Pranatacara merupakan sebutan bagi seseorang yang bertugas memandu jalannya acara dalam bahasa Jawa. Berikut ini sederet contoh teks pranatacara untuk referensi.
Terdapat ragam acara yang biasa dibawakan pranatacara. Mulai dari acara pernikahan, perpisahan sekolah, acara keagamaan, dan masih banyak lagi yang lainnya. Baik itu bersifat formal maupun nonformal.
Struktur Teks Pranatacara:
1. Salam pembuka
Salam pembuka yaitu bagian yang berisi ucapan salam kepada para tamu undangan di acara tersebut.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
2. Pembuka
Pembuka yaitu bagian yang berisi kalimat pembuka sebagai bentuk penghormatan kepada siapapun, yang telah hadir dalam acara sekaligus ucapan syukur kepada Tuhan Yang Maha Esa.
3. Isi
Isi yaitu bagian yang berisi susunan acara. Mulai dari pembuka, hingga penutup suatu acara.
4. Penutup
Penutup yaitu bagian yang berisi ucapan terima kasih dan permohonan maaf kepada siapapun yang telah hadir dalam acara.
Baca juga: 5 Contoh Teks Pranatacara untuk Referensi |
![]() |
Contoh Teks Pranatacara:
1. Contoh Teks Pranatacara Perpisahan Sekolah
Assalamualaikum warahamatullahi wabarakatuh.
Bapak/Ibu Kepala Sekolah (...) ingkang kinurmatan.
Bapak/Ibu guru saha karyawan/karyawati ingkang kula urmati.
Lan para kanca-kanca ingkang kula tresnani
Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampung kepareng paring kanugrahan lan kasrasan saengga kula lan panjenengan sedaya saget makempal wonten ing wanci menika. Ingkang titiwanci menika kula dados pranatacara badhe ngaturaken susunan aducara inggih menika:
1. Atur pambuka
2. Atur pangandikan saking ketua kelas 12
3. Pentas seni kelas 10 lan kelas 11
4. Atur perpisahan saking wali kelas 12
5. Atur pangandikan saking Kepala Sekolah (...)
6. Panutup
Adicara kaping satunggal inggih menika pambuka.. Monggo kula lan panjenengan sedaya kanthi maos waosan basmallah sesarengan. Bismillahirrahmanirrahim. Matur suwun.
Adicara kaping kalih inggih menika pangandikan saking ketua kelas 12. Dhumateng ketua kelas 12 kula semanggaken. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pentas seni tari saking kelas 10 lan kelas 11 kula sumanggaken. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur perpisahan saking wali kelas 12. Dhumateng wali kelas 12 kula sumanggaken. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika atur pangandikan saking Kepala Sekolah (...). Dhumateng Bapak/Ibu Kepala Sekolah, kula sumanggaken. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping enem inggih menika panutup. Monggo kita pungkas adicara ing siang menika kanthi waosan hamdallah sesarengan. Alhamdulillahirabilalamin. Matur suwun.
Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksama dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen kula matur. Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula. Pungkasaning atur.
Wassalamualaikum warahamatullahi wabarakatuh.
2. Contoh Teks Pranatacara Pengajian
Assalamualaikum warahamatullahi wabarakatuh.
Bissmilllahirrahman nirrahim. Assola tuwasala mu'ala asrofil anbiya'i wal mursalin. Wa'ala alihi wa sohbihi ajma'in. Ama ba'du.
Khadrotil muhtaromin, dumateng poro alim, poro ulama, poro kyai, poro haji hajjah, poro ustadz ustadzah Ingkang kawulo hormati, wabil khusus dumateng panjenenganipun Bapak/Ibu (...) ingkang kito mulyaaken lan kito tenggo-tenggo punopo ingkang dados fatwa soho nasihatipun.
Dumateng panjenenganipun Bapak/Ibu (...) selaku (...) ingkang kawulo hormati.
Dumetang penjenenganipun Bapak/Ibu (...) selaku kepala Desa beserta perangkatnya ingkang kito hormati.
Hadirin-hadiro Rohimakumullah.
Sepindah monggo kito tansah muji syukur dumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten2 kenikmatan dumateng kito, salah setunggalipun nikmat iman lan islam, sehinggo kito taseh saget bertatap muka, bermuwajahah, bersilaturrakhim dalam kegiatan Pengajian (...) ingkang mboten wonten alangan setunggal punopo, kanti ngucap Alhamdulillahirobbil alamin.
Kapeng kalihipun, sholawat soho salam mugio katur deneng Nabi Muhammad SAW, mugi2 kanthi kito ngrawuhi acara meniko saget dadosaken kito termasuk umat ingkang angsal syafaatipun, aamiin aamiin yaa robbal alamin.
Hadirin-hadirot rohimakumullah
Sak derengipun acara kito bukak, kawulo minangkani pranotocoro bade maosaken acara-acara ingkang bade kalampah meniko.
1. Acara ingkang sepindah, pembukaan
2. Acara ingkang kaping kalih, waosan ayat-ayat suci al qur'an
3. Acara ingkang kaping tigo, prakata panitia
4. Acara ingkang kaping sekawan, sambutan-sambutan
5. Acara ingkang kaping gangsal, istirahat
6. Acara ingkang kaping enem, mauidloh khasanah sekaligus do'a
7. Acara ingkang kaping pitu-penutup.
Monggo kito bikak acara meniko kanthi waosan Ummul Kitab.
Liridho'illa Wa lissyafa'ati Rasulillah, Alfatihah...
Matur nuwun, mugi-mugi kanthi waosan meniko, saget dadosaken lancaripun acara meniko, Aamiin Yaa Robbal Alamin.
Acara ingkang nomer kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al Qur'an, ingkang bade di waos deneng Bapak/Ibu (...), dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.
Dumateng penjenenganipun, kawulo aturaken maturnuwun. Mugi-mugi saget mempertebal iman lan taqwa dumateng Gusti Allah SWT.
Acara ingkang nomor tigo, inggih meniko prakata panitia, ingkang bade dipun sampeaken deneng Bapak/Ibu (...) dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.
Dumateng penjenenganipun kawulo aturaken maturnuwun.
Acara ingkang selajengipun, sambutan-sambutan
Sambutan ingkang sepindah, saking Ketua Majelis. Dumateng penjenenganipun Bapak/Ibu (...) kawulo summanggaaken.
Matur nuwun kawulo sampeaken.
Sambutan ingkang nomer kaleh, saking Kepala Desa (...), Dumateng Panjenenganipun Bapak/Ibu (...) kawulo summanggaaken.
Matur nuwun kawulo aturaken.
Acara selajengipun, inggih meniko istirahat. Kangge ngisi wekdal istirahat, dumateng tampilan (...)
Istirahat kawulo cekapaken.
Acara ingkang terakhir inggih meniko mauidloh khasanah, ingkang bade dipun asto deneng Bapak/Ibu (...) saking Harjowinangun Tersono. Dumateng penjenengaipun wekdal sepepnuhnya kawulo summanggaaken.
Maturnuwun kawulo aturaken, mugi-mugi punopo ingkang sampun dipun aturaken meniko, saget bermanfaat.
Saking kawulo minangkani pranotocoro, sedoyo kekhilafan lan kesalahan kawulo nyuwun agunging pangapunten.
Akhiron, Wallahul Muwaafiq Iaa Aqwamith Thoriq
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
3. Contoh Teks Pranatacara Khitanan
Assalamualaikum warrahmatullahi wabarakatuh
Kawilujengan, rohmat, saha barokahipun Gusti Allah SWT. ingkang Mahakuwaos mugi tansah tumedhak saha kasarira kita sedaya ingkang sami rawuh ing dalu menika.
Alhamdulillaah wa syukurillaah wa nikmatillaah, la haula walaa quwatta illa billah. Washshalaatu wassalaamu'alaa asrofil ambya'i wal mursalin. Asyhadu alla ilaha ilallooh wa asyhadu anna Muhammadar 'abduhu wa rosuuluhu.
Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang tansah kula bekteni; para tamu sinedhahan ingkang bagya mulya; dalah para ingkang sami rawuh kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan.
Kinarya pratandha binukaning adicara khitanan ing dalu menika, mangga kita sedaya tansah hangonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT., Pangeran ingkang Mahawicaksana.
Dene kita tansah pinaringan kasarasan, yuswa panjang, kekiyatan saha kesempatan sami saged rawuh wonten dalem utawa griyanipun Bapak/Ibu (...) ingkang saperlu sami paring panyengkuyung saha puji pandonga dhumateng Putra (...) ingkang ing wekdal nindakaken sunnahipun Nabi Ibrahim A.s, inggih menika dipunilamaken utawi kasupitaken.
Shalawat miwah salam kita aturaken wonten ngarsanipun Nabi Muhammad SAW, ingkang tansah anyebaraken rahmatipun wonten jagad raya menika.
Lan ingkang paring syafaat saha pitulungan benjing wonten ing alam loka baka tumrap para umatipun ingkang sami ngrasuk saha angamalaken agami Islam.
Sanggyaning para tamu ingkang bagya mulya, kula (nama MC) ingkang tinanggenah saha kajibah minangka pangendhaliwara ing dalu menika badhe amaosaken menggah reroncening titilaksana tetesan utawi khitanan ing wekdal menika.
Wondene urut-urutaning lampah adicara inggih menika.
1. Sepisan pambuka
2. Adicara kaping kalih maos surat Yassin sesarengan katutup waosan doa utawi puji pandonga raharja
3. Lampah kaping tiga atur pambagya raharja
4. Adicara kaping sekawan pengaosan
5. Lelangen utawi hiburan
6. Adicara supitan paripurna
7. Acara ingkang kaping pitu-penutup
Adicara kaping satunggal inggih menika pambuka. Monggo kula lan panjenengan sedaya kanthi maos waosan basmallah sesarengan. Bismillahirrahmanirrahim. Matur suwun.
Adicara kaping kalih inggih menika maos surat Yassin sesarengan katutup waosan doa utawi puji pandonga raharja. Dhumateng Bapak/Ibu (...) kula semanggaken.
Matur suwun.
Adicara ingkang kaping tiga inggih menika atur pambagya raharja kula sumanggaken.
Matur suwun.
Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur pengaosan kula sumanggaken.
Matur suwun.
Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika lelangen utawi hiburan.
Matur suwun.
Adicara ingkang kaping enem inggih menika supitan paripurna.
Ngancik adicoro ingkang terakhir penutup. Monggo kita pungkas adicara ing siang menika kanthi waosan hamdallah sesarengan. Alhamdulillahirabilalamin. Matur suwun.
Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksama dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen kula matur. Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula. Pungkasaning atur.
Wassalamualaikum warahamatullahi wabarakatuh.
4. Contoh Teks Pranatacara 17 Agustus
Asalamualaikum warakamatullahi wabarakatuh.
Dumateng Bapak RT (...) ingkang kulo hormati.
Bapak, Ibu, sesepuh ingkang kulo hormati.
Lan rencang-rencang kawulo mudo ingkang kulo tresnani.
Langkung rumiyen keparengo angaturaken puji syukur kunjuk wonten ngarsodalem Allah SWT ingkang sampun kepareng paring pinten-pinten kanikmatan,karohmatan dumateng kulo lan panjenengan sami sahinggo kanti kawilujengan kasarasan saged angrawuhi panghargyan pengetan dinten kamardikan republikindonesia wonten ing dalu puniko.
Sholawat sarto salam mugi tetep kacurahaken dumatheng Nabi MuhammadSAW ingkang tansah kita wantu-wantu syafaatipun benjing ing dinten kiamat.
Dumateng ngarsanipun poro lenggah kakong miwah putri ingkang tansah kulohormati, keparengo kulo wonten ing mriki derekaken lampahing adicoro ingdalu puniko. Nanging sakderengipun adicoro wonten ing dalu puniko dipunawiti keparengo kulo ngaturaken reroncining adicoro wanten ing dalu puniko.
1. Adicoro ingkang sepindah pambuko
2. Adicoro ingkang kaping kalih upacara (Nembangake sesarengan tembang Indonesia Raya)
3. Adicoro ingkang kaping tigo sambutan ingkang sepindah saking ketua panitia lan Bapak/Ibu RT (...)
4. Adicoro ingkang kaping sekawan pembagian hadiah
5. Adicoro ingkang kaping gangsal hiburan
6. Adicoro ingkang pungkasan panutup
Gemeni wekdal soho kawontenan monggo doyo-doyo adicara ing dalu punika pun kita wiwiti kanti waosan basmalah sesarengan.
Bismillahirrohmanirrohimmm......
Poro tamu lenggah kakong miwah putri ingkang kulo hormati, kitolajenganken Adicoro inkang ongko kalih inggih puniko upacara (Nembangakesesarengan tembang Indonesia Raya)Poro rawuh kasuwun jumeneng
Indonesia Raya.....
Adicara ingkang kaping tiga inggih menika sambutan ingkang sepindah saking ketua panitia lan Bapak/Ibu RT (...) kula sumanggaken.
Matursuwun.
Adicara ingkang kaping sekawan pembagian hadiah kula sumanggaken.
Matursuwun.
Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika hiburan kula sumanggaken.
Matursuwun
Ngancik adicoro ingkang terakhir penutup. Monggo kita pungkas adicara ing siang menika kanthi waosan hamdallah sesarengan. Alhamdulillahirabilalamin. Matur suwun.
Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksama dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen kula matur. Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula. Pungkasaning atur.
Wassalamualaikum warahamatullahi wabarakatuh.
5. Contoh Teks Pranatacara Pernikahan
Assalamualaikum warahamatullahi wabarakatuh.
Alhamdulillahilladzi akhallannikah wa kharramashshifah, Washsholatu Wassalamu 'ala sayyidina muhammadin wa'ala alihi washohbihi ajma'in, amma Ba'du.
Engkang tuhu kinabekten poro sepuh lan pinisepuh. Dhumateng poro alim ulama' ingkang tansah kulo ta'dzimi. Penganten sarimbit soho pengombyong saking Dusun (...) ingkang kawulo hormati. Sedoyo tamu undangan, poro pilenggah ingkang kawulo hormati.
Langkung rumiyin kito tansah muji syukur dhumateng Alloh SWT ingkang sampun maringi mapinten-pinten kenikmatan sehinggo wonten siang meniko kito waget makempal wonten acara walimatul 'urusy ingkang mugi-mugi ndadosaken berkah dumateng kito sedoyo umumipun lan berkah dumateng penganten kekaleh khususipun.
Sholawat lan salam kito aturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang kito tenggo-tenggo Syafa'atipun wonten yaumul qiyamah mbenjang.
Hadirin ingkang kawulo hormati.
Kawulo wonten mriki bade ndereakaen runtuting adicoro ingkang sampun karancang, inggih meniko.
1. Titilaksono ingkang sepisan, Pambuko
2. Kalajengaken engkang urut kalih, waosan ayat suci al-Qur'an.
3. Wondene adicoro ingkang ongko, tigo atur pambagyoharjo.
4. Adicoro urut ongko sekawan, atur pasrah penganten putri.
5. Wondene adicoro ongko gangsal, atur penampining pinanganten putri.
6. Adicoro ingkang ongko enem, sabdo tomo soho do'aipun.
7. Adicoro ingkang urut pitu, penutup.
Pramilo ngengeti wekdal ingkang sakwetawis sonten, monggo kito bikak sareng-sareng kanti waosan Ummul Kitab.
Liridho'illa Wa lissyafa'ati Rasulillah, Alfatihah...
Maturnuwun atas waosan Al-Fatihah, mugi-mugi dados lancaripun acara siang meniko.
Acoro ingkang ongkong kalih inggih meniko waosan ayat suci al-Qur'a, ingkang bade kaastho dening Bapak/Ibu (...). Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken.
Shodaqollahul 'adzim, mugi-mugi waosan ayat suci al-Qur'an dados berkah dhumateng pewaos lan lumeber dhumateng kito sedoyo.
Adicoro ingkang urut ongko tigo atur pambagyoharjo ingkang badhe kaastho dening Bapak/Ibu (...). Dhumateng Bapak/Ibu (...) kawulo sumanggaaken,
Mekaten, kawulo aturaken matursuwun.
Menggah adicoro ingkang ongko sekawan, atur pasrah penganten putri. Dhumateng ingkang mewakili kawulo aturaken.
Dhumateng panjenenganipun kawulo aturaken matursuwun.
Adicoro selajengipun atur penampining penganten putri ingkang badhe kaastho panjenenganipun Bapak/Ibu Kepala Desa (...). Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken.
Matursuwun kawulo aturaken.
Adicoro selajengipun skors, dhumateng rencang-rencang juru ladi kawulo sumanggaaken.
Ngancik adicoro ingkang urut ongko enem, sabdo tomo ingkang badhe dipun astho Bapak/Ibu (...).
Dhumateng Bapak/Ibu (...) kawulo sumanggaaken soho dipun suwun do'aipun.
Mekaten atur pangendikan saking Bapak/Ibu (...), kawulo aturaken matursuwun.
Ngancik adicoro ingkang terakhir penutup. Hananging sakderengipun kito tutup, dhumateng pinanganten sarimbit kawulo suwun jengkar saking panggenan tinuju pintu keluar, sakperlu maringi kasempatan dhumateng poro tamu ingkang badhe jawat astho ugi nyuwun tambahing do'a restu.
Mekaten runtuting adicoro ingkang sampun kalampah,monggo sareng-sareng kito tutup pahargyan wonten siang meniko kanthi waosan tahmid, kawulo dereaken Alhamdulillahi rabbil 'alamin.
Saking kawulo anggenipun ndereaken acoro, mbok bilih kawulo anggenipun matur kathah sasar susur ingkang mboten mranani wonten penggaleh panjenengan sedoyo, kawulo nyuwun agunging samudro pangaksami.
Cekap semanten, kawulo akhiri.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Baca juga: Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa |
Artikel ini ditulis oleh Savira Oktavia, peserta Magang Bersertifikat Kampus Merdeka di detikcom.
(sun/dte)