Hari Raya Idul Adha 1445 Hijriah akan segera datang. Pada momen ini, muslim dianjurkan mengerjakan amalan sunah, salah satunya melaksanakan salat Id berjemaah.
Salat Idul Adha selalu diisi dengan ceramah. Simak contoh khutbah Idul Adha dalam bahasa Jawa.
Setelah salat Id berjemaah selesai ditunaikan, biasanya akan ada khutbah Idul Adha yang disampaikan khatib. Menyampaikan khutbah Idul Adha bisa dengan bahasa Jawa, terutama untuk masyarakat Jawa.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Contoh Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa
Khutbah Idul Adha perlu disiapkan secara matang, termasuk menyiapkan teks khutbah. Mengutip dari berbagai sumber, simak kumpulan contoh khutbah bahasa Jawa untuk Idul Adha sebagai berikut.
Contoh Khutbah #1: Neladani Kesabaran Nabi Ibrahim lan Birrul Walidain Nabi Ismail
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَا إِ لَهَ إِلَّا اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
الْحَمْدُ للهِ الَّذِى جَعَلَ لِلْمُسْلِمِيْنَ عِيْدَ اْلاَضْحَى بَعْدَ يَوْمِ عَرَفَةَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدٌ اَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَ أنْصَارِهِ وَ جُنُودِهِ وَ مَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ إلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ اَمَّا بَعْدُ: فَيَا مَعَاشِرَ المُسلمِيْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقاتِهِ وِلا تَمُوْتُنَّ إِّلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ، قال الله تعالى فى القُرانِ العَظيم بسم الله الرحمن الرحيم رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ فَبَشَّرْنَاهُ بِغُلَامٍ حَلِيمٍ
Jemaah Idul Adha rahimakumullah.
Monggo kito sareng-sareng ningkataken raos takwo lan ajrih dumateng Gusti Allah, amergi saking takwo saget pikantuk ridone Gusti Allah lan nggayuh kabegjan dunyo akherat. Pramilo, takwo niku dados punjere tiyang mukmin.
Sholawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang kito ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten dinten Kiamat. Ugi, saking Kanjeng Nabi Muhammad kito sedoyo saget mangertosi carane ngelampahi amal ibadah lan kesaenan, sehinggo kito sedoyo saget selamet dunyo akherat.
Dinten sakmeniko, dinten riyadin kurban ingkang dipundut saking tindak lampahe Nabi Ibrahim naliko diuji kaliyan Gusti Allah. Gusti Allah dawuh:
وَإِذِ ابْتَلَىٰ إِبْرَاهِيمَ رَبُّهُ بِكَلِمَاتٍ فَأَتَمَّهُنَّ ۖ قَالَ إِنِّي جَاعِلُكَ لِلنَّاسِ إِمَامًا ۖ قَالَ وَمِن ذُرِّيَّتِي ۖ قَالَ لَا يَنَالُ عَهْدِي الظَّالِمِينَ
Artosipun: Lan nalikane Gusti Allah nyubo (nguji) Nabi Ibrahim kelawan pirang-pirang kalimat (perintah lan larangan), mongko Nabi Ibrahim nindakaken kanti sempurno. Gusti Allah dawuh, saktemene ingsun bakal ndadekno siro dadi pemimpin menungso. Nabi Ibrahim matur, lan saking tedak turun kulo. Gusti Allah dawuh: janji ingsun ora bakal mekenani (ngenani) wong-wong dzolim. (Al-Baqarah, 124).
Ayat meniko dipun pertelaaken ing tafsir Ibn Katsir lan tafsir Jalalain bilih maknane "kalimatin" meniko "aturane agomo" ingkang ngeliputi babakan perintah lan larangan. Tegese Nabi Ibrahim diuji Gusti Allah supados ninda'aken sedoyo perintah lan nebihi laranganipun. Salah setunggale perintah ingkang kedah dipun laksanaaken nggih meniko mbeleh Nabi Ismail, putrane piyambak.
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Hadirin ingkang minulyo.
Perintah mbeleh putrane piyambak niki dados ujian sabar kagem Nabi Ibrahim. Padahal Nabi Ibrahim dangu ngajeng-ngajeng sanget nggadah putro ingkang ngewarisi perjuangane. Nabi Ibrahim ngantos ndungo:
رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ فَبَشَّرْنَاهُ بِغُلَامٍ حَلِيمٍ
Artosipun: Duh Gusti Allah, kulo nyuwun panjenengan paringi kulo kalebet saking golongane tiyang shalih. Mongko ingsun (Allah) paring bebungah ing Nabi Ibrahim kelawan nggadah putro ingkang jembar dodone (sabar).
Wonten tafsir Baghowi "hab liy minas sholihin" dipun tafsiri:
يَعْنِي هَبْ لِي وَلَدًا صَالِحًا مِنَ الصَّالِحِينَ
Artosipun: kulo nyuwun panjenengan paringi putro ingkang shalih saking golongane tiyang-tiyang shalih.
Perintah mbeleh niki kaprahe abot sanget dipun laksana'aken kagem sinten kimawon, nopo maleh ingkang puluhan tahun mboten nggadah putro, ananging Nabi Ibrahim mboten kados ngoten. Nabi Ibrahim dados kekasihe Gusti Allah ingkang nggadah kesabaran lan keyakinan mantep marang perintahe Gusti Allah.
Sinaoso mekaten, Nabi Ibrahim mbika' komunikasi lan mirengaken pendapat putrane babakan impen mbeleh kasebat, ingkang naliko niku Nabi Ismail kinten-kinten yuswo pitu utawi telulas tahun. Peristiwa meniko dipun sebataken wonten surat Asshaaffat, 102:
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانظُرْ مَاذَا تَرَىٰ
Artosipun: Semangsane (Nabi Ismail) wis tekan umur iso mlaku bareng Nabi Ibrahim (abahe), Nabi Ibrahim dawuh, Hei anak cilik ingsun, saktemene ingsun ningali ingdalem impen, saktemene ingsun mbeleh siro. Mongko pikiren koyok opo pendapat siro.
Lajeng Nabi Ismail matur:
قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِن شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ
Artosipun: Duh Bopo-ku, panjenengan tinda'aken nopo ingkang dipun perintahaken dumateng panjenengan. Insya Allah, panjenengan bakal manggihi kulo kalebet golonganipun tiyang ingkang sabar.
Kekalihipun pasrah, nampi perintahipun Gusti Allah lan nyerahaken perkawis ingkang diadepi dumateng Gusti Allah. Saking peristiwa niki, Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail paring tulodo kagem kito sedoyo nalikane ngadepi ujian supados nggadah sifat sabar, ugi ngewangsulaken sedoyo perkawis dumateng Gusti Allah.
Mongko naliko kekalihipun pasrah, Nabi Ibrahim ngelumahaken Nabi Ismail ing pilingan, lan nyelehaken lading marang gulunipun, dumadakan Gusti Allah paring dawuh:
قَدْ صَدَّقْتَ الرُّؤْيَا ۚ إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ ، إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ الْبَلَاءُ الْمُبِينُ، وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيمٍ
Artosipun: Saktemene siro wis mbeneraken ngimpi iku, saktemene ingkang koyok mengkunu Ingsun (Allah) paring walesan marang wong-wong kang ngelakoni kebagusan. Saktemene iki bener-bener ujian kang nyoto. Lan Ingsun (Allah) tebus kelawan sembelihan kang agung. (Assaffaat, 105-107) .
Saklajenge dipun dugiaken mendho saking suwargo, supados dipun beleh. Mongko Nabi Ibrahim mbeleh mendho saking suwargo, minongko dados tebusane Nabi Ismail.
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Jemaah Idul Adha ingkang dirahmati Allah.
Monggo kito mundut tupo tulodo saking Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail. Kados pundi kekalihipun pasrah dumateng perintahipun Gusti Allah lan abote ujian nalikane diperintah ngurbanaken perkawis ingkang dipun demeni.
Salah setunggale tulodo saking Nabi Ibrahim nggih meniko tiyang sepah ingkang mboten goroh dumateng putra wayahipun lan paring kesempatan putrane damel mikir keputusane. Mboten malah mekso putro wayahipun.
Lajeng tulodo saking Nabi Ismail arupi ngabektine yugo dumateng romonipun ingkang kalebet birrul walidain, mboten mbantah, langkung-langkung kumowani. Nabi Ismail nderek dawuh romonipun kranten yakin bilih romonipun angsal perintah saking Gusti Allah lewat impenan kang temen.
Pramilo, monggo kito sedoyo ingkang sepuh sageto mirengake pendapate putro wayah, ugi putro wayah sageto ngabekti hormat dumateng tiyang sepah. Kranten ajining keluargo diukur saking welas asihe tiyang sepah lan ngabektine putro wayah. Mugi-mugi kito sedoyo tansah pikantuk pitulung lan rahmate Gusti Allah.
أَعُوْذُ بِا للهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ . بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ. وَالْعَصْرِ إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ باَ رَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْانِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ , وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ .إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ
Contoh Khutbah #2: Nyembelih Qurban, Ngicali Sifat Hewani
الله أكبر الله أكبر الله أكبر , الله أكبر الله أكبر الله أكبر , الله أكبر الله أكبر الله أكبر
اللهُ أَكْبَرُ كَبِيراً وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيراً وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيلاً، لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ
وَاللهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ. . إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ . نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ . وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورٍ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا . مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلَا هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لا إله إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ ، أَللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ
أَمَّا بَعْدُ فَيَاعِبَادَ اللهِ : أَوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ
تُفْلِحُونَ . قَالَ اللَّهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ .
Jemaah idul adha, rohimakumulloh.
Sumonggo kito tansah nggatosaken babagan ketaqwaan kito wonten ngarsanipun Allah, taqwalloh. Sumangga kito soyo, tambah yuswo, monggo tansah tambah-matambah anggen kito depe-depe wonten ngarsanipun Allah. Nindakaken dhawuh-dhawuh ipun lan nebihi sedaya kemaksiatan lan awisanipun.
Dawuhipun Allah SWT:
. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
"He wong-wong kang podo iman, podo taqwao siro kabeh ono ngersane Alloh kelawan sakbener-benere taqwa; lan ojo pisan-pisan siro tinggal dunyo, kejobo siro podo Islam-islam kabeh".
Sumangga ing manah kito tansah nglenggana bilih kito menika titahipun Allah, hambanipun Allah SWT. kadhawuhan supados tansah ngibadah wonten ngarsanipun Allah.
. وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْإِنْسَ إِلَّا لِيَعْبُدُونِ
"Lan ingsun Allah ora nitahke Jin lan Menungsa kejaba supaya pada ngibadah marang ingsun Allah".
Ma'asyirol muslimin rohimakumulloh.
Wonten ing tanggal 9 Dzulhijjah kala wingi, kito sami-sami nindakaken amalan sunnah, shiyam Arofah, ingkang saestu ageng sanget ganjaranipun kados katerangan hadist :
صحيح مسلم - (ج 1 / ص (٥٦)
. عَنْ أَبِي قَتَادَةَ الْأَنْصَارِي رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُ ... قَالَ وَسُئِلَ عَنْ صَوْمٍ يَوْمِ عَرَفَةَ
فَقَالَ يُكَفِّرُ السَّنَةَ الْمَاضِيَةَ وَالْبَاقِيَةَ. (رواه مسلم)
"Hadits riwayat saking Abi Qotadah, Rosululloh SAW dipun suwuni pirso ngingingi poso wonteng ing dinten Arofah, dhaquwipun : iku bisa mbusek dosa kang wus kalakon ing setahun kepungkur lan ing setahun kang bakal tumeka". (HR. Imam Muslim).
Saklajengipun tanggal 10 Dzulhijjah injing menika kito sami kempal manunggal saperlu taqorrub dumateng Allah, kanthi ngathah2 aken takbir, tahlil, tahmid, tasbih lan nindakaken salat Id. Soho kalajengaken ibadah qurban inggih mragat menda utawi lembu, kanthi niyat ngibadah dateng ngarsanipun Allah SWT.
Allohu Akbar. Allohu Akbar. Allohu Akbar.
Qurban ingkang kito tindakaken menika, nuladha dhateng Nabi Ibrahim AS, nalika dipun uji imananipun dening Allah SWT. Rikala semanten, Nabi Ibrahim kadhawuhan supados ngurbanaken utawi nyembelih putra kinasihipun ingkang asma Ismail AS.
Nabi Ibrahim AS. saestu nindakaken ujian menika kanthi ikhlas lan tawakal, pitados bilih Allah SWT, mboten badhe dzalim dumateng kawulanipun ingkang taat. Kados dipun gambaraken wonten ing Kitab suci Al-Qur'an, surat, As-Shoffat: 102:
. قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَى فِي المَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ
"Hai anakku (Isma'il), saktemene Aku weruh ono ing sak jerone impen yen Aku (kadhawuhan) nyembelih sliramu. Mula kepiye mungguh penemumu?" Ismail njawab: "duh bapa, katindakna menapa ingkang dados dawuhipun Allah dumateng panjenengan; Insya Allah panjenengan bade manggihi kula ing golonganipun tiyang2 ingkang sabar". (Q.S, As-Shoffat: 102).
Allohu Akbar-Allohu Akbar Walilahilhamd.
Nalika Ismail sampun pasrah lan Nabi Ibrahim enggal bade nindakaken nyembelih kang putra. Subhanalloh!!! Saknalika, Malaikat Jibril rawuh kanti ngasto menda ingkang ageng, minangka gantosipun, lan paring dhawuh, bilih Nabi Ibrahim sampun lulus angenipun ninda'aken dhawuh saking Allah SWT.
Jemaah Idul Adha rohimakumullah.
Wonten ing zaman Rosululloh Muhammad SAW dhawuh ngelksanakaken qurban kaemot wonten ing Al-Qur'an.
إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ * فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ *
"Sak temene wis ingsun paringke marang sirokabeh nikmat sing akeh, mulo podo tindakno salat krana robb-mu lan tindakna qurban".
Cetho sanget, bilih dhawuh al-Qur'an ing nginggil, mrentahaken supados ngalmaphi ibadah qurban, sak lintunipun ibadah shalat. Qurban ingkang kito tindakaken minangka bukti ketaaatan kito dateng ngarsanipun Gusti Allah SWT. Minangka tondho keimanan lan ketaqwaan kito.
Dhawuh Al-Qur'an Surah Al Hajj ayat 37:
لَنْ يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَى مِنْكُمْ (الحج : ۳۷)
"Ora arep teko ing ngarsane Allah, daging lan getihe qurban. Ananging kang teko ing ngarsane Allah, yaiku ketaqwaan nira kabeh." (Q.S. Al-Hajj : 37).
Ibadah qurban miturut jumhur ulama hukumipun sunnah muakkadah. Anamung para sederek ingkang mampu ampun ngantos owel nindakaken. Jalaran Rosulullah SAW sampun wasiat wonten ing setunggaling hadits riwayat Abu Hurairah:
. عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ مَنْ كَانَ لَهُ سَعَةٌ
وَلَمْ يُصَحَ فَلَا يَقْرَبَنَّ مُصَلَّانَا. (رواه ابن ماجه)
"Riwayat Abu Hurairah RA, yektosipun Rasululloh sampun dhawuh: Singsapa wonge nduweni kemampuan, ananging dheweke ora gelem nindakke qurban, mangka aja cedhak-cedhak papan salatku"... (HR. Ibnu Majah).
Allahu Akbar Allahu Akbar Allohu Akbar.
Kathah werni dan rupi ibadah ingkang kadhawuhaken dhateng kito, kados : salat, Poso, Zakat lan Shodakoh. Nanging ing tanggal 10, 11, 12 lan 13 Zul Hijjah meniko kito dipun perintahaken ngelampahi ibadah qurban ingkang arupi nyembelih hewan.
Menikosedoyongemusuraos, bilihkito kedah nyembelih lan ngicali sifat-sifat hewani, ingkangwonteningmanahkito sami. Hewan menikagesangipunmbotenmawi tuntunan lan namung cekap gesangingngalamdunyo, botennatos mikir wontenipunpagesangan akhirat.
Sak wangsulipun pagesangan kito kedah mawi tuntunan lan tatanan, lan tujuan kito boten kandek gesang ing dunyo, nanging ngantos pagesangan akhirat. Allah suka pemut bilih salah setunggaling ciri tiyang ingkang mbenjang badhe dados penghuni neraka jahanam, injih menika tiang ingkang manah, mripati lan kupingipun kados dene gadhahani hewan. Mboten dipun ginakaken kangge nampi pepiling ayat-ayatipun Allah.
وَلَقَدْ ذَرَأْنَا لِجَهَنَّمَ كَثِيرًا مِنَ الْجِنِّ وَالإِنْسِ لَهُمْ قُلُوبٌ لَا يَفْقَهُونَ بِهَا وَلَهُمْ أَعْيُنٌ لا يُبْصِرُونَ بِهَا وَلَهُمْ آذَانٌ لا يَسْمَعُونَ بِهَا أُولَئِكَ كَالْأَنْعَامِ بَلْ هُمْ
أَضَلُّ أُولَئِكَ هُمُ الْغَافِلُونَ (الاعراف : (۱۷۹)
"Lan saktemene bakal ingsun dadekake isining neraka jahanam, akkehe saka jin lan manungsa kang nduweni ati, ananging ora kanggo mahami, kang nduweni mripat ananging ora kanggo ndeleng, lan nduweni talingan ananging ora kanggo ngrungokake. Wong-wong iku mau kaya kewan ternak, kepara luwih asor maneh. Dhewekke klebu wong-wong sing pada lali" Hewan meniko gesangipun boten mawi aturan, namung buru karepe hawa napsu lan kiyatipun tenogo.
Gesangipun hewan namung kangge dinten meniko. Menawi sampun cekap kabetahan pakan, komboran lan birahinipun, nggih sampun rumaos remen lan cekap gesangipun. Ananging manungsa, kedahipun mboten mekaten. Manungso mboten cekap namung nuruti betahipun kadunyan kemawon, nanging ugi kedah pados sangunipun pagesangan akhirat. Kados dhawuhipun Allah:
. وَابْتَغِ فِيمَا آتَاكَ اللَّهُ الدَّارَ الْآخِرَةَ وَلَا تَنْسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا وَأَحْسِنُ كَمَا أَحْسَنَ اللهُ إِلَيْكَ وَلَا تَبْغِ الْفَسَادَ فِي الْأَرْضِ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ الْمُفْسِدِينَ.
لقصص : (۷۷)
"Lan padha golekana apa-apa kang den angugrahke Allah marang sira (kabegjan) ing desane akherat lan aja nglalekake bageanmu saka perkoro ndonya. Lan gaweo becik siro koyo dene Allah wus gawe apik marang siro. Lan ojo gawe karusakan ono ing duwur bumi, sak temene Allah ora demen marang wongkang podo gawe karusakan".
Pramila sumangga kito sampun ngantos gesang, kados dene hewan ingkang namung ngladeni karepe nafsu lan namung mbujung kabetahan ndonya, nglirwakaken kabetahan akhirat. Ngibadah wegah, salat ora kuwat, pasa ora kuwoso, sehat kangge maksiat, duwe bandha kangge nguja hawa nafsu, kadonyan.
Saat meniko wancinipun kito berbagi lan saling tolong menolong. Mugi kito tansah kaparingan kekiyatan, hidayah, taufiq lan ma'unah. Saget ngathah-ngathahaken pengibadahan nilar sedaya kemaksiatan ing sahingga kito saget kagolongaken ewonipun kawulo ingkang kaparingan kawilujengan ing dunyo ngantos ing akhirat. Amin ya robbbal 'alamin.
. بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِينَ بِآيَةِ القُرْآنِ الْكَرِيمِ، وَنَفَعَنَا وَإِيَاكُمْ بِتِلَاوَتِهِ
وَفَهْمِهِ وَبِحِفْظِ مَعَانِيهِ العَظِيمِ : أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّحِيمِ : . وَالْعَصْرِ (۱) إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ (۲) إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ
وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ (۳).. وَقُل رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ أَرْحَمُ الرَّحِمِينَ .
Contoh khutbah Idul Adha dalam bahasa Jawa lainnya baca di halaman selanjutnya...
Contoh Khutbah #3: Ibadah Kurban lan Transformasi Sosial
اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ الله وَبَرَكَاتُه اَلله اَكْبَرُ x٩ اَلله اَكْبَرُ كَبِيْرَ وَالْحَمْدُلله كَثِيْرًا وَسُبْحَان الله بُكْرَةً وَاَصِيْلاً. اَلْحَمْدُ لله الْوَاحِدِ الأَحَدِ اَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَهُوَ الْفَرْدُ الصَّمَدُ . اَشْهَدُ اَنْ لَااِلٰهَ الَّاالله وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ. فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيِ قَالَ يَابُنَيَّ إِنِّيْ أَرَى فِى الْمَنَامِ أَتِيْ اَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى قَالَ يَأَبَتِ افْعَلْ مَاتُؤْمَرُ سَتَجِدُنَيْ اِنْ شَاءَلله مِنَ الصَّابِرِيْنَ. وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدٌ وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ الله اِتَّقُوْا الله حَقَّ تُقَاتِهِ.
Allahu Akbar 3x walillahi hamd.
Sederek kaum muslimin ingkang berbahagia.
Teng enjing ingkang berbahagia puniki, kula sedaya maksih saged mirengaken kagunganipun Gusti Allah swt kelawan kagungan kaliyan kawasanipun teng selebete alam raya puniki, mugi-mugi shalawat kula sedaya kelawan ijinipun Gusti Allah dugi dumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Ibadah kurban ingkang dipun lampahi umat Islam sedunya teng selebete saben Riyaya Idul Adha nggadahi asal kabagjaan kelawan pengalaman agami Nabi Ibrahim sareng putra kinasihipun, Ismail. Ibadah kurban ingkang dipun awiti Nabi Ibrahim lan Ismail puniku mituduhaken suri tauladan yaniku pripun tresnanipun dumateng Allah Al-Khaliq kedah dipun wujudaken kelawan total, kelawan boten mangmang, senajan pinuh risiko.
Nabi Ibrahim temen-temen wantun nurut ngorbanaken putra sewiji-wijinipun senajan perintahipun dugi kelawan ngimpi, senajan Nabi Ibrahim kersa nggadahi putra puniku kelawan donga saben siyang lan daluh dumateng Gusti Allah sesampunipun garwa liyanipun, Siti Hajar, dereng lairan mawon. Al-Qur'an sampun nyariosaken pasrahipun Nabi Ibrahim nalika nerima titahipun Gusti Allah, Beliau ngendika maring putranipun kelawan nada demokratis, teng selebete firman Allah Surat Ash-Shoffat ayat 102:
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يٰبُنَيَّ اِنِّيْٓ اَرٰى فِى الْمَنَامِ اَنِّيْٓ اَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرٰىۗ قَالَ يٰٓاَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُۖ سَتَجِدُنِيْٓ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ مِنَ الصّٰبِرِيْنَ ١٠٢
Artosipun: "'Hei putraku, setuhunipun Bapa ngimpi waktos tilem menawi Bapa nyembeleh sampeyan. Pripun pendapat sampeyan, nak?' Ismail ingkang masih enem mituduhaken pasrahipun uga, "Hei Bapaku, lakonana punapa ingkang dipun dawuhaken maring Bapa, Insyaallah Bapa bade sumerep menawi kula puniku tiyang ingkang sabar".
Sederek kaum muslimin ingkang berbahagia.
Senajan Gusti Allah dawuh malih dumateng Nabi Ibrahim kangge ngegentos kurban Ismail kelawan domba, ngabdinipun Nabi Ibrahim kaliyan Ismail puniku temen-temen ibadah lan pengorbanan ingkang katah risiko. Mulane boten sawon menawi Gusti Allah ngendika menawi dawuh kurban kelawan ngimpi yaniku ujian ingkang nyata kangge kalih hamba Allah puniku.
Kangge umumipun menusa utamanipun ingkang tipis islamipun lan imanipun, dawuh Gusti Allah ingkang jelas mawon asring dipun langgar, punapa malih dawuh kelawan isarat ingkang boten jelas kaya dene ngimpi. Luwih luwih menawi dawuh puniku wonten kaitan saking jiwa, banda, lan dunya.
Senajanhakikatipunbotenwontendawuh saking Gusti Allah punikudipun lakoni nangingkanggekesaean, maslahat, keselametan, kebagjaan, sareng kepentingan menusapuniku. Gusti Allah botennggadahi kepentingan teng selebete perkara puniku.
Allahu Akbar 3x walillahi hamd.
Sederek kaum muslimin ingkang berbahagia.
Katah perkara ingkang saged dipun pendet saking criyosan Nabi Ibrahim lan Ismail ingkang dados anjuran kangge ibadah kurban tiyang Islam teng selebete Idul Adha puniki. Nabi Ibrahim lan Ismail sampun mituduhaken pasrahipun utawi nurutipun ingkang total saking hamba Allah teng selebete numindakaken ibadah. Lan nurutipun puniku gadah manpaat kangge menusa, sanes kangge Gusti Allah.
Saben ibadah teng selebete Islam nuntut pasrahipun utawi nurutipun ingkang total keranten Allah, sanes keranten perkara liyan. Puniku ingkang kasebut ibadah ikhlas, lawan ikhlas yaniku riya', kersa dipun tingali lan dipun puji makhluk.
Kalih perkara puniku sejen, ikhlasipun ingkang inggil mengkinipun ngirangi sikap riya. Sewalike, nalika ibadah, kula sedaya maksih kersa dipun tingali lan dipun puji, mila derajat ikhlasipun kedah dipun takenaken. Rasulullah durah ngemutaken menawi asta tengen nyukani, asta kiwa boten angsal ningali.
Sederek muslimin ingkang berbahagia wondene nilai spiritual saking ibadah kurban puniku uga wantun nanggung risiko ingkang abot, puniku wujud tresna dumateng Allah ingkang ngelangkungi tresnanipun dumateng liyan. Banda, jabatan, lan jiwa puniku boten nggadahi artos menawi dipun lampahi kangge mahabbah maring Allah.
Puniki sikap tauhid ingkang asli kaliyan mituduhaken imanipun lan takwanipun ingkang inggil. Dumateng Gusti Allah, takwanipun puniku bade janten neraca hisab ibadah kurban saking hambanipun, sanes keranten daging lan rah satowan ingkang dipun kurbanaken.
Artos sikap nglampahi kurban ingkang total dumateng Allah punikusanes Islam wucalakengesangingkang sengsara lan botenningalidunya, tresnaingkang total punikusaneskangge Gusti Allah, nangingkanggemenusasupadosmenusasagedtresnakaliyannglampahi kurban kanggesedayanipunkelawanboten pamrih.
Khotib cumi saged mendet inti saking khutbah puniki menawi Nabi Ibrahim lan Ismail sampun buktosaken menawi menusa boten kenging kekrangkeng kelawan tresnanipun dumateng dunya yaniku banda, kalinggihan, lan jiwa kelawan lumangkung kaliyan kesupen maring hakikat lan tujuan gesang ingkang sejati yaniku angsal keridhaan Allah SWT.
اَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا اَسْتَغْفِرُالله العَظِيْمِ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Baca juga: 5 Contoh Khutbah Idul Adha |
Contoh Khutbah #4: Pelajaran Ingkang Wigati saking Kisah Nabi Ibrahim
الله أكبر3 ... الله أكبر3 ... الله أكبر3 ...الله أكبر كبيرا والحمد لله كثيرا وسبحان الله بكرة وأصيلا لا إله إلا الله والله أكبر, الله أكبر و لله الحمد
إن الحمد لله نحمده ونستعينه و نستغفره ونعوذ بالله من شرور أنفسنا ومن سيئات أعمالنا من يهده الله فلا مضل له ومن يضلل فلا هادي له ,أشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له وأشهد أن محمدا عبده ورسوله
اللهم صل وسلم على نبينا محمد وعلى آله و صحبه و من تبعهم بإحسان إلى يوم الدين... أما بعد
فيا عباد الله أوصي نفسي و إياكم بتقوى الله عز وجل فقد فاز المتقون
قال الله تعالى في القرآن الكريم : ( ياأيها الذين آمنوا اتقوا الله حق تقاته ولا تموتن إلا وأنتم مسلمون )
Kaum muslimin lan muslimat, jemaah salat Idul Adha ingkang berbahagia.
Alhamdulillah, Wonten enjing ingkang kebak berkah lan rohmat meniko, Kito dados umat islam ngraosaken kebahagiaan, kebahagiaan saget merayakan hari raya idul adha kanthi sesarengan, Pramilo kito kedhah tansah bersyukur dumateng Allah, lan ngagungaken asmanipun Allah kanthi maos takbir lan tahmid.
Jemaah salat Idul Adha ingkang dipun rohmati Allah.
Kawontenan Hari raya Idul Adha meniko, ngemutaken dhumateng kito sedoyo kaliyan perjuangan lan pengorbanan Nabi Ibrohim alaihi sallam ingkang sampun kasebat wonten Al Qur'an.
Allah Ta'ala sampun menceritakan kisahipun Nabi Ibrohim 'alaihi sallam wonten Al Qur'an, setunggalipun kisah ingkang penuh hikmah lan pelajaran ingkang kedhah dipun mangartosi.
Allah Ta'ala sampun paring pangandikan wonten surat Ash-Shoffat ayat 102:
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَى فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ (102)
Ingkang artosipun: "Maka, tatkala anak itu (yaitu Ismail) sampai (pada umur sanggup) berusaha bersama Ibrahim, Ibrahim berkata: 'Wahai anakku sesungguhnya aku melihat dalam mimpi, bahwa aku menyembelihmu. Maka pikirkanlah apa pendapatmu!' Ia ( Ismail ) menjawab: 'Wahai Ayahku, kerjakanlah apa yang diperintahkan kepadamu; insya Allah kamu akan mendapatiku termasuk orang-orang yang sabar.'." (QS. Ash Shaffat: 102)
Ayat meniko paring penjelasan:
Bileh Nabi Ibrohim 'alaihi sallam dipun uji keimanan lan ketaatanipun supados menyembelih putranipun, ingkang asmanipun Ismail. Nabi Ibrohim lan putranipun meniko termasuk tiyang ingkang sabar lan taat dhumateng Allah Ta'ala, purun nindakaken dhawuhipun Allah.
Pramilo kanthi kesabaran lan ketaatan meniko, perintah supados menyembelih Nabi Ismail 'alaihissalaam, Allah ganti supados menyembelih hewan ternak. Kisah meniko dados asal usul dipun syariataken ibadah menyembelih hewan qurban. Kisahipun Nabi Ibrahim 'alaihissalaam meniko mengandung hikmah lan pelajaran ingkang saget dipun pendhet.
Pelajaran ingkang sepindah. Bilih panggesangan meniko mbetahaken perjuangan, meraih kebahagiaan lan kesuksesan meniko mbetahaken pengorbanan, semanten ugi meraih keselamatan hidup wonten ndonyo lan akhirat meniko mbetahaken perjuangan lan pengorbanan.
Allah Ta'ala berfirman wonten surat Ash Shof ayat: 10:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا هَلْ أَدُلُّكُمْ عَلَى تِجَارَةٍ تُنْجِيكُمْ مِنْ عَذَابٍ أَلِيمٍ (10) تُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَتُجَاهِدُونَ فِي سَبِيلِ اللَّهِ بِأَمْوَالِكُمْ وَأَنْفُسِكُمْ ذَلِكُمْ خَيْرٌ لَكُمْ إِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُونَ
Ingkang Artosipun: "Wahai orang-orang yang beriman, maukah kamu aku tunjukkan kepada suatu perniagaan, yang dapat menyelamatkanmu dari azab yang pedih? (yaitu) kamu beriman kepada Allah dan Rasul-Nya dan berjihad (berjuang) di jalan Allah dengan harta dan jiwamu. Itulah yang lebih baik bagimu, jika kamu mengetahui." (QS. Ash Shaf: 10)
Ayat meniko nedhahaken: Bilih meraih keselamatan dan kebahagiaan hidup meniko mbetahaken perjuangan lan pengorbanan. Kesuksesan meniko mboten saget dipun raih kanthi berpangku tangan lan bermalas-malasan. Ananging kesuksesan meniko saget dipun raih kanthi usaha keras lan dipun iringi do'a nyenyuwun dhumateng Allah Ta'ala.
Allahu akbar, Allahu akbar, walillahilhamd.
Jemaah salat Idul Adha ingkang dipun rohmati Allah. Pelajaran ingkang kaping kalih, ingkang saget dipun pendet saking kisahipun Nabi Ibrohim 'alaihissalaam inggih puniko.
Bilih panggesangan wonten ngalam ndonyo puniko penuh ujian lan cobaan, kados dene Nabi Ibrohim 'alaihissalaam ingkang dipun uji keimanan lan ketaatanipun dhumateng Allah Ta'ala, semanten ugi tiyang ingkang beriman meniko badhe dipun uji keimananipun.
Allah Ta'ala berfirman wonten surat Al Ankabut ayat: 1 dumugi ayat 3:
الم (1) أَحَسِبَ النَّاسُ أَنْ يُتْرَكُوا أَنْ يَقُولُوا آمَنَّا وَهُمْ لَا يُفْتَنُونَ (2) وَلَقَدْ فَتَنَّا الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَلَيَعْلَمَنَّ اللَّهُ الَّذِينَ صَدَقُوا وَلَيَعْلَمَنَّ الْكَاذِبِينَ (3)
Ingkang artosipun: "Alif laam miim (1) Apakah manusia itu mengira, bahwa mereka dibiarkan (saja) mengatakan: "Kami telah beriman", sedang mereka tidak diuji? (2) Dan Sungguh kami telah menguji orang-orang yang sebelum mereka, maka sesungguhnya Allah mengetahui orang-orang yang benar (jujur dlm imannya) dan sesungguhnya Dia mengetahui orang-orang yang dusta. (3)." (QS. Al Ankabut: 1-3)
Ayat meniko nedahaken bilih: Tiyang ingkang beriman badhe dipun uji keimananipun, semakin tinggi keimananipun semakin berat ujianipun, Ujian keimanan meniko macem-macem werninipun.
Allah Ta'ala ugi berfirman wonten surat Al Baqarah ayat 155:
وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِنَ الْخَوْفِ وَالْجُوعِ وَنَقْصٍ مِنَ الْأَمْوَالِ وَالْأَنْفُسِ وَالثَّمَرَاتِ وَبَشِّرِ الصَّابِرِينَ (155)
Ingkang artosipun : "Dan sungguh Kami akan berikan cobaan kepadamu, dengan sedikit ketakutan, kelaparan, kekurangan harta, jiwa dan buah-buahan. Dan berikanlah berita gembira kepada orang-orang yang sabar." (QS Al Baqarah: 155)
Ayat meniko nedhahaken bileh tiyang ingkang beriman badhe dipun uji keimananipun kanthi ujian ingkang bermacam-macam, dipun uji dengan rasa ketakutan, kelaparan, kekurangan harta lan dipun uji dengan kehilangan tiyang ingkang dipun tresnani.
Jemaah salat Idul Adha ingkang dipun rohmati Allah.
Ujian meniko sejatosipun tondo bilih Allah tresno dhumeteng hambanipun. Kanjeng Nabi Muhammad shollallahu 'alaihi wasallam sampun paring pangandikan wonten Hadist ingkang dipun riwayataken imam Ibnu Majah rahimahullah.
عِظَمُ الْجَزَاءِ مَعَ عِظَمِ الْبَلاَءِ ، وَإِنَّ اللَّهَ إِذَا أَحَبَّ قَوْمًا ابْتَلاَهُمْ ، فَمَنْ رَضِيَ فَلَهُ الرِّضَا ، وَمَنْ سَخِطَ فَلَهُ السُّخْطُ.
Ingkang artosipun: "Besarnya pahala tergantung dengan besarnya ujian dan sungguh Allah Ta'ala apabila menyukai suatu kaum maka Allah akan mengujinya dan memberikan cobaan, maka barang siapa ridho dengan ujian tersebut maka akan mendapatkan keridhoan Allah dan barang siapa marah dengan ujian tersebut maka akan mendapatkan kemarahan Allah." (HR. Imam Ibnu Majah).
Haditmenikonedhahakenbileh ujian menikosejatosipuntondotresnanipun Allah dhumatenghambanipun, lan besarnya pahala meniko tergantung beratnya ujian, semakin berat ujian seseorang, milo semakin besar pahalanipun, lan tiyangingkangridho lan sabar anggenipunnampi ujian menikobadhepikantukkeridhoanipun Allah lan pikantuk pahala ingkangagengsanget.
Allahu akbar, Allahu akbar, walillahilhamd.
Jemaah salat Idul Adha ingkang dipun rohmati Allah. Pelajaran ingkang kaping tigo saking kisahipun Nabi Ibrohim 'alaihissalaam inggih puniko.
Tiyang ingkang beriman meniko kedhah nggadahi cita-cita ingkang tinggi, Kados dene Nabi Ibrohim 'alaihissalaam ingkang nggadahi cita-cita ingkang tinggi, inggih meniko pados keridhoanipun Allah Ta'ala. Semanten ugi cita-cita tertinggi tiyang ingkang beriman inggih puniko pados keridhoanipun Allah, pados surga firdaus, surgo ingkang paling tinggi derajatipun.
Kanjeng Nabi Muhammad shollallahu 'alaihi wasallam sampun paring pangandikan wonten Hadist ingkang dipun riwayataken Imam Bukhori rahimahullah.
فَإِذَا سَأَلْتُمُ اللَّهَ فَسَلُوهُ الْفِرْدَوْسَ فَإِنَّهُ أَوْسَطُ الْجَنَّةِ وَأَعْلَى الْجَنَّةِ وَفَوْقَهُ عَرْشُ الرَّحْمَنِ وَمِنْهُ تَفَجَّرُ أَنْهَارُ الْجَنَّة
Ingkang artosipun: "Apabila engkau meminta kepada Allah maka mintalah surga firdaus, karena surga firdaus adalah surga yang paling baik dan paling tinggi, dan atapnya adalah arsynya Allah, dan dari Surga firdauslah mengalir sungai-sungai surga." (HR. Al Bukhori).
Hadist meniko nedahaken bileh Kanjeng Nabi Muhammad sholallahu 'alaihi wasallam paring anjuran dhumateng umatipun supados nggadahi cita-cita ingkang tinggi, lan cita-cita tertinggi tiyang ingkang beriman inggih puniko pados kebahagiaan ingkang langgeng wonten surganipun Allah Ta'ala. Pramilo kito kedah berusaha, berdoa, bersemangat anggenipun mengejar cita-cita kito sami.
Kanjeng Nabi Muhammad shollallahu alaihi wasallam sampun paring pangandikan wonten Hadist ingkang dipun riwayataken Imam Muslim rahimahullah.
احرص على ما ينفعك واستعن بالله ولا تعجز
Ingkang artosipun: "Bersemangat dalam mengerjakan hal-hal yang bermanfaat bagimu, dan mohonlah pertolongan Allah dan janganlah merasa lemah." (HR. Muslim).
Hadist meniko nedhahaken bileh kito dipun perentahaken supados bersemangat anggenipun ngibadah, bersemangat anggenipun bekerja, bersemangat anggenipun nindakaken perkawis ingkang bermanfaat, lan ampun kesupen bileh usaha meniko kedah dipun diiringi kalian do'a nyenyuwun dhumateng Allah Ta'ala.
Allahu akbar, Allahu akbar, walillahilhamd.
Jemaah salat Idul Adha ingkang dipun rohmati Allah. Pelajaran ingkang kaping sekawan, saking kisahipun Nabi Ibrohim 'alaihissalsam inggih puniko.
Menjalani panggesangan wonten ngalam donyo puniko mbetahaken kesabaran, kesabaran anggenipun nindakaken dawuhipun Allah lan kesabaran anggenipun nebihi awisanipun Allah, amargi kesuksesan hidup wonten ndonyo lan akhirat meniko saget dipun raih kanthi kesabaran. Bersabar sebentar wonten ngalam ndonyo kangge meraih kebahagiaan ingkang abadi wonten alam akhirat.
Allah Ta'ala berfirman wonten surat Ar Ra'du ayat 22 lan 23:
جَنَّاتُ عَدْنٍ يَدْخُلُونَهَا وَمَنْ صَلَحَ مِنْ آبَائِهِمْ وَأَزْوَاجِهِمْ وَذُرِّيَّاتِهِمْ وَالْمَلَائِكَةُ يَدْخُلُونَ عَلَيْهِمْ مِنْ كُلِّ بَابٍ (23) سَلَامٌ عَلَيْكُمْ بِمَا صَبَرْتُمْ فَنِعْمَ عُقْبَى الدَّارِ (24)
Ingkang artosipun: "(yaitu) Surga 'Adn yang mereka masuk ke dalamnya bersama dengan orang-orang yang sholeh dari bapak-bapak mereka, isteri-isteri mereka dan anak cucu mereka, sedang para malaikat masuk ke tempat-tempat mereka dari semua pintu, (sambil mengucapkan): "Salamun 'alaikum bima shabartum ( Keselamatan atasmu berkat kesabaranmu ). Maka alangkah baiknya tempat kesudahan itu." (QS. Ar-Ra'du: 23-24).
Ayat meniko nedhahaken bileh saksampunipun tiyang ingkang beriman meniko mlebet surgo sesarengan kalian anggota keluarga lan anak turunipun ingkang sholeh, milo poro malaikat podho paring ucapan selamat dhumateng penduduk suwargo: "Salamun 'alaikum bima shabartum (Keselamatan atasmu berkat kesabaranmu)."
Allahu akbar, Allahu akbar, walillahilhamd.
Jemaah salat Idul Adha ingkang ingkang berbahagia. Lan pelajaran ingkang terakhir. Bileh ibadah haji ingkang mbetahaken perbekalan, kangge menempuh perjalanan haji ingkang berat lan tebih sanget meniko, ngemutaken dhumateng kito sedoyo kalian perjalanan negeri akhirat ingkang berat lan tebih sanget, kito sedoyo sampun menyadari bileh tiyang gesang wonten ngalam ndonyo meniko namung sementara.
Lan badhe menempuh perjalanan negeri akhirat ingkang berat lan tebih sanget, perjalanan negeri akhirat ingkang satu hari di akhirat sama dengan seribu tahun di dunia, perjalanan melawati alam kubur, alam mahsyar, jembatan sirot lan akhiripun surgo utawi nerakanipun Allah Ta'ala.
Pramilo perjalanan negeri akhirat ingkang berat lan tebih meniko mbetahaken bekal lan sangu ingkang kathah, lan saksae-saenipun bekal inggih puniko ketaqwaan dhumateng Allah Ta'ala. Allah Ta'ala paring pangandikan wonten Al Qur'an surat Al Baqarah:
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى
Ingkang artosipun: "Dan berbekallah kalian maka sebaik-baik bekal adalah ketakwaan." (QS. Al Baqarah: 197).
Ayat meniko nedhahaken bilih kito sedoyo dipun perentahaken supados pados bekal lan sangu kangge menempuh perjalanan negeri akhirat, lan saksae- saenipun bekal lan sangu inggih puniko ketaqwaan dhumateng Allah Ta'ala.
Mugi kito sedoyo pikanthuk kebahagiaan lan keselamatan hidup wonten ndonyo lan akhirat, aamiin ya Rabbal alamin.
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَحِيمٌ
رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنْتَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ, وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ , وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
والسلام عليكم و رحمة الله و بركاته
Contoh Khutbah #5: Tupo Tulodo saking Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَا إِ لَهَ إِلَّا اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
الْحَمْدُ للهِ الَّذِى جَعَلَ لِلْمُسْلِمِيْنَ عِيْدَ اْلفِطْرِ بَعْدَ صِياَمِ رَمَضَانَ وَعْيدَ اْلاَضْحَى بَعْدَ يَوْمِ عَرَفَةَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدٌ اَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللهُمَّ صَلِّ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ اَذْهَبَ عَنْهُمُ الرِّجْسَ وَطَهَّرْ
اَمَّا بَعْدُ: فَيَا مَعَاشِرَ المُسلمِيْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقُاتِهِ وِلا تَمُوْتُنَّ إِّلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ، قال الله تعالى فى القُرانِ العَظيم بسم الله الرحمن الرحيم وَإِذِ ابْتَلَىٰ إِبْرَاهِيمَ رَبُّهُ بِكَلِمَاتٍ فَأَتَمَّهُنَّ ۖ قَالَ إِنِّي جَاعِلُكَ لِلنَّاسِ إِمَامًا ۖ قَالَ وَمِن ذُرِّيَّتِي ۖ قَالَ لَا يَنَالُ عَهْدِي الظَّالِمِينَ. وَاعْلَمُوا أنَّ يَوْمَكُمْ هَذَا يَومٌ عَظِيْمٌ. يَوْمٌ ابْتَلَى اللَّهُ إبْرَاهِيْمَ علَيْهِ السَّلامُ بِالأمْرِ بِذَبْحِ ابْنِهِ فَصَبَرَ وَامْتثَلَ. فَجَعَلَ اللَّهُ جَزَائَهُ اْلحُسْنَى
Jemaah Idul Adha rahimakumullah.
Ing wekdal kebak berkah sakmeniko, monggo kito sareng-sareng ningkataken raos takwo kito dumateng Gusti Allah, amergi saking ningkataken takwo saget pikantuk ridone Gusti Allah lan nggayuh kabegjan dunyo akherat. Dinten meniko, dinten riyadin kurban ingkang dipundut saking tindak lampahe Nabi Ibrahim nalika diuji kaliyan Gusti Allah. Gusti Allah dawuh:
وَإِذِ ابْتَلَىٰ إِبْرَاهِيمَ رَبُّهُ بِكَلِمَاتٍ فَأَتَمَّهُنَّ ۖ قَالَ إِنِّي جَاعِلُكَ لِلنَّاسِ إِمَامًا ۖ قَالَ وَمِن ذُرِّيَّتِي ۖ قَالَ لَا يَنَالُ عَهْدِي الظَّالِمِينَ
Artosipun: Lan nalikane Gusti Allah nyubo (nguji) Ibrahim kelawan pirang-pirang kalimat (perintah lan larangan), mongko Ibrahim nindakaken kanti sempurno. Gusti Allah dawuh, saktemene ingsun bakal ndadekno siro dadi pemimpin menungso. Nabi Ibrahim matur, lan saking tedak turun kulo. Gusti Allah dawuh, janjiku ora bakal mekenani (ngenani) wong-wong dzolim. (Al-Baqarah, 124).
Wonten tafsir Ibn Katsir lan Jalalain dipun jelasaken bilih "bi kalimaatin" ing ayat meniko aturane agomo, kados dene perintah lan cecegahan. Tegesipun Nabi Ibrahim diuji kaliyan Gusti Allah supados ninda'aken sedoyo perintah lan nebihi laranganipun. Ing antawise perintahipun nggih meniko mbeleh Nabi Ismail, putrane piyambak.
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Hadirin ingkang minulyo.
Nabi Ibrahim dipun perintah Gusti Allah supados mbeleh putro wayahipun disebataken wonten surat Asshaaffat, 102:
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانظُرْ مَاذَا تَرَىٰ
Artosipun: Semangsane wis tumeko (umur) iso mlaku bareng Ibrahim, Nabi Ibrahim dawuh, Hei anak ingsun, saktemene ingsun ningali ingdalem ngimpi, saktemene ingsun mbeleh siro. Mongko pikiren koyok opo penemu siro.
Lajeng Nabi Ismail matur:
قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِن شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ
Artosipun: Duh romoku, panjenengan tinda'aken nopo ingkang dipun perintahaken dumateng panjenengan. Insya Allah, panjenengan bakal manggihi kulo kalebet golonganipun tiyang ingkang sabar.
Kekalihipun pasrah, nampi marang perintahipun Gusti Allah lan nyerahaken perkawis ingkang diadepi dumateng Gusti Allah. Saking peristiwa niki, Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail paring tulodo kagem kito supados ngewangsulaken sedoyo perkawis dumateng Gusti Allah. Mongko naliko kekalihipun pasrah, Nabi Ibrahim ngelumahaken Nabi Ismail ing pilingan, lan nyelehaken lading marang gulunipun, dumadakan Gusti Allah paring dawuh:
قَدْ صَدَّقْتَ الرُّؤْيَا ۚ إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ ، إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ الْبَلَاءُ الْمُبِينُ، وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيمٍ
Artosipun: Saktemene siro wis mbeneraken ngimpi iku, saktemene kang koyok mengkunu Ingsun (Allah) paring walesan marang wong-wong kang ngelakoni kebagusan. Saktemene iki bener-bener ujian kang nyoto. Lan Ingsun (Allah) tebus kelawan sembelihan kang agung. (Assaffaat, 105-107).
Saklajenge dipun dugiaken mendho saking suwargo, supados dipun beleh. Mongko Nabi Ibrahim mbeleh mendho saking suwargo, minongko dados tebusane Nabi Ismail.
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Jemaah Idul Adha Ingkang dirahmati Allah.
Monggo kito mundut tupo tulodo saking Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail. Kados pundi kekalihipun pasrah dumateng titahipun Gusti Allah lan abote ujian nalikane diperintah ngurbanaken perkawis ingkang dipun demeni.
Salah setunggale tulodo saking Nabi Ibrahim nggih meniko tiyang sepah ingkang mboten goroh dumateng putra wayahipun lan paring kesempatan piyambake damel mikir keputusane. Mboten malah mekso putro wayahipun.
Lajeng tulodo saking Nabi Ismail arupi ngabektine yugo dumateng romonipun (birrul walidain), mboten mbantah, langkung-langkung kumowani. Nabi Ismail nderek dawuh romonipun kranten yakin bilih romonipun angsal perintah saking Gusti Allah lewat impenan kang temen.
Pramilo, monggo kito sedoyo ingkang sepuh sageto mirengake penemune putro wayah, ugi putro wayah sageto ngabekti hormat dumateng tiyang sepah. Kranten ajining keluargo diukur saking welas asihe tiyang sepah lan ngabektine putro wayah. Mugi-mugi kito sedoyo tansah pikantuk pitulung lan rahmate Gusti Allah.
أَعُوْذُ بِا للهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ . بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ. وَالْعَصْرِ إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْانِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ , وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ .إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ
Artikel ini ditulis oleh Najza Namira Putri, peserta Magang Bersertifikat Kampus Merdeka di detikcom.