- Contoh Geguritan #1: Padhang Bulan oleh Aming Aminoedhin
- Contoh Geguritan #2: Layangan oleh Aming Amiodhin
- Contoh Geguritan #3: Nduk Anakku Wadon oleh Mira Aulia Alamanda
- Contoh Geguritan #4: Angin Sumilir oleh Aming Amiodhin
- Contoh Geguritan #5: Udan Riwis-riwis oleh Aming Amiodhin
- Contoh Geguritan #6: Juragane Umuk oleh Dian Korprianing Nugraha
- Contoh Geguritan #7: Layang Saka Ibu oleh Aming Aminoedhin
- Contoh Geguritan #8: Iki Omahku oleh Sulistyarini
- Contoh Geguritan #9: Kemerdekaan 45 oleh Achmad Aprelio Adha
- Contoh Geguritan #10: Kelangan Tembang Kasmaran oleh Aming Amiodhin
- Contoh Geguritan #11: Katresnan Sinungging Gurit oleh Sinar Indrakrisnawan
- Contoh Geguritan #12: Kuthaku oleh G.M. Sigit Nurcahyanto A
- Contoh Geguritan #13: Bumi Plastik oleh Khoirul K
- Contoh Geguritan #14: Tanpa Mripat oleh Aming Amiodhin
- Contoh Geguritan #15: Kalibening_Ku oleh Astri Pradnya Ratri
- Contoh Geguritan #16: Wulan Pasa oleh Aming Amiodhin
- Contoh Geguritan #17: Pupuh Maskumambang
- Contoh Geguritan #18: Riaya Lebaran Wis Teka oleh Aming Amiodhin
- Contoh Geguritan #19: Siter Gadhing oleh Djaimin K
- Contoh Geguritan #20: Pungkasane Taun Iki oleh Aming Aminoedhin
Sama seperti bahasa Indonesia, dalam bahasa Jawa juga terdapat karya sastra berupa puisi yang disebut sebagai geguritan. Biasanya geguritan ditulis dengan ragam tema yang menarik untuk dibaca.
Geguritan sering kali bertujuan untuk menyampaikan cerita, nasihat, ataupun ekspresi perasaan penyairnya. Menariknya geguritan juga memiliki pola dan rima tertentu yang membuatnya semakin indah saat dibaca.
Berikut sejumlah contoh geguritan bahasa Jawa dengan berbagai tema yang dirangkum detikJateng dari buku Baboning Pepak Basa Jawa Edisi Lengkap karya Budi Anwari dan Antologi Geguritan Mangirit Gurit oleh Dinas Kebudayaan DIY.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Contoh Geguritan #1: Padhang Bulan oleh Aming Aminoedhin
Ana desaku canggu wengi iku
Padhang mbulan madhangi pelataran
Bocah-bocah padha dolanan ana latar
Jamuran, dhelikan, lan gobakodoran
Bocah-bocah iku wis lali marang sinaune
Lali marang film kartun ing televisine
Sing saben dinane didelok karo ibune
Uga nganti lali mangan lan ngombe
Padhang mbulan ana desaku
Katon endah lan asri, krana ana lintang-lintang
Gumebyar abyar madhangi bocah
Dolanan gobaksodor nganti wengi
Contoh Geguritan #2: Layangan oleh Aming Amiodhin
Kayadene layangan ana ing tawang
Awakku kagoyang-goyang
Sing ditali benang nanging ati kebimbang
Layangan iku pedhot
Tiba ngleyang embuh nyang endi parane
Aku ora ngerti atiku kaya pepes susahe
Kayadene layangan kang pedhot
Atiku semedhot, ninggali benange kang ruwet
Diudhari angel lan njlimet
Ati lan pikirku ruwet
Contoh Geguritan #3: Nduk Anakku Wadon oleh Mira Aulia Alamanda
Ndhuk, anakku wadon sing ayu dhewe
Dadi wong wadon iku kudu
Suci uni, suci rupi, lan suci ati
Amarga donya wis menehi tandha
Akeh wong wadon lambene bengak-bengok
Akeh wong wadon matene plerak-plerok
Akeh wong wadon aten-atene bosok
Lungguh methothok mlaku ora ndedelok
Kabeh iku aja mbok tiru, anakku
Ndhuk, anakku wadon, delengen ing tawang ika
Mbulan ora werna abang mbranang
Lintang-lintang ora gelem gumebyar
Lan srengenge kaya ngece-ece
Mula iku omonga sing apik
Dandana sing resik
Mlakuwa sing becik
Ing ngalam donya
Ndhuk, anakku wadon sing ayu dhewe
Golekna dalan swarga liwat tetep madhep
Lan mantep terus dhedhep marang Gusti
Contoh Geguritan #4: Angin Sumilir oleh Aming Amiodhin
Angin sumilir ing kampungku
Ana antarane godhong-godhong tebu
Gemrisik adhuh isise, adhuh segere
Dene srengenge abang mbranang
Saka kulan katon nyenengake
Angin sumilir ing kampungku
Nggawa layangan mumbul dhuwur
Kayadene nggawa angen-angenku
Melu mumbul ing tawang
Nggayuh lintang-lintang
Angin sumilir ing kampungku sore iki
Ngajak bocah-bocah ngundha layangan
Dhuwure ngluwihi angen-angene
Ngluwihi impene ing wengi
Sabanjure
Contoh Geguritan #5: Udan Riwis-riwis oleh Aming Amiodhin
Udan riwis-riwis esuk iki
Kayadene ngunci sikilku arep lumaku
Lumaku njangkah ana pagaweyan lumrah
Nanging nyang apa atiku bubrah
Dene suku ora gelem lumaku
Pagaweyan kantor ngambra-ambra
Wis nunggu ora kuwawa
Udan riwis-riwis kaya sarujuk
Saro atiku, males mlaku
Swarane udan riwis-riwis malah
Kaya kandha manthuk-manthuk
Tandha setuju
Contoh Geguritan #6: Juragane Umuk oleh Dian Korprianing Nugraha
Rasah sok keminter, aku kuwi wong pinter
Yen macem-macem kowe bakal tak pinteri
Rasah sok semugih, sugihku ora ukuran
Yen kowe nglunjak, tak tuku dhuwitmu
Bisa luwih cepet tinimbang liyan, "Aku kok..."
Luwih sugih tinimbang liyan, "Aku kok..."
Bisa ngalahke mungsuhe, "Aku kok...:
Luwih mulya tinimbang tanggane, "Aku kok..."
Terus-terusan umuk, umuk sing terus-terusan
Aku kok... ehmmmmm ne kora ana aku, kuwi kabeh ora bisa rampung
Aku kok... Aku kok... Aku kok... terus ora ana enteke
Wis tau pethuk karo manungsa sing wujude kaya ngono?
Wangsulana nang atimu dhewe
Apa malah durung tau pethuk?
Aja-aja menungsane kuwi kowe?
Contoh Geguritan #7: Layang Saka Ibu oleh Aming Aminoedhin
Kutha Surabaya ndadekake kowe lali
Marang kuthamu dhewe ngawi
Sing saben malem setu legi
Nanggap wayang ana pendhapa bupati
Kowe mono bocah sing seneng
Penekan ana wit-witan wetan omah
Ngundhuh dhondhong utawa pelem
Karo nembang 'gajah-gajah'
Kadhangkala mbokya muliha
Cerita babagan rejeki sing tumpah-ruah
Kanggo budhal menyang Mekkah
Kutha Surabaya ndadekake kowe lali
Kayadene laline wong kang nepi
Sabanjure, dina kuwi uga aku mulih
Menyang kutha ngawi, mumpung
Isih ana wektu, mumpung isih bisa mlayu
Ibu aku mulih, mesthi ora gawa impenmu
Contoh Geguritan #8: Iki Omahku oleh Sulistyarini
Omah limas prasaja
Tinggalane wong tuwa
Kang dibangun kanthi linambaran
Donga keslametan lan tresna
Nadyan katon wus lawas lan kuna
Nanging ora kalah karo gedhong susun lima
Kang kebak lampu-lampu gumebyar njero lan njaba
Iki omahku
Kang nggulawenthah aku
Ngadhepi urip kang kebak saru siku
Ngukir jiwa ragaku
Napak dalan-dalan rumpil nyandhung laku
Tumuju jatining gesang ing pangayoman-Mu
Contoh Geguritan #9: Kemerdekaan 45 oleh Achmad Aprelio Adha
Apa kang arep mbok aturaken dumatheng negara
Para mudha mudhi kang sae budhine
Aja kagoho mring barang kang ala
Aja mung lenggah ing griya
Mudha mudhi putra bangsa...
Aja mung dadi rusake agama lan bangsa
Slirahmu mung cagak'e bangsa
Ayo podho berjuang
Proklamasi dados pedoman uripmu
UUD 1945 dados aturanmu kang sae
Negari Indonesia dados tanggunganmu
Ayo para Mudha lan Mudhi...!!!
Contoh Geguritan #10: Kelangan Tembang Kasmaran oleh Aming Amiodhin
Angin segara tansah nyuwara
Kayadene tembang asmaradana
Swarane endah ana talingaku
Keprungu
Nanging ana apa tembang kang endah
Swarane kuwi sirna, ilang kaya dipangan
Bethara kala
Ana prau-prau nelayan
Isih teta setya tuhu nunggu wengi
Ngenteni angine kang arep
Nglakokake praune ana tengah segara
Golek iwak, ngupaya apa
Sadina-dinane
Angin segara kaya tumeka maneh
Tembang asmarandanane keprungu nyeleneh
Apa aku wis kelangan tembang kasmaran
Merga sliramu ilang ana sisihan
Contoh Geguritan #11: Katresnan Sinungging Gurit oleh Sinar Indrakrisnawan
Dakdhedher wijining katresnan
Lumantar salarik tulisan
Ing antarane pepasir ing gisikan samodra
Ing antarane gumelure ombak segara
Tansah angalela raga tuwa
Nggaritake geguritan ing watu karang
Misaya mina bali ngungkuri sepi
Jroning dhdha sumlempit pralampita:
Apa camar kae isih gelem tilik susuhe?
Dhakdhedher wijining katresnan
Lumantar salarik tulisan
Sing luru crita wekeling paman tani
Kumringet krenggosan
Ngudang doran lan buntutan
Angga kang sayah lungkrah rinasa bungah
Dadi banten tawuring panandhang
Jroning dhadha kangan king
Dumeling pepeling:
Kowe kabeh kudu dadi bocah kang utama!
Contoh Geguritan #12: Kuthaku oleh G.M. Sigit Nurcahyanto A
Apa kabarmu kutha istimewa
kutha kebak sujarah lan budaya
tugumu nggejejer gagah
maliboromu melut sasopoa
merapimu angker mrebawani
umurmu tansah lumaku
apa kang bisa mboktawakke kanggoku?
Aja disingget ati segaramu
Aja disingget sopan santunmu
Aja disingget lembah manahmu
Aja...
Asring dakrungu saiki
Swara-swara cecongkrahan
Padudon
Drengke srei
Adigang adigung adiguna
Heee... pra mudhaku
Takona marang leluhurmu
Endi, kuthaku biyen
Kang duweni ati tentrem
Biyen, saiki, salawase
Contoh Geguritan #13: Bumi Plastik oleh Khoirul K
Ngalor ngulon ngidul ngetan ketemu plastik
Seka pasar tradhisional nganti tekan mal
Wiwit panganan nganti tekan abrakan
Kabeh binuntel plastik
Banjur werrr
Plastik pinundhi ing kali,
Dolan ing dalan
Kabur kanginan ing lapangan
Bumi rinengga plastik
Gunane mung menitan
Sawane taunan
Contoh Geguritan #14: Tanpa Mripat oleh Aming Amiodhin
Tansaya akeh manungsa
Ajak-ajak dalan bener
Tansaya luwih akeh manungsa
Ngaurip kelangan angger-angger
Donya wis kebak manungsa keblinger
Amarga lali marang dalan swarga
Amarga weruh rajabrana angiler
Nganti lali numpuk bandha tan kira-kira
Apa donya wis nyedhaki kiyamat
Apa aku lan kowe tanpa mripat?
Contoh Geguritan #15: Kalibening_Ku oleh Astri Pradnya Ratri
Geneya ndadak buthek?
Kapan beningmu...?
Langit isih sumilak
Lan kowe isih sigrak
Kanthi dosa kang kebak!
Urip iki rak lumaku
Saben dina beda ukara
Nanging kowe...
Kapan kowe duwe tembung anyar?
Kang eling lan pasrah sumarah
Donya wis semrawut
Kowe nambahi ribut
Buthek,
Angger ora banger
Nanging kok ya meksa dadi sesuker
Mbuhlah...
Sakeselmu kowe polah!
Contoh Geguritan #16: Wulan Pasa oleh Aming Amiodhin
Ing wulan pasa, wong-wong padha
Sregep menyang mesjid taraweh
Sabanjure akeh uga wong-wong kang weweh
Kandhane wulan pasa iki wulan apik
Gaweya laku sing becik
Ing wulan pasa mono panggonane palagan
Palaganing hawa nepsune dhewe-dhewe
Wani perang ing palagan, artine
Kudu wani mbuwang lau goroh
Laku mbotoh
Ing wulan pasa
Aku lan kowe kudu cedhak
Marang gusti, lan tumindak
Apik, kayata ngaji lan salat wengi
Contoh Geguritan #17: Pupuh Maskumambang
Wus tibane tumbuh kembang
Ikan kecipir, irengang
Anda tumpa, wani sebar
Ganda gando sareng abang
Kembang telang kemuningan
Nenggih lan ngadeg sari
Anggen sajroning perawan
Guruh sembrani yektiwari
Angen tiwul jagung nista
Angen gunung banyu selo
Angen ikan nampi nista
Angen botol mangsi telo
Iling iling ngeceng sirep
Sambel jengenya manis enak
Mambu kumis peling sarep
Bener dodol keris jeneng
Iwak mekrok saking bedil
Barongko kontrak senapan
Senjata saking gedebul
Mung serep nanging ketil
Dyen padi ketawuhan
Sasatoan dipulak-ngisi
Sasuluh angin yen adoh
Bakal sasembada lautan
Contoh Geguritan #18: Riaya Lebaran Wis Teka oleh Aming Amiodhin
Sawise pasa sesasi muput
Riyaya lebaran tumeka, aku lan kowe padha
Aweh apura-apuranta amubarang laku kang luput
Manungsa pancen kebak lali
Kowe kabeh kudu percaya
Mula aja lali njaluka ngapura
Marang tangga-teparomu kuwi
Mumpung dinane dina suci
Gampang lumebering ati
Mesthi diyakini
Kowe kabeh aja padha takon
Apa panjalukmu iku bakal dingapur
Percaya marang gusti
Dene Gusti Allah wae paring ngapura
Mosok manungsa ora gelep ngapura
Contoh Geguritan #19: Siter Gadhing oleh Djaimin K
Aja disetel kenceng-kenceng iki siter
Siter gadhing submarine geter ati
Nadyan swarane cumengkling nyaring
Nanggepi osiking jagad
Nanging serat-serat alus
Wajane gampang putus
Satemah lampus
Balik yen disetel kendho
Genah swarane blero
Yen jago ya jago kapuk
Tan wani kluruk
Prayoga disetel samadya
Isi siter gadhing rerengganing dhadha
Murih wiramane laras
Ora kemrayas
Kanthi swara sutra
Sapa ngerti kwawa ngeluk gligen waja
Nglebur mbegeging watu
Tembang klawu ati kaku
Siter gadhing gadhuhane
Yen swara laras, muga:
Nuju prana
Contoh Geguritan #20: Pungkasane Taun Iki oleh Aming Aminoedhin
Swara-swara trompet
Kang cemrowet ing malem taun baru
Kayadene swara jerit, ndadekake
Kupingku pengin dak jahit
Amarga swarane kaya setan
Mbrebegi talingan
Pungkasane taun
Apa ndadekake wong-wong terus lali
Marang dina kang wis wengi
Ana pungkasane taun iki
Apa ora luwih becik
Ana omah wae utawa ana mesjid
Memuji marang gusti
Ndonga kanggo dina mburi
Nah, itu tadi beberapa contoh geguritan bahasa Jawa yang bisa menjadi referensi bagi detikers. Semoga artikel ini bermanfaat ya, Lur!
(par/sip)