- Contoh Geguritan tentang Sumpah Pemuda: 1. Ksatria Negriku Dening: Prayudha Dwi Wicaksana 2. Pahlawanku Dening: Muhammad Adjie Ismail 3. Pahlawan Dening: Yoggi Putra Pratama 4. Gemregahing Pemudha 5. Sumpah Pemudha
- Contoh Geguritan tentang Pahlawan: 1. Pahlawanku Dening: Arga Rafi W 2. Ir. Soekarno Dening: Salsa Belladea P. 3. Pahlawan Dening: Engki A. P. 4. Pahlawan Dening: Ibra Razeddianto 5. Pahlawan (Kartini) Dening: Shintia Eka Rahmawati
Geguritan adalah karya sastra berbentuk syair, yang biasanya dilagukan dengan tembang merdu. Berikut ini sederet contoh geguritan tentang Sumpah Pemuda dan pahlawan.
Seiring berjalannya waktu, terjadi pergeseran penggunaan istilah geguritan. Di mana geguritan digunakan untuk menyebutkan puisi Jawa secara keseluruhan.
Secara garis besar, puisi Jawa saat ini bersifat bebas. Mempunyai tipografi yang bebas, dan menggunakan bahasa Jawa yang berkembang pada masyarakat saat ini.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Dengan begitu, penyebutan geguritan hampir sama dengan pengertian puisi. Yang membedakan hanya bahasa yang digunakan yaitu bahasa Jawa.
Geguritan biasanya mengangkat beberapa tema. Seperti pendidikan, patriotisme, cinta tanah air, keluarga, dan sebagainya.
Berikut ini sederet contoh geguritan tentang Sumpah Pemuda dan pahlawan, yang dikutip dari buku Reroncen Geguritan SMP Negeri 1 Kawedanan, Antologi Geguritan Lintang Alit, dan Kumpulan Geguritan OSIS SMP Negeri 1 Ngaribaya.
![]() |
Contoh Geguritan tentang Sumpah Pemuda:
1. Ksatria Negriku
Dening: Prayudha Dwi Wicaksana
Tumestesing waspamu
Milining ludiramu
Ora bakat muspra
Apa maneh sia-sia
Adus kringet bela pertiwi
Kok terjang tanpa rasa koder
Mung kanggo mulyaning negri iki
Ksatria negriku
Gumrengah tanpa owah
Ksatrian pinumjul kang gagah
2. Pahlawanku
Dening: Muhammad Adjie Ismail
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manehe
Karujit-rujit rasa pang rasane
Pahlawanku
Mugya gusti paring nugrara
Semana gedhene buktimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Among siji pangajabmu
Merdika
3. Pahlawan
Dening: Yoggi Putra Pratama
Sliramu pancen pahlawanku
Bektimu marang negara
Pancen gedhe banget
Panas udan
Ora dadi alangan
Mung kanggo nagara
Sliramu ninggalake sanak sedulur
Supaya negara kita merdika
Pahlawan...
Anggonmu mbela nagara
Taruhane nyawa
Aku ora bakal nglalekake
Jasa-jasamu
Oh pahlawanku
4. Gemregahing Pemudha
Ilining ludira ing jroning raga
Nyawiji karo muntaping rasa iki
Gumregahing daya dadi pratandha
nyawijining bangsa ora bisa kaselaki
Sumpah pemudha iki
ora mung janji
kuwi bukti nyawijining pertiwi
Bangsa, basa lan bantala mung siji
yaiku Indonesia Raya Bumi Pertiwi
Cluwak, 28 Oktober 2015
5. Sumpah Pemudha
Sumpah Pemudha
Kanthi semangat ing atimu
Kanggo kamardikan
pemuda Indonesia
Tekad sing kuwat
Njunjung
Manunggal lan seduluran
Sumpah iki,
Bukti tekad kita sing kuat
Contoh Geguritan tentang Pahlawan:
1. Pahlawanku
Dening: Arga Rafi W
Pahlawan, sliramu dadi dalan kemerdekaan
Tadak awak ora wedi marang kematian
Nyowomu kanggo pondasine kebebasan
Kanggo rakyat saking cengkramane penindasan
Pahlawan, awan bengi nantang maut
Nglawan misil miisl kang semrawut
Kabeh lawan koe ajak gelut
Ra peduli najan awak podo benjut
Pahlawan, semangatmu koyo geni
Ngobong kabeh pasukane kompeni
Kanggo njaga lemah kang ditresnani
Indonesia merdeka, Indonesia di ormati
Pitulas agustus taun papat lima
Opo sing diimpike dadi nyata
Saiki Indonesia wes merdeka
Pahlawan, perjuanganmu ra sia-sia
Indonesia merdeka!!!
Indonesia merdeka!!!
Kabeh mergo perjuanganmu
2. Ir. Soekarno
Dening: Salsa Belladea P.
Ir. Soekarno...
Panjenengan pahlawan bangsa
Mbebasne bangsa Indonesia soko penjajah
Lan ndadekake Indonesia merdeka
Ir. Soekarno...
Sikapmu sing berbangsa patuh dicontoh para-para muda
Jasamu ora bakal daklalekake
Panjenengan dadi ksatrian bangsa
Maturnuwun Soekarno panjenengan sampun merdekaake Negara
Indonesia
3. Pahlawan
Dening: Engki A. P.
Panjenengan rela kurban nyawa
Supaya negara iki mardika
Panjenengan rela ninggal keluarga
Kanggo bela nusa lan bangsa
Sanajan sliramu wus seda
Jeneng lan pangurbanan panjenengan
Ora bakal daklalekna
Amarga pangurbanan panjenengan
Negara iki mardika
Snajaan akeh pacoban sing nglang ngalangi
Pacoban tetep kok adhepi
Kanthi ati kang siji
Pahlawan...
Ora bakal dak lali
Kabeh pangurbanan kuwi
Tansah dak jaga
Supaya tetep mardika
4. Pahlawan
Dening: Ibra Razeddianto
Pahlawan...
Gedhe jasamu ing negeri iki
Kowe ngurbanake nyawa, bandha, keluarga kanggo negeri iki
Tanpa nyerah...
Pahlawan...
Dalan uripmu ora dawa
Nanging jasamu ora bisa dilalekna
Ora ana sing ngerti apa sing kedadean ing dinamu
Nanging koklakoni kanggo anak putu
Pahlawan...
Ing dongaku daksebut jenengmu
Tak dongakake kanggo alam akhiratmu
Muga-muga bisa seneng ing kana
Lan dadi ahli swarga
5. Pahlawan (Kartini)
Dening: Shintia Eka Rahmawati
Kartini...
Sapa kang ora kenal panjenengan
Pahlawan kang mbela kaum wanita
Pahlawan kang berjuang nentang pangeran walanda
Kartini...
Senajan tinirah dadi priyayi
Duweni irah bangsawan
Kartini mbela emansipasi wanita
Mbela rakyat jelata
Kartini...
Wulan April iki dadi seksi
Lelabuhanmu kang misuwur tumrap bangsa Indonesia
Habis Gelap Terbitlah Terang
Dadi bukti masa perjuangan
Kutha Jpara dadi papan panggonan
Kartini...
Amargi jasami
Wanita eropa lan wanita pribumi
Dadi duweni kang padha
Duweni hak pikantuk pendidikan
Cita-cita (Pendidikan)
Isun Awan bengi aku sinau
Amargi agawe nento
Artikel ini ditulis oleh Savira Oktavia, peserta Magang Bersertifikat Kampus Merdeka di detikcom.
(sun/dte)