7 Khutbah Idul Adha 2026 Bahasa Jawa Lengkap Doa Pembuka-Penutupnya

7 Khutbah Idul Adha 2026 Bahasa Jawa Lengkap Doa Pembuka-Penutupnya

Desi Rahmawati - detikJateng
Kamis, 21 Mei 2026 08:55 WIB
Ilustrasi Khutbah Idul Adha
Ilustrasi Khutbah Idul Adha (Foto: Masjid Pogung Raya/Unsplash)
Solo -

Hari Raya Idul Adha 1447 Hijriah kembali diperingati umat Islam pada 2026 dengan pelaksanaan sholat Id di masjid maupun lapangan terbuka. Selain sholat berjamaah, khutbah Idul Adha juga menjadi salah satu rangkaian penting dalam pelaksanaan ibadah tersebut.

Dalam buku Panduan Muslim Sehari-hari karya M. Hamdan Rasyid dkk dijelaskan bahwa sholat Idul Adha merupakan sholat sunnah muakkadah yang dilaksanakan pada 10 Dzulhijjah setelah jamaah haji melakukan wukuf di Padang Arafah. Setelah pelaksanaan sholat selesai, imam atau khatib dianjurkan berdiri untuk menyampaikan khutbah kepada jamaah.

Khutbah Idul Adha tidak melulu menggunakan bahasa Indonesia. Ada kalanya, khutbah disampaikan dalam bahasa Jawa agar lebih mudah dipahami jemaah. Butuh khutbahnya? Berikut 7 khutbah sholat Idul Adha 2026 bahasa Jawa lengkap dengan doa pembuka dan penutupnya.

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Khutbah Idul Adha 2026 Bahasa Jawa Lengkap Doa Pembuka-Penutupnya

Berikut teks khutbah Idul Adha 2026 bahasa Jawa yang dihimpun dari laman Kementerian Agama Yogyakarta, NU Online, NU Bantul, dan buku Khutbah Ringkas 7 Menit Bahasa Jawa karya Ustadz Hazim Fikri.

ADVERTISEMENT

Khutbah Idul Adha #1: Ibadah Qurban Bukti Taqwa Kan Syukur Dumateng Allah SWT

السلامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

الحمدُ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ، وَاسْتَغْفِرُه وتَتُوبُ إِلَيْهِ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا، وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ الله فلا مضل له، ومن يضلل فلا هادي له، وأشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ أَمَّا بَعْدُ. فَيَا أَيُّها الحاضرُونَ أُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ. وَاعْلَمُوا أن الله قد قال في كتابه الكريم أعوذ بالله من الشيطان الرجيم بسم الله الرحمنِ الرَّحِيمِ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. الله أَكْبَرُ الله أكبر الله أكبر الله أَكْبَرُ وَاللهِ الْحَمْدُ.

Ma'asyiral Muslimin Rahimakumullah, Monggo kita tansah ndedonga lan ngluhuraken puji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi nikmat iman, Islam, sehat, lan kesempatan kang mulya menika, injih puniko sholat Idul Adha berjamaah. Salawat lan salam kita aturaken dhumateng junjungan kita, Nabi Muhammad SAW, tiyang ingkang sampurna budi pekertinipun, panutaning umat ing donya lan akhirat

الله أكبر الله أكبر الله أكبر اللهُ أَكْبَرُ وَاللهِ الْحَمْدُ.

Ma'asyiral Muslimin Rahimakumullah, Ing wulan Dzulhijjah menika, wonten salah sawijining ibadah ingkang agung mun injih ibadah kurban. Ibadah kurban punika minangka bentuk taqwa, tanda syukur, lan sarana ngresiki atining manungsa saka sifat bakhil lan egois. Allah SWT ngendika wonten ing surat Al-Hajj ayat 37:

لَنْ يَنَالَ اللهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَكِن يَنَالُهُ التَّقْوَى مِنْكُمْ

"Ora bakal tekan marang Allah daging-daginge lan getihe (kewan kurban), nanging sing tekan yaiku taqwa saking panjenengan sedaya"( QS. Al-Hajj: 37)

Tegese, Allah mboten mbutuhake daging utawa getih kurban kita. Sing dipun tingali yaiku keikhlasan lan taqwa kita.

الله أكبر الله أكبر الله أكبر اللهُ أَكْبَرُ وَاللهِ الحَمْدُ.

Ma'asyiral Muslimin,

Kurban ugi minangka peringatan tumrap kisah agung Nabi Ibrahim Alaihissalam lan putrinipun Nabi Ismail Alaihissalam, nalika dipun perintah nyembelih putranipun. Tanpa ragu, Nabi Ibrahim nindakake perintah menika kanthi tulus lan tawakkal.

Sabda Rasulullah SAW:

مَا عَمِلَ آدَمِيٌّ مِنْ عَمَلٍ يَوْمَ النَّحْرِ أَحَبَّ إِلَى اللَّهِ مِنْ إِهْرَاقِ الدَّمِ

"Anak Adam ora nindakaké amal ing dina Nahr (10 Dzulhijjah) sing luwih disenengi Allah kajaba nyembelih kurban" (HR. Tirmidzi)

Saking punika, menawi kita kaparingan rejeki cekap, monggo berkurban. Sebab, kurban niku amal utama ing dinten menika.

الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبرُ وَاللهِ الْحَمْدُ.

Ma'asyiral Mualimin, Rahimakumullah,

Ayo kita niataken kurban kanthi ikhlas. Yen durung saged berkurban tahun menika, tetep mat lan nyengkuyung ibadah kurban. Sedekah daging, bantu tetangga, ngugemi rasa sosial lan ukhuwah Islamiyah

Kurban ugi ngajari kita pentingipun pengorbanan, gotong royong, lan kesenan pinongko bentuk kesalahan sosial Islam ingkang luar biasa.

Mugi amal kita dipun tampi Allah lan kita kalebet hamba-hamba ingkang taat.

الله أكبر الله أكبر الله أكبر اللهُ أَكْبَرُ وَاللهِ الحَمْدُ.

الحمدُ للهِ عَلَى إِحْسَانِهِ وَالشَّكرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيقِهِ وَامْتِنَانِهِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لا إِلَهَ إِلا اللَّهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لا شرِيكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الدَّاعِي إِلى رِضْوَانِهِ اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابه وَسَلَّمْ تَسليمًا كثيرًا. أما بعد فيا أيُّها النَّاسُ اتَّقُوا الله فيما أمر وَانْتَهُوا عَمَّا لَهَى وَاعْلَمُوا أَنَّ الله أَمَرَكُمْ بِأَمْرِ بَدَأَ فِيهِ بِنَفْسِهِ وَثَلى بملا لِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعَالَى إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِي يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلَّمُوا تَسْلِيمًا. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إبْرَاهِيمَ، إنك حميد مجيد. برحمتك يا أرحم الراحمين اللهمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِينَ والمسلمات الأحياء منهم والأموات اللهم أعز الإسلام والمسلمين وَأَذِلَّ الشَّرْكَ وَالْمُشْرِكِينَ وَانْصُرْ عبادك الموحدية وانصر من نصر الدين واحدل من خذل المسلمين و ديرٌ أَعْدَاءَ الدِّينِ وَاغْلِ كَلِمَاتِكَ إلى يوم الدين.

اللَّهُمَّ اجْعَلْنَا مِنَ الَّذِينَ اسْتَمَعُوا الْقَوْلَ فَاتَّبَعُوا أَحْسَنَهُ

Ya Allah, dhateng kita sedaya kalebet tiyang ingkang mirengake dhawuh panjenengan lan nindakaken ingkang langkung sae

اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنتَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ

Ya Allah, mugi ketampi kurban kita, sedekah kita, sholat kita. Dipun paringin ampunan lan kaberkahan tumrap gesang kita sedaya.

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً، وفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً، وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ، وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ

والسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

Khutbah Idul Adha #2: Kurban sebagai Jalan Membebaskan Diri dari Penindasan Zaman

اللهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ ، اللهُ أَكْبَرُ ، اللهُ أَكْبَرُ ، اللهُ أَكْبَرُ ، اللهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ، لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَاللَّهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ الْحَمْدُ للهِ الَّذِي يَخْلُقُ مَا يَشَاءُ وَيَخْتَارُ، أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ الْوَاحِدُ الْعَزِيزُ الْغَفَّارُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لا إلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ إِمَامُ الْمُتَّقِيْنَ وَقُدْوَةُ الْأَبْرَارِ ، اللهم صَلِّ وَسَلَّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ، صَلَاةً دَائِمَةً مَّا تَعَاقَبَ اللَّيْلُ وَالنَّهَارُ . أَمَّا بَعْدُ، فَيَا إِخْوَةَ الْإِسْلَامِ أَوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ عَزَّ وَجَلَّ الْقَائِلِ فِي مُحْكَم كِتَابِهِ: لَن يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَكِن يَنَالُهُ التَّقْوَىٰ مِنكُمْ كَذَلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ لِتُكَبِّرُوا اللهَ عَلَى مَا هَدَاكُمْ ۚ وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِينَ

Ma'asyirol muslimin wal Muslimat Jamaah Sholat Idul Adha Rohimakumulloh

Kula aturi panjenengan sedaya kang kinurmatan, marilah kita tansah ngluhuraken pamuji dhumateng Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring pitulung, nugraha, sarta petunjuk kang mulya. Ugi kula ngajak dumatheng sedoyo jamaah sesarengan ningkataken iman lan taqwo kulo panjengengan sedoyo kelawan anglakoni sedoyo ingkang dipun perentah dening Allah, lan ninggal sedoyo perkawis ingkang dipun larang.

Ing dinten agung punika, kita sami nglumpuk wonten ing panggonan suci punika, anggen kita ngluhuraken Idul Adha dinten agung kang ngelingaken kita dhumateng piwulang kurban, minangka tetenger syi'ar agama, warisaning para nabi, sarta lambang pengurbanan agung.

Ananging, ing salebeting tradhisi nyembeleh kewan kurban, sampun mesthi wonten makna kang langkung jero. Punika dudu prakara lairiyah kemawon, nanging ugi lelampahan spiritual, kang paring piwulang supados kita saged mbebasaken dhiri saking sedaya bentuk panindhesan, kados piala hawa nepsu, pangrewesing donya, lan keterikatan batin ing prakara-prakara dunya kang nyirnakaken taqwa.

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

Ma'asyirol muslimin wal Muslimat Jamaah Sholat Idul Adha Rohimakumulloh

Kurban punika boten namung prakara nyembeleh wedhus, sapi, utawi unta. Kurban punika minangka tandha pasrah jati dhiri kanthi wutuh dhumateng Gusti Allah SWT. Kisahipun Nabi Ibrahim alaihissalām kang paring katresnan sarta ketaatan dhumateng dhawuh Gusti Allah kagem nyembeleh putranipun Ismail, punika minangka puncakipun pangurbanan lan tatananing iman sejati.

Gusti Allah ngendika ing QS. As-Saffat ayat 102-107:

"Satemene aku nyumurupi ing sajroning ngimpi, yèn aku nyembeleh kowé. Pramila kersa apa panemumu?"

Lan putranipun mangsuli: "Dhuh rama, tindakna kemawon apa kang dipun dhawuhake dhumateng panjenengan. Mugi-mugi panjenengan nemokaken kula kalebet tiyang sabar."

Nalika kalihipun sampun pasrah lan Ibrahim nglangkahkan lambene putranipun (kang arep dipun sembelih),

Inggih nalika punika, Gusti Allah nimbali: "Wahai Ibrahim!"

"Satemene panjenengan sampun mbeneraken ngimpi punika. Pramila mekatenlah cara paring ganjaran kangge tiyang ingkang bekti."

"Satemene punika minangka ujian agung kang nyata."

اللَّهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

Ma'asyirol muslimin wal Muslimat Jamaah Sholat Idul Adha Rohimakumulloh

Miturut panjelasan saking kitab Maroh Labid karya al-Imam Nawawi al-Bantani, sejatinipun kurban punika dudu awujud daging saha getih kang dipun tampi déning Gusti Allah, nanging taqwa saking batin kita ingkang suci. Gusti Allah dhawuh ing Surah Al-Hajj ayat 37:

لَنْ يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَىٰ مِنْكُمْ

"Kang nampi dhateng Gusti Allah punika boten daging saha getihipun, nanging taqwa saking panjenengan sedaya."

Punapa maknanipun? lya punika bilih kurban punika piwulang agung kang ngresiki ati saking piala: saka serakah, saka sombong, saka kagum dhiri. Daging punika namung perlambang lahiriyah. Nanging hakekatipun, sing dipun kaji Gusti Allah punika: keikhlasan, ketulusan, lan pasrahipun manungsa dhumateng Pangeranipun.

اللَّهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

Ma'asyirol muslimin wal Muslimat Jamaah Sholat Idul Adha Rohimakumulloh

Ing mongso meniko, Kito boten gesang ing jamanipun Nabi Ibrahim. Nanging panindhesan jaman taksih wonten. Bentenipun, panindhesan punika langkung alus, langkung boten katingal..

  • Wonten panindhesan ekonomi: akèh tiyang urip ing kawontenan kang angel, kahanan kang nggegirisi.
  • Wonten panindhesan sosial: tiyang katingal larut dhumateng pangkat, status, popularitas, lan boten memper bab taqwa.
  • Wonten panindhesan psikologis: manungsa dados budhak rasa wedi, kuatir, lan tekanan urip.

Mekaten punika kurban paring piwulang. Kita dipun ajar "nyembeleh" hawa nepsu, sifat rakus, egoisme. Kurban punika ngajari kita ngreksa ati saking belenggu dunya, lan ngungkulaken dhiri dhumateng Gusti Allah.

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

Ma'asyirol muslimin wal Muslimat Jamaah Sholat Idul Adha Rohimakumulloh

Syekh Wahbah Zuhaili ing tafsir al-Munir nerangaken ayat:

كَذلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ لِتُكْبَرُوا اللَّهَ عَلَى مَا هَدَاكُمْ

"Gusti Allah sampun ndhawuhake kéwan-kéwan kurban punika supadas manungsa ngagungkan Asma Allah awit saking pituduh lan petunjukipun."

Syekh Wahbah nerangaken; Satemene, kabingahan, kagunan, lan petunjuk kang kita tampa punika minangka nugraha agung. Allah paring syariat punika minangka jalan kamardikan lan ketundukan. Pramila, makaten punika kurban: uji iman, pernyataan taqwa, lan wujud syukur.

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

Ma'asyiral muslimin wal Muslimat Jamaah Shalat Idul Adha Rohimakumulloh

Ing pangajab, Mangga kita sareng-sareng merengung:

Punapa ingkang nyekel atining kita?

Punapa keserakahan?

Punapa gumunggung lan ego?

Punapa keterikatan dhumateng donya?

Dinten punika wekdalipun kita "nyembeleh" punika sedaya. Mugi kita kabingahan gesang kanthi jiwa kang suci, ati kang mardika, lan iman kang sayekti.

Dinten punika wekdalipun kita "nyembeleh" punika sedaya. Mugi kita kabingahan gesang kanthi jiwa kang suci, ati kang mardika, lan iman kang sayekti.

بَارَكَ الله لي ولكم في القرآن الكريم، وتفعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، وَتَقَبَّلُ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ أَرْحَمُ الرَّاحِمِينَ .

Khutbah II:

اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ الله أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ والله الحمد. الْحَمْدُ للهِ الَّذِي أمرنا بالإصلاح، وحثنا على الصلاح، وبين لنا سبل الفلاح. وأشهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شريك له، وأشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُ اللهِ وَرَسُولُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الدين. أمَّا بَعْدُ: فَأُوصِيكُمْ عِبَادَ اللَّهَ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ إِنَّ اللَّهَ أَمْرَكُمْ بِأَمر بدأ فيه بنفسه وتلى فيه بملائكته، فقال تعالى: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا اللهم صل وسلم وبارك على سَيِّدِنَا وَنَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آله وصحبه أجْمَعِينَ، وَارْضَ اللَّهُمَّ عَن الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِينَ أَبِي بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلي، وعن سائر الصحابة الأكرمين، وعن التابعين ومن تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدين اللهمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ وَالمُسْلِمِينَ وَالمُسْلِمَاتِ الأحْياءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ اللَّهُمَّ أصْلِحْ لَنَا ديننا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا، وَأَصْلِحْ لَنا دُنْيَانَا الَّتِي فِيهَا مَعَاشِنَا، وَأَصْلِحْ لَنَا أَجْرَتَنَا الَّتِي فِيهَا مَعَادُنَا، وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيادَةَ لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ. اللهم لا تدع لَنَا ذَنْبًا إِلَّا غَفَرْتَهُ، وَلَا دَيْنًا إِلَّا قَضَيْتَهُ، ولا مريضا إلَّا شَفَيْتَهُ وَعَافَيْتَهُ، وَلَا حَاجَةً مِنْ حَوَائِجِ الدُّنْيَا إِلَّا قَضَيْتَهَا وَيَسَّرْتَهَا لَنَا يا أكرم الأكرمينَ، وَيَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِينَ. اللهم ادفع عنا البلاء والوباء والزَّلازِلَ وَالْمِحْنَ، وَسُوْء الفِتْنَةِ والمِحْنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلدنا الدونيسيا خاصةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ المُسْلِمِينَ عَامَّةً يَا رَبَّ العَالَمِينَ. اللهم انصر إخواننا في فلسطين من ظلمات الكفار الاسرائيل. اللهم سلمهم والمسلمين، واشف لمرضاهم، واغفر لموتاهم من جميع المسلمين يا أرحم الراحمين. ربنا آتنا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الخَاسِرِينَ عِبَادَ الله، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بالعَدْلِ وَالاحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبِي وَيَنْهَى عَنِ الفحشاء والمنكر والبغي يعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ، وَاذْكُرُوا الله العظيم يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نعمه يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللَّهُ أَكْبَرُ

Khutbah Idul Adha #3: Makna Haji lan Kurban minangka Bukti Taat marang Gusti Allah

اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ. اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ. اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ ... كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللّٰهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَإِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَاللّٰهُ أَكْبَرُ، اَللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِذَبْحِ الْأُضْحِيَّةِ. وَبَلَغَنَا إِلَى هٰذَا الْيَوْمِ مِنْ عَشْرِ ذِي الْحِجَّةِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ ذُوْ رَحْمَةٍ وَاسِعَةٍ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ تُرْجَى مِنْهُ الشَّفَاعَةُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ الرَّحْمَةِ، وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ ذَوِي الْعُقُوْلِ السَّلِيْمَةِ، صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ، أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللّٰهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ : لَنْ يَّنَالَ اللّٰهَ لُحُوْمُهَا وَلَا دِمَاۤؤُهَا وَلٰكِنْ يَّنَالُهُ التَّقْوٰى مِنْكُمْۗ كَذٰلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ لِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ ۗ وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِيْنَ

Ma'asyiral Muslimin wal Muslimat, jamaah sholat Idul Adha rahimakumullah

Sedaya puji namung kagunganipun Allah ta'ala, ingkang sampun maringi kita kathah kanugrahan, ngantos kita mboten saget ngetung sedaya peparing saking Allah ingkang sampun kita tampi. Langkung-langkung wonten ing dinten menika, kita pinaringan nikmat, arupi awak ingkang sehat wal afiat lan ati kang bungah.

Langkung-langkung arupi nikmat iman lan islam, ingkang mugi-mugi saget kita jaga ngantos dumugi akhir gesang kita. Pramila, sedaya nikmat punika mangga kita syukuri kelawan lisan, ati, saha tumindhak becik. Mugi-mugi kita sedaya kalebet tiyang ingkang syukur dhateng Allah ta'ala.

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan ninda'ake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita sedaya kalebet golongan ingkang angsal ridha saking Gusti Allah ta'ala. Dhawuhipun Allah ta'ala:

وَتَزَوَّدُوْا فَاِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوٰىۖ وَاتَّقُوْنِ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ

Artosipun: "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal." (QS Al Baqarah: 197).

اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ لَآ اِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ، وَاللّٰهُ أَكْبَرُ، اَللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ

Jamaah sholat Idul Adha ingkang minulya

Sejarah saking ibadah kurban, kawitan nalika Nabi Ibrahim as pikantuk prentah saking Gusti Allah SWT, supados nyembelih putranipun ingkang asma Ismail as. Kanthi iman kang teteg marang Gusti, préntah punika dipun laksanaake Nabi Ibrahim.

Ananging sakderengipun Nabi Ibrahim nyembelih Nabi Ismail, Gusti Allah lajeng ngutus malaikat kang ngasta menda saking swarga, kangge gantosipun ingkang badhe dipun sembelih. Kisah punika kasebat wonten ing Al Qur'an Surat As-Shaffat ayat 102:

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَىٰ ۚ قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ

Artosipun, "Mangka tatkala putrane wis yuswa pitung tahun, Nabi Ibrahim nampa wahyu supaya nyembelih putrane, Nabi Ibrahim ngendika: Hei anak ingsun angger, ingsun supêna sakjerone sare, menawa ingsun nyembelih marang sliramu, coba pikiren kepriye mungguh sliramu? Ingkang putra matur: Bapak, dalem aturi ninda'ake préntahipun Allah, dalem Insyaallah mboten badhe bangkang, nanging badhe sabar." (QS As-Shaffat ayat 102, lan dipun terangaken ugi wonten ing Tafsir Al-Ibriz, juz 23 kaca 1587).

Saking kisah sejarah punika, umat Islam lajeng dipun perintah supados nyembelih kewan kurban ingkang gadahi makna kagem pepenget marang kita, bilih mboten wonten tujuan gesang kita ing alam dunya, kajaba kanggo nyembah utawi ibadah marang Gusti Allah SWT.

وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ

Artosipun, "Lan ora nitahake Ingsun (Allah) ing jin lan manungsa, kajaba supaya dheweke kabeh pada nyembah ing Ingsun (Allah)." (QS Ad-Dzariyat ayat 56).

Hikmahipun ujian Allah ing Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail, inggih punika ikhlas ing dalem nglampahi préntahe Gusti. Ikhlas punika dados kunci supados kita angsal ridhane Gusti, kelawan ninda'ake prentahe. Kosok wangsulipun, sampun ngantos kita nglampahi ibadah ingkang mboten dipun sartani kanthi ikhlas. Kanjeng Nabi Muhammad SAW sampun paring dhawuh:

إِنَّ اللَّهَ لا يَقْبَلُ مِنْ الْعَمَلِ إِلَّا مَا كَانَ لَهُ خَالِصًا وَابْتُغِيَ بِهِ وَجْهُهُ

Artosipun, "Gusti Allah mboten bakal nampi amal, kajaba amal (ibadah) kanthi ikhlas lan kerana pados ridhane Gusti Allah," (HR An-Nasa'i).

اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ لَآ اِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ، وَاللّٰهُ أَكْبَرُ، اَللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ

Jamaah shalat Idul Adha ingkang minulya

Kajaba Ibadah nyembelih kewan kurban, nalika Idul Adha utawi ing wulan Dzulhijjah, setengah saking umat Islam ugi padha ninda'ake ibadah haji. Ibadah haji punika kalebet salah setunggale Rukun Islam, sak sampunipun syahadat, shalat, pasa, lan zakat.

Préntah ibadah haji wonten ing Al-Qur'an, surah Ali Imran ayat 97:

وَلِلَّهِ عَلَى النَّاسِ حِجُّ الْبَيْتِ مَنِ اسْتَطَاعَ إِلَيْهِ سَبِيلًا وَمَنْ كَفَرَ فَإِنَّ اللَّهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعَالَمِينَ

Artosipun: "Nglampahi ibadah haji dados kewajiban menungsa datheng Allah, yaiku kanggone tiyang kang wis gadhah kemampuan ninda'ake datheng Baitullah. Sapa wonge kang ngingkari ibadah haji, mangka setuhune Gusti Allah iku Maha Sugih (ora butuhake perkawis) saking sedaya Alam kabeh."

Ayat ingkang sampun kasebat, negesaken bilih ibadah haji hukumipun wajib. Ananging kewajiban punika, khususipun kagem tiyang ingkang sampun gadah kemampuan, sebab ibadah menika mbetahaken modal arupi bandha lan tenaga.

Lelampahan ibadah haji punika kathah maknanipun. Kain ihram ingkang dados rasukanipun para jamaah haji, ngemutaken marang kain kafan, ingkang bakal diagem nalika kita sampun seda. Bilih sedaya manungsa mesti bakal marak sowan maring Gusti.

Ing dalem lelampahan ibadah haji, ugi wonten thawaf muteri Ka'bah lan sa'i lelampahan saking bukit Shafa ten bukit Marwah. Ibadah punika saget dipun maknani, bilih tujuan manungsa gesang ing dunya punika, sejatosipun kangge mlampah tumuju marang kamuliaan angsal ridhane Gusti. Lan kathah sanget lelampahan nalika ibadah haji ingkang anggadahi falsafah ingkang sahe.

Akhiripun, ibadah haji kang dilampahi kanthi syarat rukune saha dipun sartani ikhlas, mangka bakal pikantuk predikat haji mabrur utawi haji ingkang maqbul, ditampi marang Gusti Allah lan bakal dipun ganjar swarga. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW:

اَلْحَجُّ الْمَبْرُورُ لَيْسَ لَهُ جَزَاءٌ إِلَّا الْجَنَّةُ

Artosipun, "Haji ingkang mabrur, ora ana liyane walesan kanggone wong kang haji mabrur kajaba swarga," (HR An-Nasa'i).

Setengah saking pratandhane haji ingkang mabrur inggih punika, saget ditingali saking tambahe ing kesahenan. Tegese piyambake laku uripe langkung sahe tinimbang sak derengipun nglampahi haji lan mboten mbaleni maksiat utawa dosa kang wis tau dilakoni.

اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ لَآ اِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ، وَاللّٰهُ أَكْبَرُ، اَللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ

Jamaah sholat Idul Adha ingkang minulya

Menikalah ibadah kurban lan haji, ingkang sedaya ibadah wau gadahi tujuan supados kita ing dalem nglampahi gesang ing dunya punika, kedah dipun lampahi kanthi niat ibadah lan dipun sartani pasrah lan ikhlas, supados kita pikantuk ridha saking Gusti.

Kangge mungkasi khutbah punika, mangga kita tansah dedunga mugi kita sedaya lan keluarga kita, pinaringan rezeki ingkang gampil, kathah, lan barokah. Mugi-mugi Gusti Allah maringi kita kesempatan saha kekiyatan, supados kita saget ninda'ake ibadah umroh lan haji wonten ing Tanah Suci. Lan kita dungaaken, mugi-mugi sedherek kita, sedaya umat Islam ingkang nembe nglampahi haji pinaringan sehat, lancar, slamet, lan dipun tampi kalian Gusti. Amin ya Rabbal 'alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ فِى اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، اِنَّهُ هُوَ الْبَرُّ الرَّؤُوْفُ الرَّحِيْمُ

Khutbah II:

اللهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ الله أكبر الله أكبر الله أكبر، اللهُ أَكْبَرُ ... كَبِيرًا وَالْحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيلاً، لا إله إلا الله وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَاللَّهُ أَكْبَرُ، الله أكبر ولله الحمد الحمدُ للهِ الَّذِي أَمَرَنَا بِذَبْحِ الْأَضْحِيَّةِ وَبَلَغَنَا إِلَى هذَا الْيَوْمِ مِنْ عَشْرِ ذِي الْحِجَّةِ وَأَشْهَدُ أن لا إله إلا الله ذُو رَحْمَةٍ وَاسِعَةِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِي تُرْجَى مِنْهُ الشَّفَاعَةُ اللَّهُمَّ صَلَّ وَسَلَّمْ وَبَارِك عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ الرَّحْمَةِ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ ذَوِي الْعُقُوْلِ السَّلِيمَةِ، صَلَاةَ وَسَلَامًا مُثَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ، أَمَّا بَعْدُ

فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهُ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرِ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَلَنَى بِمَلا يُكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعَالَى إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِي يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلَّمُوا تَسْلِيمًا. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَنْبِيَائِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلَائِكَةِ الْمُقَرَّبِينَ وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِينَ أَبي بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَانَ وَعَلَى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِينَ وَتَابِعِي التابِعِينَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ اليَوْمِ الدِّينِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الراحمين

اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالمُسْلِمِينَ وَالمُسْلِمَاتِ الأَحْيَاءُ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ اللَّهُمَّ أَعِزَّ الإسْلامَ وَالْمُسْلِمِينَ وَأَذِلَّ الشَّرْكَ وَالمُشْرِكِينَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ المُوَحَدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّينَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ المُسْلِمِينَ وَدَمَّرْ أَعْدَاءَ الدَّيْنِ وَاغْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّينِ اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا البَلَاءِ وَالْوَبَاءَ والزلازل والمِحَنَ وَسُوْء الفِتْنَةِ وَالمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا الدُونِيْسِيًّا خَاصَّةً وَسَائِرٍ البُلْدَانِ المُسْلِمِينَ عَامَّةً يَا رَبَّ العَالَمِينَ، رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ

عِبَادَ اللَّهِ ۚ إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ العَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أكبر

Khutbah Idul Adha #4: Hakikat Pengorbanan

السلامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَتُهُ

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ الله أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ . الله أكبر الله أكبر الله أكبر - اللهُ أَكْبَرُ كَبِيرًا * وَالْحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيرًا * وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيلًا " لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَ جُندَهُ وَهَزَمَ الأَحْزَابَ وَحْدَهُ . لا إله إلا الله وَاللَّهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ .

الْحَمْدُ لِلَّهِ الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي جَعَلَ الْأَعْيَادَ مُوْسِمَ الْخَيْرَاتِ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ رَبُّ الْأَرْضِينَ وَالسَّمَاوَاتِ . وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ المَبْعُوثُ بِأَوْضَحِ الْبَيِّنَاتِ . اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيْدِ الْكَائِنَاتِ * سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى آخِرِ الدُّهُورِ وَالسَّنَوَاتِ * أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أَوْصِيكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقُوا اللَّهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ .

وَاعْلَمُوا أَنْ يَوْمَكُمْ هَذَا يَوْمُ الْعِيدِ الْأَكْبَرِ قَدْ رَفَعَ اللَّهُ قَدْرَهُ وأظهرَهُ وَسَمَاءُ يَوْمَ الحج الأكبر

Kaum Muslimin Muslimat Rahimakumullah.

Sumangga kita sesarengan tansah nambahi taqwa lan tha'at kita dateng Allah kanti mbudi daya murih saget nindakaken sedaya dawuh lan perintahipun, saha nilar lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun. Sikap mental ingkang mekaten kedah manjing dados kepribadian tumrap tiang mukmin. Kanjeng Nabi Sallallahu 'alaihi wa sallam paring dawuh:

اتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنتَ وَأَشبع السيئة الحسنة تنحُهَا وَخَالِقِ النَّاس يخلق حسن

"Wedia sira ing Gusti Allah, ing endi nggon ana sira, tut burenana kaeleken ikat kelawan kebecikan, jalaran kebecikan iku bisa nglebur kaclekan, lan gawea budi pekerti sira kelawan budi pakerti kang becik". (HR.Turmudzi)

الله أكبر الله أكبر اللَّهُ أَكْبَرُ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَاللَّهُ أَكْبَرُ

Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah,

Enjang punika kita sesarengan makempal ing papan punika nindakaken shalat idul Adhha kanti berjama'ah. Sedaya siaga nderek dateng komando saking imam. Mekaten ugi kita gesang ing masyarakat mboten benten kados anggen kit jama'ah menika. Minangka makmum siap ndere tutwuri andayani dateng dawuh imam. Menaw imam klentu makmum ingkang paling caket kedal ngemutaken dateng imam

Mekaten ugi shalat led punika ngrupekaken ikra bersama kagem ngengungaken lan ngluhuraken Asma dalem Allah. Sedaya anggadahi teka ngumawula namung dateng Allah kanti ngajeng ajeng karidlan saking ngarsanipun Allah Ta'ala.

الله أكبر الله أكبرُ اللَّهُ أَكْبَرُ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَاللَّهُ أَكْبَرُ

Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah,

Wonten ing dinten punika Allah memerintahkan dateng kita supados nindakaken ibadah Qurban tumrap kita ingkang pinaringan kajembaran rizk Ibadah Qurban, dipun syari'ataken punik minangka sarana taqorrub nyaketaken diri dateng Allah, minangka bukti ketha'atan dateng Allal kanti nglilakaken sak perangan hak milik kita banda kita ingkang arupi hewan ternak mend utawi lembu lajeng kasembelih minangka qurbar Sanes daging menapa dene rahipun khewan qurba ingkang katur dateng Allah, ananging ketha'atar lan ketaqwaan dateng Allah ingkang bade kunju wonten ngarsanipun Allah. Dawuhipun Al Qur'an

لَن يَنَالَ اللهَ لحَوْمُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَكِن يَنَالُهُ التَّقْوَى مِنْكُمْ

"Ora pisan pisan bakal tumeka ing ngarsanipun Allah daging daginge unta lan getike, ananging taqwanira kang bakal nggayuh karidlane Allah". (QS. Al Hajj: 37).

Wondene dagingipun qurban manfa'atipun wangsul dateng sesami, minangka amal sosial. Sahingga syari'at qurban punika anggadahi manfa'at ganda, saking arah hablum minallah minangka kumawula dateng Allah kanti ikhlas, Dene hablum minannas ipun minangka amal sosial ingkang tumanduk dateng sesami.

Saking arah sanes, qurban estunipun ngengetaken manungsa supados giat mbangun ekonomi ingkang sae saha ndidik semangat pribadi lan jiwa ingkang sosial lan tanggap dateng urusan kemasyarakatan Sedayanipun tentu katindakaken kerana Allah lan namung murih dateng karidlanipun. Saking segi sanesipun berqurban punika kinarya srana mediasi nggalang dateng kemanunggalan umat, saha sarana nyaketaken antawis tiyang sugih, lebih luwih, lan ingkang miskin sarwa kekirangan, sahingga mboten wonten garis pemisah antawis kekalihipun.

Menawi estu estu saget nggadahi fungsi mekaten qurban menika, tentu gesangipun manungsa tansah tenang lan ayem tentrem. Tiyang tiyang miskin mboten nate rumaos kesia sia lan ina, malah rumaos dipun tresnani lan dipun welasi, sahingga mboten cemas ngadepi pagesangan punika. Mekaten ugi ingkang sugih mboten nate kuatos dipun drengkeni lan dipun mengsahi dening tiyang miskin. Sahingga mboten nate wonten raos nindes lan nganiaya dateng fakir miskin, malah raos tresna lan welas ingkang tansah tuwuh ing manahipun.

Mekaten ugi sesambetan antawis pemerintah lan ingkang dipun perintah, antawis pendatang lan penduduk asli, sedaya tansah guyup rukun, gesang berdampingan kanti sae mboten nate tuwuh kecemburuan, raos iri lan drengki. Kados ingkang kagambaraken dening Allah ing dawuhipun:

الفَقَرَاءِ الْمُهَاجِرِينَ الَّذِينَ أَخْرِجُوا مِنْ دِيَارِهِمْ وَأَمْوَالِهِمْ يَبْتَغُوْنَ فضْلًا مِنَ اللهِ وَرِضْوَانًا وَيَنْصُرُونَ اللَّهَ وَرَسُولَهُ أُولَئِكَ هُمُ الصَّادِقُونَ

"Tumrape wong wong fekir kang pada hijrah kang di usir sangka desane lan bandane, mung kerana murih kanugerahan lan karidlan sangka Allah, lan wong wong kuwi tansah mitulungi agamane Allah lan utusane.

Ya wong wong kang kaya mengkono kuwi wong kang pada bener". (QS. Al Hasyr: 8).

الله أكبر الله أكبر الله أَكْبَرُ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَاللَّهُ أَكْبَرُ

Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah.

Syari'at ibadah qurban, menika minangka ibadah ngumawula dateng ngarsanipun Allah, lan ugi minangka amal ingkang berfungsi sosial ingkang sanget dipun raosaken manfa'atipun dening para manungsa. Pramila gamblang bilih syariat agami kita punika tansah mbekta dateng keseimbangan antawis perkawis kalih hablum minallah lan hablum minannas, antawis duniawi lan ukhrawi Sahingga para kawulanipun ngraosaken berkah lan faedah ingkang katah ing dinten riyaya punika.

اللهُ أَكْبَرُ وَاللَّهِ الْحَمْدُ

Kita nindakaken ibadah qurban ugi kerana nderek tindak dalem Bapa kita Nabi Ibrahim 'Alaihis salam. Dawuhipun Allah ing Al Qur'an:

أنِ اتَّبِعْ مِلَّةَ إِبْرَاهِيمَ حَنِيفًا وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِينَ

"nderereka sira marang agamane Ibrahim kang lurus, lan Ibrahim iku dudu golongane wong kang pada amyekuthokake" (QS. An Nahl: 123).

Kita nderek tuladanipun Bapa kita Nabi Ibrahim lan sedaya keluarga, garwa lan putranipun. Insya Allah kita kaparingan drajat luhur menggahipun Allah. Kawontenan kita bade langkung sae, manah langkung tentrem, Insya Allah kita bade manggih karaharjan lan kemakmuran. Allah sampun paring pangandika:

مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِنْ ذَكَرٍ أَوْ أُنثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَتَحْيِيَنَّهُ حَيَاةٌ طَيِّبَةٌ

"sing sapa wonge 'amal shalih nindak ake kebecikan, lanang utawa wadon, ing mangka wong iku beriman, mesti wae wong iku tak paringi panguripan kang makmur. (QS. An Nahl 197).

Mugi mugi semangat pangurbanan kanti raos

ikhlas tansah tumanem konjem wonten ing sak lebetipun manah kita sedaya, sahingga kita saget pinaringan kawilujengan, saha kebahagiaan, wusananipun manggih kabekjan lan pikantuk karidlan saking ngarsa dalem Allah swt.

Amiin ya Robbal 'alamiin.

جَعَلَنَا اللَّهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْعَابِدِينَ وَالْفَائِرِينَ وَأَدْ خَلَنَا وَإِيَّاكُم في زمرة عباده الصالحينَ * أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّحِيمِ إِذا أَعْطَيْنَاكَ الكوفر " فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ إِنْ شَانِتَكَ هُوَ الأَبْثَر وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنتَ خَيْرُ الرَّاحِمِينَ

Khutbah Idul Adha #5: Kurban Piwucal Bekti Dumateng Tiyang Sepah

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ ، اللهُ أَكْبَرُ كَبِيرًا وَالحَمْدُ اللَّهِ كَثِيرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيلاً، لا إله إلا الله، والله أَكْبَرُ ، اللَّهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ الْحَمْدُ للهِ الَّذِي جَعَلَ لِلْمُسْلِمِينَ عِيدَ الفِطْرِ بَعْدَ صِيَامٍ رَمَضَانَ وَعْيدَ الْأَضْحَى بَعْدَ يَوْمِ عَرَفَةَ أَشْهَدُ أَنْ لا إلهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ وَأَشْهَدٌ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِينَ أَذْهَبَ عَنْهُمُ الرِّجْسَ وَطَهَّرْ أَمَّا بَعْدُ: فَيَا مَعَاشِرَ المُسلِمِينَ رَحِمَكُمُ اللهُ اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ، قال الله تعالى في القرآن العظيم بسم الله الرحمن الرحيم وقضى رَبُّكَ أَلَّا تَعْبُدُوا إِلَّا إِيَّاهُ وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا

Jamaah Idul Adha rahimakumullah,

Alhamdulillah, monggo kito tansah muji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat iman, islam, saras lan kalodangan, sahingga kita saged nindaki shalat Idul Adha 1446 H sesarengan wonten ing mriki kanthi rahayu.

Shalawat lan salam kito aturaken dhumateng junjungan kito Nabi Muhammad SAW, Nabi panutan kito, keluarganipun, poro sahabat lan poro penderekipun, mugi kito sedoyo kalebet umatipun ingkang pikantuk syafa'atipun ing akhirat samangke Aamiin.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd.

Jamaah Idul Adha rahimakumullah,

Ing dinten kang mulya punika, ngetingalaken peristiwa agung dateng kito sedoyo, nun inggih pengorbanan Nabi Ibrahim AS lan putranipun Nabi Ismail AS. Kados pundi Nabi Ismail AS, sanajan tasih enem, saget ndherek dhawuhipun romoipun kanthi patuh, tanpa nglawan, tanpo protes, malah ngendika:

قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ

"he bapak kulo, supados nindakake nopo ingkang diparintahake marang jenengan.

Insya Allah, jenengan bakal nemokake kulo kalebu wong-wong sing sabar." (QS. Ash-Shaffat 102)

Maknanipun: Nabi Ismail AS nampa perintah Allah liwat Nabi Ibrahim AS tanpo ngeluh, malah kanthi sabar lan ikhlas nurut perintah Allah).

Jamaah Idul Adha rahimakumullah,

Peristiwa punika ngemutaken kito, bilih hubungan anak lan wong tuwa meniko dhasaripun iman lan taat marang Gusti Allah. Nanging sayang, ing jaman sakpunika, kathah tiyang enom utawi remaja ingkang kelangan rasa hormat dhumateng wong tuwané. Kados ta nglawan, ngucap kasar, ninggal sholat, lan ndemek narkoba, tawuran, nglanggar aturan.

Padahal Nabi Muhammad SAW sampun ngendika

رضا الله في رضا الْوَالِدِ، وَسَخَطُ اللَّهِ فِي سَخَطِ الْوَالِدِ

"Ridane Allah ana ing ridane wong tuwa, lan murka Allah ana ing murkane wong tuwa."

(HR. Tirmidzi)

Maknaipun: Allah bakal ridha marang anak yen wong tuwané ridha. Yen wong tuwa duko, Allah uga duko

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd.

Jamaah Idul Adha rahimakumullah,

Idul Adha ngiairake semangat pengorbanan lan taqwa durmateg Allah SWT. Nanging kejawi saka punika, kita ugi sinau babagan pendidikan akhlak anak... Anak-anak kita kaancam dening gadget, media sosial, sesrawungan lan pengaruh lingkungan sing ora becik. Mula, kito para wong tuwa kedah tansah ndidik, nuntun, lan maringi teladan kang apik.

Allah paring dawuh:

وَوَصَّيْنَا الْإِنسَانَ بِوَالِدَيْهِ إِحْسَانًا

"Lan ingsun wus maringi pitutur marang manungsa supaya ngluhuraké wong tuwané kanthi becik." (QS. Al-Ahqaf: 15)

Pramilo poro jamaah, monggo kito gunakake momentum Idul Adha punika kanggé nambah kesadaran anak lan remaja supados uwih berbakti lan hormat marang wong tuwa, nguri-uri ajaran agama, lan adoh saka perbuatan maksiat.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd.

Jamaah Idul Adha rahimakumullah,

Lewat mimbar lan momentum meniko, ugo kita aturaken khususipun dateng poro pemuda pemudi remaja bilih pintu kesuksesan, kamulyan dunya lan akhirat, enten pangkat, rezeki, anak kang sholeh lan sholehah, lan keluargi kang ayem Tentrem nun inggih berbakti marang wong tuwa, utamane nalika wong tuwa sampun sepuh.

Allah SWT ngendika ing Al-Qur'an:

وَقَضَى رَبُّكَ أَلَّا تَعْبُدُوا إِلَّا إِيَّاهُ وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا

"Lan Gusti siro wus marentah supaya siro aja nyembah kejaba marang Deweke lan supaya tumindak becik marang wong tuwamu." (QS. Al-Isra: 23)

Maknane: Allah marentahake menungsa supoyo Ibadah mung marang Panjenengane, lan langsung disambung karo dhawuh supoyo bekti marang wong tuwa

Rasulullah SAW Uga ngendika:

مَنْ سَرَّهُ أَنْ يُمَدَّ لَهُ فِي عُمْرِهِ، وَيُزَادَ فِي رِزْقِهِ، فَلْيَبَرَّ وَالِدَيْهِ، وَلْيَصِلْ رَحِمَهُ

"Sapa wae sing kepengin dipanjangi umure lan diluwehake rejekine, pramilo supados bekti dateng tiyang sepah kaleh lan nyambung tali silaturahmi." (HR

Ahmad)

Tegesipun: Anak kang bekti marang wong tuwa, bakal diparingi berkah umure dawa, rejekine lancar lan uripe berkah. sanajan jaman pun maju lan modern, ajaran bekti marang wong tuwa sampun ngantos ilang. anak kang entuk gelar sarjana, pendamelan, gaji gede, nanging lali kaleh tiyang sepahe. Kadhang malah mboten purun merawat naliko sepuh, bakal nampi urip ingkang susah lan mboten berkah.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd.

Jamaah Idul Adha rahimakumullah,

Mugi kita minongko wong tuwa supados saget nuladani Kanjeng Nabi Ibrahim AS Ingkang tansah sabar, sabar, lan sabar ndidik anak-anak kanthi akhlak lan agami ingkang sae.

Idul Adha punika mboten namung sekadar nyembelih sapi utawi wedhus. Nanging sejatinė yaiku pengorbanan lan taqwa kawujud ing tumindak nyata, kalebu ndidik anak kito sedoyo

Mugi khutbah punika maringi manfaat, lan tansah ngelingake kita sedaya supados mbangun kulawarga kang penuh berkah, putra putri ingkang soleh solihah AAMIIN.

أَعْوذُ باللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ . بِسمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ. وَالْعَصْرِ إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ بارك الله لي ولكمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ وَنَفْعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ, وتقبل منى وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ العليم اللهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ كبيرا وَالْحَمْدُ اللَّهِ كَثِيرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وأصيلاً لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَاللَّهُ وَ اللَّهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ وَاللَّهِ الْحَمْدُ الْحَمْدُ للهِ عَلَى إِحْسَانِهِ وَالشَّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيقِهِ وَامْتِنَائِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لا إله إلا الله والله وحده لا شريكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الدَّاعِي إلى رضوانه اللهُمَّ صَلَّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمْ تَسليمًا كثيرًا أمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ تَكُونُوا عِنْدَهُ مِنَ الْمُفْلِحِيْنَ الْفَائِزِينَ. وَصَلُّوْا وَسَلَّمُوا عَلَى خَاتَمِ النَّبِيِّينَ وَإِمَامِ الْمُتَّقِينَ ، فَقَدْ أَمَرَكُم بذلك الرَّبُّ الكَرِيم فَقَالَ سُبْحَانَهُ قَوْلاً كَرِيمًا: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبي يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا وَأَعْلَمُوْا يَا إِخْوَانِي رَحِمَكُمُ الله أَنَّ يَوْمَكُمْ هَذَا يَوْمُ الْعِيدِ وَيَوْمُ الْفَرَحِ وَالسُّرُورِ، فَاشْكُرُوا الله تعالى بالتكبير والتَّهْلِيلِ إِنَّهُ غَفُورٌ شَكُورٌ، أَللَّهُمَّ صل وسلم على سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِينَ، وَعَلَى أَنْبِيَائِكَ وَرُسُلِكَ ومَلائِكَةِ الْمُقَرَّبِينَ وَارْضَ اللَّهُمَّ عَن الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِينَ آبِي بكر وعمر وعثمان وعلى وعَنْ بَقِيَّة الصَّحابة والتَّابِعِينَ وَتَابِعِي التَّابِعِينَ لَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِينَ اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ وَالمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ الْأَحْيَاءُ مِنْهُمْ والأموات اللهم أعز الإسلام والمُسْلِمِينَ وأذل الشِرْكَ وَالْمُشْرِكِينَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَجَدِيَّة وَانْصُرْ مَنْ نَصر الدينَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِينَ وَ دَمَرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاغْلِ كَلماتك إلى يوم الدين. اللهمَّ ادْفَعْ عَنَّا البَلاء وَالْوَبَاءَ والزلازل والمحن وسوء الفتنة والمحن ما ظهر مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلْدِنَا الدُونِيسِيا خاصةً وَسَائِرِ البلدان المُسلمين عامة يا رَبُّ الْعَالَمِينَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا الْفُسَنَاوَانُ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الخَاسِرِينَ عِبَادَ اللَّهِ! إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ و الْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَ الْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ فَاذْكُرُوا الله الْعَظِيمَ يَذْكُرُكُمْ وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ وَ اللَّهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ

Khutbah Idul Adha #6: Hikmah Riyoyo Qurban

الله أَكْبَرُ الله أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ (9) كَبِيرًا وَلْحَمْدُ الله كَثِيرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيلًا لَا إِله إلا الله بُكْرَةً وَالله أَكْبَرُ الله أَكْبَرَتْ وَاللهِ الْحَمْدُ الْحَمْدُ لله, الحَمْدُ لله الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللهُ، أَشْهَدُ أَنْ لا إله إلا الله وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولَهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ أَمَا بَعْدُ. فَيَا أَيُّهَا الحَاضِرُونَ أَصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ فَقَدْ فَازَ المَتَّقُونَ.

Jama'ah sholat Idul Adha ingkang minulyo. Monggo kito tansah ningkaten taqwa dumateng Allah SWT, taqwa ing ndalem penger-tosan, nindakaken sedoyo perintahipun Allah SWT. Soho nebihi awisan awisanipun Allah SWT. Wonten ing dinten meniko, kita taseh memperingati salah setunggalipun peristiwa penting, inggih meniko sejarahipun perintah qurban, wonten ing peristiwa meniko kathah sanget peristwa peristiwa ingkang saged kita dadosaken pitutur, Allah SWT. sampun dawuh wonten ing Al Quranul Karim:

وَقَالَ إِنِّي ذَاهِبٌ إِلَى رَبِّي سَيَهْدِينِ. رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ. فَبَشَّرْنَاهُ بِغُلَامٍ حَلِيمٍ، فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَى فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ.

"Naliko Kanjeng Nabi Ibrahim hijrah dumateng Negeri Syam, Nabi Ibrahim dawuh: ingsun Arab pindah saking negoro kafir iki, sareng sampun dumugi syam, Nabi Ibrahim nyuwun dumateng Allah SWT, du Gusti Allah pangeran kulo, kulo nyuwun muki panjenengan karso paring anak ingkang sholeh, panyuwunanipun Nabi Ibrahim dipun Ijabah deneng Allah SWT, Allah SWT. paring putra jaler ingkang aris pengalipun, sak ba'dane sang putra yuswo pitung tahun, Nabi Ibrahim as nampi wahyu supados nyembelehi putra nipun, Nabi Ibrahim as, dawuh: Ne anak lanang ingsung, naliko ingsung sare, ingsung ngipi nyembeleh seliramu, coba saiki pikiren kepiye mungguh selorango, lajeng putrane matur: Duh bapak, jenengan kulo aturi nindakaken perintahipun Allah SWT. meniko, InsyaAllah kulon mboten bade mbangkang, ananggeng kulo bade sabar".

Jama'ah Idul Adha ingkang minulyo. Saking keterangan ayat teng inggil, kito saged mundud pitutur inggeh meniko: Ingkang sepindah, Nabi Ibrahim as, estu angge nipun modep mantep pados Ridhonipun Allas SWT, ngantos ngantos maliko dipun dawihi sak supados nyembeleh putra nipun, Nabi Ibrahim as, inggeh pasrah lan ikhlas nderek perintahipun Allah SWT, Ingkan kaping kalih: Kades pundi akhlakipun Nabi Ismail as, padahal rikolo semayen yuswonipun nembe pitung tahun, piyambaipun ikhlas bade dipun sembeleh, pasrah soho sabar, nampi perintahipun Allah SWT.

Jama'ah Idul Adha ingkang minulyo. Sifat sabar, taat lan pasrahi-pun Nabi Ibrahim as lan Nabi Ismail as meniko ingkang kedah kito dado saken teladan, kagem nyikapi dating sedoyo persoalan ingkang kito hadapi teng alam dunio meniko.

أَعُوْذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ

وَالْعَصْرِ. إِنَّ لَإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا

الصَّلِحْتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر,

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ العَظِيمِ. إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ

Khutbah II:

الحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيرًا كَمْ أَمَرَ، فَأَنْتَهُوا عَمَّا نَهَى عَنْهُ وَحَذَرَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ الوَحِدُ الْقَهَّارُ. وَأَشْهَدُ أَنَّمُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ سَيِّدُ الْأَبْرَارِ. أَمَّا بَعْدُ إِخْوَانِي الْكِرَامُ. أَوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ الله تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الكَرِيمِ إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّ عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ. وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ. كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلمُسْلِمِينَ وَ الْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وِ الأَمْوَاتِ اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ العَفْوَ وَ العَافِيَّةَ فِي دِينِنَا وَ دُنْيَايَا وَأَهْلِنَا وَ مَالِنَا رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الوَهَّابُ رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.عِبَادَ اللَّهِ إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَ الْمُنْكَرِ وَ البَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوا اللهَ يَذْكُرْكُمْ وَ سَتَلُوهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.

Khutbah Idul Adha #7: Makna Qurban dalan Kehidupan

اللَّهُ أَكْبَرُ (3) اللهُ أَكْبَرُ (3) اللَّهُ أَكْبَرُ (3) اللَّهُ أَكْبَرُ كَبِيرًا وَالْحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيلاً، لا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ وَاللَّهِ الْحَمْدُ

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي جَعَلَ لِلْمُسْلِمِينَ عِيدَ الفِطْرِ بَعْدَ صِيَامٍ رَمَضَانَ وَعْيدَ الْأَضْحَى بَعْدَ يَوْمِ عَرَفَةَ اللَّهُ أَكْبَرُ (3) أَشْهَدُ أَنْ لا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ لَهُ الْمَلِكُ العَظِيمُ الْأَكْبَرُ وَأَشْهَدٌ أَنَّ سَيِّدَنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِينَ أَذْهَبَ عَنْهُمُ الرِّجْسَ وَطَهَّرُ

أَمَّا بَعْدُ: فَيَأَيُّهَا الإِخْوَانِ، أَوْصَيْكُمْ وَ نَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ قَالَ اللَّهُ تَعَالَى فِي القُرْآنِ الكَرِيمُ : أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَانِ الرَّحِيمُ: إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْأَبْتَرُ صَدَقَ اللَّهُ الْعَظِيمُ

Kaum Muslimîn dan Muslimat Rahimakumullah

Ing ndalem suasana bebungah ngrayakaken dinten riyadin Idul Adha 1446 H, kito sami wangsul kempal sareng-sareng ing papan meniko melantunkan takbir lan tahmid dados ungkapan raos syukur soho matur nuwun kito wonten ngarso dalem Allah SWT, kito ngagungaken lan muji asma Allah, pengeran ingkang Moho Agung lagi Moho pengasih lan Moho Penyayang.

اللَّهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ، وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

Kelawan menghayati kalimat takbir lan tahmid meniko, kito sedoyo ngraosaken bilih kito niki alit, kerdil lan lemah sanget dados manungso naliko ningali kebesaran soho kekuasaanipun Allah SWT.

Mila ing kesempatan meniko sumonggo kito tingkataken taqwa lan ketaatan kito dhateng Allah ta'ala kaliyan senantiasa ngelampahi perintah-ipun, soho nilaraken sedoyo larangan-ipun.

Mekaten ugi, sedoyo arogansi kesombongan, kepongahan, ketakaburran, jabatan, kedudukan lan banda, sumonggo kito sisihaken, amargi sedoyonipun semu mboten abadi, sami kaliyan kefanaan semesta alam meniko.

Kaum muslimín lan muslimat rahimakumullah

Dinten meniko kito ngemut-emut peristiwa sejarah ingkang agung nglibataken kalih tiyang Rasulallah ingkang tetep dikenang sepanjang jaman.

Kala Nabi Ismail as sampun umur remaja, sang bapa, inggih meniko Nabi Ibrahim as, angsal perintah langsung saking Allah lewat mimpi bilih piyambakipun kedah mengurbankan Ismail putro kesayanganipun.

Tamtu, wonten konflik batin ingkang bergejolak ing dhiri Nabi Ibrahim antawis katresnan dhateng putro lan ketaatan ngelampahi perintah Allah SWT. Nanging, tresnanipun dhateng Allah langkung ageng tinimbang tresnanipun dhateng putro, garwo, bondo lan materi donyo sanesipun.

Kangge nglampahaken perintah Allah, Nabi Ibrahim as ngajak putronipun musyawarah dados wujud komunikasi antawis sang bapa kaliyan putro. Hal meniko dalam rangka mbina ikatan batin welas asih, ketaatan lan kepatuhan. Dialog meniko dipun serat dhateng Al Qur'an kelawan tembung ingkang indah sanget:

يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَى فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَىٰ

"Hai anakku sabenere aku weruh jero ngimpi menawa aku menyembelihmu. Mula fikirkanlah apa pendapatmu!"

"wahai lare kandungipun kulo, sibiran balung cahaya mripat lan buah pamanah kulo! Saestunipun bapa sumerep lebet supena menawi kulo badhe menyembelihipun sampeyan. mila pamanahaken lah menopo ingkang badhe dados keputusanmu".

Ismail dados lare ingkang soleh, patuh lan taat dhateng tiyang sepuh ingkang sampun ngedalaken lan ngerumat piyambaipun, mangsuli:

يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ

"Wahai Bapaku, estokaken menopo ingkang sampun Allah perintah dhateng panjenengan. Insya Allah, panjenengan bakal ningali piyambak bilih kulo termasuk golongan tiyang-tiyang kang sabar." (QS. Ash Shoffat: 102)

Lebeting peristiwa ingkang mengharukan sanget lan ing detik-detik ingkang dramatis meniko, ndadak Allah nebus Ismail kaliyan setunggal mendo ageng ingkang dipunbekta dening malaikat

وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيمٍ

"Lan kito tebus dheweke yaiku Ismail karo siji sembelihan kang gedhe". (QS. Ash Shoffat: 107)

Kaum muslimîn lan muslimat rahimakumullah

Menurut naluri lan pikiran tiyang lumrah, menopo ingkang dipun-gelar Nabi Ibrahim as. ing lebeting panggung sejarah manungso inggih meniko perkawis ingkang susah sanget dipuntampi, ananging kagem keluwargo Nabi Ibrahim as hal meniko termasuk setunggaling kewajiban kangge dipunlampahaken.

Sikap kados meniko lah ingkang nunjuk-aken jati dhiri Nabi Ibrahim as. sehinggo dianugerahi dening Allah dados al Khalil, Imam, teladan lan idola. Kehormatan kasebat mboten mungkin dipun-gayuh tanpo dipundampingi dening garwo ingkang salihah lan putro ingkang saleh.

اللَّهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ، وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

Kaum muslimin muslimat, rahimakumullah

Qurban disyariatkan kangge ngemutaken manungso bilih jalan tumuju kebahagiaan mbetahaken pengobanan lan keikhlasan. Sifat-sifat kebinatangan ingkang sering nguasai badan kito kedah ditunduk-aken soho dipunbucal tebih-tebih. Hikmah meniko lah ingkang dipunwucal lebeting berqurban, kados lebet Firman Allah SWT. QS. al-Hajj 37:

لَنْ يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَىٰ مِنْكُمْ كَذَلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ لِتُكَبِّرُوا اللَّهَ عَلَى مَا هَدَاكُمْ وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِينَ

"Daging-daging unto lan getihe iku sapisan-pisan ora biso nggayuh (keridhaan) Allah. nanging ketakwaan soko dhewekelah kang biso nggayuh. Mengkonolah Allah wis nundukno kanggo siro supoyo siro ngagungke Allah karo hidayah-e marang siro. Lan wenehono kabar seneng marang wong-wong kang tumindak apik." (QS. al-Hajj: 37)

Mugi-mugi, kito sami saged mendhet wucalan saking peristiwa Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail 'alaihimasalam soho dipunparingi kemampuan kangge saged nglampahaken kurban ing warsa meniko utawi ing tahun-tahun salajengipun. Amiin.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ العَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةٍ وَذِكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ العَلِيمُ، وَأَقْوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأَسْتَغْفِرُ اللَّهَ العَظِيمَ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمِ

Khutbah II:

اللَّهُ أَكْبَرُ (3) اللَّهُ أَكْبَرْ (4) اللهُ أَكْبَرُ كَبِيرًا وَالْحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيرًا وَسُبْحَانَ اللَّهِ بُكْرَةً وَأَصِيلاً، لا إله إلا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ وَاللَّهِ الْحَمْدُ

الْحَمْدُ لِلَّهِ عَلَى إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيقِهِ وَامْتَنَائِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَاللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي إِلَى رِضْوَانِهِ اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمْ تَسْلِيمًا كَثِيرًا

أَمَّا بَعْدُ فَيا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللهَ فِيمَا أَمَرَ وَانْتَهُوا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرِ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَى بِمَلا نِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعَالَى إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِي يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلَّمُوا تَسْلِيمًا. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ، إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ، إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ الْأَحْيَاءُ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِينَ وَأَذِلَّ الشَّرْكَ وَالْمُشْرِكِينَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحَدِيَّة

وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِينَ وَ دَمْرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّينِ

اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا البَلاءَ وَالْوَبَاءَ وَالزَّلازِلَ وَالمِحَنَ وَسُوْءَ الْفِتْنَةِ وَالْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيًا خاصَّةً وَسَائِرِ البُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً يَا رَبَّ العَالَمِينَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ

عباد الله: إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَىٰ وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُ ونَفَاذْكُرُوا الله العَظِيمَ يَذْكُرْكُم، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُم، ولذكر الله أكبر

Itulah 7 teks khutbah Idul Adha 2026 bahasa Jawa lengkap dengan doa pembuka dan penutup yang bisa detikers gunakan. Semoga bermanfaat!

Artikel ini ditulis oleh Desi Rahmawati peserta Program MagangHub Bersertifikat dari Kemnaker di detikcom



(num/dil)

Anda menyukai artikel ini

Artikel disimpan

Berita Terkait

 

 

 

 

 

 

 

 

Belum ada komentar.
Jadilah yang pertama berkomentar di sini

Hide Ads