20+ Contoh Soal Bahasa Jawa Kelas 11 Lengkap dengan Kunci Jawaban

20+ Contoh Soal Bahasa Jawa Kelas 11 Lengkap dengan Kunci Jawaban

Rayza Teguh Prastiyo - detikJateng
Kamis, 30 Mei 2024 14:24 WIB
Education school test concept : Hands student holding pencil for testing exams writing answer sheet or exercise for taking fill in admission exam multiple carbon paper computer at university classroom
Ilustrasi soal bahasa Jawa kelas 11 (Foto: iStock)
Solo -

Contoh soal mata pelajaran Bahasa Jawa untuk kelas 11 tingkat SMA atau sederajat biasanya diperlukan untuk pelajar yang akan menghadapi ulangan atau ujian di sekolah. Berikut contoh soal mata pelajaran Bahasa Jawa kelas 11 lengkap dengan kunci jawabannya.

Mata pelajaran bahasa Jawa biasanya diajarkan di wilayah Jawa dan termasuk ke dalam muatan lokal yang dipelajari oleh pelajar dari tingkat dasar hingga menengah atas.

Pada materi pelajaran Bahasa Jawa kelas XI terdapat beberapa materi seperti memahami tembang macapat, novel, sesorah, geguritan, hingga aksara Jawa. Hal tersebut seperti yang terdapat pada salah satu buku modul pelajaran 'Sastri Basa' yang diterbitkan Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur.

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Contoh Soal Bahasa Jawa Kelas 11

Berikut detikJateng sajikan contoh soal Bahasa Jawa untuk kelas 11 yang bersumber dari buku modul pelajaran 'Sastri Basa' yang diterbitkan Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur, 'Materi Basa Jawa Kelas XI' yang disusun oleh Kusmiarti.

Contoh Soal Bahasa Jawa Kelas 11 Pilihan Ganda

1. Geguritan iku kanggo gampange diarani uga ....

ADVERTISEMENT

a. Kakawin Jawa kuna
b. Kidung Jawa pertengahan
c. Tembang macapat
d. Tembang campursari
e. Puisi Jawa modern/gagrag anyar

Jawaban: E

2. Sing mbedakake geguritan lan tembang dijelasake kaya ing ngisor iki, yaiku....

a. Geguritan cacahe wanda lan cacahe gatra ana tata aturane.
b. Geguritan iku olehe maca kudu ditembangake/dilagokake.
c. Geguritan iku ora kaiket guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.
d. Tembang macapat iku ora nduweni guru gatra, guru wilangan, guru lagu.
e. Tembang iku migunakake purwakanthi guru swara ab / ab.

Jawaban: C

3. Kalebu ing struktur batin geguritan yaiku ....

a. Tema lan amanat
b. Diksi lan tipografi
c. Enjambemen lan lelewaning basa
d. Purwakanthi lan wirasa
e. Panyitra lan diksi

Jawaban: C

Kanggo pitakon nomer 4-5. Gatekna geguritan "Kangen" anggitane Edi Winarno iki!

//aja nangis anakku/ ibumu isih lunga/ sedhela maneh teka/ aja nangis, anakku/ umpama Hongkong kuwi mung lor kali/ wis wingi-wingi/ dakparani//

4. Ing geguritan "Kangen", panggurit dadi ....

a. bapak
b. ibu
c. anak
d. putu
e. tangga

Jawaban: A

5. Isi saka geguritan " Kangen" yaiku ... .

a. Wong tuwa iku mesthi nduweni rasa kangen marang anak.
b. Bapak kang nggoleki bojone nganti tekan lor kali.
c. Susahe Bapak dening tangise anak, sebab kangen Ibune kang lagi nyambutgawe ing Hongkong.
d. Ibu kang nggoleki anake tekan Hongkong sinambi nyambutgawe ing kana.
e. Anak lagi kangen marang Bapak lan Ibune kang nyambutgawe ing lor kali.

Jawaban: C

6. Sesorah punika mboten purun damel serikipun tiyang sanes, mila kedah gegulang ing babagan ragam basa, mliginipun ragam krama alus kangge ngrumati ingkang midhangetaken. Bab kasebut dados salah satunggaling tata cara nalika sesorah ingkang dipunwastani...

a. Maragakeken kanthi wicara, wirama, wiraga, lan wirasa ingkang trep
b. Milih tembung-tembung ingkang jumbuh kaliyan unggah-ungguh basa
c. Damel cengkorongan sesorah
d. Migunakaken basa ingkang angel
e. Mekaraken cengkorongan sesoarah

Jawaban: A

7. Ukara ing ngandhap ingkang kalebet perangan atur puji syukur inggah punika...

a. Sumawana sanggyaning para rawuh kakung miwah putri, ingkang dahat kinurmatan.
b. Para remaja putera lan remaja puteri ingkang tansah sinandhing ing Gusti.
c. Para pangemban pangembating praja satriyaning negari, ingkang kinarya pangayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana.
d. Panjenenganipun ingkang satuhu kinabekten, para sesepuh dalah pinisepuh ingkang anggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen.
e. Langkung rumiyin ngengeti kula sadaya titah sawantah ingkang pinurba kawasesa dening Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga angunjukaken puja-puji syukur dhumateng panjenenganipun ingkang sampun kapareng ngrentahaken rahmat lan hidayah-Ipun miwah kawilujengan.

Jawaban: E

8. Ingkang mboten kalebet sangunipun juru sesorah inggih punika...

a. Basa lan sastra
b. Patrap utawi sikep
c. Busana ingkang awis
d. Rasa wani
e. Nguwasani bahan

Jawaban: C

9. "Dhumateng panjenenganipun Kepala SMAN 1 Bojongpucang H. Moenadi ingkang kula urmati. Bapak ibu guru miwah staf karyawan-karyawati SMAN 1 Bojongpucang H. Moenadi ingkang kula urmati. Kadang kula siswa-siswi SMAN 1 Bojongpucang H. Moenadi ingkang winantu ing karaharjan." Pratelan kasebut peranganipun sesorah ingkang dipunwastani ...

a. Surasa basa
b. Atur puji syukur
c. Salam pambuka
d. Atur nyuwun pangapunten
e. Atur pakurmatan

Jawaban: E

10. Sesorah masrahaken temanten kakung kalebet tuladhanipun sesorah jinis...

a. Tanggap wacana
b. Khotbah
c. Pambagyaharja
d. Sabdatama
e. Sambutan

Jawaban: A

Sekar Gambuh ping catur
Kang cinatur tutur ..........................
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa kapatuh
Kapatuh pan dadi awon

11. Tembung kang mathuk kanggo njangkepi cakepane tembang ing ndhuwur yaiku ...

a. tutur kalantur
b. kang tansah cinatur
c. kang kalantur
d. atur lumuntur
e. catur kalantur

Jawaban: C

12. Serat Wedhatama iku yasan pujangga agung ...

a. KGPH Mangkunegara IV
b. Sri Susuhunan Pakubuwana IV
c. Yasadipura I
d. Yasadipura II
e. R. Ng. Ranggawarsita

Jawaban: A

13. Tembang macapat wiwit dipunginakake nalika taun 1334 M ing naskah ....

a. Kidung Harsawijaya
b. Kidung Sunda
c. Kidung Sorandaka
d. Kidung Ranggalawe
e. Kidung Mantrawedha

Jawaban: D

14. Watakipun tembang pocung inggih punika....

a. Asih, prihatin, pangajab
b. Sumanak, sumadulur, grapyak
c. Sembrana parikena, sakpenake dhewe
d. Seneng, asih, kasmaran
e. Ethes, kenes, prasaja

Jawaban: C

15. Paugeran tembang pocung inggih punika....

a. 4 gatra : 12u, 6a, 8e, 11a
b. 4 gatra : 12u, 6a, 8i, 11a
c. 4 gatra : 12u, 6a, 8i, 12a
d. 4 gatra : 12u, 6a, 8i, 12i
e. 4 gatra : 12u, 6u, 8i, 12a

Jawaban: E

16. Pratelan ingkang ateges "saged pikanthuk ngelmu menawi saged nebihi sifat ingkang ala" inggih punika....

a. Lekase lawan kas
b. Setya budya pangekese dur angkara
c. Tegese kas nyantosani
d. Ngelmu iku kalakone kanthi laku
e. Karyenak tyasing sasama

Jawaban: B

Contoh Soal Bahasa Jawa Kelas 11 Essai

17. Terangna apa sing diarani diksi, tempo, dinamika, lan modulasi ing teknik maca endah geguritan iku?

Jawaban:

  • Diksi yaiku pangucapane tembung-tembung mau endah, kanthi rasa-pangrasa, ana sing landhep, wengis, sabar, alus, kereng lan sapanunggalane.
  • Tempo yaiku alon-cepete pangucapan, dijumbuhake karo napas lan swasana sing pengin diwedharake.
  • Dinamika yaiku alon-bantere swara, selaras-seimbange pamaca geguritan, nganti dadi kaya wirama kang endah lan gawe pamirsa lan pamireng dadi kesengsem.
  • Modulasi yaiku owah-owahane swara, umpamane swara wong tuwa, bocah cilik, swarane digawe cempreng, ulem, geter, lan sapanunggalane.

18. Sebutkake struktur batin ing geguritan!

Jawaban:

Tema, wirasa, lan amanat.

19. Jlentrehna sing diarani tipografi/blegere ing geguritan!

Jawaban:

Sing dimaksud tipografi geguritan yaiku wujud nyata utawa blegere geguritan kang bisa dideleng langsung. Ana geguritan kang ditulis mepet baris sisih kiwa, ana kang malah mepet ing sisih tengen, ana uga kang rata ing tengah. Ana kang pada siji nganti telu mepet kiwa, banjur pada sateruse rada nengah, utawa nganggo cara liyane. Iku kabeh murni wewenange panggurit, lan para siswa utawa pamaos nduweni wenang kanggo ngartekake tipografi mau.

20. Jlentrehna sing diarani gaya/lelewane basa ing geguritan!

Jawaban:

Lelewane basa ing geguritan yaiku kaendahan tembung lan ukara, lan basa kang digunakake dening panggurit. Kang kalebu ing lelewane basa: tembung Kawi, pepindhan, tembung entar, tembung saroja, yogyaswara, lan sapanunggalane. Kepriye lelewane panggurit nggunakake basa kang endah ing geguritane bisa nuduhake sepira endahe geguritan kang diripta.

21. Sebutkake 11 jeneng tembang macapat!

Jawaban:

Maskumambang, Mijil, Sinom, Kinanthi, Asmarandana, Gambuh, Dhandanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pocung

22. Tulisake paugeran tembang macapat Pangkur!

Jawaban:

  • Guru gatra: 7
  • Guru wilangan: 8, 11. 8, 7, 12, 8, 8
  • Guru lagu: a, i, u, a, u, a, i

23. Jlentrehake watakipun tembang Gambuh!

Jawaban:

Gambuh tegese jumbuh, sarujuk, utawa sawiji, yaiku gegambarane wong kang ngancik alam kulawarga. Mula sawise padha jumbuh, sarujuk, utawa cocog, banjur mbangun kulawarga adhedhasar rasa tresna. Tembang iki watake rada sereng.
Sasmitane: gambuh, tambuh, anut, wimbuh.

24. Jlentrehake apa iku guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu ing tembang macapat?

Jawaban:

  • Guru gatra: cacahing gatra saben sapada
  • Guru wilangan: cacahing wanda saben gatra
  • Guru lagu: dhong-dinging swara saben pungkasaning gatra

25. Sesorah utawa pidato yaiku?

Jawaban:

Kegiatan micara/ngomong ing ngarepe wong akeh kanggo ngandharakegagasan/ informasi.

26. Tuladhane ukara sing isine pangarep-arep (harapan) ing sesorah yaiku ?

Jawaban:

Mugi-mugi perjuanganipun para pahlawan ing jaman kamardikan sageddados patuladhan kangge generasi mudha.

Demikianlah contoh soal mata pelajaran Bahasa Jawa untuk kelas 11 beserta kunci jawabannya. Semoga bermanfaat ya Lur!

Artikel ini ditulis oleh Rayza Teguh Prastiyo peserta Program Magang Bersertifikat Kampus Merdeka di detikcom.




(ams/rih)

Berita Terkait

 

 

 

 

 

 

 

 


Hide Ads