- 30 Lirik Lagu Tembang Dolanan 1. Gundul-Gundul Pacul 2. Lir Ilir 3. Sluku-Sluku Bathok 4. Cublak-Cublak Suweng 5. Jamuran 6. Suwe Ora Jamu 7. Menthok-Menthok 8. Padhang Bulan 9. Gambang Suling 10. Dayoh 11. Bang-Bang Tut 12. Pitik Walik 13. Gotri 14. Dhondhong Opo Salak 15. Gugur Gunung 16. Tikus Buntung 17. Kodok Ngorek 18. Domino 19. Oh Adhiku 20. Gajah-Gajah 21. Kucing Gandhik 22. Wajibe Dadi Murid 23. Saiki Aku Wes Gede 24. Te Kate Dipanah 25. Kembang Jambu 26. Siji Loro Telu 27. Kembang Blimbing 28. Jago Kluruk 29. Kidang Talun 30. Pak Jenggot 31. Buto Galak 32. Sepuran
Tembang dolanan adalah lagu yang dinyanyikan untuk mengiringi permainan anak-anak. Adapun setiap tembang dolanan biasanya untuk mengiringi permainan anak yang berbeda.
Dikutip dari buku 'Strategi Pengembangan Sekolah Ramah Anak (SRA) melalui Pendidikan Karakter Berbasis Budaya Daerah' ciptaan Siti Supeni, Oktiana Handini, dan Luqman Al Hakim (2022), Indonesia memiliki banyak permainan tradisional yang masih dilestarikan hingga sekarang. Dalam bahasa Jawa biasanya dikenal dengan dolanan anak. Di antara permainan tersebut, terdapat permainan yang diiringi oleh lirik atau lagu yang biasa disebut tembang dolanan.
Tembang dolanan menjadi tradisi lisan atau kearifan lokal yang mempunyai pesan tersembunyi yang belum banyak diketahui banyak orang. Lirik-lirik yang terdapat pada tembang dolanan dapat memperkuat nilai budaya bangsa. Berbagai makna dan nilai karakter dapat ditemukan pada lirik tembang dolanan.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Salah satu contohnya pada lirik lagu Gundul-gundul Pacul yang menggambarkan anak yang gundul, sombong, dan tidak bertanggung jawab. Kemudian lirik lagu Lir-ilir yang mengajarkan umat manusia untuk beribadah kepada Tuhan Yang Maha Esa. Ada juga tembang Sluku-sluku Bathok yang menjunjung filsafat luhur orang Jawa yang mau menyadari kesalahan dan dapat menjaga kedamaian.
Berikut ini 32 lirik tembang dolanan yang cukup populer di Jawa dikutip dari buku Mengukir Nilai Karakter Melalui Tembang Dolanan Anak oleh Elisabeth Suratinem.
30+ Lirik Lagu Tembang Dolanan
1. Gundul-Gundul Pacul
Gundul-gundul pacul cul gembelengan
Nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
Gundul-gundul pacul cul gembelengan
Nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
2. Lir Ilir
Lir-ilir, lir-ilir
Tandure wis sumilir
Tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar
Cah angon, cah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekna kanggo mbasuh dodotiro
Dodotira-dodotira kumitir bedhah ing pinggir
Dondomana jlumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Ya soraka sorak hore!
3. Sluku-Sluku Bathok
Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Sala
Leh-olehe payung motha
Mak jenthit lolo lobah
Wong mati ora obah
Yen obah medeni bocah
Yen urip goleka dhuwit
4. Cublak-Cublak Suweng
Cublak cublak suweng, suwenge teng gelenter
Mambu ketundhung gudel
Pak empong lera lere, sapa ngguyu delekake
Sir..sir pong dhele kopong..
Sir..sir pong dhele kopong..
5. Jamuran
Jamuran ya ge-ge thok,
Jamur apa ya ge-ge thok
Jamur gajih mbejijih sak ara-ara
Sira mbadhe jamur apa?
... (senggakan)
Jamuran ya ge-ge thok,
Jamur apa ya ge-ge thok
Jamur gajih mbejijih sak ara-ara
Sira mbadhe jamur apa?
6. Suwe Ora Jamu
Suwe ora jamu
Jamu godhong tela
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan gawe gela
Suwe ora jamu
Jamu sogo thunteng
Suwe ora ketemu
Temu pisan atine seneng
Suwe ora jamu
Jamu godhong bunder
Suwe ora ketemu
Temu pisan tambah pinter
7. Menthok-Menthok
Menthok-menthok tak kandhani
Mung rupamu angisin-isini
Mbokya aja ngetok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok
Ora nyambut gawe
Menthok-menthok mung lakumu
Megal-megol gawe guyu
8. Padhang Bulan
Yo prakanca dolanan neng njaba,
Padhang bulan padhange kaya rina...
Padhang bulane, seng awe-awe..
Ngelengake aja padha turu sore..
9. Gambang Suling
Gambang suling kumandhang swarane
Thulat tulit kepenak unine
U..uu.nine mung nrenyuh ake
Bareng lan kentrung ketipung suling
Sigrak gambangane.
10. Dayoh
E... dayohe teko
e... gelarno kloso
e... klosone bedhah
e... tambalen jadah
e... jadahe mambu
e... pakakno asu
e.... asune mati
e.... kelekno kali
e.... kaline asat
e.... centhelno pager
e..... pagere ambruk
e.... delehno ngebuk
11. Bang-Bang Tut
Bang bang tut cendelo ewo ewo
Sopo prei ngentut ditembak rojo tuo
Nyang kali ngiseni kendhi
Jeruk purut wadhah entut
12. Pitik Walik
Pitik walik jambul
Sego golong mambu enthong
Mangga sami kundur,
Weteng kulo sampun kothong.
Enake, nak sega liwet jangan terong.
Teronge bunder bunder bocah sregep mesti pinter,
Teronge ijo bocah kesed dadi bodho
13. Gotri
Gotri legendri nogo sari.. ri
riwul owal awul jadah mentul.. tul
tolen olen olen jadah manten ..ten
(ti)tenana besuk gede dadi opo.. po
podho mbakul enak mbakul sedeng.. deng
dengklok engklak engklok koyo kodok
14. Dhondhong Opo Salak
Dhondhong apa salak
Dhuku cilik-cilik
Andhong apa mbecak
Mlaku dimik-dimik
15. Gugur Gunung
Yo ayo kanca ngayahi karyane praja,
Kene..kene..kene..kene gugur gunung tandang gawe,
Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane
Lila lan legawa kanggo mulyaning negara,
Siji..loro..telu..papat..maju papat papat,
Diulang-ulang ake mesthi enggal rampunge
Holopis kontul baris..holopis kontul baris..,
Holopis kontul baris..holopis kontul baris..
16. Tikus Buntung
Tikus buntung ....
Nduwe anak .. Buntung .....
Cicit cuwit cicit cuwit .....
Si tikus sobo neng lumbung
17. Kodok Ngorek
Kodok ngorek kodok ngorek
Ngorek pinggir kali
Teot teblung teot teblung
Teot teot teblung
Bocah nakal bocah nakal njaluk dijamoni
Jamu opo jamu opo
Jamu temulawak
Bocah pinter bocah pinter besok dadi dokter
Numpak opo numpak opo
Numpak helikopter
Kodok ngorek kodok ngorek
Ngorek pinggir kali
Teot teblung teot teblung
Teot teot teblung
18. Domino
Domino idomino ono babu nggendong sinyo
sinyone nangis wae didolani montor mabur
montor mabur kapal udara numpak sepur mudhun Jakarta
jakarta akeh copete sopir becak akeh duite
duite mung selawe lambe ndomble njaluk dijotos
19. Oh Adhiku
Oh adhiku kekasihku
Aja pijer nangis wae
Ayo dolan karo aku
Ana ngisor uwit manggis
Dhela maneh ibu rawuh
Ngasta oleh-oleh
Gedhang goreng karo roti
Mengko diparingi
20. Gajah-Gajah
Gajah-gajah
Kowe tak kandhani
Mripat kaya laron
Siyung loro, kuping gedhe
Kathik nganggo tlale
Buntut cilik
Tansah kopat-kapit
Sikil kaya bumbung
Mung lakumu megal-megol.
21. Kucing Gandhik
Kucing gandhik.......... meong
(o)Mahmu ngendi...... ngerong
(o)Po ra gatel............. adus
(o)Po ra adem............ kemul
(o)Po nduwe kemul.... tuku
(o)Po nduwe duit........ utang
(o)Po (i)soh nyaur....... ngemplang
Yen ditagih................. ndhelik
Yen dioyak................. mlayu
Yen dicegat................ mlumpat
22. Wajibe Dadi Murid
Wajibe dadi murid
Ora kena pijer pamit
Kejaba yen lara
Lara tenan ra kena ethok-ethokan
Yen mari bali neng pamulangan
Ja nganti bolos-bolosan
Mundhak dadi bocah bodho
Longa-longo kaya kebo
23. Saiki Aku Wes Gede
Saiki aku wis gede..
Sekolah mangkat dewe..
Ora usah dieterake..
Bareng karo kancane..
Yen mlaku turut pinggiran,
Ora pareng gojegan...
Neng ndalan akeh kendaraan
Mengko mundhak tabrakan
24. Te Kate Dipanah
Te kate dipanah
Dipanah ngisor gelagah
Ono manuk onde onde
Bok sir bombok , Bok sir kate
Bok sir bombok , Bok sir kate
25. Kembang Jambu
Kembang jambu karuk
Lintang rina jare esuk
Jenang tela gethuk
Omah jaga aran cakruk
Pitik mabur kuwi manuk
26. Siji Loro Telu
Siji loro telu,
Astane sedheku,
Mirengake bu guru
Menawa didangu..
Papat nuli lima..
Lenggahe sing tata,
Ojo podho sembronoo,
Mundhak ora bisa
27. Kembang Blimbing
Kembang blimbing bing maya-maya ya
Kembang pelem wujude, ingklik ketela
Kembang kacang lan kara padha kupune,
Kembang pring blas-blasan kaya carange
Kembang jambu lan randhu metu karuke lha kae
Dhasar mblanggreng si kopi pemacak ira
28. Jago Kluruk
Ing wayah esuk jagone kluruk
Rame swarane pating kemruyuk
Banget senenge sedulur tani
Bebarengan padha nandur pari
Srengenge nyunar wetan prenahe
Manuke ngoceh ana wit-witan
Pating cemruwit endah swarane
Tambah asri jagad seisine
29. Kidang Talun
Kidang talun mangan kacang talun
Mil kethemil-mil kethemil
Si kidang mangan lembayung
Gajah belang saka tanah plembang
Nuk legenuk nuk legenuk
Gedhene meh kaya gunung
30. Pak Jenggot
Pak jenggot pak jenggot nduwe anak
Anake mung siji nangis wae
Amarga wedi kare jenggote
Cup menenge mngko sore tak cukure
31. Buto Galak
Buto, buto galak, solahe lunjak-lunjak
Ngadeg jingkrak-jingkrak, nungkak kanca nuli nandhak
Bali ngadeg maneh, rupane ting celoneh
Iku buron apa, dak sengguh buron kang aneh
Lha wong kowe, we, we, sing marah-marahi
Lha wong kowe, we, we, sing marah-marahi
Gawemu sok ngono, hi, hi, aku wedi
Ayo kanca ngajak bali
Galo kae, galo kae, mripate plerak-plerok, rok, rok, rok, rok
Kulite ambengkerok, rok, rok, rok, rok...
Ya kulite, ambengkerok....
32. Sepuran
Sinten numpak sepur lunga nyang Kediri
Wong nike sepur dhur, bayare setali
Sapa trima mbonceng, konangan kondhektur
Yen didhendha kenceng, napa mboten kojur
Sinten numpak sepur lunga dhateng Nganjuk
Sinten pengin makmur, aja seneng umuk.
Nah, itulah 32 lirik tembang dolanan anak. Selamat bermain dan bernyanyi, Dab!
Artikel ini ditulis oleh Anandio Januar Peserta program magang bersertifikat kampus merdeka di detikcom.
(par/dil)
Komentar Terbanyak
Jokowi Berkelakar soal Ijazah di Reuni Fakultas Kehutanan UGM
Blak-blakan Jokowi Ngaku Paksakan Ikut Reuni buat Redam Isu Ijazah Palsu
Tiba di Reuni Fakultas Kehutanan, Jokowi Disambut Sekretaris UGM