Hari Raya Idul Adha 1445 Hijriah akan segera datang. Pada momen ini, muslim dianjurkan mengerjakan amalan sunah, salah satunya melaksanakan salat Id berjemaah.
Salat Idul Adha selalu diisi dengan ceramah. Simak contoh khutbah Idul Adha dalam bahasa Jawa.
Setelah salat Id berjemaah selesai ditunaikan, biasanya akan ada khutbah Idul Adha yang disampaikan khatib. Menyampaikan khutbah Idul Adha bisa dengan bahasa Jawa, terutama untuk masyarakat Jawa.
Contoh Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa
Khutbah Idul Adha perlu disiapkan secara matang, termasuk menyiapkan teks khutbah. Mengutip dari berbagai sumber, simak kumpulan contoh khutbah bahasa Jawa untuk Idul Adha sebagai berikut.
Contoh Khutbah #1: Neladani Kesabaran Nabi Ibrahim lan Birrul Walidain Nabi Ismail
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَا إِ لَهَ إِلَّا اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
الْحَمْدُ للهِ الَّذِى جَعَلَ لِلْمُسْلِمِيْنَ عِيْدَ اْلاَضْحَى بَعْدَ يَوْمِ عَرَفَةَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدٌ اَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَ أنْصَارِهِ وَ جُنُودِهِ وَ مَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ إلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ اَمَّا بَعْدُ: فَيَا مَعَاشِرَ المُسلمِيْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقاتِهِ وِلا تَمُوْتُنَّ إِّلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ، قال الله تعالى فى القُرانِ العَظيم بسم الله الرحمن الرحيم رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ فَبَشَّرْنَاهُ بِغُلَامٍ حَلِيمٍ
Jemaah Idul Adha rahimakumullah.
Monggo kito sareng-sareng ningkataken raos takwo lan ajrih dumateng Gusti Allah, amergi saking takwo saget pikantuk ridone Gusti Allah lan nggayuh kabegjan dunyo akherat. Pramilo, takwo niku dados punjere tiyang mukmin.
Sholawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang kito ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten dinten Kiamat. Ugi, saking Kanjeng Nabi Muhammad kito sedoyo saget mangertosi carane ngelampahi amal ibadah lan kesaenan, sehinggo kito sedoyo saget selamet dunyo akherat.
Dinten sakmeniko, dinten riyadin kurban ingkang dipundut saking tindak lampahe Nabi Ibrahim naliko diuji kaliyan Gusti Allah. Gusti Allah dawuh:
وَإِذِ ابْتَلَىٰ إِبْرَاهِيمَ رَبُّهُ بِكَلِمَاتٍ فَأَتَمَّهُنَّ ۖ قَالَ إِنِّي جَاعِلُكَ لِلنَّاسِ إِمَامًا ۖ قَالَ وَمِن ذُرِّيَّتِي ۖ قَالَ لَا يَنَالُ عَهْدِي الظَّالِمِينَ
Artosipun: Lan nalikane Gusti Allah nyubo (nguji) Nabi Ibrahim kelawan pirang-pirang kalimat (perintah lan larangan), mongko Nabi Ibrahim nindakaken kanti sempurno. Gusti Allah dawuh, saktemene ingsun bakal ndadekno siro dadi pemimpin menungso. Nabi Ibrahim matur, lan saking tedak turun kulo. Gusti Allah dawuh: janji ingsun ora bakal mekenani (ngenani) wong-wong dzolim. (Al-Baqarah, 124).
Ayat meniko dipun pertelaaken ing tafsir Ibn Katsir lan tafsir Jalalain bilih maknane "kalimatin" meniko "aturane agomo" ingkang ngeliputi babakan perintah lan larangan. Tegese Nabi Ibrahim diuji Gusti Allah supados ninda'aken sedoyo perintah lan nebihi laranganipun. Salah setunggale perintah ingkang kedah dipun laksanaaken nggih meniko mbeleh Nabi Ismail, putrane piyambak.
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Hadirin ingkang minulyo.
Perintah mbeleh putrane piyambak niki dados ujian sabar kagem Nabi Ibrahim. Padahal Nabi Ibrahim dangu ngajeng-ngajeng sanget nggadah putro ingkang ngewarisi perjuangane. Nabi Ibrahim ngantos ndungo:
رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ فَبَشَّرْنَاهُ بِغُلَامٍ حَلِيمٍ
Artosipun: Duh Gusti Allah, kulo nyuwun panjenengan paringi kulo kalebet saking golongane tiyang shalih. Mongko ingsun (Allah) paring bebungah ing Nabi Ibrahim kelawan nggadah putro ingkang jembar dodone (sabar).
Wonten tafsir Baghowi "hab liy minas sholihin" dipun tafsiri:
يَعْنِي هَبْ لِي وَلَدًا صَالِحًا مِنَ الصَّالِحِينَ
Artosipun: kulo nyuwun panjenengan paringi putro ingkang shalih saking golongane tiyang-tiyang shalih.
Perintah mbeleh niki kaprahe abot sanget dipun laksana'aken kagem sinten kimawon, nopo maleh ingkang puluhan tahun mboten nggadah putro, ananging Nabi Ibrahim mboten kados ngoten. Nabi Ibrahim dados kekasihe Gusti Allah ingkang nggadah kesabaran lan keyakinan mantep marang perintahe Gusti Allah.
Sinaoso mekaten, Nabi Ibrahim mbika' komunikasi lan mirengaken pendapat putrane babakan impen mbeleh kasebat, ingkang naliko niku Nabi Ismail kinten-kinten yuswo pitu utawi telulas tahun. Peristiwa meniko dipun sebataken wonten surat Asshaaffat, 102:
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانظُرْ مَاذَا تَرَىٰ
Artosipun: Semangsane (Nabi Ismail) wis tekan umur iso mlaku bareng Nabi Ibrahim (abahe), Nabi Ibrahim dawuh, Hei anak cilik ingsun, saktemene ingsun ningali ingdalem impen, saktemene ingsun mbeleh siro. Mongko pikiren koyok opo pendapat siro.
Lajeng Nabi Ismail matur:
قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِن شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ
Artosipun: Duh Bopo-ku, panjenengan tinda'aken nopo ingkang dipun perintahaken dumateng panjenengan. Insya Allah, panjenengan bakal manggihi kulo kalebet golonganipun tiyang ingkang sabar.
Kekalihipun pasrah, nampi perintahipun Gusti Allah lan nyerahaken perkawis ingkang diadepi dumateng Gusti Allah. Saking peristiwa niki, Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail paring tulodo kagem kito sedoyo nalikane ngadepi ujian supados nggadah sifat sabar, ugi ngewangsulaken sedoyo perkawis dumateng Gusti Allah.
Mongko naliko kekalihipun pasrah, Nabi Ibrahim ngelumahaken Nabi Ismail ing pilingan, lan nyelehaken lading marang gulunipun, dumadakan Gusti Allah paring dawuh:
قَدْ صَدَّقْتَ الرُّؤْيَا ۚ إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ ، إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ الْبَلَاءُ الْمُبِينُ، وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيمٍ
Artosipun: Saktemene siro wis mbeneraken ngimpi iku, saktemene ingkang koyok mengkunu Ingsun (Allah) paring walesan marang wong-wong kang ngelakoni kebagusan. Saktemene iki bener-bener ujian kang nyoto. Lan Ingsun (Allah) tebus kelawan sembelihan kang agung. (Assaffaat, 105-107) .
Saklajenge dipun dugiaken mendho saking suwargo, supados dipun beleh. Mongko Nabi Ibrahim mbeleh mendho saking suwargo, minongko dados tebusane Nabi Ismail.
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Jemaah Idul Adha ingkang dirahmati Allah.
Monggo kito mundut tupo tulodo saking Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail. Kados pundi kekalihipun pasrah dumateng perintahipun Gusti Allah lan abote ujian nalikane diperintah ngurbanaken perkawis ingkang dipun demeni.
Salah setunggale tulodo saking Nabi Ibrahim nggih meniko tiyang sepah ingkang mboten goroh dumateng putra wayahipun lan paring kesempatan putrane damel mikir keputusane. Mboten malah mekso putro wayahipun.
Lajeng tulodo saking Nabi Ismail arupi ngabektine yugo dumateng romonipun ingkang kalebet birrul walidain, mboten mbantah, langkung-langkung kumowani. Nabi Ismail nderek dawuh romonipun kranten yakin bilih romonipun angsal perintah saking Gusti Allah lewat impenan kang temen.
Pramilo, monggo kito sedoyo ingkang sepuh sageto mirengake pendapate putro wayah, ugi putro wayah sageto ngabekti hormat dumateng tiyang sepah. Kranten ajining keluargo diukur saking welas asihe tiyang sepah lan ngabektine putro wayah. Mugi-mugi kito sedoyo tansah pikantuk pitulung lan rahmate Gusti Allah.
أَعُوْذُ بِا للهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ . بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ. وَالْعَصْرِ إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ باَ رَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْانِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ , وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ .إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ
Contoh Khutbah #2: Nyembelih Qurban, Ngicali Sifat Hewani
الله أكبر الله أكبر الله أكبر , الله أكبر الله أكبر الله أكبر , الله أكبر الله أكبر الله أكبر
اللهُ أَكْبَرُ كَبِيراً وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيراً وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيلاً، لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ
وَاللهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ. . إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ . نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ . وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورٍ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا . مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلَا هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لا إله إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ ، أَللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ
أَمَّا بَعْدُ فَيَاعِبَادَ اللهِ : أَوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ
تُفْلِحُونَ . قَالَ اللَّهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ .
Jemaah idul adha, rohimakumulloh.
Sumonggo kito tansah nggatosaken babagan ketaqwaan kito wonten ngarsanipun Allah, taqwalloh. Sumangga kito soyo, tambah yuswo, monggo tansah tambah-matambah anggen kito depe-depe wonten ngarsanipun Allah. Nindakaken dhawuh-dhawuh ipun lan nebihi sedaya kemaksiatan lan awisanipun.
Dawuhipun Allah SWT:
. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
"He wong-wong kang podo iman, podo taqwao siro kabeh ono ngersane Alloh kelawan sakbener-benere taqwa; lan ojo pisan-pisan siro tinggal dunyo, kejobo siro podo Islam-islam kabeh".
Sumangga ing manah kito tansah nglenggana bilih kito menika titahipun Allah, hambanipun Allah SWT. kadhawuhan supados tansah ngibadah wonten ngarsanipun Allah.
. وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْإِنْسَ إِلَّا لِيَعْبُدُونِ
"Lan ingsun Allah ora nitahke Jin lan Menungsa kejaba supaya pada ngibadah marang ingsun Allah".
Ma'asyirol muslimin rohimakumulloh.
Wonten ing tanggal 9 Dzulhijjah kala wingi, kito sami-sami nindakaken amalan sunnah, shiyam Arofah, ingkang saestu ageng sanget ganjaranipun kados katerangan hadist :
صحيح مسلم - (ج 1 / ص (٥٦)
. عَنْ أَبِي قَتَادَةَ الْأَنْصَارِي رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُ ... قَالَ وَسُئِلَ عَنْ صَوْمٍ يَوْمِ عَرَفَةَ
فَقَالَ يُكَفِّرُ السَّنَةَ الْمَاضِيَةَ وَالْبَاقِيَةَ. (رواه مسلم)
"Hadits riwayat saking Abi Qotadah, Rosululloh SAW dipun suwuni pirso ngingingi poso wonteng ing dinten Arofah, dhaquwipun : iku bisa mbusek dosa kang wus kalakon ing setahun kepungkur lan ing setahun kang bakal tumeka". (HR. Imam Muslim).
Saklajengipun tanggal 10 Dzulhijjah injing menika kito sami kempal manunggal saperlu taqorrub dumateng Allah, kanthi ngathah2 aken takbir, tahlil, tahmid, tasbih lan nindakaken salat Id. Soho kalajengaken ibadah qurban inggih mragat menda utawi lembu, kanthi niyat ngibadah dateng ngarsanipun Allah SWT.
Allohu Akbar. Allohu Akbar. Allohu Akbar.
Qurban ingkang kito tindakaken menika, nuladha dhateng Nabi Ibrahim AS, nalika dipun uji imananipun dening Allah SWT. Rikala semanten, Nabi Ibrahim kadhawuhan supados ngurbanaken utawi nyembelih putra kinasihipun ingkang asma Ismail AS.
Nabi Ibrahim AS. saestu nindakaken ujian menika kanthi ikhlas lan tawakal, pitados bilih Allah SWT, mboten badhe dzalim dumateng kawulanipun ingkang taat. Kados dipun gambaraken wonten ing Kitab suci Al-Qur'an, surat, As-Shoffat: 102:
. قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَى فِي المَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ
"Hai anakku (Isma'il), saktemene Aku weruh ono ing sak jerone impen yen Aku (kadhawuhan) nyembelih sliramu. Mula kepiye mungguh penemumu?" Ismail njawab: "duh bapa, katindakna menapa ingkang dados dawuhipun Allah dumateng panjenengan; Insya Allah panjenengan bade manggihi kula ing golonganipun tiyang2 ingkang sabar". (Q.S, As-Shoffat: 102).
Allohu Akbar-Allohu Akbar Walilahilhamd.
Nalika Ismail sampun pasrah lan Nabi Ibrahim enggal bade nindakaken nyembelih kang putra. Subhanalloh!!! Saknalika, Malaikat Jibril rawuh kanti ngasto menda ingkang ageng, minangka gantosipun, lan paring dhawuh, bilih Nabi Ibrahim sampun lulus angenipun ninda'aken dhawuh saking Allah SWT.
Jemaah Idul Adha rohimakumullah.
Wonten ing zaman Rosululloh Muhammad SAW dhawuh ngelksanakaken qurban kaemot wonten ing Al-Qur'an.
إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ * فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ *
"Sak temene wis ingsun paringke marang sirokabeh nikmat sing akeh, mulo podo tindakno salat krana robb-mu lan tindakna qurban".
Cetho sanget, bilih dhawuh al-Qur'an ing nginggil, mrentahaken supados ngalmaphi ibadah qurban, sak lintunipun ibadah shalat. Qurban ingkang kito tindakaken minangka bukti ketaaatan kito dateng ngarsanipun Gusti Allah SWT. Minangka tondho keimanan lan ketaqwaan kito.
Dhawuh Al-Qur'an Surah Al Hajj ayat 37:
لَنْ يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَى مِنْكُمْ (الحج : ۳۷)
"Ora arep teko ing ngarsane Allah, daging lan getihe qurban. Ananging kang teko ing ngarsane Allah, yaiku ketaqwaan nira kabeh." (Q.S. Al-Hajj : 37).
Ibadah qurban miturut jumhur ulama hukumipun sunnah muakkadah. Anamung para sederek ingkang mampu ampun ngantos owel nindakaken. Jalaran Rosulullah SAW sampun wasiat wonten ing setunggaling hadits riwayat Abu Hurairah:
. عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ مَنْ كَانَ لَهُ سَعَةٌ
وَلَمْ يُصَحَ فَلَا يَقْرَبَنَّ مُصَلَّانَا. (رواه ابن ماجه)
"Riwayat Abu Hurairah RA, yektosipun Rasululloh sampun dhawuh: Singsapa wonge nduweni kemampuan, ananging dheweke ora gelem nindakke qurban, mangka aja cedhak-cedhak papan salatku"... (HR. Ibnu Majah).
Allahu Akbar Allahu Akbar Allohu Akbar.
Kathah werni dan rupi ibadah ingkang kadhawuhaken dhateng kito, kados : salat, Poso, Zakat lan Shodakoh. Nanging ing tanggal 10, 11, 12 lan 13 Zul Hijjah meniko kito dipun perintahaken ngelampahi ibadah qurban ingkang arupi nyembelih hewan.
Menikosedoyongemusuraos, bilihkito kedah nyembelih lan ngicali sifat-sifat hewani, ingkangwonteningmanahkito sami. Hewan menikagesangipunmbotenmawi tuntunan lan namung cekap gesangingngalamdunyo, botennatos mikir wontenipunpagesangan akhirat.
Sak wangsulipun pagesangan kito kedah mawi tuntunan lan tatanan, lan tujuan kito boten kandek gesang ing dunyo, nanging ngantos pagesangan akhirat. Allah suka pemut bilih salah setunggaling ciri tiyang ingkang mbenjang badhe dados penghuni neraka jahanam, injih menika tiang ingkang manah, mripati lan kupingipun kados dene gadhahani hewan. Mboten dipun ginakaken kangge nampi pepiling ayat-ayatipun Allah.
وَلَقَدْ ذَرَأْنَا لِجَهَنَّمَ كَثِيرًا مِنَ الْجِنِّ وَالإِنْسِ لَهُمْ قُلُوبٌ لَا يَفْقَهُونَ بِهَا وَلَهُمْ أَعْيُنٌ لا يُبْصِرُونَ بِهَا وَلَهُمْ آذَانٌ لا يَسْمَعُونَ بِهَا أُولَئِكَ كَالْأَنْعَامِ بَلْ هُمْ
أَضَلُّ أُولَئِكَ هُمُ الْغَافِلُونَ (الاعراف : (۱۷۹)
"Lan saktemene bakal ingsun dadekake isining neraka jahanam, akkehe saka jin lan manungsa kang nduweni ati, ananging ora kanggo mahami, kang nduweni mripat ananging ora kanggo ndeleng, lan nduweni talingan ananging ora kanggo ngrungokake. Wong-wong iku mau kaya kewan ternak, kepara luwih asor maneh. Dhewekke klebu wong-wong sing pada lali" Hewan meniko gesangipun boten mawi aturan, namung buru karepe hawa napsu lan kiyatipun tenogo.
Gesangipun hewan namung kangge dinten meniko. Menawi sampun cekap kabetahan pakan, komboran lan birahinipun, nggih sampun rumaos remen lan cekap gesangipun. Ananging manungsa, kedahipun mboten mekaten. Manungso mboten cekap namung nuruti betahipun kadunyan kemawon, nanging ugi kedah pados sangunipun pagesangan akhirat. Kados dhawuhipun Allah:
. وَابْتَغِ فِيمَا آتَاكَ اللَّهُ الدَّارَ الْآخِرَةَ وَلَا تَنْسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا وَأَحْسِنُ كَمَا أَحْسَنَ اللهُ إِلَيْكَ وَلَا تَبْغِ الْفَسَادَ فِي الْأَرْضِ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ الْمُفْسِدِينَ.
لقصص : (۷۷)
"Lan padha golekana apa-apa kang den angugrahke Allah marang sira (kabegjan) ing desane akherat lan aja nglalekake bageanmu saka perkoro ndonya. Lan gaweo becik siro koyo dene Allah wus gawe apik marang siro. Lan ojo gawe karusakan ono ing duwur bumi, sak temene Allah ora demen marang wongkang podo gawe karusakan".
Pramila sumangga kito sampun ngantos gesang, kados dene hewan ingkang namung ngladeni karepe nafsu lan namung mbujung kabetahan ndonya, nglirwakaken kabetahan akhirat. Ngibadah wegah, salat ora kuwat, pasa ora kuwoso, sehat kangge maksiat, duwe bandha kangge nguja hawa nafsu, kadonyan.
Saat meniko wancinipun kito berbagi lan saling tolong menolong. Mugi kito tansah kaparingan kekiyatan, hidayah, taufiq lan ma'unah. Saget ngathah-ngathahaken pengibadahan nilar sedaya kemaksiatan ing sahingga kito saget kagolongaken ewonipun kawulo ingkang kaparingan kawilujengan ing dunyo ngantos ing akhirat. Amin ya robbbal 'alamin.
. بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِينَ بِآيَةِ القُرْآنِ الْكَرِيمِ، وَنَفَعَنَا وَإِيَاكُمْ بِتِلَاوَتِهِ
وَفَهْمِهِ وَبِحِفْظِ مَعَانِيهِ العَظِيمِ : أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّحِيمِ : . وَالْعَصْرِ (۱) إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ (۲) إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ
وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ (۳).. وَقُل رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ أَرْحَمُ الرَّحِمِينَ .
Contoh khutbah Idul Adha dalam bahasa Jawa lainnya baca di halaman selanjutnya...
(irb/fat)