- Kumpulan Puisi Jawa/Geguritan Beragam Tema Contoh Puisi Bahasa Jawa #1: Raden Ajeng Kartini Contoh Puisi Bahasa Jawa #2: Kemerdekaan 45 Contoh Puisi Bahasa Jawa #3: Wulan Pasa Contoh Puisi Bahasa Jawa #4: Donya Iki Contoh Puisi Bahasa Jawa #5: Kangenku Contoh Puisi Bahasa Jawa #6: Manuk Beluk Contoh Puisi Bahasa Jawa #7: Kutha Surabaya Contoh Puisi Bahasa Jawa #8: Guruku Contoh Puisi Bahasa Jawa #9: Suri Tauladan Contoh Puisi Bahasa Jawa #10: Siswa Contoh Puisi Bahasa Jawa #11: Lintang Contoh Puisi Bahasa Jawa #12: Kembang Mlathi
- Cara Membuat Geguritan 1. Memilih Tema 2. Mengembangkan Imajinasi 3. Memilih Kata-kata Indah 4. Mempertimbangkan Rima dan Irama Tertentu
Puisi yang menggunakan bahasa Jawa atau puisi Jawa disebut geguritan. Sebagaimana puisi-puisi Indonesia, geguritan dapat mengangkat pelbagai macam tema. Seperti apa contohnya? Di bawah ini 12 contoh puisi Jawa singkat beragam tema!
Menurut penjelasan dari buku Baboning Pepak Basa Jawa oleh Budi Anwari, geguritan termasuk tipe karya sastra yang menggunakan gaya bahasa singkat, penuh makna, dan indah. Geguritan sendiri tergolong puisi Jawa modern karena tidak terikat aturan seperti halnya tembang.
detikers mungkin sudah kerap menjumpai geguritan di berbagai media, mulai dari buku pembelajaran hingga media online tanpa menyadarinya. Sedang butuh contoh? Berikut ini 12 contoh puisi bahasa Jawa alias geguritan dengan berbagai macam tema yang bisa detikers jadikan referensi.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Kumpulan Puisi Jawa/Geguritan Beragam Tema
Diambil dari buku Baboning Pepak Basa Jawa oleh Budi Anwari, buku Geguritan Gegayuhanku oleh Kusdiyanti, buku Geguritan Kagem Guru Bangsa oleh Agus Ilmi Samudin dkk, dan buku Antologi Geguritan Lan Puisi Panguripan oleh Estiti Rifngatul Kamila dkk, berikut adalah kumpulan puisi Jawa berbagai tema:
Contoh Puisi Bahasa Jawa #1: Raden Ajeng Kartini
Sanajan panjenengane wanita
Nanging gelem rekasa
Sanajan dipingit wong tuwa
Atine tetep mbela
Mbela kaum wanita
Aja nganti kalah prakosa
Jejere wanita
Kudu tetep siyaga
Ngowahi nasibe bangsa
Nurunake nasibe bangsa
Duwea wawasan kang jembar
Kanggo nggayuh lintang kang sumunar
Contoh Puisi Bahasa Jawa #2: Kemerdekaan 45
(karya Achmad Aprelio Adha)
Apa kang arep mbok aturaken dumatheng negara
Para mudha mudhi kang sae budhine
Aja kagoho mring barang kang ala
Aja mung lenggah ing griya
Mudha mudhi putra bangsa...
Aja mung dadi rusake agama lan bangsa
Slirahmu mung cagak'e bangsa
Ayo podho berjuang
Proklamasi dados pedoman uripmu
UUD 1945 dados aturanmu kang sae
Negari Indonesia dados tanggunganmu
Ayo para mudha lan mudhi...!!!
Contoh Puisi Bahasa Jawa #3: Wulan Pasa
(karya Aming Aminoedhin)
Ing wulan pasa, wong-wong padha
Sregep menyang mesjid tarawih
Sabanjure akeh uga wong-wong kang weweh
Kandhane wulan pasa iki wulan apik
Gaweya laku sing becik
Ing wulan pasa mono panggonane palagan
Palaganing hawa nepsune dhewe-dhewe
Wani perang ing palagan, artine
Kudu wani mbuwang laku goroh
Laku mbotoh
Ing wulan pasa
Aku lan kowe kudu cedhak
Marang gusti, lan tumindak
Apik, kayata ngaji lan salat wengi
Contoh Puisi Bahasa Jawa #4: Donya Iki
Donya iki
Anane mung sandiwara
Isine rekayasa
Para penggedhe apa dene kawula cilik
Padha-padha bisa ngapusi
Donya iki
Anane mung goroh lan palsu
Bener dianggep salah
Sing salah malah bungah
Donya iki
Anane drengki, iri, lan srei
Susah nyawang wong seneng
Seneng nyawang wong susah
Donya iki
Fana
Tembe mburi bakal sirna
Lebur, ancur mumur, terus sirna
Contoh Puisi Bahasa Jawa #5: Kangenku
Setahun lawase tak antu-antu
Aku ngenteni tekamu
Nganti kuru awakmu
Rina klawan wengi
Isine mung ngalamun lan ndrewili
Kangenku marang sliramu
Sagedhe gunung uhud
Sadawaning kali serayu
Kangen marang esemu, kang pait madu
Kangen netramu kang ndamar kanginan
Kangen sakujur ragamu, trusing jiwa
Kangenku marang sliramu
Nganti pupusing nyawaku
Contoh Puisi Bahasa Jawa #6: Manuk Beluk
(karya Aming Aminoedhin)
Manuk beluk sing nyuwara wengi iku
Swarane medeni bocah kang lagi
Arep budhal turu
Mbulan ana ing tawang kayadene melu
Susah krungu swara iku
Lintang-lintang ora metu
Amarga swara beluk swara manuk
Apa bener, swarga manuk beluk iku
Ndadekake atiku uga melu kisruh
Wengi wis sepi nyenyet
Ati lan pikirku mampet
Contoh Puisi Bahasa Jawa #7: Kutha Surabaya
(karya Aming Aminoedhin)
Ana ing mangsa ketiga
Apa sing daktulis babagan Kutha Surabaya
Mung ana panas lan sumuk ing swasana
Sadina-dina
Dina-dina lewat
Urip mung anane grusa-gurus
Sarwa kesusu, panggonane urip
Kayadene sempit, yen ora oleh
Kasebut kajepit
Wayah awan panase panas tenan
Ana kene, ewadene wayah wengi
Ora kalong panase, sumuk
Akeh nyamuke
Surabaya ing mangsa ketiga
Apa sing dakimpekake
Ora ono tumuse
Contoh Puisi Bahasa Jawa #8: Guruku
(karya Widyawati)
Riyen kula mboten saget napa-napa
Panjenengan nuntun kula kaleh katah kesabaran
Panjenengan kados cahya
Ngobori ing petengan
Panas, jawah panjenengan tetep rawuh
Semangatmu, esemmu tetep sumringah
Senajan panjenengan kesel
Mboten nate sambat
Guruku...
Kula tansah kemutan pangandikanmu
Maturnuwun dumateng guruku ingkang
Sampun maringi ilmu dumateng kula
Jasamu mboten saget kula bayar
Panjenengan pahlawan tanpa tanda jasa
Tut Wuri Handayani
Contoh Puisi Bahasa Jawa #9: Suri Tauladan
(karya Andi Prasetyo)
Sliramu tansah agawe atiku ngerti
Ngenali pengetahuan agama
Yo ing madrasah iki aku dedi ngerti
Sliramu pancen mumpangati kanggo atiku
Kanthi ilmu iki
Aku bisa ngubengi jagat
Nganggo ilmu sing kok gulawethan
Ananging aku mung iso jupuk sing
Wenehne marang aku
Wahai guru lan madrasahku
Matur sembah nuwun lelabuhanmu
Ora lali aku mung dongo karo kabeh
Suri tauladanku
Contoh Puisi Bahasa Jawa #10: Siswa
(karya Etmmari Dyah)
Junjungen panjangkamu seduwur-duwure
Sliramu mung siji-sijine pengarep ngarep bangsa iki
Kanggo zaman mbesok sing sumringah
Ing donyo iki mung awakmu
Sing arep nerusake perjuangane pahlawan
Kanggo jeneng apik bangsa
Ing ngarepe donyo
Aku weruh sliramu mesti bisa
Ing sajroning atimu ana tekad lan pangarep-arep
Sehingga panjangkamu kasembadan
Sampek donyo bombong marang sliramu
Jaganen nasehate gurumu
Amarga endah sliramu kasil
Sehingga sliramu dadi wong sukses
Kanggo bangsa lan wong tuo iki
Contoh Puisi Bahasa Jawa #11: Lintang
(karya Iin Saraswati)
Tak sawang ing nduwur awan
Reti lintang ngawe-ngawe
Dak ulurne tanganku kanggo ngrayuh
Anangeng ora teka
Aku ngerti lintang ngenteni
Nangeng kepriye maneh
Aku mung iso nyawang
Ing njero sawangan sayu
Lintang aja sliramu muwun
Lintang aja sliramu sedih
Aku ora mampu menyang rono
Senajan wes dak ghadang-ghadang
Lintang cahyamu endah nerangi jagat raya
Kharismamu gawe sumunaring awakku
Sumunarmu gawe awakku kesemsem ing
Pepeteng kang endah
Ora ono tandingane...mendung mlaku alon-alon
Pengen misahake aku soko terange cahyamu
Aku mung iso dongo
Mendung cepet musno
Lintang tetep sumunaring
Anangeng adoh saka sawangan iki
Contoh Puisi Bahasa Jawa #12: Kembang Mlathi
(karya Aming Aminoedhin)
Tronthong-tronthong bang-bang wetan
Wis katon, wayah subuh wis tumeka
Ana embun gumantung godhong, putih bening
Hawane esuk isih atis, adhem tentrem
Ing latar omah kembang mlathi mekar
Ambu wangine sumebar, werna putihe
Katon endah ana mataku
Dakjupuk kembang mlathi
Dakronce dawa dadi kalung
Kanggo kalung ulang taune ibuku
Ing dina iki. Aku percaya ibu mesthi
Katon ayune edi peni. Aku percaya
Ibu mesthi bakal gumuyu
Cara Membuat Geguritan
Apakah detikers tertarik untuk membuat geguritan sendiri? Diambil dari laman SMA Negeri 3 Malang, berikut ini tata caranya yang perlu diketahui:
1. Memilih Tema
Pertama-tama, detikers harus menentukan tema geguritan yang ingin dibuat dahulu. Tema bisa bermacam-macam, mulai dari pengalaman hidup hingga gambaran situasi tertentu. Pastikan memilih tema yang ingin disampaikan agar hasilnya maksimal.
2. Mengembangkan Imajinasi
Berikutnya, kembangkan imajinasimu terkait tema yang telah dipilih. Semakin liar dan detail, imajinasi detikers akan semakin bagus dan cocok untuk dituangkan dalam geguritan.
3. Memilih Kata-kata Indah
Langkah ketiga adalah memilih kata-kata yang indah. Kamu bisa memakai diksi yang menarik, penuh kiasan, maupun majas agar geguritan semakin estetis. Namun, pastikan juga makna yang ingin disampaikan tetap jelas.
4. Mempertimbangkan Rima dan Irama Tertentu
Tahap keempat adalah memperhatikan aspek teknis penulisan. Beberapa hal yang perlu detikers cermati meliputi rima, tipografi, jumlah kata dalam baris, dan irama saat dibaca. Pasalnya, hal-hal ini bisa membuat geguritan lebih indah dan enak didengarkan.
Nah, itulah 12 contoh puisi bahasa Jawa alias geguritan yang bisa detikers jadikan referensi. Bila ingin membuatnya sendiri, coba ikuti langkah-langkahnya di atas, ya, Lur!
(sto/afn)