Dalam tradisi pernikahan adat Jawa, kehadiran pranatacara atau MC berbahasa Jawa menjadi bagian penting yang tak terpisahkan. Pranatacara adalah sebutan dalam bahasa Jawa untuk seseorang yang bertugas sebagai pemandu acara atau Master of Ceremony (MC).
Peran ini sangat vital, karena bertanggung jawab untuk mengatur alur dan suasana acara agar berjalan tertib, hikmat, dan sesuai dengan adat istiadat yang berlaku. Mengingat pentingnya peran pranatacara dalam menjaga kelancaran dan keagungan suatu acara, khususnya pernikahan, maka memiliki referensi teks yang tepat sangatlah membantu.
detikJatim merangkum beragam contoh teks pranatacara pernikahan dalam bahasa Jawa yang dapat dijadikan inspirasi atau panduan. Teks-teks ini disusun dengan gaya bahasa yang halus, tidak bertele-tele, serta mengikuti kaidah kebahasaan Jawa yang baik dan benar.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Contoh Teks Pranatacara Nikahan Bahasa Jawa
Agar dapat memandu acara dengan lancar, seorang pranatacara membutuhkan teks susunan acara berbahasa Jawa yang sudah disusun dengan cermat. Teks ini berfungsi sebagai pedoman atau skrip saat membawakan acara, mulai dari pembukaan hingga penutupan.
Dalam konteks pernikahan adat Jawa, teks pranatacara biasanya berisi salam pembuka, sambutan kepada tamu undangan, susunan prosesi pernikahan, serta penutup yang sopan dan penuh makna.
Contoh Teks Pranatacara Nikahan Adat Jawa 1
Assalaamualaikum Wr. Wb.
Kawilujengan, rohmat, saha berkahipun Gust Kang Murbeng Dumadi mugi tansah tumedhak lan kasarira wonten ngarsa panjenengan sedaya.
Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang pantes sinudarsana saha ingkang tansah kinabekten.
Para priyagung, para pangemban pangembaξng praja, para satriyaning nagari, ingkang minangka pangayomaning kawula dasih saha ingkang tansah binektenan.
Para dwija, para alim ulama, para paranpara ingkang minangka pandam pandoming dumadi, tansah dikir wonten ngarsa dalem Allah S.w.t., lan sumandhing wahyu Ilahi kitab suci.
Para ingkang sami rawuh kakung miwah putri, dalah para lenggah ingkang kinurmatan.
Mangga sesarengan sami ngonjukaken puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Mahawicaksana, amargi ing siang/dalu menika panjenengan sedaya tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan, saha tansah linuberan ing sih nugrahanipun.
Satemah saged rawuh wonten dalemipun/griyanipun Bapak/Ibu Supani ingkang saperlu aminangkani menapa ingkang dados pamundhuξpun Bapak/Ibu Supani.
Inggih menika hanjenengi, angestreni, saha paring puji pandonga dhumateng Bapak/ Ibu Supani sagotrah, ingkang ing siyang menika kagungan gadhah kersa angemah-emahaken/malakramakaken putra putrinipun ingkang sesilih Rara Ita Sunita kaliyan Bagus Priyo Sambodo dhaup putra kakungipun Bapak/Ibu Fajar Nugraha.
Wondene ijabing penganten kekalih awit tansah pikantuk berkahipun Gus Ingkang Maha Agung Wondene ijabing penganten kekalih awit tansah pikantuk berkahipun Gusti Ingkang Maha Agung Kalidawir kanthi kalis ing sambekala.
Para ingkang sami rawuh kakung miwah putri ingkang tansah kinabekten, awit titilaksana lumampahing pawiwahan/pahargyan sampun ndungkap, pramila keparengan kula ingkang minangka pambiwara badhe angaturaken rerantaman lampahing adicara ing siyang punika.
Contoh Teks Pranatacara Nikahan Adat Jawa 2
Tuladha Atur Pambagyaharjo
Assalamu'alaikum warahmatullahi wa barakatuh.
Rumentahing puja hastawa saking Ngarsa Dalem Alloh SWT ingkang Maha Asih, mugi tansahkasajiwa kasarira dening panjenenganipun para rawuh kakung sumawana putri ingkang dhahatkinurmatan,
Nuwun,
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggungmastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinunhi, para pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkangsinuba ing pakurmatan, para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenanghanampi wahyuning kasutaman ingkang satuhu bagya mulya.
Nun inggih, brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para purna karya label prajaingkang mahambeg luhuring darma, para alim ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhingKitab Suci wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi, panjenenganipun para satya wreda, carana madya, para tamu kakung suwana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.
Mradapa awit saking keparengipun Bapak Prasetya MarselinoHadi sakaliyan garwa, kulaingkang kapitedhah sinaraya hambuka wiwaranging suka, wenganining wicara, dwaraningkandha pinangka jejering pambiwara, ngaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampunrinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika.Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, kepareng atur uninga menggah reroncening adicarasakmangke.
1. Pambuka.
2. Waosan Kitab Suci Al Quran.
3. Pasrah calon penganten kakung.
4. Tampi pasrah calon penganten kakung.
5. Ijab qobul nikahipun putra calon temanten.
6. Sumene
7. Penutup
Makaten urut reroncening adicara ingkang rinancang saha rinakit dening kulawarga.
Para lenggah,
Adicara ingkang angka sepisan sampun kaleksanan. Tataran ingkang angka kalih punika waosan Kitab Suci Al-Qur'an dening sedherek Dhea Imut
Dhumateng panjenenganipun sedherek Dhea Imut kula sumanggakaken.
Matur nuwun dhumateng panjenenganipun sedherek Dhea Imut.
Mugi-mugi amal kesaenan panjenengan katampi dening Allah SWT, saha pikantuk ganjaran pahala ingkang matikel-tikel.
Sampun paripurna titlaksana pasrah tinampining risang calon penganten kakung.
Laksitaning gati salajengipun nun akad nikah risang calon penganten kekalih. Dhumateng Bapak Naib saha parapara ingkang hanawung kridha tumapaking adicara akad nikah, sumangga.
Para rawuh ingkang tuhu kinabekten.
Mekaten adicara suci nikahipun Nakmas Bagas Triambodo Marsio kaliyan Nakajeng Ristanti Amalia Marselino Hadi sampun kalaksanan kanthi raharja nir ing sambekala. Agunging panuwunan ingkang tanpa pepindhan katur dhumateng panjenenganipun Bapak Naib sakkadang.
Para rawuh kakung suwana putri ingkang minulya. Saking keparengipun Bapak Prasetya MarselinoHadi sakaliyan, panjenengan sedaya kasuwun keparenga lelenggagan malih kanthi mardikanipun penggalih, hanjenengi lampahing adicara ngantos dumugi purnaning gati.
Mbok bilih taksih wonten ayahan ingkang kedah karampungaken. Bapak saha Ibu Prasetya MarselinoHadi namung saged handherekaken jengkaripun saking wisma upacara punika.
Matur nuwun
Bapak-Bapak, Ibu-Ibu, tuwin para rawuh ingkang minulya. Lumadosing pasugatan prasajaingkang katur wonten ngarsa panjenengan sami punika, minangka cihnaning raos syukuripunBapak saha Ibu Sella dene sampun saged kalaksanan ing sedya netepi darmaning asepuh. Pramila sumangga keparenga tumunten angrahapi kanthi mardikaning penggalih. Sumangga. Nuwun.
Para rawuh ingkang tuhu kinabekten. Atur uninga, bilih sapunika sampun dungkap paripurnaning adicara. Nugraha saha sih wilasa dalem Allah SWT andayani lampahing upacarasaking purwa, madya dumugi swasana, pinaringan wilujeng kalis saking rubeda, kalis sakingsambekala.
Minangka pratandha raos panuwun sumangga sesarengan asung puji syukur konjuk ngarsa dalem Allah SWT, wonten pungkasaning adicara ing kalenggahan punika. Sumangga kula dherekaken.
Alhamdulillahi rabbil'alamin.
Cekap matur nuwun.
Bapak-Bapak, Ibu-Ibu, tuwin para tamu kakung miwah putri ingkang minulya, mbok bilih BapakPrasetya sekaliyan anggenipun ngacarani rawuh panjenengan sami kirang mranani penggalih, lananggenipun atur palenggahan saha pasugatan kirang murwat, mawantu-wantu panyuwunipun Bapak saha Ibu. Sella keparenga panjenengan sedaya paring pangaksama ingkang agung.
Konduripun para tamu, Ibu Sella sekaliyan namung saged nderekaken kasugengan.
Kula ingkang nindakaken ayahan minangka paranatacara, mbokbilih wonten atur saha patrap ingkang mboten ndadosaken sarjuning penggalih, inggih awit saking taksih cupeting saha cubluking seserepan kula ing reh subasito, basa tuwin sastra, kula namung tansah tumadhah paringipun pangaksama.
Wasana sugeng kondur, sugeng pepisahan, mugi-mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.
Nuwun matur nuwun.
Kasuwun dhumateng panganten sarimbit, Bapak ... sekaliyan saha Bapak Ibu, keparenga jengkar saking wisma upacara, lajeng jumeneng wonten sangajengipun wiwara, asung pakurmatan konduripun para tamu kanthi jawat asta.
Sumangga, nuwun.
Alhirul kalam, billahittaufiq wal hidayah
Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh Teks Pranatacara Nikahan Adat Jawa 3
Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Bismillahi rahmani rahim. Alhamdulillahi rabbil alaamin.
Hadlrotal Muhkarromin Poro Alim Ulama' poro Kyai ingkang sinatuhu dahat kinurmatan.
Hadlrotal Muhkarromin Poro Alim Ulama' poro Kyai ingkang sinatuhu dahat kinurmatan.
Mboten kesupen dumateng Sohibul bait ibu Rukaton sakeluargo ingkang kawulo mulyaaken
Agunging raos syukur dumateng ngarsonipun Allah SWT. Ingkang sampun paring rahmat, hidayah, soho kanikmatan dumateng kulo lan panjenengan sami
Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.ingkan kito tenggo syafa'at ipun benjang wonten ing dinten qiyamat.
Poro rawuh ingkang kawulo hormati,Kawulo wonten mriki bade ndereakaen runtuting adicoro ingkang sampun karancang, inggih meniko;
Titiadicoro ingkang sepisan, Pambuko
kalajengaken engkang ongko kalih, waosan ayat suci al-Qur'an
Kalajengaken engkang ongko tigo, aqdun nikah
adicoro ingkang ongko, sekawan atur pambagyoharjo
Adicoro ingkang ongko gangsal, penutup
Keparengo pranoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul fatihah, Liridloillah.......
Kalajengaken adicoro ingkang ongko kalih, inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al-Qur'an ingkang bade kaastha dening bapak (joni adi fitrah),
dumateng panjenenganipun bapak (joni adi fitrah) wekdal soho panggenan kulo sumanggaaken
(pembacaan ayat Al-Qur'an)
Dumateng panjenengan ipun kaaturaken agunging panuwun
Kalajengaken adicoro ingkang ongko tigo, inggih meniko aqdun nikah, dumateng petugas sakeng KUA, wekdal soho panggenan kawulo sumanggaaken
Kalajengaken adicoro ingkang ongko sekawan inggih meniko atur pambagyo pinongko pasrah temanten putro,dumateng panjenenganipun bapak (nur shodin) wekdal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Dumateng panjenengan ipun kaaturaken agunging panuwun
(Pasrah Manten)
adicoro sak lajeng ipun Inggih meniko atur pinampining penganten putro, dumateng panjenengan ipun bapak (khasan khoironi), wekdal soho panggenan kulo sumanggaaken
Dumateng panjenenganipun Kaaturaken Agunging panuwun
Kalajengaken adicoro ingkang ongko gangsal inggih meniko penutup, monggo kito tutup adicoro kanti waosan surotul fatihah alaniyah alfatihah
kawulo minangkani pambiworo adicoro anggenipun andereaken lampahing adicoro wiwit awal dumugi akhir katah kekirangan, kawulo namung tumadah lumebering sih samudra pangaksami.
Akhirul kalam Wassaalamu alaikum Wr. Wb.
Contoh Teks Pranatacara Nikahan Adat Jawa 4
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Alhamdulillahilladzi akhallannikah wa kharramashshifah, Washsholatu Wassalamu 'ala sayyidina muhammadin wa'ala alihi washohbihi ajma'in, amma Ba'du.
Engkang tuhu kinabekten poro sepuh lan pinisepuh. Dhumateng poro alim ulama' khususipun Simbah Kyai Haji Tolchah ingkang tansah kulo ta'dzimi. Penganten sarimbit soho pengombyong saking dusun Dompelan ingkang kawulo hormati. Sedoyo tamu undangan, poro pilenggah ingkang kawulo hormati.
Langkung rumiyin kito tansah muji syukur dhumateng Alloh SWT ingkang sampun maringi mapinten-pinten kenikmatan sehinggo wonten siang meniko kito waget makempal wonten acara walimatul 'urusy ingkang mugi-mugi ndadosaken berkah dumateng kito sedoyo umumipun lan berkah dumateng penganten kekaleh khususipun.
Sholawat lan salam kito aturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang kito tenggo-tenggo Syafa'atipun wonten yaumul qiyamah mbenjang.
Hadirin ingkang kawulo hormati,Kawulo wonten mriki bade ndereakaen runtuting adicoro ingkang sampun karancang, inggih meniko;
Titilaksono ingkang sepisan, Pambuko
kalajengaken engkang urut kalih, waosan ayat suci al-Qur'an
Wondene adicoro ingkang ongko, tigo atur pambagyoharjo
Adicoro urut ongko sekawan, atur pasrah penganten putri
Wondene adicoro ongko gangsal, atur penampining pinanganten putri
Adicoro ingkang ongko enem, sabdo tomo soho do'aipun
Adicoro ingkang urut pitu, penutup
Pramilo ngengeti wekdal ingkang sakwetawis sonten, monggo kito bikak sareng-sareng kanti waosan Ummul Kitab.Liridho'illa Wa lissyafa'ati Rasulillah, Alfatihah...
Maturnuwun atas waosan Al-Fatihah, mugi-mugi dados lancaripun acara siang meniko.
Acoro ingkang ongkong kalih inggih meniko waosan ayat suci al-Qur'a, ingkang bade kaastho dening Bapak Koderi. Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken.
Maturnuwun atas waosan Al-Fatihah, mugi-mugi dados lancaripun acara siang meniko.
Acoro ingkang ongkong kalih inggih meniko waosan ayat suci al-Qur'a, ingkang bade kaastho dening Bapak Koderi. Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken.
..........................................
Shodaqollahul 'adzim, mugi-mugi waosan ayat suci al-Qur'an dados berkah dhumateng pewaos lan lumeber dhumateng kito sedoyo.
Adicoro ingkang urut ongko tigo atur pambagyoharjo ingkang badhe kaastho dening bopo kyai mahmud, dhumateng Bopo Kyai Mahmud kawulo sumanggaaken,
........................................
Mekaten, kawulo aturaken matursuwun.
Menggah adicoro ingkang ongko sekawan, atur pasrah penganten putri. Dhumateng ingkang mewakili kawulo aturaken.
..................
Dhumateng panjenenganipun kawulo aturaken matursuwun.
Adicoro selajengipun atur penampining penganten putri ingkang badhe kaastho panjenenganipun bapak kepalasa desa Ngadirejo. Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken.
..................
Matursuwun kawulo aturaken.
Adicoro selajengipun skors, dhumateng rencang-rencang juru ladi kawulo sumanggaaken.
..................
Ngancik adicoro ingkang urut ongko enem, sabdo tomo ingkang badhe dipun astho Simbah Kyai Haji Tolchah.
Dhumateng Simbah Kyai Haji Tolchah kawulo sumanggaaken soho dipun suwun do'aipun.
...................
Mekaten atur pangendikan saking simbah Kyai Haji Tolchah, kawulo aturaken matursuwun.
Ngancik adicoro ingkang terakhir penutup. Hananging sakderengipun kito tutup, dhumateng pinanganten sarimbit kawulo suwun jengkar saking panggenan tinuju pintu keluar, sakperlu maringi kasempatan dhumateng poro tamu ingkang badhe jawat astho ugi nyuwun tambahing do'a restu.
Mekaten runtuting adicoro ingkang sampun kalampah,monggo sareng-sareng kito tutup pahargyan wonten siang meniko kanthi waosan tahmid, kawulo dereaken Alhamdulillahi rabbil 'alamin.
Saking kawulo anggenipun ndereaken acoro, mbok bilih kawulo anggenipun matur kathah sasar susur ingkang mboten mranani wonten penggaleh panjenengan sedoyo, kawulo nyuwun agunging samudro pangaksami.
Cekap semanten, kawulo akhiri,
Wassalamualaikum Wr Wb
Contoh Teks Pranatacara Nikahan Adat Jawa 5
Assalamualaikum Wr. Wb
Lumintuning Puja Astawa dhumateng Gusti ingkang Hamurbeng Rat, satemah hambabar daya pangaribawa ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih, cihna ing kaludangan menika panjenengan sedaya lan kula taksih saget nyawiji, manunggal wonten ing papan menika kanthi rahayu wilujeng nir ing sakoro-koro.
Awit saking menika sumangga panjenengan sedaya lan kula ngunjuaken suka syukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Wicaksana sinartan nyenyuwun mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa, madya, dumugi wasana samangke saget lulus raharja, gancar rancak tinebehna saking sedaya pambeng nir ing sambekala.
Nuwun dhumateng para rawuh ingkang satuhu kinormatan para sepuh pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur para purna karya labet praja sarta sarjana sujananing budi
boten katalumpen dhumateng para kadang wreda muda taruna ingkang winantu ing kabagyan.
Keparengna kula sowan wonten ing ngarsa panjenengan sedaya ing ngriki minangka hangemban dawuh saking pamangku gati nun inggih Bapa...(yang punya hajat, misal: Bapak Gino).....piniji mratitisaken pahargyan prasaja dhaupanipun Nimas Ayu...(nama pengantin putri, misal: Iwes Nu S.Pd)...ingkang ari menika jinatu krama dening Dhimas Bagus ..... (pengantin putra, Den Lebas S.Hum) atmaja putranipun Bapak...(nama besan, misal: Atmaraja) ingkang mijil saking laladan (nama desa besan, misal: Pedalangan Tembalang Semarang).
Para Rawuh kakung putri ingkang winengku ing pakurmatan, hamurwakani lekasing sedya wigatosing gati, keparengna langkung rumiyen kula aturaken urut rantamaning adicara ingkang sampun rinumpaka dening keluarga ingkang hamangun suka. Ewondene adicara ingkang badhe lumadi nun inggih, angka kaping:
1. Pambuka
2. Mijilipun temanten putri
3. Praptaning temanten kakung
4. Pasrah-tampi
5. Panggih
6. Krobongan
7. Mapak besan
8. Sungkeman
9. Photo temanten
10. Pambagya harja
11. Panutup/purna
Mekaten para rawuh menggah urut rantamaning adicara wonten ing wedhal menika, ingkang saklajengipun, keparenga panjenengan sedaya kesdu hangestreni tumapaking gati kanthi suka renaning penggalih dumugi paripurnaning adicara samangke.
Nuwun, wasssalamualaikum Wr Wb
Itu dia detikers lima contoh teks pranatacara bahasa Jawa untuk acara pernikahan.
(ihc/irb)