5 Contoh Cerkak Bahasa Jawa Berbagai Tema, Singkat dan Menarik

5 Contoh Cerkak Bahasa Jawa Berbagai Tema, Singkat dan Menarik

Anindya Milagsita - detikJateng
Sabtu, 11 Nov 2023 18:15 WIB
Ilustrasi Hari Dongeng Sedunia
5 Contoh Cerkak Bahasa Jawa Berbagai Tema, Singkat dan Menarik. Foto ilustrasi: Getty Images/eyesfoto
Solo -

Cerkak atau cerita cekak merupakan cerita pendek yang ditulis menggunakan bahasa Jawa. Biasanya dalam cerkak mengandung nilai moral yang dekat dengan kehidupan masyarakat sehari-hari. Namun, tak jarang cerpen bahasa Jawa juga berisikan hiburan yang dapat dibaca di waktu luang.

Ragam karya sastra ini pun hingga sekarang masih lestari dan menjadi salah satu materi yang dipelajari oleh para siswa di sekolah. Pilihan kata dan gaya bahasa Jawa yang ada dalam cerkak juga memberikan nuansa yang berbeda bagi para pembacanya.

Dikutip dari buku 'Samudraning Rasa' oleh Zeni Dwi Adiningsih, dkk dan 'Baboning Pepak Basa Jawa' oleh Budi Anwari, berikut contoh cerkak bahasa Jawa berbagai tema yang singkat dan menarik!

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Contoh Cerkak #1 Njagi Karesikan oleh Lucyanna Salshabila

Adzan shubuh sampun ngumandhang, kula lansung tangi, lajeng nindakaken shalat shubuh. Sesampunipun menika, kula lajeng nata paturon. Lajeng adus lan cepak-cepak sekolah. Saderengipun mlampah, kula badhe sarapan langkung rumiyin. Sawetawis jam 06:30 kula mlampah dhateng sekolah.

Kula Nola, kula sekolah wonten SDN 01 Prabumulih, kula lare kelas 5 SD. Sekolah jam mlebet 07:30 WIB. Sesampuning jam wucalan dipunwiwiti, siswa sinau kanthi tumemen. Sesampunipun jam wuculan bibar kula lan kanca-kanca badhe dhateng kantin.

ADVERTISEMENT

Rikala mlampah dhateng kantin, kula lan kanca-kanca sumerep Dini mubak uwuh sembarangan. Lajeng kula ngelikaken.

"Dini, kenging menapa sampeyan mbucal uwuh sembarangan?"

"Sanes wadhah uwuh boten tebih saking sampeyan," wungsuli Sinta.

"Sadaya kedah njagi keresikan Dini," wangsuli Rika.

"Kula kesed, boten menapa manawi mbucal wonten ngriki. Mangke ugi petugas kebersihan badhe ngresiki," wangsuli Dini.

"Sampeyan boten pareng kados menika, Dini. Menika ugi kelebet tanggel jawab sesarengan. Kangge njagi karesikan, enggal pendhet uwuh menika lan bucal ing panggenanipun," wangsulan kula.

Dini enggal mendhet uwuhipun kangge dipunbuncal in penggenanipun. Nggih ugi janji badhe tanah mbucal sampah ing panggenanipun. Pramila kula saha panjenengan sadaya kedah njagi karesikan. Supados wujudaken lingkungan ingkang saras saha lingkungan ingkang resik.

Contoh Cerkak #2 Tawon lan Semut

Ing jaman Nabi Sulaiman, gesang pinten-pinten tawon, salah satunggal ing antawisipun yaiku Pipo. Pipo yaiku anak tawon ingkang sampun dipuntilar pejah ibunipun. Wanci punika ibunipun pejah dicokot kalajengking. Sakmenika piyambakipun gesang piyambak tenpa nduwe sanak kadang. Amargi namun gesang piyambakan, Pipo milih konjuk gesang mengembara. Ngantos akhiripun piyambakipun dugi ing gurun ingkang wiyar. Ing madya gurun punika Pipo rumaos ngelak uga luwe. "Aku kudu enggal golek pangan uga banyu, nanging aku kudu golek ana ing ngendi?" batin Pipo.

Singkat cerita, Pipo banjur pados tedhan uga toya. Saksampune cekap dangu mabur, saking doh-dohan Pipo ningali toya uga tedhan. Nanging saksampune nyelak, jebulna ingkang diupnningalipun namung hamparan wedi ingkang wiyar. Kanthi kuciwa Pipo banjur mabur maneh kangge pados toya. Mboten dangu lajeng piyambakipun kepanggih kaliyan semut ingkang saweg kasisan mbekta tiganipun. Pipo banjur nyelaki semut punika.

"Hei, semut, sinten nami sampeyan?"

"Nami kula Kriwil. Nami sampeyang sinten?" jawab semut.

"Kula Pipo, sampeyan kersa dados kanca kula?" Kriwil banjur manggut-manggut.

"Menawi mekaten mangga kita sedaya madosi toya uga tedhan sareng-sareng?" Kriwil banjur wangsulan kanthi manggut-manggut maneh.

Singkat cerita ana ing contoh dongeng fabel bahasa jawa piyambake sedaya banjur kesah konjuk madosi tedhan. Saksampune dangu ngubengi gurun, piyambake sedaya nemu setunggal toya ingkang katon resik uga seger. Ing samping toya punika enten wit kurma ingkang kathah woh-e kanthi rasa legi. Kriwil lan Pipo bingah sanget. Piyambake sedaya enggal ngunjuk nedha sapuasipun.

Saksampune piyambake sedaya tuwuk, piyambake sedaya enggal madosi panggenan kagem tilem. Kalih dinten lajeng piyambake sedaya nemu panggen kagem tilem ingkang miturut piyambake sedaya tepat. Yaiku ing setunggal panggenan wiyar kang ana wit-witan. Piyambake sedaya mboten badhe luwe ugo ngelak amargi ing pinggir panggenan punika enten kathah wit buah-buahan uga setunggal toya ingkang resik sanget. Kriwil lan Pipo gesang kaliyan rukun. Tambah dinten paseduluran piyambake sedaya tambah sae. Piyambake sedaya banjur gesang kaliyan aman, tentrem uga bagya mulya.

Contoh Cerkak #3 Dolan Menyang Bali oleh Zeni Dwi Adiningsih

Wis rong taun kepungkur aku lan kanca-kancaku dolan menyang Bali. Aku lan kanca-kancaku budhal menyang Bali pas wayahe dolan sak angkatan 2020 SMAN 1 Muntilan. Dolan iki bakal dadi pengalaman kang paling endah, sing rabakal isa tak lalekke amarga akeh kadadean kang bungahke lan pengalaman liyane sing endah-endah.

Aku menyang Bali saka Magelang nyewa bis bareng kanca-kanca sak angkatanku. Ing dalan, aku lan kanca-kancaku dolanan lan mangan-mangan sangu saka omah. Sajroning dalan, sesawangane endah. Mula aku lan kanca-kancaku padha bungah. Ana sing turu, ana sing mangan, ana sing poto-poto, uga ana sing muntah-muntah amarga mabuk numpak bis.

Bis wis tekan Ngablak, banjur awake dhewe mandheg sedhela kanggo sing krasa arep ning WC, Nalika bis tekan Malang, banjur leren ing kana, sholat lan mangan. Bis ora nunggu suwe-suwe, banjur nerusake laku.

Sawise tekan pelabuhan Ketapang, bis langsung ditumpakke kapal kanggo nyebrang Selat Bali, tumuju Pulo Bali, kabeh padha mudhun saka bis. Banjur dhewe gogokan ana ing njero kapal karo ndelok-ndelok sesawangan gegara. Bar kuwi tekan ing pelabuhan Gilimanuk, langsung numpak bis maneh.

Nalika tekan hotel, ing kana aku karo kanca cerakku wong 4 dadi siji sakkamar. Aku lan kancaku padha crita ngalor-ngidul, dolanan, lan mangan-mangan jajan sing digawa saka omah. Banjur kuwi padha turu.

Sawise tangi, adus, sarapan ing hotel. Banjur lunga menyang tempat wisata ing Bali, kayata menyang ing Bedugul, Pantai Kute, Teluk Penyu, Garuda Wisnu, Kencana lan panggonan endah liyane sing ana ing Bali.

Ing Bali aku karo kancaku padha seneng-seneng, ndelok tari Kecak lan tontonan liyane kang bungahake. Banjur wis rampungan, kabeh dewe bali menyang hotel gawe leren maneh.

Ing dina bar kuwi awake dhewe banjur luanga menyang Krisna, panggonan kanggo tumbas oleh-oleh ana ing Bali. Ing kana, padha tumbas werna-werna panganan khas Bali lan souvenir-souvenir kang apik-apik sing ana ing Bali. Ing dina paling keri dewe awake dhewe kukut-kukut saka hotel banjur lunga menyang Joger, tumbas-tumbas oleh-oleh khas Bali. Ing kana katon rame panggone amarga kawentar lan isine apik-apik. Awake dhewe banjur nerusake laku lan slamet tekan papan kang dituju.

Contoh Cerkak #4 Sing Nandur Bakale Ngundhuh oleh Maulida Putri Mu'arifah

Dina Senen esuk, bocah sing jenenge Laila lagi siyap-siyap budhal sekolah. Laila yaiku bocah sing bisa dadi patuladhan, sopan, ayu lan pinter ing SMA N 1 Marganingsih. Jenenge wis kawentar ing sekolah amarga duwe akeh prestasi. Nalika arep pamitan karo wong tuwane, Laila ora sengaja ngrungokake wong tuwane lagi padudon ing pawon perkara ora duwe dhuwit kanggo nguliahke Laila. Sawise iku Laila langsung kepikiran lan cepet-cepet arep budhal sekolah lieat lawang mburi tanpa pamit wong tuwane.

Ing dalan Laila terus kepikiran lan nangis. Satekane ing sekolah, Laila mlebu ing ruang kelasl an langsung lungguh ndhelikake sirah ing tangan karo mripat sing ngedhung. Meruhi Laila sing ora kaya padatan, Isna kanca sebangkune Laila gumun.

"Kowe kenapa La, mangkat-mangkat kok wis meneng wae?" takon Isna.

"Ora papa, ngantuk aku," wangsulane Laila.

"Saka mripat karo swaramu ketoke kowe lagi wae bar nangi," ujare Isna.

"Oh ora kok Is, lagi arep pilek iki dadi ngeneki," jawab Laila gawe alesan.

"Tenane?" takon Isna ora yakin.

"Tenanan Is, ora gawe-gawe."

"Ya wis nek ngono. Nek kowe ana apa-apa, crito karo aku ya, aja disimpen dhewe," ujare Isna.

Ting.. Ting.. Ting...

Bel tandha wulangan diwiwiti, wis muni. Bu Lia mlebu ruwang kelas nerangke MTK nanging Laila ora ngrungokake amarga ngelamun terus. Sawise piwulangan, Isna sing wis ora sabar ngerti Laila duwe masalah langsung maranani Laila.

"Iki ana sing ora beres karo kowe La, kowe ngapa kok ngelamun terus?" takon Isna.

"Aku kayane ora isa lanjut kuliah, Is," Laila ngomong karo Isna.

"Lha ngapa?" Isna kaget amarga ngerti yen Laila pengin banget dadi guru.

"Bapak Ibuku ora duwe dhuwit kanggo nguliahke aku. Mau esuk sakdurunge mangkat sekolah, aku krungu yen wong tuwaku ngendika ngono kuwi. Kenapa kabeh dadi kaya ngene? Kenapa aku kudu ngadhepi perkara bab dhuwit sing ora rampung-rampung? Aku pengin urip seneng kaya bocah liyane sing isa nggayuh kekarepane, ora ana alangan," kandhane Laila karo nangis.

"Ya Allah La, sing sabar rasah mbandhingke uripmu karo wong liyane. Kabeh duwe jatahe dhewe-dhewe. Wis saiki dipikir bareng wae golek alternatif. Saiki awake dhewe wis urip ing jaman serba ana. Mengko tak kancani konsul karo Bu Lia sapa ngerti ana cara kuliah sek luwih gampang," Isna ngayem-ngayemi.

Mlebu wektu ngaso kaping loro, Isna ngajak Laila matur karo Bu Lia. Amarga Laila isin yen bab iki dingerteni wong liyane, Isna kudu meksa Laila. Satekane ing ruwangane Bu Lia, Isna lan Laila langsung lungguh ing ruwang tamune.

"Weh anak cah ayu-ayu. Ana keperluan apa iki? Mrene lungguh nyedhak," kandhane Bu Lia.

"Ngaten Bu Lia, Laila menika wonten perkawis ingkang badhe dipunrembag babagan keuangan kanggo kuliah. Kula lan Laila badhe nyuwun pirsa menawi wonten boten cara kuliah nanging biayanipun boten kathah. Amarga bab punika dados Laila boten saged fokus anggenipun sinau," Isna ngandharake.

"Kuwi pancen perkara kang ruwet kanggo saperangan kulawarga siswa. Nanging Laila, kowe rasah kepikiran maneh. Siki jaman wis gampang. Kowe isa ndaftar kuliah nganggo seleksi KIP jalur SNMPTN. Sing oleh KIP kudu duwe potensi akademik sing apik nanging duwe watesan ekonomi sing disengkuyung nganggo dokumen sing valid. Nah, Laila kan bocah pinter lan kerep melu lomba. Insyaallah isa lollos," kandhane Bu Lia.

"Alhamdulillah, matur nuwun Bu Lia kanggeh saran menika," syukur Laila seneng banget.

"Kowe kudu mikirake ujianmu sesuk supaya bijimu isa lolos seleksi SNMPTN ya, Isna ya kudu sinau ora dolan wae," nasihat Bu Lia.

"Nggih bu," wangsulane Laila lan Isna.

Bali sekolah, Laila banjur ngomong karo ibune manawa rasah mikirake marang dhuwit kanggo kuliah. Laila janji bakal sinau lan berjuwang ing seleksi SNMPTN lan Ujian Nasional supaya isa gawe seneng wong tuwane. Saben dina, Laila ngajak Isna kanggo sinau ing perpustakaan lan golek info cara ndaftar SNMPTN jalur KIP. Ing sawetara wektu, asil seleksi SNMPTN diumumke. Laila lan Isna lolos ing jurusan lan kampus sing dipilih. Saka 200 murid, Laila lan Isna mlebu ing 100 siswa kang lulus SNMPTN. Bali sekolah, Laila banjur ngomong marang ibu bapakne. Ibune nganti nangis amarga seneng banget nduwe anak Laila.

Ing dina Setu awan, SMAN 1 Marganingsih nganakake wisuda murid, kelebu Laila lan Isna. Keprungu swara pambagyaharja Kepala Sekolah lan esemane para siswa kang lungguh jejer ing kursi. Ora luput saka sawangan, rasa seneng uga ketok ing jejeran kursi kulawarga sing teka. Rikala pranatacara nyebutake lan ngaturi siswa kang juwara siji maju ing podium, Laila kaget amarga jenenge kang disebut.

"Selamat kangge Laila Azzahra Putri minangka lulusan terbaik SMA 1 Marganingsih, katuran majeng saprelu nampi piagam penghargaan," kandhane pranatacara.

Laila kang dina kuwi nganggo kebaya katon sarwa luwes, malaku tumuju podium. Mripate nyawang Isna, kang minangka juwara kaping loro uga nyawang dheweke. Ora lali nyawang wong tuwane sing mesem katon bombong marang anake lungguh ana sisih mburi. Swara tepuk tangan saka guru lan kanca-kancane nambahi swasana seneng lan trenyuh.

Contoh Cerkak #5 Kethek, Pitik, lan Yuyu

Ing jaman ndisik, ana satunggaling pitik kang kekancan karo kethek. Ananging paseduluran kuwi ora awet suwe amarga kelakuan si kethek, Sawijining dina kethek ngejak pitik mlaku-mlaku sinambi golek pangan. Nganti wayah srengenge angslep ana ing kulon loro kewan kui mau durung ugo nemu pangan kang bisa maregake wetenge. Dumadakan tanpa disangka lan dinyana kethek kang wis kadung ngeleh duwe pikiran elek marang kancane yaitu si pitik. Tanpa rasa mesakake kethek nyekel si pithik lan mbubuti wulune kanthi niat arep mangan mbakar pithik kanggo mangan wengi iku.

Ananging mergo pitik terus-terusan usaha kanggo lolosake awake, akhire dheweke bisa ucul saka si kethek. Pitik banjur mlayu nganti tumeka sawijining pinggir segara kang dipanggoni sawijining yuyu sing ora liya ugo dadi kancane si pitik. Ana ing panggonan kui pitik cerita marang yuyu:

Pitik: Hei Yuyu kancaku, tulungono aku, aku lagi diuber karo kethek sing arep mangan aku.

Yuyu: Orasah kuwatir kancaku, aku bakal nyelametke awakmu saka kethek kang ora reti arti kekancan kui mau. Aku bakal weneh pelajaran supaya kethek kui mau ora wani maneh ganggu awakmu.

Sawise kahanan leren, pitik lan yuyu ngatur siasat kanggo weneh pelajaran marang kethek mau. Yuyu due ide nggawe perahu saka lemah lendut kanggo nyeberang ana ing pulau sacerake segara kui. Sawisi perahu kang digawe kui dadi banjur pitik lan yuyu ngundang kethek kanggo nyebrang bareng ana ing pulau sacerake kanggo golek pangan.

Mergo kahanan ora ana pangan ing sakiwo tengene panggonan kui, banjur kethek langsung wae nyaguhi ajakane pitik kanggo menyang pulau seberang.

Sawise prahu mlaku ana ing tengah segara banjur pitik mau kluruk sinambi notol prahu kang pada ditumpake kui mau. Alon-alon prahu kang digawe saka lemah lendut kui mau otomatis bocor lan banyu mlebu ing prahu. Ora bisa ditahan maneh prahu kang pada ditumpaki kui mau ambles ing segara.

Pitik kang wis siap lan ngencanakake kedadean kui kanthi siap langsung mabur ing darat, yuyu kang ugo wis siap kedadean kui banjur nglangi ing dasar segara, sawentara kethek kang jahat lan ora reti arti kekancan kui mau amung bisa tulung-tulung lan angslep amarga ora bisa nglangi. Singkat cerita kethek kui mau mati glagepen in tengah segara.

Saka fabel bahasa jawa ana ing dhuwur kui mau bisa kita jupuk pelajaran yen wong kekancan kudu apik marang sepada-pada. Amarga kita ora mangerti kapan kita ugo butuh kanca sepada-pada.

Demikian tadi contoh cerkak bahasa Jawa yang dapat dijadikan sebagai referensi bacaan ataupun bahan belajar bagi siswa. Semoga membantu!




(dil/dil)

Berita Terkait

 

 

 

 

 

 

 

 


Hide Ads