5 Pidato Bahasa Jawa Berbagai Tema yang Singkat dan Mudah Dihafal

5 Pidato Bahasa Jawa Berbagai Tema yang Singkat dan Mudah Dihafal

Ulvia Nur Azizah - detikJateng
Minggu, 17 Mar 2024 14:39 WIB
Contoh Pidato Persuasif Singkat dengan Beragam Tema
Ilustrasi anak pidato. Foto: Getty Images/iStockphoto
Solo -

Sesorah adalah pidato bahasa Jawa yang disampaikan di depan umum. Biasanya, sesorah digunakan dalam upacara dan pertemuan penting, misalnya pernikahan, acara keagamaan, atau peringatan hari besar.

Menurut buku Baboning Pepak Basa Jawa yang ditulis Budi Anwari, ada 4 jenis pidato bahasa Jawa. Pertama, ada naskah yaitu berpidato dengan membaca secara keseluruhan. Apalan, adalah pidato bahasa Jawa yang disampaikan dengan cara menghafalkan naskah yang sudah dibuat.

Jenis ketiga adalah ekstemporan, yaitu menyampaikan pidato bahasa Jawa dengan membaca catatan berisi pokok-pokok pembicaraan. Terakhir, ada impromptu yang berarti pidato bahasa Jawa secara spontan.

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Untuk lebih memahami tentang sesorah atau pidato bahasa Jawa, mari simak beberapa contohnya berikut ini!

Contoh Pidato Bahasa Jawa Berbagai Tema

1. Pidato Bahasa Jawa: Sumpah Pemuda

Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak/Ibu Dwija saha karyawan SMA Negeri 2 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Ingkang sepisan sumangga kula panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhateng Gusti Allah ingkang maha welas asih ingkang tansah paring nikmat saha rahmat satemah kula saha panjenengan taksih saged pados ngelmu inggih menika taksih saged sinau wonten ing pawiyatan kita menika.

ADVERTISEMENT

Kaping kalih, nuwun sewu kula sampun kumawantun jumeneng wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda. Kula panjenengan sedaya tamtu sampun sami mangertos bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika salah satunggaling kedadosan sakral ingkang nedahaken dhateng sedaya tiyang bilih bangsa Indonesia bangsa ingkang anggadhahi semangat juang, semangat nyawiji Bhineka Tunggal Ika, dados bangsa ingkang jumeneng kanthi jejeg.

Wondene wosipun Sumpah Pemuda inggih menika:
1) Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku bertanah air satu, tanah air Indonesia.
2) Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia.
3) Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbahasa satu, bahasa Indonesia.

Wosipun sumpah saha prasetya menika wajib kula saha panjenengan sedaya jagi saha dipunwarisaken dhumateng putra wayah kagem mujudaken gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja, adil saha sejahtera. Kita minangka siswa nggadahi jejibahan njagi semangat dalah mempeng anggenipun sinau. Minangka pemuda kita ugi kedah semangat saha sregep anggenipun nyambut damel ngisi pambangunanipun bangsa.

Menika ingkang saged kula aturaken ngengingi babagan Sumpah Pemuda. Pramila cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih kathah klenta-klentuning atur kula tansah nyuwun agunging pangaksami.

Wassalammuallaikum Wr. Wb.

2. Pidato Bahasa Jawa: Perpisahan Kelas 12

Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu dwija ingkang satuhu kinurmatan, para rawuh ingkang sinuba ing karaharjan dalasan rayi kula kelas X saha XI saha kanca-kanca kelas XII ingkang kula tresnani.

Puji syukur tansah konjuk wonten ngarsanipun dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan ingkang tanpa kendhat awujud kasarasan, rahmat saha hidayah dhumateng kula panjenengan sami. Pramila awit saking sih nugrahaning Gusti ingkang hakarya jagat kula panjenengan sami ing wekdal menika saged kempal saperlu hangrawuhi adicara ing kalenggahan menika kanthi wilujeng nir ing sambekala.

Kadang kula kelas X saha XI ingkang kula tresnani, sekedhap malih kula sakanca kelas XII badhe nilaraken pawiyatan ing MAN 2 menika. Awit saking menika mbok bilih sadangunipun kula sesrawungan kaliyan sedherek sedaya wonten kalepatan saha kekhilafan ingkang sengaja punapa boten kasengaja kula minangka sulihipun kanca-kanca nyuwun agunging pangapunten.

Wonten mriki kula paring pepeling dhateng rayi-rayi kula sedaya mugi-mugi sasampunipun kula sakanca medal saking pawiyatan mriki rayi kula kelas X saha XI sageda dados siswa- siswi ingkang tansah mbangun turut dhumateng Bapak saha Ibu dwija saha dados siswa ingkang pinter saha kreatif.

Rayi kula kelas X saha XI ingkang kula tresnani, kula tansah dedonga saha memuji mugi-mugi rayi kula ingkang taksih wonten ing pawiyatan mriki tansah pinaringan pangayomanipun Allah SWT saha semanten ugi kula nyuwun donga saha pangestu dhumateng para rayi kula mugi-mugi kula saged nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil, wondene ingkang badhe nyambut damel sageda tumunten pikantuk padamelan ingkang trep kaliyan ngelmi saha kesagedanipun piyambak-piyambak.

Wasana, semanten atur kula minangka sesulih saking kanca- kanca kelas XII sedaya, mbok bilih anggen kula matur wonten kalepatan, kula tansah nyuwun samodra pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.

3. Pidato Bahasa Jawa: Peringatan Hari Kemerdekaan

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kinurmatan:
Bapak Kepala Dhusun Wirasari,
Bapak Ketua RW I.
Bapar Ketua RT 6.
lan para rawuh ingkang minulya.
Puja-puji syukur konjuk dhumateng Allah SWT ingkang tansah paring rahmad lan hidayahipun, satemah kula lan panjenengan saged makempal manunggal ing papan menika wonten ing adicara HUT RI kanthi kebak Rawi- lujengan lan kabagaswarasan.

Para Rawun ingkang kula urmati
Pengetan HUT RI menika wigatos sanger. Bab menika saged andadosare kula lan panjenengan sami emut dhateng perjuangan para pahlawan ingkang sampun ton jiwa lan raga kangge nggayuh kamardikan, saengga bangsa Indonesia saged uwal saking cengkeremaning bangsa penjajah.

Para Rawun ingrang tansah sinudarsana.
Sumangga kite ndadosake semangat perjuangan para paniawan dados motivator anggenipun makarya kangge ngisi samardikan menika. Kanthi jiwa lan semangat 45, sumangga kiata sami manunggal sengkud makarya eangge mujudaken bangsa Indonesia ingkang adil lan makmur adhedhasar Pancasila lan UUD 45. Amin, amin, you robbal 'alamin.

Para rawuh ingkang minuiya.
Meraten atur kura. Menawi kathah kalepatan ing basa lan subalita, kula nyuwun agunging samodra pangaksama. Iwak wader sesonderan, apuranta sedaya kalepatan. Nuwun.

Wassalammuallaikum Wr. Wb.

4. Pidato Bahasa Jawa: Wajib Belajar 12 Tahun

Mugi rahayu ingkang pinanggih, Bapak Ibu ingkang kula kurmati, kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Kawontenan jaman sangsaya majeng. Wonten ing jaman ingkang sarwi majeng meniko, kita kedah tanggap. Kita boten cekap namung ningali, nanging kedah saged dados paraga Ingkang nemtakaken kamajengan.

Temtu kemawon, dados paraga ingkang nemtokaken kemajengan mboten gampil. Kita kedah tanggap, wasis, trampil, lan, mumpuni. Kawasisan lan kaprigelan saged kita udi kanthi sekolah utawi lumantar ngudi ngelmu. Inggih ing babagan pangudining ngelmu menika wigatosipun sekolah. Awit sekolah mujudaken papan kangge pados ngeimu tuwin keprigelan.

Gegayutan kaliyan kowontenan menika, wontenipun program wajib belajar utawi wajar 12 taun sampun trep sanget. Wajar 12 taun menika program pamarentah ing babagan pendidikan. Angkahipun supados lare-lare saged sekolah paling boten saged namataken pendidikan dumugi Sekolah Menengah Atas (SMA). Kita sedaya kedah nyengkuyung kanthi saestu amrih program menika saged kasil kanthi maremaken.

Makaten ingkang saged kula aturaken. Mugi-mugi kita sedaya saged langkung sregep anggenipun sinou. Sedaya kalepatan saha kekirangan, kula nyuwun pangapunten.
Nuwun.

5. Pidato Bahasa Jawa: Pentingnya Sekolah

Mugi rahayu ingkang pinanggih.
Bapak Ibu ingkang kula kurmati, kanca-kanca siswa kelas 1 dumugi kelas 6 ingkang kula tresnani.

Kawontenan jaman sarwi majeng. Wonten ing jaman ingkang sarwi majeng menika, kita kedah tanggap. Kita boten cekap namung ningali, nanging kita kedah saged dados paraga ingkang nemtokaken kemajengan.

Temtu kemawon, dados paraga ingkang nemtokaken kemajengan mboten gampil. Kita kedah tanggap, wasis, trampil, lan mumpuni. Dene, kawasisan lan kaprigelan saged kita udi kanthi sekolah utawi lumantar ngudi ngelmu. Inggih ing babagan pangudining ngelmu menika wigatosipun sekolah. Awit sekolah mujudaken papan kangge pados ngelmu tuwin kaprigelan.

Makaten ingkang saged kula aturaken. Mugi-mugi kita sedaya saged langkeng sregep anggenipun sinau. Sedaya kalepatan saha kekirangan, kula nyuwun pangapunten.
Nuwun.

Itulah 5 contoh pidato bahasa Jawa dengan berbagai tema yang singkat dan mudah dihafalkan. Semoga bermanfaat!




(par/dil)

Berita Terkait

 

 

 

 

 

 

 

 


Hide Ads