Pembawa acara Maulid Nabi 2026 perlu menyiapkan teks MC yang mumpuni untuk memandu jalannya kegiatan. Tanpa teks MC yang terstruktur, acara Maulid Nabi bisa berubah kacau sehingga mengurangi kekhidmatan agenda.
Maulid Nabi 2026 sendiri tidak melulu mesti dibawakan dengan bahasa Indonesia. Di desa-desa yang masih kental nuansa tradisionalnya, bahasa Jawa lebih lazim dipergunakan. Oleh karena itu, teks MC-nya juga memakai bahasa Jawa.
detikers mendapat amanah sebagai MC Maulid Nabi 2026, kemudian membutuhkan teksnya dalam bahasa Jawa? Tak perlu risau, di bawah ini detikJogja sudah siapkan teks MC Maulid Nabi 2026 bahasa Jawa versi 1 dan 2 orang. Cek, yuk!
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Teks MC Maulid Nabi SAW 2026 Bahasa Jawa
Seperti sudah disebut di atas, MC bisa dibawakan seorang diri atau berdua, tergantung besarnya agenda. Begini contoh teks MC-nya yang bisa detikers jadikan referensi.
Teks MC Maulid Nabi Bahasa Jawa Versi 1 Orang
(sumber: Teks MC Maulid Nabi SAW di Desa Purwogondo)
Assalamualaikum wr.wb.
Alhamdulillahirobbil alamin wabihi nasta'inu ala umuriddunya waddin. Wassholatu wassalamu ala asyrofil anbiyaa-i wal mursalin sayyidina wamaulana muhammadin wa 'ala aalihii wasshohbibihi ajma'iin.
Hadratal muhtaramin,poro alim ulama, sesepuh pini sepuh..
Ingkang kinurmatan bopo rois syuriah, ketua tanfidziah, ugi kepala desa Purwogondo
Ingkang kulo hurmati panjenganipun ustadz Muhammad wahyudi
Ingkang kulo hurmati ugi jajaran pengurus banom NU Ranting Purwogondo
Mboten supe sedoyo panitia lan tamu undangan ingkang kawulo hurmati
Muji syukur kito aturaken dumateng Allah SWT ingkang sampun maringi dateng kito sedoyo arupi ni'mat iman soho taqwa, ni'mat taufiq soho hidayah sehinggo kito sedoyo saget makemipal ten Majlis...puniko kanti kahanan sehat wal 'afiyat, Biqoulina Alhamdulillahirobhilalamin.
Shalawat lan salam mugi tansah kunjuk dhumateng junjungan kito Nabiyulloh Muhammad SAW, Biqoulina Allahumma Sholli 'Ala sayyidina Muhammad wa'ala ali sayyidina Muhammad. Mugi-mugi kanti waosan sholawat puniko kito sedoyo tansah dipun daku dados ummatipun lan mugi2 dipun paringi syafa'atul 'udmah benjang dinten kiamat. Aamiin Allahumma Aamiin.
Keparengo, kulo Tri Jayanti minangka pambiwara badhe ngaturaken reruncening adicara ing dalu punika.
- Adicoro ingkang Sepindah meniko pambikaan
- Adicara kaping kalih menyanyikan lagu Indonesia Raya lan yalal waton.
- Adicoro kaping tigo waosan tahlil
- Adicoro kaping sekawan sambutan sambutan
- Adicoro kaping gangsal penyerahan hadiah lomba gebyar maulid
- Adicoro kaping enem waosan maulid
- Adicara kaping pitu mauidoh hasanah
- Adicoro kaping wolu doa
- Lan adicoro kaping pungkasan, meniko penutup.
Milo sak meniko, hadirin ingkang tansah kawulo hurmati, monggo sak derenge kito milai adicoro, sami2 maos ummul kitab, mugi2 nopo ingkang dados niyat sahe kito, dadosaken berkah ugi manfaat dumateng kito sedoyo Aamiin Allahumma Aamiin. "Ala hadzihinniyah wa 'ala kulli niyyatin Sholihah, Al Fatihah...
Dungkap adicoro kaping kalih meniko menyanyikan lagu Indonesia Raya lan yalal Wathon Ingkang dipun pimpin dening rekanita... Dumateng rekanita.... kawulo sumonggoaken.
Sagunging para rawuh kakung miwah putri dipun aturi jumeneng.
(dirijen menyanyikan lagu)
Dumateng rekanita kawula aturaken matursembah pinuwun.
Para rawuh kakung miwah putri dipun aturi lenggah malih.
Dungkap adicoro kaping tigo meniko waosan tahlil Ingkang dipun lantunaken deneng panjenengan nipun bopo kiai... Dumateng bopo.... Wekdal soho panggenan kawulo aturaken.
Dumateng bopo.... Kawulo aturaken matur sembuh pinuwun.
(tahlil)
Dungkap adicoro kaping sekawan meniko sambutan sambutan sambutan
Sambutan ingkang sepindah nuwun inggih saking ketua ranting ipnu ippau purwogondo. Dumateng rekan wali kawula sumonggoaken.
(sambutan)
Dumateng rekan wali kawula aturaken matursembah pinuwun. Sambutan ingkang kaping kalih nuwun inggih saking ketua tanlidiyah panjenenganipun bopo...
Dumateng bopo...Wekdal soho panggenan kawulo sumonggoaken
(sambutan)
Dumateng bopo.... Kawulo aturaken matur sembah pinuwun.
Sambutan ingkang kaping tigo nuwun inggih Bade disampeaken dumateng bopo petinggi deso purwogendo atau yang mewakili. Dumateng panjenenganipun kawulo sumonggoaken.
(sambutan)
Dumateng bapak... Kawulo aturaken matur sembah pinuwun.
Dungkap adicoro kaping gangsal meniko penyerahan hadiah lomba gebyar maulid. Dumateng panitia ingkang bertugas kawula semonggoaken.
(penyerahan hadiah)
Kawula aturaken selamat lan matursembah pinawun dumateng sedoyo ingkung sampun derekaken lomba gebyar maulid. Adicoro saklajengipun inggih meniko pembacaan maulid ingkang bade dipimpin dumateng rebana...
Dumateng...kawula sumonggoaken.
(pembacaan maulid)
Dumateng...kawula aturaken matursembah pinuwun.
Adicoro kaping pitu inggih puniko mauidhoh hasanah Ingkang bade dipunselerani deneng panjenenganipun Ustad Muhammad Wahyudi. Wekdal soho panggenan kanti sedoyo kinurmatan kawulo aturaken sumonggo.
(Mauidhah hasanah)
Dumateng Ustad Muhammad Wahyudi Kawulo aturaken matursuwun. Mugi-mugi sedoyo petuah ugi nasehatipun dadosaken ilmu ingkang berkah ugi manfaat dateng kito sedoyo. Aamiin Allahumma Aamiin.
Dungkap adicoro kaping 8 meniko doa ingkang bade dipunselerani deneng panjenenganipun bopo....Dumateng bopo... kawulo sumonggoaken.
(pembacaan doa)
Dumateng bopo.. kawula aturaken matursembah pinuwun.
Ananging sak derengipun kawula minangkani pranoto adicoro mbok bilih menawi wonten kalepatanipun anggene kawula matur saking arah pundikee mwon kawula nyuwun agungung samudra pangeksami ugi kawula ngaturaken matursembah pinuwun dumateng panjenangan sami angginipun derekaken sedoyo adicoro Kanti lancar ugi khidmah.
Jazakumullahu ahsanal jaza.
Jazakumullahu khairan katsira.
Monggo kita tutup kanti waosan hamdalah. Monggo kawulo derekaken. Alhamdulillahirabbil alamin.
Wallahhul muwafiq ila aqwamith-thariq.
Wassalamualaikum wr. wb.
Teks MC Maulid Nabi SAW Bahasa Jawa Versi 2 Orang
MC 1 & 2: Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
MC 1: Alhamdulillahi rabbil 'alamin. Puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, ingkang sampun maringi rahmat, taufik, saha hidayah-Nipun dhumateng kita sedaya, saengga ing wekdal menika kita saged kempal bebarengan kanthi tentrem lan lancar.
MC 2: Shalawat saha salam mugi tansah katuraken dhumateng junjungan kita, Kanjeng Nabi Muhammad SAW, dhumateng kulawarga, para sahabat, saha umatipun ingkang tansah setya ndherek piwulang lan tuntunanipun dumugi ing akhir zaman.
MC 1: Para rawuh ingkang kula hormati, ingkang kula tresnani, saha ingkang kula mulyaaken.
MC 2: Ing wekdal ingkang kebak berkah menika, kita saged kempal bebarengan kangge mengeti Maulid Nabi Muhammad SAW taun 2026. Mugi acara menika saged dados sarana kangge nambah rasa tresna kita dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW, saha nambah semangat kita kangge nindakaken akhlak mulia ing gesang saben dinten.
MC 1: Supados acara saged lumampah kanthi tertib lan lancar, ing ngandhap menika badhe kula aturaken runtutan acara Maulid Nabi Muhammad SAW.
MC 2: Acara ingkang kapisan, pambukan.
MC 1: Acara kaping kalih, waosan ayat suci Al-Qur'an.
MC 2: Acara kaping tiga, sambutan-sambutan.
MC 1: Acara kaping sekawan, mauidhoh hasanah utawi ceramah agama.
MC 2: Acara kaping gangsal, doa.
MC 1: Lan acara ingkang pungkasan, panutup.
MC 2: Mekaten runtutan acara ingkang badhe kita lampahi sesarengan.
MC 1: Para rawuh ingkang kula hormati, kangge miwiti acara ing wekdal menika, sumangga kita sesarengan mbikak acara kanthi maos basmalah.
MC 2: Bismillahirrahmanirrahim.
MC 1: Mugi kanthi maos basmalah menika, sedaya rangkaian acara saged lumampah kanthi lancar lan pikantuk ridhanipun Gusti Allah SWT.
MC 2: Acara salajengipun inggih menika waosan ayat suci Al-Qur'an.
MC 1: Kangge maringi berkah lan katentreman ing manah kita sedaya, waosan ayat suci Al-Qur'an badhe kaaturaken dening sedherek (nama).
MC 2: Dhumateng sedherek (nama), wekdal saha papan kula aturaken.
(Pembacaan Ayat Suci Al-Quran)
MC 1: Matur nuwun sanget dhumateng sedherek (nama) ingkang sampun maosaken ayat suci Al-Qur'an kanthi sae.
MC 2: Mugi ayat-ayat suci ingkang sampun kita mirengaken saged dados pepadang lan tuntunan tumrap gesang kita sedaya.
MC 1: Para rawuh ingkang kula hormati, acara salajengipun inggih menika sambutan.
MC 2: Sambutan ingkang kapisan badhe kaaturaken dening (nama/jabatan).
MC 1: Dhumateng (nama/jabatan), wekdal saha papan kula aturaken.
(Sambutan)
MC 2: Matur nuwun sanget dhumateng (nama) ingkang sampun ngaturaken sambutan saha pitutur ingkang migunani tumrap kita sedaya.
MC 1: Sambutan salajengipun badhe kaaturaken dening (nama/jabatan).
MC 2: Dhumateng (nama/jabatan), wekdal saha papan kula aturaken.
(Sambutan)
MC 1: Matur nuwun sanget dhumateng (nama) ingkang sampun ngaturaken sambutan.
MC 2: Para rawuh ingkang kula mulyaaken, sampun dumugi ing acara ingkang kita antu-antu, inggih menika mauidhoh hasanah.
MC 1: Lumantar mauidhoh hasanah menika, mugi kita saged langkung mangertos babagan kautamanipun akhlak Kanjeng Nabi Muhammad SAW, saha saged ndherek niru lan ngetrapaken piwulangipun ing gesang saben dinten.
MC 2: Mauidhoh hasanah badhe kaaturaken dening (nama ustaz/kiai/penceramah).
MC 1: Dhumateng Al-Mukarram (nama), wekdal saha papan kula aturaken.
(Mauidhah Hasanah)
MC 2: Matur nuwun sanget dhumateng Al-Mukarram (nama) ingkang sampun maringi mauidhoh hasanah kanthi kebak piwulang lan pangeling-eling.
MC 1: Mugi sedaya ingkang sampun dipun aturaken saged kita tampi kanthi manah ingkang ikhlas, lajeng kita amalaken wonten ing gesang saben dinten.
MC 2: Para rawuh ingkang kula hormati, acara salajengipun inggih menika doa.
MC 1: Kangge nglantaraken doa, kita badhe ndherekaken (nama).
MC 2: Dhumateng (nama), wekdal saha papan kula aturaken.
(Pembacaan Doa)
MC 1: Matur nuwun sanget. Mugi doa ingkang sampun kita panjataken dipun ijabahi dening Gusti Allah SWT.
MC 2: Mugi kita sedaya tansah pinaringan kesehatan, katentreman, rezeki ingkang halal lan berkah, saha dipun paringi kekiyatan kangge nglampahi gesang kanthi tuntunanipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
MC 1: Para rawuh ingkang kula hormati, sampun rampung sedaya rangkaian acara Maulid Nabi Muhammad SAW taun 2026.
MC 2: Saking wiwitan dumugi pungkasan, kita sampun sesarengan nglampahi acara kanthi lancar. Mugi sedaya amal ibadah lan partisipasi panjenengan sedaya pikantuk piwales ingkang sae saking Gusti Allah SWT.
MC 1: Minangka umatipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, sumangga kita boten namung mengeti miyosipun Rasulullah, nanging ugi tansah ngupadi supados saged ngetutaken akhlak, tuntunan, saha piwulangipun.
MC 2: Mugi rasa tresna kita dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW tansah tuwuh ing manah, saha saged kawujudaken lumantar shalawat, ibadah, lan tumindak ingkang sae.
MC 1: Kula (nama MC 1)...
MC 2: Lan kula (nama MC 2)...
MC 1: Nyuwun pangapunten ingkang kathah menawi wonten kirang langkungipun anggen kula nglantaraken acara.
MC 2: Matur nuwun sanget dhumateng para rawuh sedaya ingkang sampun maringi kawigatosan lan rawuh ing acara menika.
MC 1 & 2: Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Nah, itulah teks MC Maulid Nabi SAW 2026 bahasa Jawa untuk 1 dan 2 orang pembawa acara. Semoga bermanfaat, ya, detikers!
