Geguritan erat kaitannya dengan masyarakat Jawa karena geguritan merupakan karya sastra Jawa yang berbentuk puisi. Ada banyak tema geguritan, salah satunya untuk menyambut Ramadan.
Melansir dari situs Pemerintah Kota Surakarta, geguritan tidak terikat aturan tertentu, tetapi memiliki syair dan bahasa yang indah. Geguritan digunakan para penyair untuk mengungkapkan perasaan.
Ada beberapa tema yang bisa diangkat ketika menulis geguritan, seperti tema ketuhanan, kemanusiaan, patriotisme, cinta tanah air, dan lainnya. Berbagai macam tema dapat diangkat karena geguritan sifatnya imajinatif.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Baca juga: 10 Contoh Geguritan tentang Pemimpin |
Contoh Geguritan Tema Ramadan
Di antara banyaknya tema yang dapat dituangkan dalam geguritan, tema keagamaan menjadi salah satu yang banyak dicari. Dalam rangka menyambut Ramadan yang sebentar lagi tiba, tak jarang penyair mengekspresikan sukacitanya ke dalam sebuah geguritan.
Berikut 10 contoh geguritan tema menyambut Ramadan yang dapat dijadikan referensi. Kamu bisa mengirim geguritan untuk menyambut Ramadan ini kepada teman-teman atau mengunggahnya di media sosial.
1. Ramadhan
Karya: Sulispriyanto
Iki wulan suci
Marhaban... ya... Ramadhan
Wulan panglebur sakabehe dosa
Wulan kang kebak kamulyan
Wulan kang kebak berkah
Wulan kang tansah direnggani kalam Al-Qur'an
Amarga kuwi, kita tansah gumbira mapag tekane
Nanging...
Kita uga sedhih yen ditinggalake
Ya Allah... ya Robbi...
Muga kita tansah dipethukake Ramadhan
Ing taun sabanjure
2. Wulan Ramadhan
Karya: Rike Maya
Wulan sing dienteni para umat islam
Amarga ing wulan kasebut ana kemuliaan ingkang katah
Wulan ramadhan uga diarani wulan sewu berkah
Ing wulan ramadhan para umat Islam padha nglakoni siyam
Ing wulan ramadhan kita sedaya nahan hawa napsu
Ing wulan kasebut uga ana malam Lailatul Qadar
Para umat Islam kudu wajib nglakoni siyam ing wulan ramadhan
Supaya pikantuk kabingahan ing tembe mburi lan caket marang Gusti Allah SWT
3. Sahur Sepuh
Karya: Ki Rangga Jaya Kusuma
Wektu wektumu tansah tak tunggu nganti eman ninggal mapan turu
Yen wis keprungu swaramu rasane kaya ketiban daru
Benasan ngombe banyu wayu angles adem sajroning dhadhaku
Swara tresna kebak asmara nggungah daya jroning dhdha
Swara tangis gawe trenyuh terkadang kuwaka nesteke eluh
Swara lucu bisa gawe guyu nganti lali rasane lara untu
Jagong lesehan sinambi nata gawean
Nganti wegah mingket saka omah
Yen ana gawe semaya
Kepara mangan kelendran
Kalamangsa di kanthi kanggo kanca mlaku awit wegah kelangan senajan mung sak alrik critamu ingkang ndudut kalbu
Tekane swaramu ing sawektu wektu
Nalika sawetara swaramu ora ana teka batin iki nelangsa pikiran bingung gawean mamprung
Rasane suwung
Gusti menawi kepraeng kula nyuwun tulung sampun kaganti serial niki
Jalaran wis kadhung nyingseti ati
Saestu kula lila lamun di seling nanging cerita niki kedah ngantos
4. Eling Gusti
Karya: Ariza Novriandini
Abang kang ginaris agawe sumelang
Dudu warna nanging mega kang kumandhang
Ing langit sore katon njingglang mbranang
Swara adan wis ngawe pitutur
Saka Gusti kang Maha Luhur
Janma eling sembah matur
Dhuh Gusti....
Ingkang tansah paring pambiji
Tumurana asihMu ing raga kang cidra iki
Mugia bisa jejeg
Ing dalan suci kang ajeg
Tumindhak becik tanpa mandheg
5. Tawakal Marang Gusti
Karya: Dian Yustika
Ing sepine wanci
Kakdelok rasa rasaning kawedenku
Marang panjenengan
Ati lara tanpa upama
Eling marang sakkabehing polahku
Gawe maksiat lan dosa
Sarta lalakon kang ala
Lelakon kang tanpa suba sita
Marang wong liya lan sepepadhan
Duh Gusti
Ing rodane wektu
Nalika tengah wengi
Kula ngunjukkaken dedonga marang Gusti
Ingkang murba ing dumadi
Gusti paringana kawelasanMu
Kanggo nuntun aku eling marang agama
Agama kang dadi ageming aji
Agama kang bisa dadi gegamaning ati'
6. Wudhu
Karya: Maryati
Rikala suara adzan ngumandhang
Dak lereni raga, kang kebak dosa
Dak parani, tuk banyu kang mili
Kanggo reresik rereget
Tumindak kang wis uni
Praupanku dak lap
Dak gebyur tangan lan driji
Banjur rambut, kuping
Pungkasane sikil
Langkahku tumuju sajah
Kairing donga
Nganggo dongo, aku plaku lungo
Tumju, nek papan kang becik
Papan kang suci, kanggo sembahyang
Sembah yang marang Gusti kang Maha Agung
7. Ramadhan
Karya: Ratmaya Urip
Ramadhan
Ing lawangmu aku asung uluk
Ing langkahku aku argya kebak ing khusyuk
Karana mring rina ing candramu kang suci
Aku tansah pengin anggayuh kanti saur manuk
Mring marganing Kang Murbeng Dumadi kang sejati
Supaya ora kebenthuk
Kanggo nyingkirake lan nyuwek dosa-dosa
Kang tan kendhat nggodha kanti rosa
Supaya aku isa anggayuh ganjaraning Gusti Allah
nganti muncuk
Nalika sajadah ginelar lan bathuk
ginathuk jroning donga-donga
Ing wajibe sholat fardlu
Uga ing sujud taraweh Ramadhan kang ora
nate kendhat nyingkirake lan nyebratake dosa-dosa
Jroning pandonga kang anggetak laknat
sing kepengin cedhak lan tansah nggawa duraka
Aku pasrah jroning taqwa
Kanggo marga kang tansah lempeng
Tumuju ing sejatine marga kang
lestari
Ing marga-MU
8. Dundumane Telung Wulan
Karya: Masyhuri
Wis kareken anane telun wulan
Diterangna para ulama kang temenan
Wula Rajab minangka dadi kawitan
Ibarat golet lemah kanggo adonan
Wulan ruwah utawa Syaban
Molaih ngadoni lemah mawi cithakan
Minangka modal kautaman
Kanggo sangu ngakehna amalan
Ing akhir tamsilan
Mlebu maring wulane puasa Ramadhan
Lemah hasil citakan dilebur pengobongan
Ngarepaken dadia bata bangunan
Mateng ora geseng
Wantah ora mentah
Tumiba ing sasi Syawal kang ageng
Ngamale dewek mawujud kanthi genah
Muga-muga iki parikan
Bisa nanceb nang ati lan pikiran
Nambah ngilmu nambah kepahaman
Ora lia mung adedasar eling kinelingan
9. Marhaban Ya Romadhon
Karya: Indah
Langit pasrah
Ngutapake mungkure sasi ruwah
Ana rasa tentrem
Nadyan rembulan durung mesem
Angina aweh sasmita
Getering rasa bungah
Mecaki dina-dina kebak barokah
Marhaban ya romadhon
Pasrah, sumarah
Lelandhesan iman lan taqwa
Njaga santosaning batin
Ngliwati kamar-kamar proses
Kamar pasa
Kamar teraweh
Kamar tadarus
Kamar iktikaf
Kamar sodaqoh
Dina-dina tanpa kedhat ing panuwung
Lumunture lumut-lumut dosa
Karang siniram sihing Gusti
10. Ramadhan
Karya: Kiranda Sukma Ardani
Dino suci dino kamulyan
Noto ati ngresiki jiwo
Bungkem omongan sing gak terarah
Gae dalan lurus ben berkah
Golek pahala akeh sodakoh
Noto awak ning panggon seng tentrem
Ben sorgo enek ning pangkuan
Ngrasakne hasil soko kebecikan
Mulo podo ayo golek keanugrahan
Sholat seng ajeg
Dikir sing kerep
Nyuwun pangapuro dlosorne jiwo rogo
Demikian beberapa contoh geguritan untuk menyambut datangnya bulan Ramadan yang dapat dijadikan referensi. Semoga bermanfaat ya, rek!
Artikel ini ditulis oleh Alifia Kamila, peserta Magang Bersertifikat Kampus Merdeka di detikcom.
(irb/sun)