Geguritan merupakan karya tulis bahasa Jawa yang berbentuk puisi. Penulisan geguritan mengutamakan keindahan bahasa dan tidak terikat aturan guru gatra, guru wilangan, dan guru lagu tertentu. Sehingga geguritan dikategorikan sebagai puisi Jawa modern.
Geguritan berisi ungkapan perasaan dan pikiran penyair yang sifatnya imajinasi. Penulisan geguritan biasanya mengangkat tema mengenai kemanusiaan, patriotisme, dan cinta tanah air.
Contoh Geguritan Tema Pemimpin
Dari sekian banyak tema yang ada, contoh geguritan tema pemimpin menjadi salah satu yang dicari. Contoh geguritan tema pemimpin berisi tentang kepemimpinan maupun kritik atas kepemimpinan yang berlangsung. Berikut contoh geguritan tentang pemimpin yang bisa dijadikan referensi.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
1. Tresno Marang Rakyate
Karya: Mas Is
Opo awakmu ora kelingan akeh janji
Janji-janji marang rakyate
Elingo wayah-wayah pilkada opo pilpres
Opo kowe wes lali pemilu kui pesto
Pesto rakyat cilik kanggo milih pemimpine
Ojo dumeh lan paling ngerti bakalan sing mbok pilih
Kandannono sing poro kawula nek arep milih pemimpine sing amanah
Mergo akeh sing podo ngaku
Ngaku babagan opo wae
Elingo !!!
Sing sugih akeh
Sing bagus lan ayu yo akeh
Sing pinter sangsoyo akeh
Nanging sing jujur ora akeh
Dadio manungso cilik sing titis olehe milih pemimpine
Kanggo nemtoake masa depane bongso lan daerahe
Ojo gampang melu-melu sing ora pener
Lan ojo gelem nggegugu nek wis kaduwitan
Miliho soko atimu
Miliho soko sworo sing jujur
Miliho pimpinanmu ojo mergo duit
Nanging miliho jalaran iso dipercoyo
Ojo seneng calon sing gampang mblenjani janji
Ojo seneng pemimpin sing gampang lali rakyate
Ojo sepisan-pisan milih pemimpin sing nyengsarakke kawulane
Mergo sukben awakmu keno sidang para malaikat
Kenopo milih pemimpin sing ora amanah
Ngucapno Bismillah sadurunge milih pemimpin
Mugo-mugo Gusti kang dumadi nggerakke ati iso milih pemimpin kang becik
Bakalan iso mulyakke rakyate
Nyenengke kawulane
Tresno marang rakyate
2. Jagoku
Karya: Rizqiya A. N.
Jago kluruk wayah esuk
Mawa tengara kang tidhem premanem
Pangribawane sumrambah ngebaki Donya
Kalane jago padha kluruk lan kodhok padha ngorek
Kena wae aku lan kowe bebarengan ngimpi
Jago kluruk wayah esuk Nyimpen greget kang ora nglokro
Ngemu pangarep arep kang isih dawa
Yen bakal ana dina padhang trawangan
Nanging nalika klambi dhines tumemplek neng awak
Ing kono wis dudu impene wong turu
Ngelingana jago sing tansah kluruk
Maweh semangat kang ora bisa nglumpruk
Kajaba sesanggeman abot kang sumandhang
Amrih wujud impene masyarakat sing butuh pangayoman
Kalane jago padha saba ing kono
Kelingan kabutuhane warga
Saiki jago padha kerig ngumpulke tenaga
Klambi dhines kang sumebar sanegara
Ing kene diwaca pira ajine
3. Korupsi
Karya: Budi Susanto
Korupsi
Kuwi jalaran ora resiking ati
Kang bisa ngrusak nagara
Amarga kuwi korupsi kudu dibrantas
Moral kang bejad
Para pejabat tinggi
Kuwi bisa dadi tandha
Rusaking negarang kono kene
Korupsi kaya wis dadi budaya
Budaya kang ala mungguhing bangsa iki
4. Patuladhan
Karya: Davit Harijono
Kang mimpin
Oraa ana ing ngarep
Nanging cahyaning
Patuladhan iku kudu
Ngaton mangejawantah
Yen wus madhep mantep
Tegese tegen
Ngendhaleni panguwasa
Nyekel pusara ya pusakaning adil
Yen jirih wateke
Mung bakal tansah
Singidan dhedhemitan
Samun kang dadi
Patuladhane kuthung
Pancen kang
Mimpin iku dudu
Empuke kursi kok
Apamaneh kerta aji
Angen-angen kurang duga
Iku kabeh bakal tumeka kaya wahyu
Awit karsaning bumi iki bisaa lestari
Ing tentrem lan ing makmur
Manitis sukmaning kusuma bisaa
Ngambar arum saindenging nuswantara
Panjebar Semangat 12, 22 Maret 1997
5. Korupsi
Karya: Kharisma L. W.
Abang putih kajunjung duwur ing langit pratiwi
Wujud getih lan balung para pejuang
Apa kowe isih eling?
Cucur kringet luh kang wis kebacut dadi tumbal
Tumbal marang buwana kanggo kemerdekaan
Saiki apa?
Kowe ngapusi, kowe korupsi
Cangkemmu amba kebak arta|
Raimu gedhek, ora duwe isin
Dijak rembug malah kepara angler
Rakyatmu kuru, kowe lemu
Rakyatmu mlarat, duitmu sak arat-arat
Sing makmur sapa?
Kowe lan kanca-kancamu
Sing tumindak ala marang rakyatmu
Mula, ayo brantas korupsi
Ayo padha gumregah
Mbangun bangsa Indonesia kang sumringah
Bangsa kang apik ing budi lan tutur
Bangsa kang sejahtera lan makmur
6. Merapi
Karya: Puthu Aryana
Merapi...
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Merapi...
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi...
Sliramu anyekseni
Kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir
Penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning
Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi
7. Ksatria Negriku
Karya: Prayudha Dwi Wicaksana
Tumestesing waspamu
Milining ludiramu
Ora bakat muspra
Apa maneh sia-sia
Adus kringet bela pertiwi
Kok terjang tanpa rasa koder
Mung kanggo mulyaning negri iki
Ksatria negriku
Gumrengah tanpa owah
Ksatrian pinumjul kang gagah
8. Ir. Soekarno
Karya: Salsa Belladea P.
Ir. Soekarno...
Panjenengan pahlawan bangsa
Mbebasne bangsa Indonesia soko penjajah
Lan ndadekake Indonesia merdeka
Ir. Soekarno...
Sikapmu sing berbangsa patuh dicontoh para-para muda
Jasamu ora bakal daklalekake
Panjenengan dadi ksatrian bangsa
Maturnuwun Soekarno panjenengan sampun merdekaake
Negara Indonesia
9. Kahanan Jaman Saiki
Karya: Dewi Nurhidayati
Kahanan jaman saya ndrawasi
Bener kaanggep luput
Luput kaanggep bener
Aku tansah nggedumel
Para pemimpin kang kedah tinulad
Malah nerak angger-angger
Tumidak congkrah lan daksiya
Pranatan kawedhar
Ndadekake pawangon asor
Sangsaya kalindhih kajanan anyekik
Kahelis putering jaman
10. PRASAJA
Karya: Facebook Geguritan lan Dagelan Jowo, 2013
Dedeg piadege prasaja
Mungguh blegere ora gagah pideksa
Wong tan wanuh ora bakal ngira
Badan kera rikat yen lumaksana
Nanging agawe giris sentana culika
Sanadyan pawakane katon ora weweka
Ora miris marang para durjana
Kang njarah rayah raja brana negara
Tembunge prasaja
Micara kanthi tata ora neka-neka
Gampang di tampa cetha wela-wela
Ora ndadekake rasa cubriya
Ngati ati yen medhar pangandika
Gawe lereme kang miyarsa
Busanane prasaja
Pamacake ora ngongasake donya brana
Lawaran tan sinubya sesotya barleyan
Sanding wong sudra tan katon beda
Nganggo ageman amung rong warna
Pethak lan cemeng ingkang remenanira
Panggayuhe prasaja
Adreng anjangkah mriksa tataning praja
Tuwi niti kang nandang papa cintraka
Mirengake samubarang pangudarasa
Gedhe cilik tuwa enom direngkuh padha
Esthining panggayuh para warga padha basuki lan mulya
Patrape prasaja
Dhahar bujana mung samadya
Seneng teteki ngurangi nendra
Tumungkul marang kang luwih tuwa
Andhap asor marang wong sapadha padha
Panyaruwe ala katampa kanthi jembar dhadha
Warsa prasaja
Mangayubagya praptaning narendra
Awujud satriya ambeg pandita
Sinisihan wahyu kairing donga
Bakal katiten Karya surya sengkala
Dadya nata ilang sikara
Beberapa contoh geguritan tentang pemimpin di atas dapat dijadikan referensi. Semoga artikel ini bermanfaat ya, Rek!
Artikel ini ditulis oleh Najza Namira Putri, peserta Magang Bersertifikat Kampus Merdeka di detikcom
(irb/sun)