Selain digunakan sebagai bahasa percakapan sehari-hari, bahasa Jawa juga sering digunakan untuk sarana berdakwah. Salah satu bukti konkritnya adalah penggunaan bahasa Jawa dalam khutbah. Lalu, bagaimana contoh teks khutbah dalam bahasa Jawa?
Khutbah Jumat dengan bahasa Jawa sendiri memang tidak sesering itu untuk ditemui. Namun, tetap banyak masjid-masjid yang menggunakan bahasa Jawa. Masjid-masjid tersebut biasanya terletak dalam kampung-kampung yang masih kental dengan kearifan lokal.
Berikut ini contoh teks khutbah Jumat berjudul "Ngregengaken Masjid" yang dikutip dari buku Pepak Khotbah Jum'at Setaun Basa Jawa Miturut Alquran Lan Sunah Nabi karya Ustadz Djalal Sholehudin.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Contoh Khutbah Jumat Berjudul "Ngregengaken Masjid"
Khutbah Kaping Setunggal
السَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
الْحَمْدُ لِلَّهِ، نَحْمَدُهُ عَلَى تَوْفِيقِهِ وَهِدَايَتِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ، لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِينُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ خَاتَمُ النَّبِيِّينَ وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِينَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينَ، أَمَّا بَعْدُ : فَيَا عِبَادَ اللَّهِ، أَوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، وَأَحُسُّكُمْ عَلَى طَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ: أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ، شَهْرُ رَمَضانَ الَّذِي أُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِلنَّاسِ وَبَيِّنَاتٍ مِنَ الْهُدَى وَالْفُرْقَانِ فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ وَمَنْ كَانَ مَرِيْضاً أَوْعَلَى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِنْ أَيَّامٍ أُخَرَ، يُرِيدُ اللَّهُ بِكُمُ الْيُسْرَ وَلَا يُرِيدُ بِكُمُ الْعُسْرَ وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللَّهَ عَلَى مَا هَدَاكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ.
Jamaah Jumat Rahimakumullah,
Sedaya puji namung kagunganipun Allah Subhanahu wata'ala. Sholawat lan salam mugi-mugi ketetepna dateng Nabi Muhammad Shallallahu 'alaihi wasallam, keluwarginipun, lan para sahabatipun, saha ingkang ndhereki jejak piyambakipun sedaya kanthi sae. Sumangga kula lan panjenengan sareng-sareng nginggahaken ketakwaan kula lan panjenengan dateng Allah subhanahu wa ta'ala. Amargi, estu begja tiyang-tiyang ingkang bertakwa. Allah Subhanahu wa ta'ala paring pangandikan,
يأيّها الذين ءامنوا اتّقوا الله حقّ تقاته ولا تموتنّ إلّا وأنتم مسلمون
Ingkang artosipun:
"He wong kang padha mukmin, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, lan aja padha mati kajaba mati Islam." (Q.S. Ali-'Imran (3): 102)
Jamaah Jumat Rahimakumullah,
Kedah kula lan panjenengan sami ngertosi menawi ing antawis bentuk ketakwaan salah setunggaling tiyang inggih menika ngagungaken saha muliyakaken syiar-syiar Islam. Bab menika sakepripun ingkang dingendikakaken dening Allah Subhanahu wa ta'ala:
ذَٰلِكَ وَمَن يُعَظِّمْ شَعَٰٓئِرَ ٱللَّهِ فَإِنَّهَا مِن تَقْوَى ٱلْقُلُوبِ
Ingkang artosipun:
"Satemene dhasar mangkono, dene sing sapa ngajeni gumelare agamaning Allah, iku ewone ati wedi ing Allah." (Q.S. Al-Hajj (22): 32)
Masjid inggih menika salah setunggal papan syiar Islam ingkang wajib dipunregengaken dening kaum muslimin. Allah Subhanhu wa ta'ala ndadosaken tumindak regengaken masjid dados salah setunggal tandha kasempurnanipun iman. Allah Subhanau wa ta'ala sampun paring pangandikan:
إِنَّمَا يَعْمُرُ مَسَٰجِدَ ٱللَّهِ مَنْ ءَامَنَ بِٱللَّهِ وَٱلْيَوْمِ ٱلْءَاخِرِ وَأَقَامَ ٱلصَّلَوٰةَ وَءَاتَى ٱلزَّكَوٰةَ وَلَمْ يَخْشَ إِلَّا ٱللَّهَ ۖ فَعَسَىٰٓ أُو۟لَٰٓئِكَ أَن يَكُونُوا۟ مِنَ ٱلْمُهْتَدِينَ
Ingkang artosipun:
"Kang mesthi kena ngregengake masjiding Allah iku mung wong kang pracaya ing Allah lan pracaya bakal anane dina kiyamat, sarta nglakoni sembayang lan bayar jakat, ora wedi sapa-sapa, mung wedi ing Allah bae. Wong kang mangkono mau ewone wong oleh pituduh bener." (Q.S. At-Taubah ayat 18)
Jamaah Jumat Rahimakumullah,
Umumipun, ngregengaken masjid wonten kalih bentuk. Sepisan, ngregengaken bangunan masjid. Umpaminipun, satunggaling tiyang ndereki ndirikaken masjid. Rasulullah Shallallahu 'alaihi wassalam paring pangandikan:
من بنى بيتا بنى الله له بيتا في الجنّة
Ingkang artosipun:
"Sapa wong sing melu mbangun masjid krana Allah, Allah bakal ngadhekake omah kanggo dheweke ing suwarga." (hadits dipunriwayataken Muslim)
Ananging, kedah kula lan panjenengan ngertosi sesarengan, mboten kalebet ngregengaken masjid kanthi lomba ngiasi lan gedhe-gedhenan masjid. Bab menika malah kesajroning ingkang dilarang. Allah Subhanahu wa ta'ala paring pangandikan:
وَلَا تُسْرِفُوٓا۟ ۚ إِنَّهُۥ لَا يُحِبُّ ٱلْمُسْرِفِينَ
Ingkang artosipun:
"Lan aja ira keladuk, awit Allah iku ora remen wong kang padha keladuk." (Q.S. Al-An'am (6): 141)
إِنَّ ٱلْمُبَذِّرِينَ كَانُوٓا۟ إِخْوَٰنَ ٱلشَّيَٰطِينِ ۖ وَكَانَ ٱلشَّيْطَٰنُ لِرَبِّهِۦ كَفُورًا
Ingkang artosipun:
"Satemene (wong kang padha mubadirake bandhane) iku saduluring para setan." (Q.S. Al-Isra (17): 26)
Jamaah Jumat Rahimakumullah,
Rasulullah Shallallahu 'Alaihi Wassalam paring pangandikan:
لا تقوم السّاعة حتّى يتباهى النّاس في المساجد
Ingkang artosipun:
"Ora kedaden dina kiyamat nganti wong-wong padha lomba megah-megahan masjid." (hadits dipunriwayataken Abu Dawud lan an-Nasai)
Kelebet ngregengaken bangunan masjid ingkang saklajengipun inggih menika njagi keresikanipun. Rasulullah Shallallahu 'alaihi wassalam paring pangandikan:
إِنَّ هَذَا الْمَسَاجِدَ لَا تَصْلُحُ لِشَيْءٍ مِنْ هَذَا الْبَوْلِ وَلَا الْقَذَرِ إِنَّمَا هِيَ لِذِكْرِ اللَّهِ وَالصَّلَاةِ وَقِرَاءَةِ الْقُرْآنِ
"Saktemene masjid-masjid iku ora wangun yen ing sakjerone ana toya seni lan bebuangan. Masjid iku kanggo zikir marang Allah, sholat, lan maca Alquran." (Hadis dipunriwayataken al-Bukhari lan Muslim)
Malah, nalika nyumerepi mambet ingkang mboten eca saking saperangan tiyang ingkang dhahar brambet mentah, Rasulullah Shallallahu 'alaihi wassalam paring pangandikan;
"Sapa wonge sing mangan kang mambu, aja pada sira teka ing masjid, amarga malaikat padha keganggu marang apa kang ngganggu manungsa" (Hadis dipunriwayataken al- Bukhari lan Muslim)
Jamaah Jumat Rahimakumullah,
Wondene bentuk kaping kalih sajroning perkawis ngregengaken masjid inggih menika ngregengakenipun kanthi maknawi, inggih menika kanthi ngginakaken masjid kasebat kagem ngibadah dateng Allah, kados sholat kanthi jamaah, maos Alquran, maos zikir, lan majelis ngelmi. Sakepripun firmanipun Allah Subhanahu wata'ala;
إِنَّمَا يَعْمُرُ مَسَاجِدَ اللَّهِ مَنْ ءَامَنَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ وَأَقَامَ الصَّلَاةَ وَعَالَى الزَّكَاةَ وَلَمْ يَخْشَ إِلَّا اللَّهَ فَعَسَى أُوْلَبِكَ أَن يَكُونُوا مِنَ الْمُهْتَدِينَ )
Ingkang artosipun:
"Kang mesthi kena ngregengake masjiding Allah iku mung wong kang pracaya ing Allah lan pracaya bakal anane dina kiyamat, sarta nglakoni sêmbayang lan bayar jakat, ora wedi sapa-sapa, mung wedi ing Allah bae. Wong kang mangkono mau ewone wong oleh pituduh bener." (QS. at-Taubah [9]: 18)
Rasulullah Shallallahu 'alaihi wassalam ugi paring pangandikan;
إِنَّمَا هِيَ لِذِكْرِ اللَّهِ وَالصَّلَاةِ وَقِرَاءَةِ الْقُرْآنِ
Ingkang artosipun:
"Masjid iku kanggo zikir marang Allah, sholat, lan maca Alquran." (Hadis dipunriwayataken al-Bukhari lan Muslim)
Jamaah Jumat Rahimakumullah,
Masjid inggih punika papan ingkang ageng sanget keutamaanipun wonten sisi Allah Subhanahu wata'ala. Nabi Muhammad shallallahu 'alaihi wasallam sampun paring pangandikan;
"Papan ingkang paling dipuntresnani dening Allah iku masjid- masjide, dene ingkang paling dibenci dening Allah dalah pasar- pasaripun." (Hadis dipunriwayataken Muslim)
Mugi-mugi Allah Subhanahu wata'ala tansah maringi kegampilan kagem kula lan panjenengan kagem ngregengaken masjid- masjidipun. Pungkasanipun, Mugi-mugi, Allah tansah paring hidayah lan pitedah dhumateng kula lan panjenengan sedaya.. Aamiin, yaa rabbal 'alamiin.
بارَكَ اللَّهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذَّكْرِ الْحَكِيمِ، وَتَقَبَّلَ مِنَيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيمَ، لِي وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيمُ.
Khutbah Kaping Kalih
الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلَّ وَسَلَّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِينَ. فَيَا عِبَادَ اللَّهِ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْعَظِيمِ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَا يُكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلَّمُوا تَسْلِيمًا. اللَّهُمَّ صَلَّ وَسَلَّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِينَ. وَالتَّابِعِينَ وَتَابِعِ التَّابِعِينَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. وَعَلَيْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِينَ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْ مْوَاتِ، إِنَّكَ. سَمِيعٌ قَرِيبٌ . مُجِيبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الحَاجَاتِ. رَبَّنَا افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَأَنْتَ خَيْرُ الفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا أَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً، وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا عَلَيْكَ تَوَكَّلْنَا وَإِلَيْكَ أَنَبْنَا وَإِلَيْكَ الْمَصِيرُ. رَبَّنَا أَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًا وَتَوَفَّنَا مُسْلِمِينَ. عَلَى اللَّهِ تَوَكَّلْنَا رَبَّنَا لَا تَجْعَلْنَا فِتْنَةً لِلْقَوْمِ الظَّالِمِينَ اللَّهُمَّ انْفَعْنَا بِمَا عَلَّمْتَنَا وَعَلَّمْنَا مَا يَنْفَعُنَا وَزِدْنَا عِلْمًا الْحَمْدُ لِلَّهِ عَلَى كُلِّ حَالٍ وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ حَالِ أَهْلِ النَّارِ.
عِبَادَ اللَّهِ إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَيَ وَيَنْهِيَ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللَّهَ يَذْكُرْكُمْ وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ.
وَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
Demikian contoh teks khutbah Jumat dalam bahasa Jawa yang singkat. Semoga bermanfaat, ya, detikers!
(sto/sip)