dadi Demang Catur Sari. Sakabehing warga Kademangan Catur Sari ora bisa apa-apa amarga wedi karo Ki Angkara lan begundhale.

Sajroning panguwasaning Ki Kala Murka, Kademangan Catur Sari dadi bubrah ora karuwan. Warga ditepungake marang bebo- tohan lan omben-omben. Sawijining dina Ki Kala Murka nglumpukake warga Kademangan Catur Sari.

"Wiwit dina iki, aku panguwasa Kademangan Catur Sari jabut aturan lawas kang nglarang negor alas. Suwalike, aku ngentukake kowe kabeh negori alas," ujare Ki Demang Kala Murka.

Ing antarane warga kang nganakake patemon kuwi, ana tetuaning warga kang aran Ki Juru Pameling sing ora sarujuk marang keputusaning Ki Demang Kala Murka. Nanging, dheweke ora bisa apa-apa amarga ora ana sing nyengkuyung lan diincim dening para begundhale Ki Kala Murka. Bengine dheweke ora bisa turu amarga mikirake nasibe Kademangan Catur Sari. Dheweke ndonga marang Gusti Allah supaya Kademangan Catur Sari dislametake saka angkara.

Ki Angkara negori alas jati lan wis ana cacah ewon grobak kayu jati sing diangkut menyang kutha. Ing sawijining dina Ki Angkara mimpin anak buwahe mbabat alas ing gunung sisih elor Kademangan Catur Sari. Nalika srengenge angslup, dheweke menyang sendhang sing ora adoh saka papan anggone ngadek. Dheweke kepingin nyegerake awak sarana kungkum ana ing sendhang kuwi. Nalika kungkum dheweke weruh sawijining barang kang warnane abang ing sela-selaning watu. Dheweke jupuk barang mau nuli digosok-gosok.

Sanalika dheweke celathu, "Lhadalah, iki watu merah delima. Aku bakal dadi wong paling sugih ing ndonya iki."

Para andhahaning Ki Angkara padha nglumpuk. Ki Angkara banjur aweh printah supaya padha mandhek anggone negor wit-witan lan padha jaga alas kuwi.

"Wiwit dina iki, jaganen panggonan iki. Aja nganti ana pawongan sing mlebu panggonan iki tanpa palilahku," prentahe Ki Angkara.

Dina kuwi uga Ki Angkarangadhep Ki Demang Kala Murka kanggo nglaporake apa kang ditemukake.

"Ki Demang aku nemokake tambang mas lan inten ing pereng gunung. Aku njaluk palilahmu kanggo ndhudhuk," ujare Ki Angkara.

"Entuk wae kowe dhudhuk mas lan inten kuwi. Anggere rong protelon mas lan inten kuwi dadi duwekku," semaure Ki Demang Kala Murka.

"Ya wis," semaure Ki Angkara.

"Terus piye olehmu dhudhuk mas inten kuwi?" pitakone Ki Demang Kala Murka.

"Cara kang trep dakkira kanthi ngobong alas. Beaane murah lan asile cepet," ujar Ki Angkara.

"Apa wargaku ora bakal cubriya?" pitakone Ki Demang Kala Murka.

"Mangkene carane, Ki Demang. Nyedhaka dakkandhani," wangsulane Ki Angkara nyedhaki Ki Demang Kala Murka nuli bisiki.

Ing sawijining dina, Ki Angkara nganake pista gedhen ing alun-alun Kademangan Catur Sari. Warga disuguhi panganan lan tontonan rena-rena tanpa bayar. Omben-omben arak, tuwak, lan ciyu ora lali uga disuguhake, nganti warga dadi mabuk lan lali samubarange.

Sakabehing warga Kademangan Catur Sari kanyut ing pista iku. Sawetara iku, kanthi sesidheman wong-wong kang dipracaya Ki Angkara mlebu alas sisih lor Kademangan Catur Sari lan ngo- bong alas.

Esuke, warga kang isih mumet amarga kakeyan omben-omben dikagetake dening kebul kang nggrembuleng gawe ambegan sesek. Mung Ki Angkara lan Ki Demang Kala Murka kang bisa ngguyu kanthi anane kedadeyan iku. Kekarone kasil ngeruk mas lan inten pirang-pirang karung saka sanjeroning bumi Kademangan Catur Sari. Sawise kuwi, kanthi sesidheman keka- rone lunga ninggalake Kademangan Catur Sari kareben bisa ngra- sakake endah lan enake asil pakolehane.

Sapungkure Ki Demang Kala Murka, Ki Juru Pameling dening warga diangkat dadi Demang Catur Sari nganti kahanan dadi apik meneh. Sawetara iku, Ki Juru Pameling nduwe anak lanang kang jenenge Bagus Kencana. Bagus Kencana kalebu salah sawijining cantrik ing pretapan Gunung Pitu kang kapimpin dening Begawan Biyasa. Dheweke lagi wae lulus saka pandadaran lan wis diolehake bali mulih.

Sadurunge bali, Begawan Biyasa ngundang Bagus Kencana. "Anakku, Bagus Kencana, reneya!" ngendikane Begawan Biyasa.

"Inggih, Bapa," wangsulane Bagus Kencana nuli lungguh sila Ing sangarepe Begawan Biyasa.

"Bagus Kencana, wektu iki Kademangan Catur Sari lagi kena alangan. Mula saka liku, kowe kudu enggal bali menyang desamu. Amalna kabeh ilmu kang wis koksinau ing Pretapan Gunung Pitu. Tatanen desamu sing lagi kena rubeda," ngendikane Begawan Blyasa sraya nyekel pundhake Bagus Kencana.

Bagus Kencana bali menyang Kademangan Catur Sari lan mblyantu warga ngresiki sisa-sisa kayu alas sing kobong lan nanduri meneh alas Kademangan Catur Sari.

Ing mangsa ketiga sakbanjure, sumure warga lan kali-kall padha garing. Warga Kademangan Catur Sari ora bisa nandur pari, kabeh kapeksa padha mangan tiwul lan grontol. Sakehing cara wis dilakoni kanggo ngupaya entuk banyu nanging ora ana asile. Witwitan kang ditandur uga padha mati.

Bagus Kencana banget anggone prihatin mikirake kasangsarane warga Kademangan Catur Sari. Ing sawijining wengi dheweke ngadhep Ki Juru Pameling.

Bapa, kula badhe nyuwun palilah," ature Bagus Kencana," Kula badhe tapa ing Kayangan Si Pendok kangge nyuwun kamirahanipun Gusti Kang Murbeng Dumadi supados Kademangan Catur Sari dipunparingi toya ingkang sarwa turah."

Ki Juru Pameling bungah krungu niyat anake kang apik iku. "Iya, anakku. Bapa ora kabotan. Kareben Cipta Gareng lan Jiyo ngancani awakmu," pangandikane Ki Juru Pameling.

Esuke, Bagus Kencana dikancani Cipta Gareng lan Jiyo mangkat menyang Kayangan Si Pendok kang dumunung ana ing pucuking gunung Merbabu. Katelune mlaku turut tilase rerungkudan kang garing ngrangsang. Sadurunge munggah ning Kayangan Si Pendok, katelune mampir ning Pertapan Gunung Pitu. Marang Begawan Biyasa, Bagus Kencana ngaturake kekarepane tapa ing Kayangan Si Pendok.

"Ya wis, kowe kabeh pasoa lan semedi telung dina telung wengi sadurunge mangkat menyang Kayangan Si Pendok," dhawuhe Begawan Biyasa.

Sakwise rampung anggone pasa lan semedi, katelune banjur mangkat menyang Kayangan Si Pendok. Tekan ing Kayangan Si Pendok katelune njaluk palilahe Bathara Guru, panguwasa Kayangan Si Pendok. Banjur, katelune tapa suwene patang puluh dina. Ing dina kaping telung puluh lima Cipta Gareng lan Jiyo ora bisa nerusake tapane amarga kagodha dening widadari-widadari kang diutus Batara Guru.

Ing dina kaping patang puluh, dumadakan Bagus Kencana krungu suwara, "Panjalukmu bakal dak kabulake. Ndang baliya. Nanging, aja pisan-pisan noleh memburi sakdurunge tekan."

Wong telu iku banjur bali menyang Kademangan Catur Sari. Tekan desa Tlatar, sak burine pawongan telu mau ana suwara lesus lan bledheg kang nyamber-nyamber. Amarga kaget Bagus Kencana noleh menyang asaling suwara iku. Dumadakan saka panggonan wong telu mau ngadeg metu banyu kang mbludag. Katelune nom-noman iku padha bingung.

"Kakang Cipta Gareng lan Kakang Jiyo, aku wis nglanggar piweling. Saiki piye carane mbendung banyu semene akehe iki? Yen ora cepet tumandang Tanah Jawa bakal dadi segara," ujare Bagus Kencana.

"Awakmu baliya menyang Kayangan Si Pendok njaluk pituduh. Kareben aku karo kakang Jiyo sing nunggu ing kene," usule Cipta Gareng.

"Ya wis, Kakang, aku mangkat," wangsulane Bagus Kencana.

Bagus Kencana balik menyang Kayangan Si Pendhok lan tapa pitung dina pitung wengi. Ing wengi kang pungkasan, dheweke krungu suwara meneh, "Bagus Kencana, goleka kembang sepasang kanggo mbunteti Umbul Tlatar. Salki, baliya menyangng papan panggonanmu lan bakal ana banyu sing ngetutake awakmu."

Bagus Kencana gumun amarga saka sisih mburine ana suwara kemricik banyu. Ing kanyatan, ana banyu kang tansah ngetutake dheweke. Dheweke mlayu kaya panah ucul saka gendhewane menyang Kademangan Catur Sari. Sadawane dalan sing diliwati Bagus Kencana malih dadi kali.

Tekan Kademangan Catur Sari, Bagus Kencana sigra ngadhep bapake, Ki Juru Pameling. Dheweke nyritake kabeh kadadeyan kang dialami, kalebu wangsit kang ditampa babagan Umbul Tlatar. Kekarone bingung golek kembang sepasang utawa temanten anyar kanggo mbendung Umbul Tlatar. Ngepasi wayah iku ora ana pasangan sing lagi bar mantenan ing desa.

Ora kanyana, dina iku Kademangan Catur Sari katekan temanten anyar. Kembang sepasang iku krungu babagan kedadeyan Umbul Tlatar lan duwe karep dadi tumbale Umbul Tlatar. Jebule, kembang sepasang iku anake Ki Demang Kala Murka lan Ki Ang- kara.

"Dadi, kowe sakloron iku anake Ki Demang Kala Murka lan Ki Angkara, lan kowe kepengin ngorbanake awakmu sakloron?" pitakone Ki Juru Pameling gumun.

"Leres. Kawula punika anakipun Ki Demang Kala Murka lan semah kula punika anakipun Ki Angkara. Kulawarga kula kekalih sampun tilar sedaya amargi penyakit ingkang aneh. Sakpunika, kula kekalih kepengin nebus dosa-dosanipun tiyang sepuh ka- wula, wangsulane nganten anyar iku kanthi mantep.

Kembang sepasang iku banjur mlaku menyang Umbul Tlatar. Nalika sikile kembang sepasang iku ngenani banyu Umbul Tlatar, dumadakan kekarone ilang. Sabanjure, saka njeroning bumi metu sawijining watu kang nutupi tuking Umbul Tlatar.

Pungkasane, Umbul Tlatar dadi ora mbebayani meneh. Warga Kademangan Catur Sari banjur ngangkat Bagus Kencana dadi demang kanggo tanda panuwun tumrap lelabuhane ngluwari Kademangan Catur Sari saka bebendu kakurangan banyu.

Saiki, Umbul Tlatar dadi obyek wisata kang kawentar. Umbul Tlatar uga dadi tandhon lan sumbering banyu kang utama tumraping warga Boyolali

Nah, itulah contoh dongeng bahasa Jawa yang menarik dan penuh pesan moral lengkap dengan penjelasan jenis-jenisnya.

Artikel ini ditulis oleh Syifa`ul Husna peserta Program Magang Bersertifikat Kampus Merdeka di detikcom.




(par/apl)

Berita Terkait

 

 

 

 

 

 

 

 

Hide Ads