Ketika berpidato menggunakan bahasa Jawa, kita perlu memahami contoh atur pakurmatan yang benar. Pasalnya, pakurmatan merupakan salah satu struktur penting dalam sesorah atau pidato bahasa Jawa.
Atur pakurmatan umumnya disampaikan setelah mengucapkan salam pembuka untuk memberikan penghormatan kepada audiens. Kemudian diikuti dengan puji syukur. Namun dalam beberapa pidato bahasa Jawa, puji syukur juga bisa disampaikan di awal, baru diikuti dengan pakurmatan.
Berikut ini adalah beberapa contoh atur pakurmatan yang dihimpun dari buku Sagunging Pasinaon Unggah-Ungguh Basa Jawa oleh Drs Ngadi dan Pranata Adicara lan Sesorah oleh Setya Amrih Prasaja SS.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Contoh Atur Pakurmatan #1
Bapak kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi. Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.
Terjemahan:
Bapak kepala sekolah yang terhormat. Bapak, Ibu Guru yang berbudi luhur. Teman-teman, siswa-siswi yang saya cintai.
Contoh Atur Pakurmatan #2
Para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan. Puja puji atur wonten ngarsanipun pangeran Ingkang Mahaagung, ingkang sampun paring rohmat saha hidayahipun, katitik panjenengan sedaya saha kula taksih dipunkeparengaken kempal manunggal rawuh ing adicara adegipun badan usaha menika.
Terjemahan:
Para hadirin yang terhormat. Puja puji syukur kami panjatkan ke hadirat Allah SWT, Tuhan Yang Mahaagung, yang telah memberikan rahmat dan hidayahnya-Nya, sehingga kita semua dapat berkumpul di sini dalam acara peresmian badan usaha ini.
Contoh Atur Pakurmatan #3
Ingkang tansah winantu ing pakurmatan, Bapak Kepala SMA 1, Bapak Ibu Guru ingkang kula kurmati, sumawana para kadang mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya mulya.
Terjemahan:
Yang terhormat, Bapak Kepala SMA 1, Bapak Ibu Guru yang saya hormati, serta serta pemuda-pemudi yang berbahagia.
Contoh Atur Pakurmatan #4
Bapak Kepala Desa Karangkopen, Bapak-Bapak Perangkat Desa Karangkopen, para Bapak/ Ibu Pimpinan punapa dene Anggota BPD, para Bapak Ketua RW miwah RT, sesepuh, tokoh masyarakat, para kadang mudha Karang Taruna Budi Mulia Karangkopen, miwah para rawuh sadaya ingkang tansah kula kurmati.
Terjemahan:
Bapak Kepala Desa Karangkopen, Bapak-Bapak Perangkat Desa Karangkopen, para Bapak/ Ibu Pimpinan punapa dene Anggota BPD, para Bapak Ketua RW miwah RT, sesepuh, tokoh masyarakat, para pemuda Karang Taruna Budi Mulia Karangkopen, serta seluruh hadirin yang selalu saya hormati.
Contoh Atur Pakurmatan #5
Para Bapak, para Ibu, sederek-sederek sebangsa lan setanah air, ingkang kula kurmati.
Terjemahan:
Para Bapak, Ibu, serta saudara-saudara sebangsa dan setanah air yang saya hormati.
Contoh Atur Pakurmatan #6
Para sesepuh, para wredha-mudha saha para rawuh sadaya, ingkang kula kurmati. Mangga kula dherekaken sami angaturaken puji lan syukur ing ngarsaning Pangeran Allah SWT, ingkang sampun tetela tanpa wilangan anggenipun paring rahmat, nikmat, hidayat dhateng kawulanipun.
Terjemahan:
Para sesepuh, pemuda, serta seluruh hadirin yang saya hormati. Mari kita haturkan puji syukur kepada Allah SWT, yang telah memberikan rahmat tak terhingga, nikmat, dan hidayah kepada kita semua.
Contoh Atur Pakurmatan #7
Para Bapak saha Ibu muslimat ingkang kula hormati, saha mbak-mbak ing samudayanipun ingkang kula hormati uga. Ugi para adik- adik, para generasi penerus perjuangan Islam ingkang kula tresnani.
Terjemahan:
Para Bapak serta Ibu Muslimat yang saya hormati, serta kakak-kakak yang saya hormati pula. Serta adik-adik, para generasi penerus perjuangan Islam yang saya sayangi.
Contoh Atur Pakurmatan #8
Wonten ngarsanipun Pepundhen sepuh, sesepuh pinisepuh, para alim ulama, para winasis para sarjana sujana ingkang dhahat kinabekten, ingkang tansah lebda ing pitutur, pana ing pamawas lan tansah marsudi mangastuti dhumateng pepoyaning kautaman.
Bapak kepala sekolah, dewan guru saha karyawan SMA N 1 Kaliwira ingkang pantes nampi sagunging pakurmatan, minangka tepa palupi tumraping putra siswa. Para ingkang sami lenggah, kakung sumawana putri ingkang tuhu minulya.
Terjemahan:
Yang terhormat para sesepuh, alim ulama, cendekiawan, dan para sarjana yang saya hormati. Bapak kepala sekolah, dewan guru, dan karyawan SMA N 1 Kaliwira yang terhormat, yang menjadi teladan bagi para siswa. Seluruh hadirin yang terhormat.
Contoh Atur Pakurmatan #9
Para sesepuh dalah para pinisepuh ingkang lebda ing pitutur. Para winasis miwah sagung para pangemban pangembating praja. Para kadhang tumaruna ingkang cinaketing manah tinangsul talining kekadhangan, lan sanggya para rawuh kakung miwah putri ingkang sinugata sagunging pakurmatan.
Terjemahan:
Para sesepuh yang bijak, para cendekiawan dan semua pemangku kepentingan, teman-teman pemuda yang selalu menjaga tali persahabatan, serta seluruh undangan yang terhormat.
Contoh Atur Pakurmatan #10
Wonten ngarsanipun sesepuh dalah pinisepuh, para pepundhen ingkang tuhu kinabekten, sanggyaning para rawuh kakung sumawana putri ingkang tuhu winantu sagunging pakurmatan.
Terjemahan:
Di hadapan para sesepuh, tokoh masyarakat yang terhormat, serta para hadirin yang saya hormati.
Demikian beberapa contoh atur pakurmatan yang umumnya menjadi pembuka dalam pidato bahasa Jawa. Semoga bermanfaat, Lur!
(par/aku)