Pranatacara merupakan sebutan untuk pembawa acara dalam bahasa Jawa. Acara yang dibawakan beragam mulai dari acara perpisahan sekolah, acara desa hingga pernikahan.
Dalam bahasa Inggris, pranatacara disebut juga Master of Ceremony (MC). Tugasnya memandu jalannya acara, mengarahkan komponen acara hingga acara selesai dan berjalan sesuai rencana.
Struktur Pranatacara:
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Susunan pranatacara harus berurutan. Berikut struktur pranatacara yang umumnya digunakan:
1. Salam pembuka
Contoh: Sugeng enjing, sonten, dalu, assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh dan sebagainya.
2. Salam hormat
Salam hormat kepada orang-orang penting atau pimpinan dalam sebuah acara. Contoh: Ingkang dhahat Kinurmatan Bapak Kepala SMP Negeri 1 Surabaya.
3. Pembukaan
Mengucapkan pujian dan ungkapan rasa syukur dalam terselenggaranya acara tersebut. Contoh: Puji syukur kita aturaken dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagad, amargi kanthi rahmat saha rahmatipun kita sedaya saged makempal wonten ing papan menika.
4. Isi
Di bagian ini, pranatacara menjelaskan rentetan acara hingga selesai. Contoh: Poro rawuh ingkang kula hormati, salajengipun inggih menika pembacaan ayat suci Al-Qur'an ingkang dipunbektakaken dening Ibu Siti Fatimah. Lajeng dipunlajengaken kaliyan acara sungkeman.
5. Penutup
Di bagian ini, pranatacara bisa menutup acara dengan ucapan hamdalah. Contoh: Alhamdulillah, rangkeyaning acara akad emah-emah dumugi kaliyan prosesi sungkeman lan saweran sampun dipunlangkung kaliyan sae.
Contoh Teks Pranatacara:
Setelah mengetahui struktur pranatacara, detikers bisa menyimak contoh pranatacara berikut ini. Mulai contoh pranatacara secara umum hingga merujuk pada acara tertentu:
1. Contoh Pranatacara Umum
Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Bissmilllahirrahman nirrahim. Assolatuwasala mu'ala asrofil anbiya'i wal mursalin. Wa'ala alihi wa sohbihi ajma'in. Ama ba'du.
Dumateng poro alim ulama, sesepuh soho pinisepuh ingkang tansah kulo hurmati lan kito to'ati
Ingkang sepindah, monggo kito sedoyo sami muji syukur dateng Allah SWT. Dene punopo kito sedoyo saget makempal ing ndalem acara meniko kanti tansah sehat wal afiyat.
Poro rawuh ingkang kula hormati, kulo minongko pranatacara ing dalem puniko, bade maosaken susunan acaro ing dinten meniko.
1. Bilih adicara ingkang sepindah inggih puniko Pambuka
2. Nomer kalih inggih puniko waosan ayat-ayat suci Al-Qur'an
3. Adicara ingkang nomor tigo inggih puniko sambutan
4. Adicara ingkang angka sekawan nun inggih adicara utama/inti
5. Soho nomer tarahir inggih puniko penutup
Monggo kito bikak acara meniko kanthi waosan Bismillahirrahmanirrahim. Matur nuwun, mugi-mugi kanthi waosan meniko, saget dadosaken lancaripun acara meniko, amin ya robbal alaim.
Acara ingkang nomer kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al-Qur'an, ingkang bade di waos deneng Ustadzah Siti Fatimah, dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.
Dumateng penjenenganipun, kawulo aturaken maturnuwun. Mugi-mugi saget mempertebal iman lan taqwa dumateng Allah SWT.
Acara ingkang nomor tigo, inggih meniko sambutan Bapak Kholiq. Dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.
Dumateng penjenenganipun kawulo aturaken maturnuwun.
Acara selajengipun, inggih meniko acara inti (menyesuaikan acara yang digelar)
Acara ingkang terakhir inggih meniko mauidloh khasanah, ingkang bade dipun asto deneng Ustadzah Siti Fatimah. Dumateng penjenengaipun wekdal sepepnuhnya kawulo summanggaaken.
Maturnuwun kawulo aturaken, mugi2 punopo ingkang sampun dipun aturaken meniko, saget bermanfaat.
Saking kawulo minangkani pranotocoro, sedoyo kekhilafan lan kesalahan kawulo nyuwun agunging pangapunten. Akhiron, wallahul muwaafiq iaa aqwamith thoriq wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
2. Contoh Pranatacara Acara Sekolah
Assalamu'alaikum Wr.Wb
Bapak Kepala Sekolah (....) ingkang kinurmatan.
Bapak/Ibu Guru saha Karyawan/Karyawati ingkang kula hurmati ugi.
Lan para kanca-kanca ingkang kula tresnani sedoyo
Sumonggo, kito sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah, ingkang sampun kepareng paring kanugrahan lan kasarasan sehingga kula lan panjenengan sedaya saget makempal wonten ing wanci menika.
Ingkang titiwanci menika kula dados pranatacara badhe ngaturaken susunan adicoro ing dinten puniko, inggih menika:
Atur pambuka
Atur pangandikan saking ketua panitia
Atur perpisahan saking wakil kelas XII
Atur pangandikan saking Kepala Sekolah
Panutup
Adicara kaping setunggal inggih menika pambuka, monggo kula lan panjenengan sedaya kanthi maos waosan basmallah sesarengan, matur suwun.
Adicara kaping kalih inggih menika pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng ketua panitia kula sumanggaaken. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping tigo inggih menika atur perpisahan saking wakil kelas XII. Dhumateng wakil kelas XII kula sumanggaaken. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur pangandikan saking Kepala Sekolah Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, kula sumanggaaken. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping limo inggih menika Panutup. Monggo kita pungkas adicara ing siang menika kanthi waosan hamdallah sesarengan. Alhamdulillahirobbilalamin. Matur suwun.
3. Contoh Pranatacara Nikahan
Assalamualaikum Wr. Wb.
Hadrotal Mukarrom Poro Alim Ulama' poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingkang sinubo ing pakurmatan.
Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong temanten.......ingkang tansah suko basuki.
Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring lumebering hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sumonggo kito ikroraken kanti waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil "alamin.
Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafa'at benjang wonten pakewuh ipun dinten qiyamat.
Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan walimatul urs ipun Raden Bagus ... bin ...kalian Raden ajeng Roro ... binti ...
Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo:
1. Adicoro Pambuka
2. Waosan pustoko suci Al-Qur'an
3. Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi
4. Istirahat
5. Wedar Sabdo/mauidhoh hasanah
6. Doa-Penutup
Keparengo pranoto adicoro nderekaken lekasing pawiwahan punika kanti pambuko surotul fatihah, Li Ridho Illah Al Fatihah.
Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan rahayu tebih ing sambikolo.
Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci Al-Qur'an ingkang bade kaseliraaken dening .... wekdal soho panggenan kaaturaken.
(pembacaan ayat Al-Qur'an)
Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun dumateng ingkang maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo lan panjenengan sami.
Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nun inggih atur pambagyo pinongko pasrah temanten ..., dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah kasumanggakaken.
Dumateng panjenengan ipoun kaaturaken agunging panuwun (Pasrah Manten)
Poro pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah ngiras-ngirus atur pambagyo ingkang amengku gati Shohibul Bait, awit saking bombong miwah mongkok ipun manah panjengan ipun Bapak.... bade matur, amung kandek wonten sak lebetipun penggalih. Ingkang puniko sesulih saliro dumateng panjengan ipun Bapak.....kaaturaken. (shohibul Bait)
Paripurnaning pasrah penampining putro tmanten dumugi saatipun adicoro ingkang kaping sekawan inggih puniko istirahat. Pinongko corongipun shohibul bait poro rawuh kaaturaken sekeco anggenipun lenggah sinambi poro kadang punggowo ngatiri pasugatanlan amung ngaturakensugeng angerahapi kanti sekeco lan saestu.
Poro rawuh ingkang tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil kamardikan panjenengan kanti tatas tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten. Candak adicoro selajengipun inggih puniko Mau'idhoh hasanah soho doanipun.
Ananging sak derengipun Maidhoh soho doanipun kawedar kawulo minangkani pambiworo adicoro anggenipun andereakenlampoahing roncening adicoro wiwit awal dumugi akhir katah kekirangan boso tuwin subositi kawulo namung tumadah lumebering sih samudra pangaksami.
4. Contoh Pranatacara Bersih Desa
Assalamualaikum wr wb.
Pak Kepolo Deso ngkang kulo hormati.
Pak Kepolo Dusun lan Pak RT RW kaliyan warga desa ingkang kulo hormati.
Alhamdulillah ing wekdal iki, ingkang nomer setunggal monggo sareng-sareng kita sedaya sami-sami ngucap syukur kangge rahmat kesehatan lan rahmat iman saking Gusti Allah, dados kita sedaya saged sami kempal ing balai desa, mboten kurang setunggalipun kangge bersih-bersih desa.
Adicara dinten niki mangke kita sedaya sami-sami mbersihi desa kangge persiapan sasi Ramadan. Nek desa kita bersih, mangke ngibadah puasa kita sedaya sami nyaman lan tambah khusyuk.
Bersih-bersih desa mangke dipimpin dening Bapak Kades lan mangke dibagi per wilayah ingkang dipimpin dening Pak RT, dados acara bersih-bersih saged rampung sedereng Dhuhur.
Cekap semanten atur kula, bilih menika wonten salah kata lan salah perbuatan, kulo pribadi nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum wr wb.
5. Contoh Pranatacara Adicara Syawalan
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Karaharjan, katentreman sarta kabagyan paring dalem Allah ingkang Maha Asih, mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenenganipun para rawuh ingkang minulya.
Para pepundhen, para sesepuh saha para pinisepuh ingkang dahat kinabekten
bapak-ibu para kadang sepuh anem ingkang sinuba ing pakurmatan.
Sumangga kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Agung, karana sih wilasa miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula, satemah ing kalenggahan menika saged makempal kanthi pinayungan karaharjan, tebih saking rubeda nir ing sambekala. Amin.
Pranatacara murwani lekasing sedya ingkang menika enggal badhe binuka lampahing titilaksana acara syawalan nun inggih:
1. Pambuka
2. Waosan kitab suci Al-Qur'an
3. Atur pambagyaharja
4. Pratignya syawalan saking warga
5. Pratignya syawalan saking pengurus
6. Inggih menika panampining pratignya syawalan
7. Inggih menika jawat asta
8. Inggih menika suméné sawetawis
9. Katerangan bab syawalan utawi hikmah syawalan
11. Inggih menika panutup
Mekaten para rawuh ingkang minulya, rantamaning adicara ing kalenggahan menika. Minangka pratandha pambukaning adicara, sumangga kula dherekaken sesarengan manungku puja konjuk wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang Maha Agung, miturut agami saha kapitadosanipun piyambak-piyambak. Sumangga kula dherekaken. Cekap, matur nuwun. (dados maosaken acara setunggal-setunggal ndugi pranotocoro teng nginggil)
Renaning penggalih, amargi cupeting seserepan kula ing reh subasita, basa tuwin sastra, kula nyuwun rumentahing agunging pangaksami saking panjenengan sedaya. Wasana sugeng kondur, mugi-mugi rahayu ingkang tansah pinanggih. Nuwun, matur nuwun.
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.
(sun/dte)