10 Geguritan Tema Pahlawan dan Jiwa Patriotisme

10 Geguritan Tema Pahlawan dan Jiwa Patriotisme

Savira Oktavia - detikJatim
Rabu, 08 Nov 2023 19:00 WIB
Parade Juang Surabaya
Parade Juang Surabaya/Foto: Esti Widiyana
Surabaya -

Yang bisa dilakukan dalam memperingati Hari Pahlawan pada 10 November 2023, salah satunya membuat atau membaca geguritan. Berikut contoh geguritan tema pahlawan dan jiwa patriotisme.

Geguritan dapat digunakan sebagai media untuk mengenang kembali jasa dan pengorbanan para pahlawan. Geguritan adalah karya sastra berbentuk syair, yang biasanya diiringi dengan tembang merdu. Namun, penggunaan istilah geguritan mengalami pergeseran karena digunakan untuk menyebutkan puisi Jawa modern secara menyeluruh.

Secara garis besar, puisi Jawa modern tidak terikat pada aturan. Sehingga masyarakat bebas menciptakan geguritan menggunakan bahasa Jawa yang berkembang sekarang ini.

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Berikut ini sederet contoh geguritan tema pahlawan dan jiwa patriotisme, yang dikutip dari buku Antologi Geguritan: Lintang Alit, Kumpulan Geguritan Osis SMP Negeri 1 Ngariboyo, dan Antologi Geguritan Lan Puisi Panguripan.

poster Hari Pahlawan 2023Poster Hari Pahlawan 2023/ Foto: Freepik

Contoh Geguritan Tema Pahlawan dan Jiwa Patriotisme:

1. Pahlawan

Dening: Engki A.P.

Panjenengan rela kurban nyawa
Supaya negara iki mardika
Panjenengan rela ninggali keluarga
Kanggo bela nusa lan bangsa

Sanajan sliramu wus seda
Jeneng lan pangurbanan panjenengan
Ora bakal daklalekna

Amarga pangurbanan panjenengan
Negara iki mardika
Sanajan akeh pacoban sing nglang nglangi
Pacoban tetep kok adhepi
Kanthi ati kang siji

Pahlawan...
Ora bakal dak lali
Kabeh pangurbanan kuwi
Tansah dak jaga
Supata tetep mardika

2. Pahlawan

Dening: Ibra Razeddianto

Pahlawan...
Gedhe jasamu ing negeri iki
Kowe ngurbanake nyawa, bandha, kluarga kanggo negeri iki
Tanpa nyerah...

Pahlawan...
Dalan uripmu ora dawa
Nanging jasamu ora bisa dilalekna
Ora ana sing ngerti apa sing kedadean ing dinamu
Nanging koklakoni kanggo anak putu

Pahlawan...
Ing dongaku daksebut jenengmu
Tak dongakake kanggo alam akhiratmu
Muga muga bisa seneng ing kana
Lan dadi ahli swarga

3. Pahlawan

Dening: Yoggi Putra Pratama

Sliramu pancen pahlawanku
Bektimu marang nagara
Pancen gedhe banget
Panas udan
Ora dadi alangan

Mung kanggo nagara
Sliramu ninggalake sanak sedulur
Supaya nagara kita merdika
Pahlawan...
Anggonmu mbela nagara

Taruhane nyawa
Aku ora bakal nglalekake
Jasa-jasamu
Oh pahlawanku

4. Pahlawan Kauripan

Dening: Estiti Rifngatul Kamila

Tak sawang sampeyan polah
Tak rungokne sampeyan ngomong
Tak rasakne sampeyan uga ngrasakne
mripat khayal dakngira dadi panutan
Aluse omonganmu kanggo atiku
Dadekne seneng ana atine kito
Sampe atiku ora pengen mlayu
Ngedohi dalan saktemene

Kesel awake sampeyan ndak sampeyan
Rupane kauripan dadekne apik
Kuwi jasa masalah ngabdi
Dudu jasa masalah ekonomi
Semangatmu dadi panguripan
Kanggo kito jalani panguripan
Ojo pernah sampean waleh

Dadi tonggak panutan
Senajan periwi ing kesengsaraan
Sampeyanlah pahlawan kauripan
Matur suwun kanggo sampeyan
Sang pahlawan kauripan

5. Lelabuhane Pahlawan

Dening: Maria

Duh... Pahlawanku
Piye carane bis menehi piwales sakkahing
pangurbananmu
Pengurbananmu pancen wigati banget kanggoku
Sing wes kok wenehake kanggo bumi pertiwi

Apa aku kudu mudhun ing ngglangang perang
Apa aku kudu adus ludira
Apa aku kudu kena cublesing glati ningbangsa walundho
Apa babar pisan ora ngerti caraning
krpiye menehi piwales sak kabehe
pangurbananmu kui

Sliramu lila legawa ngurbanake ngawakmu
Kabeh mau kanggo kamardikan
Ura bisa kok rngkuh kanggo tanganmu dewe
Duh pahlawanku sliramu kui pejuang
bumi pertiwi iki

6. Pahlawanku

Dening: R. Tantiningsih

Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane

Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika

7. Kartini

Dening: Eva Maulida

Wanita kang arum gandane
Madhangi kabeh para wadon
Mbedhal pagering wewaton
Ngudi ngelmu ana ing pasinaon
Dadi wanita kang pinunjul
kang tansah ngresepake
Kang bisa njembarake jagading wanita
Aku tansah eling
Aku tansah syukur
Aku tansah ndedonga
Muga-muga tumeka saiki
Isih ana kartini-kartini mudha
Kang bisa nggawa
Aruming bangsa lan negara

8. Pancasila

Dening: Vinny Rista Winurtika

Telungatus seket tahun
Lawase
Bangsa kita dijajah Walanda
Rakyat nalangsa lan sengsara
Diidak-idak rasa kamanungsane

Indonesia mikul abot lahir lan batin
Dirusak mentale, wis ilang percayane
Awake dhewe maneh
Matumpuk-tumpuk rekasane

Ananging kanggo kamadikan
Kudu wani maju mbela bener lan adil
Para pejuang lila korban jiwa raga tumrap
negara

pancasila kang dadi dhasare negara
bisa ngrebut tamba ati kang lapa
kanthi persatuan lan percaya
mardika... mardika... mardika!

9. Pemuda

Dening: Vinny Rista Winurtika

Para muda dadya satria kang
Utama
Angrungkebi nusa, bangsa, lan agama
Wis nyata manawa Pancasila
Dadi dhasare
Ngera
Pahlawan kang wis sirna
Mbrantas budi
Angkara murka
Lila legawa tumrap bangsa
Angrebut negara, bumi pertiwi kita
Angluhurna pahlawan kang
Ngorbanake
Jiwa raga

Mula ... aja lali, manembah kang maha kewasa
Kanthi Undang-undang Dhasar
Patang puluh lima
Ayo kabeh padha cancut tali wanda
Aja lali marang sumpahmu, pemuda

10. Indonesia Negriku

Dening: Desi Wulandari

Indonesia negriku...
negeri kang indah lan subur
rakyate katon makmur
gemah ripah loh jinawi

Indonesia negriku...
negri kang wis maju
saka sabang tekan merauke
kabeh wis ngarahke kemajuane

Indonesia negriku...
negri tumpah dharahku
beda-beda, ning tetep siji
Indonesia sing taktresnani...


Artikel ini ditulis oleh Savira Oktavia, peserta Magang Bersertifikat Kampus Merdeka di detikcom.




(sun/fat)


Hide Ads