- 11 Contoh Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil 1. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil dari Awal sampai Akhir 2. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil Wakil Keluarga 3. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil Pasrah Panampining Lamaran 4. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil Wicara Pihak Kakung 5. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil Pambgya Harja 6. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil Wicara Pancasan Pihak Putri 7. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil Pranatacara 8. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil Tanggap Wacana Pancasan 9. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil Pasrahing Penganten 10. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil Sumene 11. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil Panampining Pasrah Lamaran 12. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil
Untuk mendukung prosesi pernikahan adat Jawa agar berjalan lancar, pembawa acara biasanya membutuhkan teks MC sebagai pedoman. Bahkan beberapa di antaranya memerlukan teks MC yang menggunakan bahasa Jawa krama inggil. Sebagai referensi bagi kamu yang membutuhkan contoh teks MC pernikahan bahasa Jawa krama inggil, temukan pilihannya melalui paparan berikut.
Apa itu teks MC pernikahan bahasa Jawa? Bagi masyarakat Jawa, teks tersebut dikenal juga dengan istilah teks pranatacara pernikahan. Biasanya teks pranatacara pernikahan diperlukan guna menjaga agar prosesi pernikahan bisa berjalan dengan lancar dari awal sampai akhir.
Teks pranatacara pernikahan dalam bahasa Jawa sendiri tidak hanya diperuntukkan bagi pembawa acara atau MC semata. Melainkan juga pihak-pihak yang ditunjuk untuk menyampaikan wicara terhadap sejumlah tahapan prosesi selama acara pernikahan berlangsung.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Misalnya saja pada saat acara lamaran berlangsung sampai penyerahan pihak pengantin putri kepada pengantin laki-laki. Selama prosesi ini berlangsung ada beberapa teks pranatacara yang perlu disediakan oleh pihak keluarga maupun panitia penyelenggara yang ditunjuk untuk mengatur jalannya acara. Oleh karena itu, mari simak contoh-contoh teks pranatacara atau teks MC pernikahan bahasa Jawa krama inggil di bawah ini.
Poin utamanya:
- Teks MC pernikahan diperlukan agar prosesi berjalan dengan lancar.
- Istilah lain teks MC pernikahan adalah teks pranatacara pernikahan.
- Di dalam teks pranatacara pernikahan ada sejumlah wicara atau ucapan lisan dari masing-masing pihak sebagai bagian dari prosesi yang disampaikan sepanjang acara berlangsung.
11 Contoh Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil
1. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil dari Awal sampai Akhir
Dumateng para alim ulama' ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhur ing budi.
Dumateng poro sesepuh pinisepuh ingkang satuhu kinabekten.
Dumateng poro pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka pandam pandoming kawulo dasih ingkang kinasih.
Para penderek pinanganten kakung / putri saking tlatah .......................... ugi para tamu undangan kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Minangkaning purwokaning atur sumonggo tansah kulo derekaken ngraosaken puji syukur Alhamdulillah wonten ngarso dalem Alloh SWT. Ingkang sarono sih kawelasan soho lumeberipun rohmat taufik soho hidayahipun kulo dalah panjenengan sedoyo saget makempal manunggal wonten setunggal majlis, saperlu Derek-derek mangestreni wontenipun acoro walimatul 'urusy kanti kawontenan wilujeng nir sambikolo kalis ing beboyo.
Sholatulloh wa salamuhu mugi katetepaken wonten ngersanipun junjungan kito Nabi Muhammad SAW. Lumebering domateng poro shohabat ipun, sageto mahanani domateng panjenengan ipun bapak.......dalah keluwargo, anggenipun ngentas pitulus amiwoho putro mahargiyo sisi putro putri ingkang asesilih Raden mas bagus........./roro diyah ayu........ing pangajab,mugi-2 dados pinanganten ingkang barokah keluwarganipun, dipun dadosaken keluwargo ingkan sakinah,wamadah warohmah,angsal pangestunipun poro rawuh ingkang sami lenggah, Amin.........
Sagunging tamu undangan kakung sumawono putrid ingkang dahat kinurmatan.
Mugi pinarengno kawulo marak ngabiabtoro hanggempil mardikaning penggali,anggen jengandiko,samiyo lelenggahan wonten wismo pawiwahan puniko,tumprap perluning gati kawulo marak ngabiantoro,awit awrat pinatah anglantaraaken rantamaning adicoro ingkang bade kalampah ing pawiwahan Walimatul urus sing/dalu puniko,
Pramilo keparengo langkung rumiyin kawulo ngaturaken menggah ingkang dados rantamaning adicoro ingkang sampun rinacik, rinampat soho rinumpoko.
1. Wondene adicoro ingkang karuhun nun inggih: atur pambuko
2. Kalajengaken wahosan ayat-2 suci Al-qur'an dumawah adicoro ongko kalih
3. Adicoro ongko 3 dawuh-2 pangendikan
a. Saking dutaning besan minongko pasrah pinanganten
b. Atur pambagyo soho panampi pinanganten ingkang mengku gati
4. Wondene adicoro ingkang ongko 4 nun inggih inti Walimatul ursy
5. Kalajengaken Sabdo tomo/Mau'idloh Hasanah
6. Wondene adicoro ingkang ongko 6 nun inggih do'a minongko panutuping adicoro.
Mekaten menggah tata rakiting adicara pawiwahan ingkang sampun rinakit lan mangga pawiwahan punika kita buka kanthi waosan umul kitab ing pangajab mugi-mugi pawiwahan siang/dalu punika purwa madya wasana tansah manggih rahayu kalis ing rubeda nir ing sambikala
Li ridlolloh wabi syafa'ati rosulillah wa'ala hadihin niyat al-fatihah.
Wahyanin mongso kapan wus ndungkap titi laksananing adicoro, sumonggo kito sigrak tumapak ing adicoro ingkang ongko kalih nun inggih waosan ayat-2 suci Al qur an,ananging sak derengipun waosan ayat2 suci Alqur an kalaksanan,sakderengipun nyuwun sewu agungin aksomo,domateng poro rawuh ingkang taksih sami ngudut/rerembakan kasuwun kancendak sawatawis saperlu hormat soho mirengaken waosan ayat2 suci Al qur an ingkang bade kawahos dening sederek..............saking......wekdal soho sasono kawulo aturaken
Mekaten menggah waosan ayat-2 suci Al qur'an sinartan ing pamuji,mugi nampi imbalan nugroho saking ngersane Alloh SWT. (Amin 3x)
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan.
Tumapak adicara ingkang angka tiga nun inggih atur pasrah saking kulawarga pinanganten kakung/putri pramila punika dumateng panjenenganipun bapak ingkang sampun kapiji hanjejeri minangka talang basa saking keluawarga pinanganten wekdal saha sasana kawula aturaken......
Mekaten menggah pasrah ingkang sampun ceto tatas soho titis tur trawoco
Selajengipun inggih puniko atur pambagyo soho tampi pinanganten saking mengku gati, sejatosipun panjenenganipun bapak .................badhe marak ngbiyantara sami, saperlu nampi pasrah saking keluwarga pinanganten kakung/putri menika ananging nggih kabekto saking bombong miwah mongkoking manah karana karoban ing sih sadaya ingkang sampun hanjenengi saengga mboten kuwawi matur piyambak pramila menika badhe dipun sulih sarirani dening bapak ......... ........ pramila dumateng panjenenganipun wekdal saha sasana kawula aturaken.
Satuhu tatas titis wijang saha gamblang atur panampi ingkang sampun dipun aturaken. Lan mangga adicara wonten pawiwahan punika kita lajengaken. Minangka adicara ingkang angka sekawan nun inggih adicara inti walimatul ursy pramila dhumateng para kadang sinoman dipun suwun angayahi punapa ingkang dados jejibahanipun ngaturaken pasugatan twin dedaharan dumateng para tamu. Lan dumateng kadang juru pitha swara kasuwun muter lelagon ingkang cunduk kaliyan swasana wonten dalu/siang punika . sumangga...
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang kawulo mulyaaken mboten ateges kawula angridu anggenipun panjenengan sami dahar ananging kaliyan ngrantos cekap enggenipun caos dedaharan mangga adicara wonten siang/dalu punika kita lajengaken.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan.
Bilih pinanganten sarimbit anggen ipun bade nyilemi samudraning bebrayan,( bermasyarakat) ngatur bale wismo meniko mbetahaken lampu,pinongko pamdomeng lampah arupi piweling soho pitedah,ingkang meniko panjenengan ipun bapak.......... Dalah gotrah keluwargo ngeryoso (mengharap) panjenengan ipun Romo kyai ............ingkang gambuh salwiring kaweruh,kersoho paringwarsitoworo utawi warsito adi dumateng pinanganten sarimbit khusus ipun, umum ipun dumateng kulo dalah panjenengan sedoyo.pramilo domateng panjenengan ipun Romo kyai.............wekdal soho sasono pangendikan kawulo aturaken.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tuhu kinurmatan.
minangka adicar ingkang terakhir nun inggih do'a ingkang insya allah badhe kapandegani dening bapak ........ ananging sakderngipun adicara do'a kalaksanan, kunjuk dumateng bapak ( shohibul bait ) keparenga hanjengkaraken pinanganten kakalih kakanthi tumuju dumateng wiwaraning sasana pawiwahan saperlu nguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Lan saking kawula minangka pranata cara mbok bilih awal saengga akhir wonten solah bawa saha atur ingkang mboten nuju prana kawula kajibah nyuwun gunging pangaksami
Lan dumateng bapak ...............wekdal saha sasana kawula aturaken.
(Sumber: laman resmi Desa Dengok, Gunungkidul)
2. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil Wakil Keluarga
Bismillahirrahmanirrahim.
Assalamu 'alaikum wr wb.
Dumateng panjenenganipun Bapak... sekalihan saha Bapak... ingkang kepareng amakili. Para pepundhen, para pinisepuh ingkang tansah angudi dumateng pepoyaning kautamen, saha pantes tinulat tuwin kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para lenggah kakung sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan.
Saderengipun kula ngaturaken wigatosing sowan kula, perlu kula munjukaken puji syukur dumateng Gusti Ingkang Maha Agung. Dene awit saking sih berkahipun, kula tuwin panjenengan sami saged pinanggih kanti wilujeng nir ing sambikala.
Langkung rumiyin keparenga kula nderek pitepangan dumateng panjenengan sami. Nami kula.... Ingkang sisih tengen kula punika Bapak.... Dene ingkang wonten sisih kereng kula punika Bapak.... Kula tetiga punika kalebet satunggil padhukuhan kalihan Bapak... ingkang kepareng utusan.
Bapak... ingkang dhahat kinurmatan. Keparenga kula ngaturaken wigatosing sowan kula wonten ngarsa panjenengan sami. Ingkang sepindah, inggih punika silaturahmi dumateng panjenengan Bapak... sakaluwarga, saha dumateng para Bapak sumawana para Ibu ingkang kepareng rawuh ing pepanggihan punika.
Ingkang angka kalih, sowan kula punika dipun kantheni salam taklim saking Bapak... sekalihan, mugi katur ngarsaning para Bapak saha para Ibu. Dene ingkang angka tiga, sowan kula kinen ngebun-ebun enjang anjejawah sonten, nglamar putra putri panjenengan ingkah sesilih pun Rara...
Inggih awrat-awratipun pinangka jejering tiyang sepuh ingkang dipun tangisi putra utawa ingkang sampun limrah kawastanan anak polah Bapa kepradhah, pramila lajeng utusan dumateng kula tetiga. Supados dhodhog kori saha ganten jambe sedhahipun.
(Sumber: buku 'Menjadi MC Profesional & Ahli Pidato Bahasa Jawa Pranatacara lan Sesorah' karya Ki Puspa Budyasusatra)
3. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil Pasrah Panampining Lamaran
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para duta saraya saking kadang besan sutresna ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung-putri, kadang wredha mudha ingkang winantu suka basuki.
Mradapa keparingipun Ibu Siswasumarto sumrambahing para kulawangsa ing kalenggahan punika, kula piniji pinangka pambiwara wontenipun upacara pasrah panampining upakarti miwah lamaran pinangka jejangkeping tata cara salaki rabi.
Namung saderengipun kula ngaturaken urut reroncening adicara ingkang sampun karakit dening para kulawarga, cunduk kaliyan kuncaraning bangsa ingkang linambaran agunging Pancasila, sumangga nun kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah ingkang Maha Agung, karana ageng barokah saha rohmat ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sadaya da-lasan kula.
Sinawung raos syukur ing ngajeng, mugi lampahing adicara pasrah panampi lamaran saha upakarti pinangka jejangkeping palakrama tansah pinaringan rahayu tebih ing sambekala.
Nun inggih para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, keparenga pana cara murwani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka lampahing upacara pasrah panampi kanthi ngaturake reroncening adicara ingkang rinamtam para kulawangsa.
Nun Inggih: Tinarbuka atur pambagyaharja, kasambet atur lamaran miwah upakarti dening pangarsaning duta saraya pinangka sulih saliranipun saking badhe kadang besan.
(Sumber: buku 'Tata Cara Pengantin Jawa' oleh Ki Juru Bangunjiwa)
4. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil Wicara Pihak Kakung
Para pinisepuh ingkang tansah kinabekten saha wonten ngarsanipun Bapak sekalihan ingkang kinurmatan. Kula tansah muji syukur ing Pangeran dene pisowan kula sakadang tansah ginanjar kawilujengan. Kanthi panyuwun mugi kulawarga ing riki ugi tansah pinaringan kayuwanan.
Salajengipun, kepareng matur wonten ngarsanipun Bapak sekalihan sineksenan para pinisepuh. Kalamun atur kula samangke wonten lepatipun mugi panjenengan kersa paring sih pangaksama.
Sowan kula sarombongan Ndherek nepangaken kula pun menika kautus panjenenganipun Bapak-Ibu... ingkang pidalem wonten ing... supados ngaturaken menapa ingkang dados kersanipun Bapak-Ibu ....
Ingkang kapisan, Bapak-Ibu... ngaturaken sungkem pangabekti dhumateng para pinisepuh sarta ngaturaken salam takzim wonten ngarsanipun Bapak-Ibu kanthi pepuji mugi-mugi Gusti ingkang Mahaasih tansah paring kanugrahan dhumateng kulawarga ing riki.
Ingkang kaping kalih, sowan kula menika minangkani awit saking
pamothahipun Anakmas... ingkang kasengsem, kapincut, sarta kapilut dhumateng citranipun Nimas nun inggih putra putri panjenengan sekalihan. Satemah tuwuh panyuwunipun dhumateng Bapak saha Ibunipun supados nglamaraken dhumateng ngarsanipun Bapak-Ibu... nun inggih panjenengan sekalihan.
Anak polah bapa kepradah, pamothahing putra tiyang sepuh ingkang kepareng nyembadani. Pramila lajeng Bapak-Ibu... ngutus dhumateng kula kapurih nyenyadhong sih palimarma panjenengan sekalihan. Sowan kula kajibah ndhodog lawang kori, nginang jambe suruhe bokbilih wonten dhanganing penggalih saha kepareng, mugi Bapak-Ibu... kersa maringaken Nimas... sageda dados jatukramanipun Anakmas... gesang tembayatan mangun kulawarga.
Ingkang kaping tiga, amrih kula samangke saged matur palapuran dhumateng ingkang ngutus kula nun inggih Bapak-Ibu... mugi wonten keparengipun Bapak-Ibu... paring dhawuh pancasan dhumateng kula sarombongan.
Pungkasanipun, mekaten kalawau wigatosing sowan kula sarombongan, bokmenawi wonten atur kula ingkang kirang mranani penggalih, sowan kula sarombongan kirang netepi tata krama saha subasita, mugi baraya agung ing riki kepareng paring sih pangaksoma. Nuwun.
(Sumber: buku 'Pengantin Gaya Yogyakarta: Tata Cara dan Wicara (Edisi Revisi)' karya Suwarna Dwijonagoro)
5. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil Pambgya Harja
Para lenggah kakung sumawana putri, ingkang sinuba ing pakurmatan, raos bombong miwah mongkoging mΠ°-nah, panjenenganipun Ibu Siswosumarto ingkang mengku gati mboten saged ginambaraken ing mriki, madyaning pahargyan ing kalenggahan punika ing sedya badhe ang-aturaken pambagyaharja wonten ngarsa panjenengan.
Awit saking bombonging manah anggennya badhe matur amung kandheg wonten samadyaning jangga, ingkang punika minangka sulih salira ingkang piniji nun inggih panjenenganipun Bapak Triyono Widadi, wekdal kasumanggakaken, sumangga, nun.
(Sumber: buku 'Tata Cara Pengantin Jawa' oleh Ki Juru Bangunjiwa)
6. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil Wicara Pancasan Pihak Putri
Dhumateng Bapak ... ingkang kinurmatan, saha para kadang pangombyong ingkang sutresna, miwah para pinisepuh ingkang minulyeng budi. Keparenga kula nyuwun wekdal sawetawis badhe ngaturaken pancasan menggah ingkang dados pangandikan lamaran saking Bapak-Ibu... lumantar panjenengan Bapak ....
Ingkang kapisan, menggah sungkem pangabekti Bapak-Ibu dhumateng para pinisepuh satuhu ndadosaken bingah manah kula, dene semanten kurmatipun Bapak-Ibu ... dhumateng para pinisepuh kula. Kajawi menika, salam saha takzim ingkang kaparingaken, sampun kula tampi kanthi suka renaning manah. Kosok wangsulipun mugi salam takzim kula mugi kaaturaken dhumateng Bapak-Ibu ... ingkang ngutus panjenengan.
Ingkang kaping kalih, menggah lamaran panjenengan, satuhu damel kejoting manah kula. Anak kula pun Nini... menika tebih saking rupi tur kiranging warni, tebih saking ngelmi, cumpen mring seserepan. Parandene damel sengseming manah Anakmas.... Pramila kersanipun Bapak-Ibu lumantar panjenengan damel sukaning manah kula, ayem tentreming manah kula kados siniram banyu sawindu, kula rumaos begja kemayangan kados kadhawahan daru.
Kadosipun para putra sampun ketingal cocogipun, sami gambuh manahipun, pramila sakalangkung prayogi menawi tiyang sepuh sami-sami paring pangestu dhumateng Anakmas... kaliyan anak kula Nini....
Bokmenawi wonten keparengipun kula ngaturi ancer-ancer, para putra kadhaupaken kanthi tata cara agami saha budaya Jawi ing dinten Minggu Kliwon, surya kaping 12 Juni 2024.
Ingkang pungkasan, Bapak ... sapengombyong mekaten atur kula, kula sakulawarga lila legawa, nampi kanthi sukaning manah panglamar panjenengan. Dene bokmenawi wonten atur kula ingkang kirang mranani penggalih sarta anggen kula nampi kirang anuju prana, mugi panjenengan sadaya kersa paring pangaksama. Nuwun.
(Sumber: buku 'Pengantin Gaya Yogyakarta: Tata Cara dan Wicara (Edisi Revisi)' karya Suwarna Dwijonagoro)
7. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil Pranatacara
Terwaca cetha kaduk ruruh hangarah prana aturipun Bapak Triyono pinangka sulih salira ingkang hamengku gati. Para lenggah kakung putri ingkang satuhu kinurmata, saklajengipun dumugi laksitaning tata adicara atur pasra-hipun saking duta sayara badhe kadang besa. Wondene ingkang pinangka sulih salira nun inggih panjenenganipun Bapak..... wekdal kasumanggakaken.
(Sumber: buku 'Tata Cara Pengantin Jawa' oleh Ki Juru Bangunjiwa)
8. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil Tanggap Wacana Pancasan
Bapak-Ibu ... miwah para pinisepuh keparenga kula nglajengaken atur. Dhawuh pangandikanipun Bapak-Ibu ... dhumateng kula satuhu adamel bombong saha mongkoging manah kula. Dene sowan kula ingkang kautus Bapak-Ibu boten cabar ing karya. Bapak-Ibu kepareng nampi lamaran Bapak-Ibu lumantar kula sakadang. Dhawuh panjenengan menggah dinten dhaupipun para putra Minggu, 12 Januari 2025 badhe kula aturaken wonten ngarsanipun Bapak-Ibu
Manah kula selak kumudu-kudu ngaturaken palapuran warta kabagyan menika dhumateng Bapak-Ibu .... Pramila rehning sampun sawetawis sowan kula, kula sakadang badhe nyuwun pamit, kanthi pepuji sapungkur kula samangke kulawarga ing riki tansah pinaringan berkah saha rahmating Pangeran, sumandhing ing karahayon, tinebihaken saking sambekala. Nuwun.
(Sumber: buku 'Pengantin Gaya Yogyakarta: Tata Cara dan Wicara (Edisi Revisi)' karya Suwarna Dwijonagoro)
9. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil Pasrahing Penganten
Makaten para lenggah kakung saha putri, atur pasrahipun Bapak.............. pinangka duta saraya ing kalenggahan punika, kanthi prastawa cetha wijang wijiling pangandikan, ingkang salajengipun pasrah sarana badhe katampi panjenenganipun Bapak Sardi minangka sulih salira Ibu Siswasumarto. Wekdal kasumanggakaken, sumangga, nun.
(Sumber: buku 'Tata Cara Pengantin Jawa' oleh Ki Juru Bangunjiwa)
10. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil Sumene
Para lenggah kakung putri ingkang pantes sinudarsana, laksitaning tata adicara ingkang sampun rinakit dening para kulawarga kados sampun kaleksanakaken kanthi pinayu-ngan karaharjan tebih ing sambekala.
Namung panyuwunipun Ibu Siswasumarto panjenenganipun para lenggah kakung putri kasuwun lelenggahan kanthi mirunggan dumuni paripurnaning gati. Ingkang punika kasuwun tansah nyebar godhong kawis, sabar ingkang sawatawis, nuwun, maturnuwun.
(Sumber: buku 'Tata Cara Pengantin Jawa' oleh Ki Juru Bangunjiwa)
11. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil Panampining Pasrah Lamaran
Kanthi terwaca cetha atur panampi saking panjenenganipun Bapak Sardi minangka sulih saliraning ingkang mengku gati, ingkang salajengipun dipunwonteni paniti priksa sarana ingkang kapasrahaken saha kaleksanaken paragan saking duta saraya ingkang pasrah dhumateng panampi pasrah, ujuding arta miwah jene salajengipun kaaturake dhumateng ingkang mengku gati, kaleksananing sedya kasumanggakaken.
(Sumber: buku 'Tata Cara Pengantin Jawa' oleh Ki Juru Bangunjiwa)
12. Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Krama Inggil
Handungkap titi mangsa kala pari purnaning sedya, karana urut reroncening tata adicara sampun kaleksa-nakaken dening para kulawarga.
Para tamu kakung putri ingkang satuhu bagya mulya, saderengipun purnaning gati panjenenganipun Ibu Siswo-sumarto raos syukur wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung kaleksaning sedya kanthi pinaringan wilujeng nir sambekala, boten kekilapan ngaturake panuwun dhumateng para duta saraya sumarambah para tamu samudayanipun, ingkang punika, Ibu Siswasumarto tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan wonten kiranging tangguh, gupuh miwah suguh, saha anggenipun ngaturi palenggahan panjenengan sedaya kirang hanuju prana kalihan andhap inggiling kalenggahan panjenengan sadaya, kagerba kiranging boja miwah krama, mugi diagung pangaksama panjenengan.
Kula minangka pambiwara, ugi anglenggana karana kiranging seserepan anjalari kuthunging manah pamanggih miwah kirang pana dhumateng wewarah wewangsoning para winasis ing reh basa tuwin sastra, ingkang punika hambok bilih wonten kalepatan kula, mugi para tamu sa-daya ngluberaken pangaksama ingkang ageng.
Amung semanten pahargyan lamaran ingkang kaleksa-nakaken para kulawarga, sesantining Ibu Siswosumarto mugi tansaha rahayu, rahayu ingkang sarwi tinemu, kunduripun ndherekaken sugeng.
(Sumber: buku 'Tata Cara Pengantin Jawa' oleh Ki Juru Bangunjiwa)
Demikian tadi rangkuman contoh teks MC pernikahan bahasa Jawa krama inggil yang bisa menjadi referensi. Semoga membantu!
(sto/ahr)