Maulid Nabi 2023 akan dirayakan pada 28 September mendatang. Berikut ini sederet contoh teks pranatacara bahasa Jawa untuk acara Maulid Nabi.
Dalam praktiknya, seorang pranatacara menjadi bagian penting yang berpengaruh terhadap kelancaran suatu acara. Mengutip Repository Universitas Muhammadiyah Malang, pranatacara merupakan seseorang yang mempunyai kemampuan berkomunikasi menggunakan aturan tata bahasa Jawa yang baik dan benar.
Dengan kata lain, pranatacara adalah pemandu utama atau penanggung jawab atas keberlangsungan suatu acara.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Nah, bagi detikers yang membutuhkan referensi teks pranatacara Maulid Nabi 2023 dalam bahasa Jawa, berikut contohnya.
![]() |
Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Acara Maulid Nabi:
Contoh 1
Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Bissmilllahirrahman nirrahim. Assola tuwasala mu'ala asrofil anbiya'i wal mursalin. Wa'ala alihi wa sohbihi ajma'in. Ama ba'du.
Dumateng poro alim ulama, sesepuh soho pinisepuh ingkang tansah kulo hurmati lan kito to'ati.
Ingkang sepindah, monggo kito sedoyo sami muji syukur dateng Allah SWT. Dene punopo kito sedoyo saget makempal ing ndalem acara meniko kanti tansah sehat wal afiyat.
Poro rawuh ingkang kula hormati, kulo minongko pranotocoro ing dalem puniko, bade maosaken susunan acaro ing dinten meniko.
- Bilih adicara ingkang Sepindah inggih puniko Pambuka
- Nomer kalih inggih puniko waosan ayat-ayat suci Al-Qur'an
- Adicara ingkang nomor tigo inggih puniko sambutan
- Adicara ingkang angka Sekawan nun inggih adicara utama/inti
- Soho nomer tarahir inggih puniko penutup
Monggo kito bikak acara meniko kanthi waosan Bismillahirrahmanirrahim. Matur nuwun, mugi-mugi kanthi waosan meniko, saget dadosaken lancaripun acara meniko, amin ya robbal alaim.
Acara ingkang nomer kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al Qur'an, ingkang bade di waos deneng Bapak/Ibu (...), dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.
Dumateng penjenenganipun, kawulo aturaken maturnuwun. Mugi-mugi saget mempertebal iman lan taqwa dumateng Allah SWT.
Acara ingkang nomor tigo, inggih meniko sambutan Bapak Kholiq. Dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.
Dumateng penjenenganipun kawulo aturaken maturnuwun.
Acara selajengipun, inggih meniko acara inti (menyesuaikan acara yang digelar)
Acara ingkang terakhir inggih meniko mauidloh khasanah, ingkang bade dipun asto deneng Ustadzah Siti Fatimah. Dumateng penjenengaipun wekdal sepepnuhnya kawulo summanggaaken.
Maturnuwun kawulo aturaken, mugi2 punopo ingkang sampun dipun aturaken meniko, saget bermanfaat.
Saking kawulo minangkani pranotocoro, sedoyo kekhilafan lan kesalahan kawulo nyuwun agunging pangapunten.
Akhiron, wallahul muwaafiq iaa aqwamith thoriq.
Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh 2
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Alhamdulillahi nachmaduhuu wanasta'iinuhuu wanastaghfiruh, wana'uudzubillaahi min suruuri anfusinaa wasayyiaati a'maalinaa. Man yahdillaahu falaa mudhillalah waman yudlil falaa haa diyalahu. Wassholaatu wassalaamu 'alaa rosuulillah, wa'alaa aalihii washohbihi waman waalahu. Ammaa ba'du.
Para pepundhen, pinisepuh, sesepuh, lan adisepuh ingkang satuhu pantes kinabekten. Para manggalaning praja satriyaning nagari ingkang sinudarsana. Para lenggah kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan.
Sumangga kita ngonjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti kang Mahaasih ingkang sampun paring kasarasan saha kawilujengan, saengga kula tuwin panjenengan sami saged kempal manunggal saperlu ngestreni adicara ing dalu punika.
Kula minangka pambiwara ing dalu punika badhe ngaturaken rantamaning adicara wiwit pambuka ngantos adicara pungkasan:
- Ingkang sepisan inggih punika adicara pambuka.
- Kaping kalih inggih punika adicara dedonga dening panjenenganipun Bapaj/Ibu (...)
- Adicara kaping tiga inggih punika waosan shalawat Nabi.
- Adicara kaping sekawan inggih punika waosan Maulid dening panjenenganipun Bapak/Ibu (...).
- Adicara pungkasan inggih punika adicara panutup.
Adicara ing siyang menika badhe kawiwitan. Sumanga sami ngenut lampahing pahargyan adicara ing siyang menika kanthi sekeca saha merdika.
Mekaten ingkang saged kula aturaken, jeneng sela wader kali sesondera, apuranta bilih kathah kalepatan.
Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh 3
Assalamualaikum warahamatullahi wabarakatuh.
Bissmilllahirrahman nirrahim. Assola tuwasala mu'ala asrofil anbiya'i wal mursalin. Wa'ala alihi wa sohbihi ajma'in. Ama ba'du.
Para hadirin ingkang kula hormati.
Langkung rumiyen wonten ing dalem kesempatan ingkang berbahagiya niki, monggo kulo lan panjenengan sedaya raos syukur datheng ngersanipun Gusti Allah SWT. amarga kita sampun dipun paringi nikmat lan hidayahipun, saengga kita saget kempal lan dugi wonten acara peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW. lan boten wonten alangan setunggalipun punopo-punopo.
Shalawat lan salam, mugi-mugi tetap terlimpahkan datheng Rasulullah SAW., keluarganipun, poro sahabatipun, ugi kaum Muslim sedaya.
Lan mugi-mugi kemawon kita sedaya dados umat beliau ingkang purun ngamalaken ajaran Islam kelawan estu-estu.
Kangge nyingkat wektu, langsung kemawon kita waosaken susunan acara ing dalam peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW.
- Satunggal, pambukaan.
- Kaping kalih, waosan ayat-ayat suci Al-Quran.
- Kaping tigo, sambutan saking ketua panitia.
- Kaping sekawan, waosan agami.
- Kaping gangsal, istirahat.
- Kaping enem, waosan doa lan panutup.
Sakderengipun kulo waosaken, monggo buka acara niki kelawan bacaan basmallah. Bismillahirrahmanirrahim. Matur suwun.
Undangan sedaya ingkang dipun mulyakaken Gusti Allah SWT. Langsung kemawon monggo acara niki kita buka kelawan waosan suratul Fatihah.
Dipun lajengaken acara ingkang kaping kalih inggih meniko waosan ayat suci Al-Quran ingkang bersangkutan kulo sumanggakaken.
Hadirin sedaya ingkang kulo hormati.
Lan acara ingkang kaping tigo inggih menika sambutan saking panitia. Ingkang bade dipun sampekaken dening Bapak/Ibu (...), dhumateng panjenenganipun dipun sumanggakaken.
Mekaten kulo wahu sambutan saking ketua panitia. Lan dipun lajengaken adicara ingkang kaping sekawan inggih menika ceramah agami.
Ing dalem wakdal niki bade dipun sampekaken dening ingkang kulo mulyakaken Bapak/Ibu (...), dhumateng panjenganipun wakdal sakcekapipun kulo sumanggakaken.
Mekaten kulo wahu ceramah agami ingkang sampun dipun sampekaken. Mugiyo kita saget memahami, semanten ugi kita ngamalaken ing dalem gesang saben dinten.
Para undangan sedaya ingkang kula urmati. Dipun lajengaken adicara ingkang kaping gangsal inggih menika istirahat. Pramilo saking niku wakdalipun istirahat niki monggo kita sambi kaliyan nedha lan nginum sakwontenipun ingkang sampun dipun siapaken petugas konsumsi.
Wakdalipun istirahat kula raos cekap. Lan acara selajengipun inggih menika waosan doa. Ingkan dipun sampekaken panjenanganipun Bapak/Ibu (...), dhumateng panjenganipun kula sumanggakaken.
Hadirin sedaya undangan ingkan dipun mulyakaken Gusti Allah SWT. Kulo sampekaken matur sembah suwun dhumateng Bapak/Ibu (...) ingkang sampun waosaken doa kula wahu. Mugiyo dipun kabulaken Gusti Allah SWT. Aamiin Yaa Rabbal Alaamiin.
Sedaya undangan ingkangg kula urmati. Lan dipun lajengaken acara ingkang paling akhir inggih menika panutup.
Lansakderengipun acara niki kula tutup kula atas nami (...) ingkang mbetoh acara niki, bilih wonten kelepatanipun kula nyuwun agunge pangapunten datheng panjenengan sedaya.
Lan monggo acara niki kita tutup kelawan waosan hamdallah. Alhamdulillahirabbilalamin.
Akhirul kalaam, wal afwu minkum.
Wassalamualaikum warahamatullahi wabarakatuh.
Contoh 4
Assalamualaikum warahamatullahi wabarakatuh.
Bissmilllahirrahman nirrahim. Assola tuwasala mu'ala asrofil anbiya'i wal mursalin. Wa'ala alihi wa sohbihi ajma'in. Ama ba'du.
Khadrotil muhtaromin, dhumateng poro alim, poro ulama, poro kyai, poro haji hajjah, poro ustadz ustadzah Ingkang kawulo hormati.
Dhumateng panjenenganipun Bapak/Ibu (...) selaku ketua panitia ingkang kawulo hormati.
Dhumetang penjenenganipun Bapak/Ibu (...) selaku kepala desa beserta perangkatnya ingkang kito hormati.
Hadirin-hadiro Rohimakumullah.
Sepindah monggo kito tansah muji syukur dumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten-pinten kenikmatan dumateng kito, salah setunggalipun nikmat iman lan islam, sehinggo kito taseh saget bertatap muka, bermuwajahah, bersilaturrakhim dalam kegiatan niki ingkang mboten wonten alangan setunggal punopo, kanti ngucap Alhamdulillahirobbil alamin.
Kapeng kalihipun, sholawat soho salam mugio katur deneng Nabi Agung Nabi Muhammad SAW, mugi-mugi kanthi kito ngrawuhi acara meniko saget dadosaken kito termasuk umat ingkang angsal syafaatipun, aamiin aamiin yaa robbal alamin.
Hadirin-hadirot rohimakumullah
Sak derengipun acara kito bukak, kawulo minangkani pranotocoro bade maosaken acara2 ingkang bade kalampah meniko.
- Acara ingkang sepindah, pembukaan
- Acara ingkang kaping kalih, waosan ayat-ayat suci al qur'an
- Acara ingkang kaping tigo, prakata panitia
- Acara ingkang kaping sekawan, sambutan-sambutan
- Acara ingkang kaping gangsal, istirahat
- Acara ingkang kaping enem, mauidloh khasanah sekaligus do'a
- Acara ingkang kaping pitu-penutup.
Monggo kito bikak acara meniko kanthi waosan basmallah. Bismillahirrahmanirrahim.
Matur nuwun, mugi-mugi kanthi waosan meniko, saget dadosaken lancaripun acara meniko, amin ya robbal alaim.
Acara ingkang nomer kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al Qur'an, ingkang bade di waos deneng (...), dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.
Dumateng penjenenganipun, kawulo aturaken maturnuwun. Mugi-mugi saget mempertebal iman lan taqwa dhumateng Gusti Allah SWT.
Acara ingkang nomor tigo, inggih meniko prakata panitia, ingkang bade dipun sampeaken deneng (...) dhumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.
Dhumateng penjenenganipun kawulo aturaken maturnuwun.
Acara ingkang selajengipun, sambutan-sambutan.
Sambutan ingkang sepindah, saking kepala desa. Dumateng penjenenganipun Bapak/Ibu (...) kawulo summanggaaken. Matur nuwun kawulo sampeaken.
Acara selajengipun, inggih meniko istirahat.
Istirahat kawulo cekapaken.
Acara ingkang terakhir inggih meniko mauidloh khasanah, ingkang bade dipun asto deneng (...). Dumateng penjenengaipun wekdal sepepnuhnya kawulo summanggaaken.
Maturnuwun kawulo aturaken, mugi-mugi punopo ingkang sampun dipun aturaken meniko, saget bermanfaat.
Saking kawulo minangkani pranotocoro, sedoyo kekhilafan lan kesalahan kawulo nyuwun agunging pangapunten.
Akhiron, Wallahul Muwaafiq Iaa Aqwamith Thoriq.
Wassalamualaikum warahamatullahi wabarakatuh.
Contoh 5
Assalamualaikum warahamatullahi wabarakatuh.
Alhamdulillahilladzi akhallannikah wa kharramashshifah, Washsholatu Wassalamu 'ala sayyidina muhammadin wa'ala alihi washohbihi ajma'in, amma Ba'du.
Para hadirin ingkang kula hormati.
Langkung rumiyin kito tansah muji syukur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi mapinten-pinten kenikmatan saengga wonten siang meniko kita waget makempal wonten acara Maulid Nabi ingkang mugi-mugi ndadosaken berkah dumateng kito sedoyo umumipun lan berkah.
Sholawat lan salam kito aturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang kito tenggo-tenggo Syafa'atipun wonten yaumul qiyamah mbenjang.
Hadirin ingkang kawulo hormati,
Kawulo wonten mriki bade ndereakaen runtuting adicoro ingkang sampun karancang, inggih meniko.
- Titilaksono ingkang sepisan, pambuko.
- kalajengaken engkang urut kalih, waosan ayat suci al-Qur'an.
- Wondene adicara ingkang ongko, tigo atur sari tilawah.
- Adicara urut ongko sekawan, atur sambutan.
- Wondene adicara ongko gangsal, atur pemberian santunan anak yatim-piatu.
- Adicara ingkang ongko enem, ceramah.
- Adicara ingkang urut pitu, penutup.
Pramilo ngengeti wekdal ingkang sakwetawis sonten, monggo kito bikak sareng-sareng kanti waosan Ummul Kitab.
Liridho'illa Wa lissyafa'ati Rasulillah, Alfatihah...
Maturnuwun atas waosan Al-Fatihah, mugi-mugi dados lancaripun acara siang meniko.
Acoro ingkang ongkong kalih inggih meniko waosan ayat suci al-Qur'a, ingkang bade kaastho dening Bapak/Ibu (...). Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken.
Shodaqollahul 'adzim, mugi-mugi waosan ayat suci al-Qur'an dados berkah dhumateng pewaos lan lumeber dhumateng kito sedoyo.
Adicoro ingkang urut ongko tigo atur sari tilawah ingkang badhe kaastho dening Bapak/Ibu (...) kawulo sumanggaaken,
Mekaten, kawulo aturaken matursuwun.
Menggah adicoro ingkang ongko sekawan, atur sambutan dening Bapak/Ibu (...). Dhumateng panjenenganipun kawulo aturaken.
Dhumateng panjenenganipun kawulo aturaken matursuwun.
Adicoro selajengipun atur pemberian santunan anak yatim-piatu ingkang badhe kaastho panjenenganipun Bapak/Ibu (...). Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken.
Matursuwun kawulo aturaken.
Adicoro selajengipun skors, dhumateng rencang-rencang juru ladi kawulo sumanggaaken.
Ngancik adicoro ingkang urut ongko enem, ceramah ingkang badhe dipun astho Bapak/Ibu (...). Dhumateng panjenenganipun kawulo sumanggaaken.
Mekaten atur ceramah saking Bapak/Ibu (...), kawulo aturaken matursuwun.
Ngancik adicoro ingkang terakhir penutup. Monggo sareng-sareng kito tutup adicara wonten siang meniko kanthi waosan tahmid, kawulo dereaken.
Alhamdulillahi rabbil 'alamin.
Saking kawulo anggenipun ndereaken acoro, mbok bilih kawulo anggenipun matur kathah sasar susur ingkang mboten mranani wonten penggaleh panjenengan sedoyo, kawulo nyuwun agunging samudro pangaksami.
Cekap semanten, kawulo akhiri.
Wassalamualaikum Warahamatullahi wabarakatuh.
Artikel ini ditulis oleh Savira Oktavia, peserta Magang Bersertifikat Kampus Merdeka di detikcom.
(sun/iwd)