Geguritan merupakan salah satu karya sastra yang berbentuk puisi Jawa modern. Tak sama dengan tembang jawa, geguritan terlepas dari ikatan yang berbasis irama.
Dikutip dari laman resmi Pemerintah Kota Surakarta, surakarta.go.id, geguritan merupakan salah satu jenis karya sastra yang berbentuk puisi Jawa modern yang berisikan ungkapan perasaan dan pikiran penyair yang bersifat imajinatif dan tersusun adanya unsur pembangunan serta tidak terikat oleh aturan, seperti guru gatra, guru lagu, dan guru wilangan.
Beberapa tema yang biasa diangkat dalam geguritan adalah pendidikan, kemanusiaan, patriotisme, cinta tanah air, dan lain sebagainya. Dikutip dari laman resmi SD Negeri Sendang Mulyo Semarang, Universitas STEKOM, buku Antologi Geguritan Anggara Kasih #4, dan Buku Belajar Bahasa Daerah Jawa Untuk Mahasiswa PGSD dan Guru SD karya Rian Damariswara, berikut contoh geguritan dalam berbagai tema.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Contoh Geguritan, Puisi Berbahasa Jawa
1. Ibuku
Dening: Alfia Nisa Arahma
Ibu..
Sapa kang bisa ngerti aku
Kajaba ibuku
Saben dina saben wektu
Ibu tansah ndidik awakku
Saben ibu duka marang aku
Lara tenan rasane atiku
Ibu..
Aku njaluk restu
Supaya anggonku sinau
Bisa migunani kanggo masa depanku
Ibu..
Aku tresna marang ibu
Tanpa ibu aku dudu sapa-sapa
Amarga ibu aku ana ing donya
Maturnuwun ibu
Aku tresna ibu
2. Palaran Tegalrejo
Dening: Indra Tranggono
Nalika ngambah jobin pendhapa Tegalreja
Mripatku weruh jubah putih kumlebet kebak wibawa
Sang Pangeran jumeneng tanpa kedheping netra
Sereng, mencereng gawe getering nala
Bangsa penjajah wus salin rupa
Sang Pangeran tansah siyaga
Ngupaya tetep ngregem ajining dhiri
Tan lena ditlikung raseksa nggegirisi
Gamelan ing pendhapa talu
Ngregem piyandeling Sang Pangeran
Tembang palaran keprungu
Ngiring brantayuda netepi sedya
Sang Pangeran nyekar
Kumandhang kanthi swara gandhang
Netra tansah sumunar
Adeg-adeg dhiri dadi cagaking tumandang
"Perang ora mung rebutan bandha donya
Nanging uga sirah lan atining bangsa
Bokor emas kebak kidung kaslametan
Kudu dijaga saka amuking asu ajak manca negara"
Sang Pangeran ora wedi pralaya
Ora gigrig dipegat nikmat bandha donya
Tansah nyawiji, greget sengguh ora mingkuh
Nundhung angkara murka kang wengkis lan angkuh
Tembang palaran tansah kumandhang
Njebol wuwungan pendhapa, nyebar pepadhang
Langit geter!
Rasa wedi lan mindher dadi lumer
(Ngayogyakarta, Februari 2020)
3. Pemut
Dening : Biyung Amie (Bawen, Ambarawa, Semarang)
Jeng,
Sumenekna penggalihmu ing jembare rasa darana
Aywa kongsi kentir ing ilining bena bang ludira
Nepi ing gisik dolanan othak-athik mathuke sanepa
Denwolak-walik kanthi waskitha werdi kang sanyata
Waspadakna, piji endi kang becik lan endi kang ala
Nulya gage gumregah sigra nuruta ilining tirta amerta
(TPK, wanci enjing 130413)
4. Layang Kanggo Emak
Dening: Dandung Adityo
Mak, sliramu anyeksèni kridhaning aji kabudayan manungsa Jawi
tansah uga cinathet sesuluh hamemayu hayune nagara iki
wiwit saka jaman Kartini
kenceng ancas ing nguni:
sluman-slumun yasa dadi ramu
lembah manah tansah dadi sangu
"Aja ketungkul marang kalungguhan, kadonyan, lan kamareman
aja gumunan, aja getunan, aja kagètan, aja aleman
aja pisan-pisan gumun angadhepi mompyorΓ© jaman iki
aja getun jroning panemu kang becik
aja kagèt kabèh iku mung pethingan
aja aleman ginayuh nyandhak sesawangan kekarepan"
Mak, senajan aku wong dhusun
wiwit cilik tansah nelangsa lan getun
pakaryanku mung tandur karo matun
nanging ora kendhat anggonku dikon kèri
sabab akèh sawan manis sing tansah mbebayani
Mak, najan pangkat luwih cilik, urip butuh diajèni
sing kudu kasinau, bab bakunΓ© kadewasan dhiri
dadia wong kang piguna
rawé-rawé pait getirira dèn rantasi
ngadeg jejeg ora pijer miyar-miyur
sarwa ndedonga kabèh kagungane Ingkang Maha Widhi
Mak, sembah sujud tambahing pangèstu
aku amung saderma
ora nΓ©kad mring kang ala
kabèh iku merga ati rinasa prungsang
laras pΓ©nak lamun suci
kanggo pathokan gesang
tata tentrem lair kalawan batin
(Bantul, Maret 2019)
5. Carita Wayang
Dening: Eko Wahyu Nugroho
Sapa kandha wayang kuwi kuna?
Yen durung ngerti lakuning crita
Wiwit jejer tekaning paripurna
Dudu amung rikala gara-gara
Rentep-rentep piwulang kagambarna
Tindak-tanduk uga tata krama
Kang bisa tansah ngrembaka
Saka isining carita kang kababar
Kababar pitutur suci tumrap dhiri
Dhiri kang tansah nguri-uri
Nguri-uri kabudayan Jawa suci
Miguna mring nagari
(Ngayogyakarta, Februari 2020)
6. Ngejaman
Dening: Purwadmadi
Jam
gumingsirΓ© kala
dhedhongkèl mangsa lumuh cidra
sengkala tidha ngresepi dina
Jam
panjiret lena
wanciné lingsir sakèhing langsir
pasang brahala rakit walat cintraka
gèsèh gesahing lampah Sang Murwakala
Ngejaman seksi jaman
Yogya kang gumlΓ©wang ngetus ampas panandhang
kangslupan watak sabrang
awak-awak adus tirta sumuk sumeng angleng rata
nitik laku lampah cidra
(Ngayogyakarta, Februari 2020)
7. Wewayangan
Dening: Supriyadi
Panguripanmu wus ginurit
Ing gelare kelir jagad gumelar
Surya pinangka blenconge
Bumi pinangka deboge
Lelakonmu dadi gancare carita
Kang sinanggit Kang Murba Kawasa
Binabar ing pangucap lan polah tingkah
Tangis lan guyu gegen hingane
Banjur kapan babare lelakon
Sawangen polahe kayon
Jejeg miring mirong ngetan mangulon
Sabdane Hyang Manon humiring gen hing sabda kun
Ginarebeg pra widadara widadari
Mungkasi lakon sawengi iki
(Dlingo, 13 Februari 2020)
8. Pamulangan
Jare simbah aku kudu sekolah
Kareben dadi bocah genah mrenah ora nggladrah
Jare rama ibu aku kudu sregep mangkat
Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat
Jare bapak ibu guru aku kudu sinau
Tambah ilmu
Kareben kelakon kabeh kang tinuju
Nanging prakanca, coba delengen kahanan nyata
Apa isih bisa pamulangan kang ana dadekake urip tumata
Pamulangan kang tanpa tuladha
Pamulangan kang kasatan piwulang
Pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta
Siji lan siji ana pira?
Jare anut kang duwe kersa
Jan ora weruh subasita, trapsila, apa maneh tata krama
Lali dosa...
Kabeh lurung binarung kumalungkung
Pamrih pamuji siji
Pamulangan ora aweh pepadhang
Simbah,
Nyuwun pangapunten
Kula mboten kepingin dados dhokter
Jalaran dhuwite bapak boten wonten sakoper
Rama,
Nyadhong duka
Kula boten kapilut drajat pangkat
Jalaran ajrih sumpahing rakyat
Kang panggah mlarat sekarat
Bapak ibu guru,
Nyuwun donga pangestu
Mugi-mugi sedaya ilmu saged dados sangu
9. Sun gegurit
Kaanan jaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi duk jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati
Yen manut wasiteng kuna
Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wusanane tibeng papa
10. Nggendong Lali
Dening: Bambang A.ER.T (Solo)
Mumpung kelingan aku tak kanda:
Aku lan kowe isih nggendong lali
Kepencut senenge raga nganti kepatipati
Mumpung kelingan aku tak kanda:
Umure awake dewe apa isih dawa?
Awake dewe ora ngerti yen wis dienteni.
Mumpung kelingan aku tak kanda:
Uni kang landep ditaleni
Suci jero resik jaba, ngupaya urip mahanani.
Jogja, Stasiun Tugu. Febuari 2020.
11. Aja Ngrangkul Rembulan
Dening: Bambang Hermanto (Larangan, Gayam, Sukoharjo)
Nimas wong ayu aja pengin ngrangkul rembulan.
Rembulan kuwi ana sing duwe wong ayu duweke joko umbaran.
Ing jaba obor mobat mabit katiyup angin aku lan sliramu.
Ing wengi iki nyambung katresnan nyuntake rasa kangen.
Nimas wong ayu sigaring nyawa ingsun nganti kapan
wae aku setyo tuhu marang sliramu wong ayu.
12. Wangsulanku
Dening : Bintang Kalijaga (Guntur, Demak)
Dakambali wangsulanku Yayi
Genah yenta gurit kae kanggo Sliramu
Semono uga tembang Dhandhanggula
Gurisan tembung-tembung donga
Rinacik dadya mantra sembada
;sapadha
Apa kliwat kosetitekna Yayi
Sapungkure deres udan wingi sore
Dakgurit maneh batanganku
Upama geseh saka skabeng cangkriman
Larungen ing gumulunge ombak pasisir Bandengan
Sawuse kuwi
Bali dakjangkahi teles wedhi
Gisik samudra Jepara
Ilang tipak-tipak datan ketara
Guntur 21.9.2016
13. Pak Tani
Pancen luhur bebudenmu
Urip prasaja ora kesusu
Ana ing desa kang asri
Urip rukun dadi petani
Tanduran digulawenthah ngati-ati
Gotong royong iku wis mesthi
Asile dienteni wong sanagari
Ora lali syukur rina wengi
Bu tani uga polah
Nyiapake dhaharan ana ing omah
Banjur digawa menyang sawah
Dhahar ing galengan kanthi bungah
(sip/sip)