Dongeng atau cerita fabel adalah suatu cerita yang menggambarkan watak manusia melalui tokoh hewan. Dongeng fabel biasanya disukai oleh anak-anak karena penggambaran tokohnya unik dan menyenangkan.
Dikutip dari detikEdu Senin, (6/3/2023) cerita fabel secara etimologis berasal dari bahasa latin Fabulat yang berarti cerita tentang kehidupan hewan dengan perilaku menyerupai manusia. Tokoh dalam cerita fabel biasanya memiliki perilaku jujur, sopan, pintar hingga licik. Salah satu contoh fabel yang mungkin familiar di telinga masyarakat Indonesia adalah kisah kancil mencuri ketimun.
Apa Itu Fabel?
Dikutip dari buku Fabel oleh Rosmawati Harahap (2022) seperti yang sudah dijelaskan di atas bahwa fabel adalah suatu dongeng atau cerita yang berbentuk narasi yang menampilkan hewan yang berperilaku dan berbicara selayaknya manusia. Fabel biasanya menyampaikan pelajaran moral dan seringkali dirumuskan secara eksplisit di bagian akhir.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Masyarakat di setiap daerah biasanya memiliki dongeng fabel yang menggunakan bahasa daerahnya masing-masing. Sama hal nya dengan masyarakat Jawa yang memiliki dongeng fabel yang menggunakan Bahasa Jawa. Berikut ini contoh fabel berbahasa Jawa, dikutip dari Buku Baboning Pepak Basa Jawa (2020) oleh Budi Anwari dan Rencana Pelaksanaan Pembelajaran (RPP) Bahasa Jawa (2016) yang disusun oleh Muhammad Rois Amin dari Universitas Negeri Yogyakarta (UNY), diakses oleh detikJateng dari situseprints.uny.ac.id pada Senin (6/3/2023).
3 Contoh Dongeng Fabel Bahasa Jawa
1. Tawon lan Semut
Ing jaman Nabi Sulaiman, gesang pinten-pinten tawon. salah satunggal ing antawisipun yaiku Pipo. Pipo yaiku anak tawon ingkang sampun dipuntilar pejah ibunipun. Wanci punika ibunipun pejah dicokot kalajengking. Sakmenika piyambakipun gesang piyambak tanpa nduwe sanak kadang. Amargi namung gesang piyambakan, Pipo milih konjuk gesang mengembara. Ngantos akhiripun piyambakipun dugi ing gurun ingkang wiyar. Ing madya gurun punika Pipo rumaos ngelak uga luwe. "aku kudu enggal golek pangan uga banyu, nanging aku kudu golek ana ing ngendi?" batin Pipo.
Singkat cerita, Pipo banjur pados tedhan uga toya. Saksampune cekap dangu mabur, saking doh-dohan Pipo ningali toya uga tedhan. Nanging saksampune nyelak, jebulna ingkang dipunningalipun namung hamparan wedi ingkang wiyar. Kanthi kuciwa Pipo banjur mabur maneh kangge pados toya. Mboten dangu lajeng piyambakipun kepanggih kaliyan semut ingkang saweg kasisahan mbekta tiganipun. Pipo banjur nyelaki semut punika
"Hei, semut. sinten nami sampeyan?"
"Nami kula Kriwil. Nami sampeyan sinten?" jawab semut.
"Kula Pipo, sampeyan kersa dados kanca kula?" Kriwil banjur manggut-manggut.
Menawi mekaten mangga kita sedaya madosi toya uga tedhan sareng-sareng?" Kriwil banjur wangsulan kanthi manggut-manggut maneh.
Singkat cerita ana ing contoh dongeng fabel bahasa jawa piyambak sedaya banjur kesah konjuk madosi tedhan. Saksampune dangu ngubengi gurun, piyambake sedaya nemu setunggal toya ingkang katon resik uga segar. Ing samping toya punika enten wit kurma ingkang kathah woh-e kanthi rasa legi. Kriwil lan Pipo bingah sanget. Piyambake sedaya enggal ngunjuk uga nedha sapuasipun.
Saksampune piyambake sedaya tuwuk, piyambake sedaya enggal madosi panggenan kagem tilem. Kalih dinten lajeng piyambake sedaya nemu panggen kagem tilem ingkang miturut piyambake sedaya tepat. Yaiku ing setunggal panggenan wiyar kang ana wit- witan. Piyambake sedaya mboten badhe luwe ugo ngelak amargi ing pinggir panggenan punika enten kathah wit buah-buahan uga setunggal toya ingkang resik sanget. Kriwil lan Pipo gesang kaliyan rukun. Tambah dinten paseduluran piyambake sedaya tambah sae. Piyambake sedaya banjur gesang kaliyan aman, tentrem uga bagya mulya.
2. Kethek, Pitik, lan Yuyu
Ing jaman ndisik, ana satunggaling pitik kang kekancan karo kethek. Ananging paseduluran kuwi ora awet suwe amarga kelakuan si kethek Sawijining dina kethek ngejak pitik mlaku mlaku sinambi golek pangan. Nganti wayah srengenge angslep ana ing kulon loro kewan kul mau durung ugo nemu pangan kang bisa maregake wetenge Dumadakan tanpa disangka lan dinyana kethek kang wis kadung ngeleh duwe pikiran elek marang kancane yaiku si pitik. Tanpa rasa mesakake kethek nyekel si pithik lan mbubuti wulune kanthi niat arep mangan mbakar pithik kanggo mangan wengi iku
Ananging mergo pitik terus-terusan usaha kanggo lolosake awake, akhire dheweke bisa ucul saka si kethek. Pitik banjur mlayu nganti tumeka sawijining pinggir segara kang dipanggoni sawijining yuyu sing ora liya ugo dadi kancane si pitik. Ana ing panggonan kul pitik cerita marang yuyu:
Pitik: Hel Yuyu kancaku, tulungono aku, aku lagi diuber karo kethek sing arep mangan aku
Yuyu: Orasah kuwatir kancaku, aku bakal nyelametke awakmu saka
kethek kang ora reti arti kekancan kui mau Aku bakal weneh pelajaran supaya kethek kui mau ora wani maneh ganggu awakmu.
Sawise kahanan leren, pitik lan yuyu ngatur siasat kanggo weneh pelajaran marang kethek mau. Yuyu due ide nggawe perahu saka lemah lendut kanggo nyeberang ana ing pulau sacerake segara kui. Sawisi perahu kang digawe kui dadi banjur pitik lan yuyu ngundang kethek kanggo nyebrang bareng ana ing pulau sacerake kanggo golek pangan.
Mergo kahanan ora ana pangan ing sakiwo tengene panggonan kui, banjur kethek langsung wae nyaguhi ajakane pitik kanggo menyang pulau seberang.
Sawise prahu mlaku ana ing tengah segara banjur pitik mau kluruk sinambi notol prahu kang pada di tumpake kui mau. Alon-alon prahu kang digawe saka lemah lendut kui mau otomatis bocor lan banyu mlebu ing prahu. Ora bisa ditahan maneh prahu kang pada ditumpaki kui mau ambles ing segara.
Pitik kang wis siap lan ngencanakake kedadean kui kanthi siap langsung mabur ing darat, yuyu kang ugo wis siap kedadean kui banjur nglangi ing dasar segara, sawentara kethek kang jahat lan ora reti arti kekancan kui mau amung bisa tulung-tulung lan angslep amarga ora bisa nglangi. Singkat cerita kethek kui mau mati glagepen ing tengah segara.
Saka fabel bahasa jawa ana ing nduwur kui mau bisa kita jupuk pelajaran yen wong kekancan kudu apik marang sapada-pada. Amarga kita ora mangerti kapan kita ugo butuh kanca sapada-pada.
3. Kancil Karo Kethek
Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan yaiku Kancil sing anane gawe drusila lan paling licik, jenenge Ucil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane Kethek sing jenenge Onyet.
Ing sawijining dina, ana Kethek lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Kethek sing agi asik karo rotine. Utek licike muncul pingin jukut roti kang tangane Kethek.
"Nyet..Nyet..," undang Kancil marang Kethek.
Kethek maringi Kancil, "Ana apa Cil? Keo ngundang aku?," takon Kethek.
Kancil : "Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke Kancil
Kethek : "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku,"
Kancil : "Suwun ya Nyet... koe mancen apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil.
Kethek aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil.
"Kiye... koe paro sing adil," penjalukane Kethek karo aweh rotine marang kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Kethek ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Kethek, bagean sing gede dicekel dewek.
"Cil... nang ngapa ka gede gone ko?," takon Kethek.
Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe pada.,"
banjur Kacil mangan setitik rotine sing gecel dewe,
"Iki wis pada," Kancil aweh rotine meng Kethek.
Kethek : "urung Cil!! kue esih gede gone aku,"
Kancil njiot roti sing nang tangane Kethek, banjur dipangan setitik, kaya kue seteruse kanti rotine entek dipangan Kancil. hihihihi Ahire Kancil mangan rotine kabeh, Kethek ulih kesuh karo Kancil wong Kethek sing duweni roti malah ora tampa. Mancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kue kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip pada karepe dewe-dewe.
Nah, itulah contoh dongeng Fabel berbahasa Jawa lengkap dengan pengertian hingga amanatnya. Semoga bermanfaat, Lur!
Artikel ini ditulis oleh Talita Leilani Putri peserta Program Magang Bersertifikat Kampus Merdeka di detikcom.
(apl/sip)