Berbagai acara yang dilangsungkan dengan gaya tradisional Jawa akan memiliki bagian atur pambagyoharjo di awal. Berikut ini empat contoh teks atur pambagyoharjo singkat untuk berbagai acara.
Berdasarkan uraian dalam situs Desa Jatimulyo, atur pambagyoharjo adalah teks sambutan yang bertujuan untuk menyambut para tamu undangan sekaligus menghaturkan ucapan terima kasih untuk pihak-pihak yang terkait.
Biasanya, orang yang membaca teks ini telah ditugaskan secara khusus oleh tuan rumah atau pamangku gati. Kendati demikian, jika ia berhalangan, tidak menutup kemungkinan pranatacara atau pembawa acara yang akan membacakan atur pambagyoharjo.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Bagi detikers yang kebetulan bertugas untuk membacakan teks atur pambagyhoharjo, di bawah ini telah detikJogja rangkumkan empat contohnya.
Struktur Teks Atur Pambagyoharjo
Dikutip dari modul Nyemak Sesorah karya Anisah Rokhimatulkhair Atmajaningtyas SPd, secara umum, struktur teks atur pambagyoharjo adalah:
- Salam pambuka
- Pambuka
- Atur pakurmatan
- Muji syukur
- Atur sugeng rawuh/pambagyawilujeng
- Atur panuwun
- Atur pangapunten
- Panutup
- Atur pangapunten
- Salam panutup
Contoh Teks Atur Pambagyoharjo #1: Acara Sunatan/Supitan
(sumber: buku Menjadi MC Profesional & Ahli Pidato Bahasa Jawa Pranatacara lan Sesorah oleh Ki Puspa Budyasusastra)
Assalamualaikum wr wb
Nuwun, para pinisepuh ingkang kinabekten. Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para sadherek kakung sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan. Keparenga kula sumela atur gempil kamardikan panjene gan sami ingkang saweg sekeca wawan pangandikan.
Kula minangka tetalanging tanggap wacana kalilanana matur ing ngarsanipun para rawuh kakung miwah putri. Bilih saking keparengipun Bapak ... sarimbit, kula tinanggenah nglairaken raos pangraos ingkang mijil saking telenging wardaya. Saking Bapak ... sarimbit, langkung rumiyin ngaturaken puji syukur dumateng ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Agung, dene saged anjenengi pawiwahan supitan putranipun ingkang namanipun ...
Kaping kalihipun Bapak ... sekalihan ngaturaken pambagyaharja dumateng para rawuh kakung sumawana putri. Bapak ... sekalihan ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami. Dene panjenengan sami sampun kersa nglonggaraken wekdal saha penggalih saged sowan ing pahargyan punika kalti lila-legawaning manah.
Lintunipun Bapak ... sarimbit ngaturaken gunging panuwun, dene panjengan sami ugi kersa paring berkah pangestu dumateng putra kula ingkang sampun dipun khitan. Panjenenganipun Bapak ... sekalihan rumaos karoban ing sih sutrisna bebasan lelumban wonten samodra madu, sakalangkung dadosaken bombong bingahing nala.
Kaping tiganipun boten kesupen ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur dumateng para sanak sedherek kadang kadeyan, pamong mitra saha tangga tepalih tuwin para kaneman ingkang sampun kanti rila legawa paring pambyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon ingkang dadosaken gampilipun ingkang mengku damel.
Sarehning Bapak ... sarimbit mboten saged ngaturi piwales punapa-punapa pramila sagedipun namung ngaturaken gunging panuwun mugi-mugi lubering sih kanugrahaning kautamen panjenengan angsala piwales kanugrahan saking Gusti Ingkah Maha Mirah. Kanugrahan ingkang matikel-tikel saha mawantu-wantu.
Kaping sekawan, Bapak ... sarimbit nyuwun gungan panjenengan sami kersa paring berkah pangestu wilujeng dumateng putranipun ingkang mentas dipun icali sukeripun saged wilujeng mring pancabaya, sageda dados putra ingkang dewasa ingkang mangertos tanggel jawab, bekti marang sesepuh, lan murakabi dateng bebrayan, tuwin kathah labuh labet dateng bangsa lan negari.
Mbok bilih wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani rawuhipun saha mapanaken palelenggahan panjenengan sami, kiranging trapsila saha bojakrama para sanak saderek ingkang tinanggenah among tamu. Kiranging trapsila para sinoman anggenipun nglantaraken bojakrama, wonten kuciwaning pasugatan lan lelangen, kersa para tamu angluberna sih pangaksami.
Ing wusana para tamu kasuwun kanti sanget keparenga nglajengaken anggenipun sami lelenggahan kanti suka saha angrahabi sedaya pasugatan lan lelangen ingkang kaladosaken ngantos dumugi parpurnaning pawiwahan punika. Minangka puput pepuntoning atur, mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana pambagya wara punika tasih kathah cicir kuciwaning atur, saha kirang trapsilaning anggen kula matur awit kiranging pangertosan, mugi para lenggah kersa anglunturaken gunging samodra pangaksami.
Akhirul kalam bilahit taufik walhidayah.
Wassalamu'alaikum wr wb.
Nuwun.
Contoh Teks Atur Pambagyoharjo #2: Acara Walimah Pernikahan
(sumber: situs resmi Desa Jatimulyo, Kecamatan Petanahan, Kabupaten Kebumen)
Assalamua'laikum Wr Wb.
Kula nuwun dhumateng para tamu kakung miwah putri ingkang winantu ing suka basuki, para sepuh, pini sepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur ingkang pantes hanampi sagungeng sekar pakurmatan.
Panjenenganipun para sarjana sujananeng budi, para priyagung pangemban pengembating praja, para satriyaning nagari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang satuhu kinormatan.
Boten katalumpen dhumateng para kadang mitra, wreda mudha ingkang pantes sinudarsana. Nun inggih awit saking keparengipun pamangku gati saha kapanatyan bawahan manton(kepanitiaan acara manten) ing kalenggahan menika. Kula pun ..(nama diri misal Hendro).. kinen sumileh sarira angemban wuwus ngaturaken wedharing gantha babaring prasedya.
Minangka purwakaning atur, sumangga sesarengan kula dhereaken ngaturaken suka syukur wonten Ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Wikan ingkang sampun kepareng hambabar daya pangaribawanipun ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih. Satemah wonten ing kalodhangan menika panjenegan sedaya lan kula taksih saget makempal wonten papan panggenan menika kanthi rahayu wijeng nir ing sakara-kara.
Sumangga sinartan ndedunga mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa, madya dumugui wasana mangke saget pinaringan gancar, rancak sepen ing rubeda.
Para tamu kakung miwah putri sinedhahan ingkang winantu ing suka basuki, madyaning suka ing kalenggahan menika , Bapa ..(nama tuan rumah/pamangku gati).. sekalian angambali atur pambagyawilujeng awit karawuhan panjenengan sedaya sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi keparenga pinarak sinambi ngrantos wosing gati dumugi pari purnaning pawiwahan ing kalenggahan menika.
Parandene wosing gati adicara pahargyan menika nun inggih panjenenganipun pamangku gati Bapa ..(nama tuan rumah).. sekalian netepi peperangan darmaning asepuh maharghya suta amiwaha siwinun inggih putrinipun ingkang asesilih ..(nama mempelai putri).. dahup kalian Bagus ..(nama pengantin putra).. jalu tenayanipun Bapa ..(nama besan/orang tua pengantin putra).. ingkang pidalem ing ..(alamat besan/ pengantin putra). Wondene wiwaha gama satataning adat sarta agami, sampun kelampahan kala wau wanci ..(waktu akad nikah jika sudah terlakasana).. antuk pepayung karahayon tebih ing sambekala.
Winantu pangajabing sedya saking Bapa ..(nama tuan rumah/pamangku gati) sarimbit, mugi wonten sukalilaning manah panggalihipun para tamu kasuwun puja hastawa hastunipun, satemah penganten sarimbit sageta tresna tiresnanan, atut runtut anggennya mangun bale wisma, hayu hayem hangayomi(sakinah mawaddah wa rahmah), saha enggal pinaringan kanugrahan saking Gusti wujuding golek kencana ingkang saget tata jalma pinangka panyambating sejarah, rah tumerahipun ingkang sami mangun bebesanan.
Para tamu kakung putri ingkang agung ing darma, boten katalumpen(lali) Bapa ..(nama pamangku gati).. sekalian ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng para sanak kadang miwah tangga tepalih, pamong mitra sedayanipun, ingkang sampun kepareng paring iguh pratikel menapa dene penggalihan.
Sedaya kalawau bapa ..(nama pamangku gati).. sekalian garwa boten saget mangsulaken karana lahir, amung kasumanggaaken wonten ngarsanipun Gusti allah Ingkang Maha Kawasa. Mugi kadarman panjenengan kalawau dadosa amal kesaenan, saha pikantuk peparing nugraha ingkang satraju(setimpal).
Pepuntaning atur saking bapa ..(nama pamangku gati).. sarimbit, hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya wonten kiranging boja miwah krama, mugi kaagungna pangaksama panjenengan.
Kula ugi taksih titah sawantah, ingkang kapurba winisesa dening Gusti, kiranging suba sita kula nglenggana taksih kiranging seserepan ingkang kedah nyadong wewarahing para winasis ing reh basa tuwin sastra. Hayu-hayu raharja niskala. Nuwun.
Wassalamua'laikum Wr. wb.
Contoh Teks Atur Pambagyoharjo #3: Acara Pernikahan
(sumber: modul ajar Nyemak Sesorah oleh Anisah Rokhimatulkhair Atmajaningtyas SPd)
Assalamu'alaikum.wr.wb
Kasugengan saha karaharjan mugi tetepa kajiwa kasarira wonten ngarsanipun panjenengan sedaya. Para sepuh myang pinisepuh ingkang tansah sinungkeman. Para sanak kadang sentana warga pawong mitra ingkang tansah sinambrama ing pamboja. Para rumaja putra rumaja putri ingkang tansah kinasih ing Gusti, dalah para lenggah kakung putri wreda mudha minulya.
Minangka purwakaning atur sumangga kula dherekaken ngaturaken pisungsun atur raos puji syukur mugi konjuk wonten ngarsa Dalem Alloh Subhanahuwata'ala ingkang sampun peparing berkah lan karokhmatan dhumateng kula lan panjenengan sedaya, satemah kula lan panjenengan ing wanci punika waget pepanggihan kanthi raharja kalis saking rubeda satunggal punapa.
Para lenggah ingkang sinuba sindarsana sagunging pakurmatan madyaning pawiwahan prasaja ing dalu punika, panjenanganipun Bapa Susanto ngambali ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan menggah rawuhipun panjenengan sedaya. Ing salajengipun mugi kasekecakaken pinarak ing palenggahan kanthi mardikaning penggalih ngantos dumugi paripurnaning pahargyan.
Minangka wigatining sedya, rawuhipun panjenengan wonten wismanipun Bapa Susanto saperlu hanetepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi, ngentas pitulus kenya putrinipun ingkang asesilih Rara ..., dhaup kaliyan Bagus Purwantaka Sigit, putra kakungipun Bapa Supeno ingkang pidalem ing Tawangsari, Wonosobo.
Lumantar kanthi puja-puji panjengengan sedaya, mugi anggenipun badhe lelumban wonten madyaning bebrayan, tansah atut runtut, manggih bagya mulya ingkang sinedya, rahayu ingkang tinemu, basuki ingkang kaesthi.
Kaleksananing pahargyan punika ing kalenggahan punika saged kalampahan, karana sih pambiyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, tangga tepalih saha para tamu, ingkang sampun paring pisumbang awujud punapa kemawon, ingkang sanyata saged hangenthengaken sesanggeman. Ingkang punika panjenganipun ... ngaturaken gunging panuwun, mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kasaenan, saengga pikantuk leliru ingkang satraju, miwah bebingah ingkang malimpah-limpah.
Sagung para lenggah ingkang pantes sinuba sinudarsana, mekaten ingkang dados atur kula. Wonten cicir ceweting atur dalah tutur ingkang kirang trapsila satemah ndadodasaken kirang nuju prana dhumateng panggalihipun panjengang sedaya jenang sela wader kali sesonderan apuranta yen wonten lepat kula.
Wassalamu'alaikum.wr.wb
Demikian contoh teks atur pambagyoharjo untuk berbagai acara yang dapat detikers jadikan referensi. Semoga bermanfaat, Dab!
(ahr/cln)
Komentar Terbanyak
Jokowi Berkelakar soal Ijazah di Reuni Fakultas Kehutanan UGM
Blak-blakan Jokowi Ngaku Paksakan Ikut Reuni buat Redam Isu Ijazah Palsu
Tiba di Reuni Fakultas Kehutanan, Jokowi Disambut Sekretaris UGM