10 Contoh Geguritan tentang Guru

10 Contoh Geguritan tentang Guru

Savira Oktavia - detikJatim
Senin, 20 Nov 2023 16:30 WIB
Ilustrasi puisi untuk guru.
Foto: Istimewa
Surabaya -

Tanggal 25 November diperingati sebagai Hari Guru Nasional. Ada yang ingin merayakannya dengan membuat atau membacakan geguritan tentang guru? Berikut ini referensinya.

Ada banyak kegiatan yang dapat dilakukan dalam memperingati Hari Guru Nasional 2023. Salah satunya membaca puisi dengan tema guru.

Menurut KBBI, puisi adalah ragam sastra yang bahasanya terikat oleh irama, matra, rima, serta penyusunan larik dan bait. Atau, gubahan dalam bahasa yang bentuknya dipilih dan ditata secara cermat sehingga mempertajam kesadaran orang akan pengalaman hidup dan membangkitkan tanggapan khusus lewat penataan bunyi, irama, dan makna khusus.

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Sementara geguritan adalah karya sastra berbentuk syair, yang biasanya diiringi dengan tembang merdu. Namun, penggunaan istilah geguritan mengalami pergeseran karena digunakan untuk menyebutkan puisi Jawa modern secara menyeluruh.

Secara garis besar, puisi Jawa modern tidak terikat pada aturan. Sehingga masyarakat bebas menciptakan geguritan menggunakan bahasa Jawa yang berkembang sekarang ini.

ADVERTISEMENT

Dengan puisi atau geguritan, pelajar dapat menyampaikan perasaan senang sekaligus rasa terima kasih kepada guru atas jasa-jasanya. Berikut contoh geguritan tentang guru yang dapat detikers jadikan sebagai referensi.

Sederet contoh geguritan berikut ini dikutip dari buku Reroncen Geguritan karya SMPN 1 Kawedanan, dan buku Kumpulan Geguritan karya SMP Negeri 1 Ngariboyo.

Ilustrasi puisiIlustrasi puisi/ Foto: Getty Images/iStockphoto/mizar_21984

Contoh Geguritan tentang Guru:

1. Guruku

Dening: Vresty Nur Afina

Guruku kang sabar
Guru kang maringi ilmu
Guru kang nduweni sara kasih saying
Jasamu ora ilang
Guru
Panjenengan digugu lan ditiru
Dadi tuladha kabeh para murid
Matur nuwun guruku
Panjenengan wis ndhidhik aku
Maringi ilmu kang migunani
Ndhidhik aku tanpa pamrih
Jasamu marang aku ora bakal daklalekake

2. Guru

Dening: Diki Putra F

Guru....
Jasa panjenengan pancen gedhe
Biyen aku ora bisa maca, nulis, apa maneh ngetung
Saiki aku dadi isa sekabehane
Ya mung karana jasa guruku
Guru....
Kula tresna panjenengan

Guru....
Abot yen aku kudu janji mbales jasa guru
Blas ora kena daketung pira cacahe
Oh....guru....
Aku ora bisa tumindak apa-apa kanggo nyaur utang iki
Nanging aja kuwatir
Donga pujiku mung kanggo panjenengan
Matur nuwun guru
Tenan....tanpa panjenengan embuh aku dadi apa
Dadi piye lan banjur kepiye uripku

3. Guruku

Dening: Arjun Rama Kusuma P D

Panjenengan pahlawan ing uripku
Tansah ngajari aku
Sing gawe aku pinter
Sing gawe aku dadi bisa
Oh.... Guruku
Aku kepingin males budimu
Aku kepingin dadi guru kaya panjenengan
Guru kaya panjenengan
Guru.... Oh.... Guru....
Aku kepengin dadi wong pinter
Aku kepengin sukses kaya guru
Guru kaya panjenengan

4. Guruku

Dening: Salsa Bela P.K

Panjenengan minangka wong tuwaku ing sekolahan
Panjenengan sing mbimbing aku ing sekolahan
Kanggoku....
Guruku yaiku pahlawanku
Sing ndadekake aku maju
Panjenengan sabar banget mbimbing aku, mulang aku
Panjenengan tlaten muruki kabeh murid-murid
Embuh nakal apa ora
Embuh mbandhel apa ora
Embuh pinter apa ora
Panjenengan tansah sabar
Aku matur suwun guruku
Matur suwun banget

5. Guruku

Dening: A.M Rifai

Guru iku pahlawanku
Guru iku penerange atik
Guru iku ublik ing jiwaku
Guru iku sinarku
Guru iku wong sing paling sabar
Aku diwarai maca lan nulis
Tlaten anggone mulang
Ben kabeh muride pinter
Tanpa kesel muruki sing durung bisa nganti bisa
Guruku ora duwe rasa lungkrah
Senajan muride kadhang gawe masalah
Mula kurmata marang gurumu
Aja pisan-pisan wani karo guru
Yen ora kepengin kuwalat

6. Guruku

Dening: Difta V.A

Ing petenge arah lan langkahku iki
Panjenengan dados srengenge kangge uripku
Menehi cahya kanggo pangarepan
Panjenengan madhangi dalan kang buntu
Liwat sorote cahya kang metu saka swara lan tuturmu

Aku nangkep tegese panguripan
Mung marang panjenengan gegayuhann
dipuntaruhaken
Lan marang panjenengan pangarep becik
Mujudake generasi emas bangsa

Saben panjenengan nindakake kegiyatan mulya
Rasa sabar uga ikhlas ngiringi saben dina
Sakabehe ing donya ora bisa mbales jasamu
Yaiku jasa nggawe bintang ing pepeteng
Jasamu bakal tansah dakeling sajroning ati

Matur nuwun sanget
Guru ingkang kula hurmati
Tanpa panjenengan uripku bakal peteng

7. Guru

Dening: Nanda Kurniasari

Guru iku.....
Kudu digugu lan ditiru
Panjenengan sing mulang kula
Saka ora ngerti nganti ngerti
Saka ora isa nganti isa

Panjenengan sing mbimbing kula
Panjenengan sing mulang kula
Panjenengan sing sabar dhateng kula
Panjenengan sing tansah nasehati kula

Guru.....
Panjenengan sing madhangi uripku
Panjenengan sing ndadekake kula pinter
Supaya dadi wong kang sukses
Panjenengan pahlawan uripku
Matur nuwun guru.....

8. Guruku

Dening: Fadhilathul M.

Guru ingkang kula hurmati
Panjenengan pahlawanku
Guru "Tanpa tandha jasa"
Panjenengan pelitaku

Guru ingkang kula tresnani
Panjenengan sampun kula anggep
Kaya dene tiyang sepuh kula
Ingkang sampun mbimbing kula

Guru ingkang kula pepundhi
Kula nyuwun pangapunten
Kula sampun damel panjenengan kuciwa
Kula sampun damel panjenengan gela

Nanging saka kabeh kuwi
Kula percaya
Guru tresna sanget kalih kula
Amargi guru pengin.. kula sukses

Guru sing madhangi ati lan pikiran kula
Kula pengin dados tiyang sukses
Enggal saget nyenengaken tiyang sepuh kula
Matur nuwun guru

9. Guru

Dening: Gilang Bayu Nugroho

Guru...
Fatwamu ora bakal bisa ilang saka jero atiku
Bektimu ora bisa kaetung
Saben dina tumindakmu murukake ngelmu
Ora perduli panas, udan lan mendhung

Guru...
Bektimu kayadene sang surya
Kang sumunar ing jagad raya
Yen siang sumunar suryamu
Yen ratri agawe cahyo rembulan
Sing gawe tentreme ati
Guru...
Becik bener tumindakmu
Muga bisa anggonku matur
Rasa suwunku kanggomu
Muga sing kuwasa maringi
Urip luhur

10. Guruku

Dening: Asharayya Mulia Izzati

Guruku...
Panjenengan ingkang mbimbing lan ndidik kula
Saking mboten mangertos dados mangertos
Saking mboten saget dados saget
Guruku...
Pitedah panjenengan mboten badhe kula supanaken
Ndadosaken kula tiang ingkang migunani
Guruku...
Namung panjenengan ingkang dadi pepujan
Paring ilmu mboten ningali wekdal
Kula mboten lali dating sedaya kesaen panjenengan
Matur suwun guru
Panjenengan pahlawna wonten gersang kula
Kula mboten saget mbales kesaengan panjenengan
Kulo among saget nderek dedonga marang
Pangeran

Artikel ini ditulis oleh Savira Oktavia, peserta Magang Bersertifikat Kampus Merdeka di detikcom.




(sun/dte)


Hide Ads