Pranatacara adalah seorang pembawa acara yang sering mengisi acara-acara penting seperti pernikahan atau pertemuan di daerah Jawa. Dalam praktiknya seorang Pranatacara harus bisa fasih berbahasa Jawa dan menguasai materi yang akan disampaikan.
Dikutip dari situs resmi Pemerintah Kota Yogyakarta, Pranatacara dalam bahasa Indonesia disebut pewara. Pranatacara merupakan pekerjaan yang membutuhkan keahlian khusus karena yang bersangkutan harus memahami benar susunan suatu acara dan menyampaikannya dalam bahasa Jawa.
Pranatacara sering dihubungkan dengan upacara adat Jawa, seperti pengantin (temanten), kematian (kesripahan), pertemuan (pepanggihan), perjamuan (pasamuan), pengajian (pengaosan), pentas, dan sebagainya.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Secara umum inti tugas dari Pranatacara sama seperti Master of Ceremony atau MC, yaitu memberikan informasi kepada orang lain, memberikan kesenangan kepada orang-orang yang bersedia mendengarkan, meminta kepada audience agar bersedia mendengarkan atau menyimak apa yang disampaikan pembicara. Pranatacara juga harus menyusun teks dengan baik dan dituntut untuk menguasai isinya.
Berikut ini contoh teks pranatacara dalam bahasa jawa, dikutip dari laman resmi Desa Jatimulyo.
Contoh Teks Pranatacara Pernikahan
Assalamu'alaikum wr. wb.
Para Sesepuh-Pinisepuh ingkang dahat kinabekten......
Panjenenganipun Bapa Suwardi minangka sulih sarira saking Bapa Gito Suwarno-Ibu Tuginem, ingkang tuhu kinurmatan.....
Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang bagya mulya.........
Kanthi ngonjukaken raos syukur dhumateng Allah SWT Gusti Ingkang Maha Agung,
Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bp. Bambang Sutopo, S.Pd, sekalian Ibu Jari, keparenga tumanggap atur menggah paring pangandikan pasrah saking kulawarga Bapa Gito Suwarno sekalian Ibu Tuginem.
Ingkang sepisan, kula minangkani punapa ingkang dados kersanipun Bapa Bambang Sutopo sekalian dalasan sedaya kulawarga, ngaturaken pambagya sugeng ing sarawuh panjenengan minangka Dhuta Saraya Pasrah saking Bp Gito Suwarno sekalian Ibu Tuginem-sapendherek, ingkang pidalem wonten ing Dukuh JatisarI, Desa Jatimulyo, Kecamatan Petanahan, Kabupaten Kebumen.
Kaping kalih, menggah salam taklim Bapa Gito Suwarno sekalian lumantar panjenengan kula tampi, dhawah sami-sami, kanthi atur "wa'alaikumussalam wr.wb".
Wondene menggah keplasing sedya panjenengan hamasrahaken utawi hanglarapaken temanten sarimbit nun inggih Roro Niken Sunarsih, SKM, ingkang sampun kaleksanan Ijab Qabul daup kalian Bagus Rangga Sholichin, S.Pd, kala dinten Kamis Pon, 29 November 2018.
Bp-Ibu Bambang Sutopo, sakulawarga hanampi kanthi suka gumbiraning manah....
Saklajengipun, mbok-bilih samudayanipun sampun satata samapta, temanten kekalih tumunten badhe kalenggahaken, manut tatacara lan pradatan ingkang lumampah wonten kampung mriki....
Dumateng Bapa Suwardi sak-penderek, kula aturi pinarak lenggah wonten papan ingkang sampung kasediaaken kanthi mardiko mardikaning manah, ngantos purnaning pahargyan.
Panyuwunipun Bp-Ibu Bambang Sutopo dalasan kulawarga, mugi panjenengan sedaya kepareng paring donga pangestu dhumateng putra temanten kekalih. Kanthi pangajab mugi temanten kekalih ingkang badhe nggebyur-lelumban wonten madyaning bebrayan agung, tansah manggih bagyo mulya, dados kulowargo ingkang Sakinah, ma waddah, wa rohmah, sumrambah ing samudayanipun. Aamiin ya Robbal 'aalamiin.....
Mbok bilih samangke pahargyan sampun purna, panjenengan sarombokan bade pamit, Bapak Ibu Bambang Sutopo sakulawarga namun saget atur donga pangestu, mugi lampah panjenengan sarombongan saking papan mriki ngantos dumugi dalem sowang-sowang, manggih kawilujengan mboten wonten alangan satunggal punapa....
Ing wasana, mbok-bilih anggen kula matur, saha hanampi, saha hanglenggahaken panjenengan sedaya mboten rena ing penggalih, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami......
Billahittaufiq wal-hidayah, Wassalamu 'alaikum wr.wb
Contoh Teks Pranatacara Kematian
Pambuka
Kawula nuwun, kados-kados dhuhkita wara ingkang sampun sumebar sarana serat lelayu saha lesan lan gethok tular, bilih panjenenganipun Bp/Ibu ...................... Titi wanci punika tinimbalan dening Pangeran Ingkang Maha Wikan, nalika dinten.................... surya kaping .............. Jalaran ..................
Uluk Salam
Panjenengannipun para palayat kakung putri ingkang mahambeg budi, As Wr Wb, Kasugengan karahayon saha katentreman awit sih Wilasaning Gusti ingkang MahaKawasa, sampun ngrumentahaken kayuwanan dhumateng para- para ingkang abela sungkawa ing dalem dhuhkita punika.
Adicara
Kula ingkang piniji ngaturaken titi laksana / adicara pangruktinupun jinasah titi wanci punika, keparenga maosaken urutaning upacara.
1. Maosaken serat lelayu.
2. Solat jenasah / Sembahyangan
3. Pambagyo harjo
4. Tanggap Dhuhkita
5. Pandonga
6. Brobosan
7. Bidhal layon, mekaten menggah urutaning upacara
Panjenenganipun para pelayat kakung putri ingkang tuhu mahambeg ing dharma, nggemeni wekdal tumapaking pangrukti jinasah badhe kawiwitan.
Solat Jinasah
Solat jinasah badhe katindakaken, dene ingkang badhe nyepuhi kasuwun panjenenganipun Bapa..................., sumonggo.
Atur Pambagyo Harjo
Pari purnaning solat jinasah, kalajengaken atur Pambagyo harjo. Kebak ing trapsila ingkang nandang sungkawa badhe atur pambagyo harjo, namung mboten kuwawa matur pribadi, mila nyaraya panjenenganipun Bapa..............(minangka sulih sarira), jumenengipun jinajaran 1. Bapa ............... kaliyan 2.Bapa..................., mbok bilih sampun samekta ing gati, sumonggo.
Tanggap Dhuhkita
Salajengipun Tanggap dhuhkita / Abela sungkawa. 1. Atur bela sungkawa saking.................... ingkang badhe kasarira Bapa....................... kasumangga-aken sa-cekapipun.
(bela sungkawa 2, 3, 4 sami nginggil)
Keluarga ngaturaken panuwun ingkang sampun tanggap dhuhkita sedayanipun, mugi ndadosaken panglipuripun ingkang nandhang sungkawa.
Pandonga
Para pelayat kakung putri ingkang tuhu lubering budi, mbok bilih gendhaga laya (peti jenasah) sampun katutup kalajengaken upacara pandonga. Titah sawantah gesang ing ngalam donya tartamtu nggadhahi kekirangan lan dosa, sumonggo sami manungkul puja sesarengan ingkang badhe dipun sepuhi dening panjenenganipun Bapa............................., katur bapa pandonga kasumanggakaken.
Brobosan
Upacara adat lupiya ingkang sampun badhe wonten upacara brobosan. Kadang para kanoman ingkang sampun piniji sumonggo keparenga mundhi gendhaga laya saking ndalem badhe wonten upacara brobosan.
Katur Bapa......................., ingkang badhe mratitisaken upacara brobosan, kasuwun ngatur para putra wayah, lan sanesipun ingkang badhe brobosan.
Para pelayat kakung putri ingkang sampun abela sungkawa, pangrukti ingkang pungkasan nenggih bidhaling layon.
Ingkang kajibah ngasta ubarampe sampun kesupen, songsong lan sanesipun. 9.Sugeng Kondur Katur para pelayat kakung putri , mbok bilih mboten kagungan pambengan sanes, keluarga nyuwun sih kadarmanipun keparengan nguntapaken kunarpanipun almarhum/ almarhumah dumugi papan ingkang pungkasan (makam). Dene wonten pambengan ingkang wigati, keluarga ngaturaken panuwun iangkang sampun abela sungkawa. Konduripun nderekaken sugeng kondur, mugi kalisa ing sangsaya dumigi ing ndalem.
Penutup
Kula ingkang piniji ngaturaken upacara pangrukti jinasah, bilih wonten galap gangsuling atur, nyuwun agunging pangaksami. Wass WrWb , kula kantheni sesanti : rahayu ingkang sami pinanggih, winantu ing suka rena.
Etika Pranatacara
Seorang Pranatacara harus memperhatikan etika berbusana dan berbicara sebelum tampil di depan para hadirin tamu, berikut ini informasi lengkap mengenai etika berbusana dan berbicara yang baik, dikutip dari laman resmi Pemerintah Kota Yogyakarta.
1. Busana
Busana harus menjadi perhatian pertama seorang Pranatacara sebelum tampil di depan audiens. Olah busana atau cara berpakaian yang baik bagi pranatacara merupakan hal yang wajib diketahui dan dimengerti dengan baik agar penampilan dan gaya berpakaian sesuai acara yang sedang dibawakan.
Memakai pakaian yang serasi atau cocok dengan acara, sebaiknya dibicarakan dengan panitia. Contohnya, ketika menjadi pranatacara adat temanten Jawa, apakah menggunakan pakaian adat/kejawen (busana adat Ngayogyakarta atau Surakarta), seragam dengan panitia atau tidak, menggunakan busana nasional/formal atau tidak.
2. Berbicara
Seorang pranatacara harus memiliki kemampuan "Olah basa lan sastra" yaitu kemampuan berbahasa dan sastra. Hal tersebut bertujuan agar nantinya seorang Pranatacara dapat mengolah bahasa dengan baik. Seorang pranatacara harus mengetahui dan memahami paramasastra (fonologi, morfologi, semantik, sintaksis), wacana, dan pragmatik.
Pengetahuan yang luas mengenai paramasastra Jawa diharapkan dapat membuat pranatacara mampu mengucapkan kata-kata, frasa, kalimat, ungkapan, wacana Bahasa Jawa krama inggil dengan laras dan leres. Laras artinya, pranatacara mampu menggelar acara sesuai dengan keadaan dan suasana.
Tips Lancar Menjadi Pranatacara
Dikutip dari laman resmi Desa Jatimulyo, agar acara dapat berlangsung dengan baik, seorang Pranatacara harus melaksanakan langkah-langkah cerdas. Berikut adalah tips sukses yang harus dilaksanakan seorang Pranatacara.
1. Sebelum acara dimulai, hendaklah Pranatacara sudah datang terlebih dahulu.
2. Mengetahui dan menghafal susunan acara
3. Pranatacara harus dapat menyebutkan segala hal dengan benar dan lengkap
4. Pranatacara harus mengikuti setiap rangkaian acara.
5. Pranatacara harus mengikuti permintaan dari penyelengara hajat.
6. Pranatacara harus mengikuti petunjuk dari panitia
7. Pranatacara harus bekerja sama dengan seluruh pihak baik panitia maupun penyelenggara acara.
8. Pranatacara harus menarik di hati audience.
9. Pranatacara harus menyelaraskan keluarnya jamuan, pertunjukan, dan acara lainya.
10. Pranatacara harus mampu mengendalikan suasana.
Demikian informasi mengenai contoh pranatacara, teks pembawa acara bahasa Jawa. Semoga bermanfaat, Lur!
Artikel ini ditulis oleh Agustin Tri Wardani peserta Program Magang Bersertifikat Kampus Merdeka di detikcom.
(dil/ahr)