Contoh Atur Pambagyaharja Bahasa Jawa di Acara Pernikahan

Contoh Atur Pambagyaharja Bahasa Jawa di Acara Pernikahan

Paradisa Nunni Megasari - detikJateng
Rabu, 08 Feb 2023 13:14 WIB
traditional java wedding couple husband and wife hold each other
Ilustrasi. Contoh Atur Pambagyaharja Bahasa Jawa di Acara Pernikahan. Foto: dok iStock
Yogyakarta -

Contoh atur pambagyaharja berikut ini dapat digunakan oleh siapapun yang tengah ditunjuk untuk menyampaikan sambutan di acara pernikahan oleh keluarga yang bersangkutan. Berikut contoh atur pambagyaharja bahasa Jawa singkat lengkap dengan strukturnya untuk acara pernikahan.

Atur pambagyaharja merupakan salah satu dari rangkaian acara pernikahan. Dalam pernikahan di Jawa, momen sambutan dari tuan rumah untuk para tamu undangan dikenal dengan sebutan atur pambagyaharja.

Adapun sosok yang menyampaikan atur pambagyaharja ini adalah seseorang yang dipercaya atau yang sebelumnya sudah ditunjuk oleh keluarga yang sedang memiliki hajat pernikahan tersebut.

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Dalam sebuah teks atur pambagyaharja pun terdapat struktur yang harus dimengerti agar pesan keluarga berupa ucapan selamat datang hingga ucapan terima kasih kepada para tamu undangan dapat tersampaikan dengan jelas meskipun sambutan dalam waktu yang singkat.

Berikut ini adalah contoh dan struktur atur pambagyaharja yang singkat, tetapi jelas dan semua pesan tersampaikan, dikutip detikJateng dari laman resmi Desa Jatimulyo, Petanahan, Kebumen.

ADVERTISEMENT

Struktur Atur Pambagyaharja
Adapun struktur atur pambagyaharja sebagai berikut:

  • Salam
  • Syukur
  • Ucapan selamat datang
  • Menyampaikan hajat/acara yang sedang berlangsung
  • Memohon doa
  • Ucapan terima kasih
  • Permohonan maaf

Contoh Atur Pambagyaharja

Salam

Assalamua'laikum Wr Wb.

Kula nuwun dhumateng para tamu kakung miwah putri ingkang winantu ing suka basuki, para sepuh, pini sepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur ingkang pantes hanampi sagungeng sekar pakurmatan Panjenenganipun para sarjana sujananeng budi, para priyagung pangemban pengembating praja, para satriyaning nagari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang satuhu kinormatan. Boten katalumpen dhumateng para kadang mitra, wreda mudha ingkang pantes sinudarsana. Nun inggih awit saking keparengipun pamangku gati saha kapanatyan bawahan manton(kepanitiaan acara manten) ing kalenggahan menika. Kula pun ..(perkenalkan nama)..kinen sumileh sarira angemban wuwus ngaturaken wedharing gantha babaring prasedya.

Syukur

Minangka purwakaning atur, sumangga sesarengan kula dhereaken ngaturaken suka syukur wonten Ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Wikan ingkang sampun kepareng hambabar daya pangaribawanipun ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih. Satemah wonten ing kalodhangan menika panjenegan sedaya lan kula taksih saget makempal wonten papan panggenan menika kanthi rahayu wijeng nir ing sakara-kara. Sumangga sinartan ndedunga mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa, madya dumugui wasana mangke saget pinaringan gancar, rancak sepen ing rubeda.

Ucapan Selamat Datang

Para tamu kakung miwah putri sinedhahan ingkang winantu ing suka basuki, madyaning suka ing kalenggahan menika , Bapa..(nama tuan rumah/pamangku gati)...sekalian angambali atur pambagyawilujeng awit karawuhan panjenengan sedaya sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi keparenga pinarak sinambi ngrantos wosing gati dumugi pari purnaning pawiwahan ing kalenggahan menika.

Menyampaikan Hajat/Acara yang Sedang Berlangsung

Parandene wosing gati adicara pahargyan menika nun inggih panjenenganipun pamangku gati Bapa.. (nama tuan rumah) sekalian netepi peperangan darmaning asepuh maharghya suta amiwaha siwinun inggih putrinipun ingkang asesilih..(nama mempelai putri) ..dahup kalian Bagus..(nama pengantin putra)..jalu tenayanipun Bapa..(nama besan/orang tua pengantin putra)..ingkang pidalem ing..(alamat besan/ pengantin putra).Wondene wiwaha gama satataning adat sarta agami, sampun kelampahan kala wau wanci..(waktu akad nikah jika sudah terlakasana)..antuk pepayung karahayon tebih ing sambekala.

Memohon Doa

Winantu pangajabing sedya saking Bapa..(nama tuan rumah/pamangku gati) sarimbit,mugi wonten sukalilaning manah panggalihipun para tamu kasuwun puja hastawa hastunipun, satemah penganten sarimbit sageta tresna tiresnanan, atut runtut anggennya mangun bale wisma, hayu hayem hangayomi, (sakinah mawaddah warahmah), saha enggal pinaringan kanugrahan saking Gusti wujuding golek kencana ingkang saget tata jalma pinangka panyambating sejarah, rah tumerahipun ingkang sami mangun bebesanan.

Ucapan Terima Kasih

Para tamu kakung putri ingkang agung ing darma, boten katalumpen Bapa..(nama pamangku gati/hajat) sekalian ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng para sanak kadang miwah tangga tepalih, pamong mitra sedayanipun, ingkang sampun kepareng paring iguh pratikel menapa dene penggalihan. Sedaya kalawau bapa..(nama pamangku gati) sekalian garwa boten saget mangsulaken karana lahir, amung kasumanggaaken wonten ngarsanipun Gusti allah Ingkang Maha Kawasa. Mugi kadarman panjenengan kalawau dadosa amal kesaenan, saha pikantuk peparing nugraha ingkang satraju (setimpal).

Permohonan Maaf

Pepuntaning atur saking Bapa..(nama pamangku gati) sarimbit, hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya wonten kiranging boja miwah krama, mugi kaagungna pangaksama panjenengan. Kula ugi taksih titah sawantah, ingkang kapurba winisesa dening Gusti, kiranging suba sita kula nglenggana taksih kiranging seserepan ingkang kedah nyadong wewarahing para winasis ing reh basa tuwin sastra. Hayu-hayu raharja niskala. Nuwun.

Wassalamua'laikum Wr. wb

Demikian contoh atur pambagyaharja bahasa Jawa singkat untuk acara pernikahan yang bisa dijadikan inspirasi. Semoga bermanfaat, Lur!

Ikuti berita lainnya dari detikJateng di Google News.




(sip/sip)

Berita Terkait

 

 

 

 

 

 

 

 


Hide Ads