10 Contoh Cerkak Singkat Beragam Tema

10 Contoh Cerkak Singkat Beragam Tema

Aujana Mahalia - detikJatim
Sabtu, 09 Sep 2023 08:30 WIB
Ilustrasi ibu dan anak membaca buku
Ilustrasi ibu dan anak membaca buku cerkak/Foto: Getty Images/iStockphoto/maruco
Surabaya -

Cerkak merupakan kependekan dari cerita cekak. Ini adalah cerita pendek atau prosa fiksi yang biasanya mengandung unsur-unsur tradisional Jawa, mitos, atau legenda.

Cerkak dibuat cenderung padat dan tidak terlalu panjang, agar seseorang yang membacanya dapat menikmati keseluruhan cerita dalam satu kali baca. Lantas, bagaimana contoh cerkak? Simak uraian berikut ini.

Apa Itu Cerkak?

Mengutip situs resmi Kemdikbud, cerkak adalah salah satu bentuk sastra Jawa yang populer. Cerkak sering kali memiliki ciri khas berupa penyusunan kata yang indah dan penuh gaya, dengan penggunaan bahasa Jawa yang khas.

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Cerkak dapat berisi cerita-cerita tentang berbagai hal. Seperti cerita rakyat, kehidupan sehari-hari, petualangan, atau cerita tentang manusia dan makhluk-makhluk gaib.

Cerkak adalah salah satu bentuk sastra yang berharga dalam budaya Jawa dan sering digunakan untuk menyampaikan nilai-nilai, dan cerita-cerita berharga. Juga hiburan untuk pembaca.

ADVERTISEMENT

Cerkak sering memiliki struktur naratif yang kuat dan gaya bahasa yang khas. Yang membuatnya menarik bagi para pembaca yang menghargai keindahan bahasa dan kearifan lokal.

Unsur-unsur Cerkak

Cerkak dalam bahasa Jawa memiliki berbagai unsur yang mempengaruhi dan memperkaya cerita tersebut. Berikut adalah beberapa unsur yang sering ditemukan dalam cerkak bahasa Jawa.

1. Tokoh (Wong)

Tokoh-tokoh dalam cerkak adalah pemeran utama yang menggerakkan cerita. Mereka memiliki karakteristik, sifat, dan peran yang berbeda dalam plot cerita.

2. Setting (Latar)

Setting atau latar adalah tempat dan waktu di mana cerita berlangsung. Ini mencakup deskripsi tempat, suasana, dan era waktu yang relevan.

3. Plot (Jalan Cerita)

Plot mencakup rangkaian peristiwa yang membentuk cerita. Ini melibatkan konflik, pergulatan tokoh, dan peristiwa penting lainnya dalam cerita.

4. Dialog (Cerita)

Bahasa Jawa yang digunakan dalam dialog antartokoh adalah unsur penting. Ini memperkuat karakterisasi dan mengungkapkan perasaan serta konflik.

5. Konflik (Konflik)

Konflik adalah masalah atau pertentangan utama dalam cerita yang mendorong plot. Ini bisa berupa konflik internal (dalam diri tokoh) atau eksternal (dengan tokoh lain atau situasi).

6. Gaya Bahasa Jawa (Basa)

Penggunaan bahasa Jawa yang khas dan beragam dalam cerkak adalah unsur penting. Ini mencakup dialek, kata-kata khas, dan gaya bahasa yang mencerminkan budaya Jawa.

7. Moral atau Pelajaran (Ajaran)

Banyak cerkak bahasa Jawa memiliki pesan moral atau pelajaran yang diambil dari cerita. Ini bisa menjadi salah satu tujuan dalam menulis cerkak.

Mother read fairy tale for her daughter to listen at home. Leisure at home. Night scene with love and care.Ilustrasi membaca cerkak lucu sebelum tidur/ Foto: iStock

Contoh Cerkak Singkat Bahasa Jawa

1. Cerkak Tema Cita-cita

Bapakku nduwe usaha ngingu pitik sing terkenal ning desaku. 5 kandang pitik dideleh ning mburi omah. Saben kandang pitik kui ukurane 5 x 6 meter sing cukup dinggoni 50 pitik.

Aku saben esuk ngewangi bapak makani pitik-pitik gen cepet gedhe lan iso payu larang. Pakan pitik sing dicepakne nggo makani macem-macem, mulai seko beras, jagung, nganti dedak.

Gen oleh rego murah, pakan kui dituku seko tengkulak sing wis dadi langganan suwe. Tigan seko pitik-pitik iku dijupuki saben dino nek nemu. Alhamdulilah keluargaku iso nggawe usaha dewe.

Aku dewe seneng banget sinau soal ngingu pitik langsung karo bapak. Aku duweni cita-cita yen suk gedhe bakal iso nerusne usahane bapakku gen luweh gedhe.

2. Cerkak Tema Liburan

Ora kroso minggu ngarep wes preian sekolah sing suwene ono seminggu, aku lan keluargaku duweni rencana bakal dolan menyang griyone kakungku kang ono ing deso tandan sari. Desone kakungku terkenal ijek asri, kaline bening, lan sawah-sawahe katon ijo royo-royo. Perjalanan teko omahku menyang omae kakungku butuh wektu 4 jam.

Mari sholat subuh aku wes semangat adus lan nyiapne klambi ganti selama liburan ing kono. Gak lali ibukku juga nyiapne bekal dige selama perjalanan. Akeh pemandangan kang apik amergo perjalanan menyang omae kakungku ngelewati gunung lan hutan.

Aku lan keluarga budal teko omah jam 7 esuk numpak mobile bapak. Selama perjalanan aku lan bapak akeh crito tentang pengalamane bapak pas jeg cilik nek omahe kakungku. Aku maleh duwe rencana pengen dolan nek kali, sawah lan kebon e kakung.

Ora kroso crito ngalor-ngidol, wayah jam 12 awan tibak e ameh tekan omahe kakungku. Kakungku ketok wes siap ngenteni nek ngarep omah karo wajah e seneng banget karo katekananku. Aku salah siji putune sing di sayang. Selama nek omahe kakungku, aku di ajak dolan menyang kali, sawah lan kebon. Aku seneng iso liburan sekolah nek desone kakungku.

3. Cerkak Tema Sahabat

Pas bali sekolah, aku karo kanca-kancaku mangkat niliki Andi sing wis ra mlebu sekolah seminggu. Krungu-krungu, Andi ki loro tipes. Aku mbek konco-konco inisiatif urunan gawakne roti lan buah sing disenengi Andi. Aku lan koncoku numpak onthel bareng sisan bali. Ndilalahe pas nek tengah dalan ora sengojo ban othelku kecubles paku.

"Do, onthelku kok kroso gliyut-gliyut", tembungku ning Edo.

"Lha emange ngopo?" jawabe Edo.

"Sik tak mandek sik. Tak tiliki ngopo kok ngene," balesku.

Terus aku mandek mbek Edo nggo ndelok onthelku saktemene kenek opo. Konco-koncoku liyane langsung ning omahe Andi. Mbasan tak delok, tibake banku ketubles paku ngasi gembos. Akhire aku golek tambal ban dikancani Edo. Bejane pas kui ra ono tambal ban. Yawis, onthelku tak gowo bali disik terus aku nggonceng Edo. Aku matur suwun banget karo Edo, mergo Edo gelem tak goncengi mangkat mulih dino kui.

4. Cerkak Tema Pengalaman Pribadi

Minggu wingi aku ulang taun umur 9 tahun, ibukku duweni rencana gawe acara ulang tahun nek omah lan ngudang kabeh konco-koncoku sing jumlahe ono 15.

Aku seneng banget pas diaturi ibuk ulang tahunku bakal dirayakno. Sebelum dino kang ditunggu-tunggu, aku diajak ibuk lan bapak tumbas klambi anyar gae acara kasebut.

Ruang tamu omahku juga bakal dihias gawe balon-balon lan pita sing katon apik lan meriah. Ora ketinggalan ibukku juga pesen roti ulang tahun bentuk minion sesuai karo sing tak senengi.

Dulur-dulur sekitaran omah ugo moro lan mbantu ibukku ngewangi masak gae acara kasebut. Konco-koncoku podo teko lan gowo hadiah, enek sing menehi kado buku, pensi, tas, lan sepatu.

Acara kasebut berjalan dengan meriah. Momen iku ora bakal iso tak lalekne.

5. Cerkak Tema Kehidupan

Ajuning kemajuan jaman prasasat datan bisa dibendung maneh, jarene wong akeh sinebut globalisasi. Globalisasi dewe, saumpama dijarwakake kanthi basa jawa yaiku tansaya sumpeg lan rupake alam donya iki merga saking majune teknologi kang anjrah engga tekan karang padesan. Dadine, nadyan ana suwaliking bumi bisa krasa cedhak merga majuning tehnologi kang ora tinemu ing jaman sadurunge.

Coba dipenggalih, rong puluh taun kepungkur yen wong kepengin omong-omongan karo anake sing mapan ana Jakarta yo gelem ora gelem kudu menyang Jakarta. Utawa suwalike, si anak kudu bali menyang lemah kelairane. Kamangka, omahe ana Yogya. Ateges jarak antarane Yogya-Jakarta klebu adoh, sak ora-orane butuh ragad ora sethithik yen bakal sesambungan. Umpama bisa sesambungan, sranane telpon ana wartel, kirim layang utawa telgram.

Ning saiki, tahun 2022 iki, aja maneh Jakarta, selagine kepengin ngobrol karo keluarga sing mapan ana Amerika wis dudu barang angel maneh. Sing jenenge Handphone prasasat wis pating glethak saben papan. Tegese HP wis dudu barang larang maneh. Jaman aku sekolah kepungkur, aja kok ngimpi nyekel HP, selagine gambar lan bentuke wae durung weruh. Lha saiki, anakku sing isih kelas 3 SD wae cekel-cekelane HP, lha apa ora jamane wis owah?

Kamangka, bocah SD saiki kathik sing jenenge nyekel komputer wis canggihe ora jamak. Sejene kuwi, internet, twitter, engga sing aran Facebook anjrah tekan karang padesan. Mbukak sing jeneng facebook, twitter, yahoo massanger, lsp ora kudu ndadak nyang warnet, bisa diakses liwat HP. Mula ora jeneng aneh maneh, yen donya sing jembar ngilak-ilak prasasat dadi cupet tanpa wates.

Contone, FB, Twitter, Instagram, bisa dadi srana kanggo iklan utawa bisnis. Bisa uga kanggo dakwah agama, lan uga ngudi ngelmu. Yo merga ngenut ombyaking jaman iku, aku reka-reka melu gawe akun Instagram, Kanyatan, ora nganti let sasen-sasen akun IG-ku wis tambah kanca nganti ewonan wong. Senadyan durung nate ketemu, nanging lewat akun kekancan IG iku awakku bisa gegojekan kanthi bebas klawan kanca anyar sing babar blas ora tak ngerteni papan dununge.

6. Cerkak Tema Persahabatan

Jenengku Fajar, aku nduwe konco kang jenenge sodiq. Sodiq iku konco ku awet aku cilik. Sodiq iku uwonge apikan yo setia kawan. Biasane sodiq ngundang aku tukang ngantukan, tapi aku yo ora duwe roso risih nek di undang ngono kui mungkin wes biasa dadi yo gak tak gowo ati.

"Duwar...itik-itik suarane sodiq ngageti aku. Kowe lho jhan ngaget-ngageti i aku wae, nek aku jantungen piye gelem po awakmu tanggung jawab? Jawabku marang Sodiq. Ngapurane lah jar, kowe sih ngantukan wae, kae uwis bel masuk, selak di seneni mengko karo pak guru-guru balas sodiq marang aku. Sak uwise iku aku lan sodiq mlebu kelas bareng-bareng.

Bel bali sekolah uwes di muni'ke, koyo biasane aku karo sodiq bali bareng, naning tekan setengah perjalanan aku karo sodiq kepisah amergo sodiq lagi arep mampir mareng tukang jahitan jupuk klambine ibuke. Akhire aku bali dewean, la teko-teko buku sek tak gowo tibo "buukkkk" ditabrak bocah cilik.

"Sepurane mas aku gak sengojo e'" "Yo rapopo dek mung buku kok seng gigal, mulakno nek mlaku kui seng ati-ati ya dek" "Enggeh mas" Koyo biasane aku budal sekolah jam setengah pitu, yo koyo biasane aku melu pelajarane pak guru lan bu guru. Naming kok dino iki ora koyo biasane, sodiq kok gak ketok sedino kie, dadeake khawatir maring pikiran aku, aku mutuske bali sekolah maring omahe sodiq.

Tekan ngarep omahe tika yo bedo ora koyo biasane suasanane ki sepi banget koyo gak ono uwong. Terus akhire aku takon marang pak satpam, jebule sodiq ora nek omah kono alias pindah anyar. Bali seko omahe sodiq aku lagi kepikiran loh kenopo kok sodiq pindah kok ora neng kono wae? Yo kenopo kok sodiq gak ngomong karo aku? Kan aku kancane? Malah aku dadi bingung dewe karo sodiq.

Minggu isuk aku pamitan marang ibuk arep nggoleki alamat omahe sodiq sek anyar. 1 jam luih jebule aku muter-muter nglewati dalan sempit-sempit akhire yo ketemu omahe sodiq batinku. Aku kaget tekan ngarep omahe sodiq seng biasane urip enak lan kepenak saiki malah urip nek tempat sek kumuh lan sempit.

7. Cerkak Tema Kehidupan

Ing sore kang cerah, kejaba Wina katon lunggung ono kursi ngarep omahe. Ulate mbesungut, atine katon nggondok. "Buk, bapak dereng rawoh ta? Kok suwe eram." Pitakone Wina marang ibune. Ugo tibak e wisnu wes dijanjeni bapak e arep dijak mlaku-mlaku sore menyang toko sepedah. Wina terus kelingan janjine bapak yen dhewek e biso rangking 1 arepe di tumbasne sepedah anyar koyok sing wes dipingini wisnu katon suwe.

"Bapak jek kerjo nu, kayak e bakal muleh rodho telat!", jawab e ibuk. Wina nimpali dawuhane ibuk, "Lha bapak wingi pun janji ajenge numbasne aku sepedah anyar lo buk, mosok bapak kesupen ya!". Ora suwe banjur ono suworo motor melbu nek ngarep omah, Wisna langsung mlayu mastekne yen suworo iku teko motor e bapak e muleh kerjo.

"Hore, Bapak rawuh....... Bapak rawuh........". Wina Sorak-sorak bungah atine. Wina sing awale katon lesu, gelisah lan bingung ugo langsung semangat. Polae dino iki mau Wina tompo rapot lan dilalahe oleh ranking 1. "Pak, sore niki sios tumbas sepedah anyar kagem Wina kan?", Wina mastekne menyak bapak e.

"Wah, anakku ranking 1 tenan to? Selamat yo le..... ayo gek dang adus terus budal tumbas sepedah", jawabe bapake wina. Banjur tanpo basa-basi Wina langsung njupuk klambi lan mlaku nak jeding ados. "Sak gebyuran ugo wis cukup-lah kanggo adus sore iki, ben cepet". Batine Wina.

Rampung adus, adit di dandani karo ibuke, gawe minyak wangi lan pupuran merok-merok. Bar kui langsung nemoni bapak e sing wes siap budal ngenteni nek ngarep omah. Ing toko sepeda, Wina sampek bingung milih sepedah sing di pingini. Akeh pilihan sepedah sing di tawarke mulai rego 1jt - 3jt apik-apik tur warnane katon nyenengke. Sak wise milih-milih sepeda kang ono ing toko, wisnu mulai sreg karo salah sijine sepeda kang warnane orange.

8. Cerkak Tema Kehidupan

Udan sing tumurun esuk iku kuwawa nggogrogake gegodhongan saka pang-pangekang pengkuh. Hawa adhem kaya-kaya nyirep sawetara pawongan amrih katrem ing peturone nadyan Wayahe saya awan. Mula dalan-dalan kang ana ngarep bale kutha kuwi katon sepi. Kamangka padatane jam samene iki wis akeh uwong sing playon mburu wektu tumuju papane makarya.

Nanging hawa adhem iku kanggone Manto ora nduweni teges apa-apa. Apa maneh yen dheweke nyawang kalendher kang cumathel ana kamar tengah, Manto saya ora jenjem. Mula sabubare sarapan Manto agahan pamit sing wadon, Ranti, budhal menyang sekolahan. Sawise ngetokake sepedhah motore Manto banjur nggeblas nyasak derese udan tumuju menyang papane nyambut gawe. Senajan yen dirasakake kanthi temenan asile durung bisa digunakake kanggo nyukupi kebutuhan omah nanging sinurung rasa tanggung jawb kang gedhe Manto tetep semangat anggone mulang muridmuride. Manto ngrasa syukur ditampa kerja ana papan kono, jalaran ngerti yen ora kabeh panglamar begja kaya dheweke. Tangga teparo ngertine uripe Manto wis mapan.

Awit sawise lulus saka universitas kaloka ing Sala dheweke terus ditampa kerja ana sekolahan kang manjila iku. Nanging sejatine nasibe Manto ora beda adoh saka guru honorer liyane. Minangka guru anyar kanthi status sukuan, Manto kudu nrima nadyan bayare saben sasi ora mingsra alias sangisore upah minimum kang ditetepake pamarentah. Mula amrih bisa nyukupi kabutuhan sedina-dina, dheweke kudu golek obyekan kerja sing ora ngganggu jam mulang. Ya saka tetembungan kΓ ng dikandhake dening sisihane kuwi dheweke tetep mulang ana papan kono, ngelingi jaman saiki golek gaweyan maton iku angel banget. Apa maneh yen ngelingi gelar sarjana kang kasil direngkuh uga durung bisa digunakake kanggo cekelan golek gaweyan sing jumbuh klawan atine. Manto akhire mupus. Kanggo sauntara ditrimak-trimakak'e kerja ana sekolahan kono nadyan gajine ora cukup. Jalaran akeh kanca-kancane kuliyah sing isih ngalor-ngidul bingung golek kerja.

9. Cerkak Tema Moral

Ing jaman saiki akeh bocak ciliki seng wes pada iso numpak motor. Salah sijine Aji. Aji ingkang umure sawelas tahun lan lingguh ning kelas lima SD. Amergo wes tau ngrasakke kepenake numpak motor, saiki dadi kebiasaane aji len dolan-dolan mesti nganggo motor.Nanging miturut Negara, sing oleh numpak motor iku tiyang ingkang wis duweni SIM utowo "Surat Ijin Mengemudi". Ing wayah sore, kancane Aji seng jenenge Fatih moro ning omahe . " Ji, aji.... Aji ...." Fatih nyeluk karo bengak bengok ning ngarep omah. " Woi,,, sedilut " kandhane Aji saka njero omah.

Let sadelo, ana suara pating gadebuk kaya ana lindu teko dirasake Fatih. "Wah,,,, lagi teko, ngopo ae Ji kok suwe banget ?" pitakone Fatih marang Aji kang lagi wae mlayu marani Fatih."He.. he.. he... lagi wae madang wenak, Alhamdulillah wareg !!" jawabe Aji. " Awak wae sing digedheke, sekolah yo kudu didhisike!! tugas pr sekolah wes mbok rampungke durung Ji ? " pitakone Fatih.

"Uwes rampung ,, aman. Ana apa kowe dolan rene sore - sore Tih ?" pituture Aji. "Mergo tugase wes mari, ayo mubeng-mubeng Ji nganggo motor. Engko balapan wes, gelem ora ?" jawabe Fatih karo cengar cengir. "Ayo,, sopo seng wedi !! paling koe seng kalah" 'Wehh, ojo sombong Ji. Ayo dibuktekake bareng-bareng." Ngajake Fatih
Sak banjure Aji melbu ing garasi, nyiapke lan ngetoake motore. "Trengg.... Teng,,, tengg... tenggg" suarane motore Aji lan Fatih sing rame banget. "Siap rung tih ?" pitakone Aji sing wes siap arep balapan. "Siap ji." Jawabe Fatih "Siji.... Loro..... telu...."

Treng,,,,,,, trengg.... Trengg..... tengg Aji lan Fatih pada banter-banteran numpak montor mubengi dalan desa. Wong loro iku pada salip-salipan kaya balapan motor tenanan. Ing dalan pertelon, Aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongko ana bakul pentol ing lawan arah. Aji kaget sak nalika, dheweke bingung lan gugup. "Lik... lik ... lik awas minggir." Grubyukkkkk,,,,, klontang,.... Tlepok ... tlepok.... Pentol seng ana ing rombong pada kuthak kabeh ing lemah. Praupane Aji lan Fatih mbalek sak untara, dadi gugup lan pucet. "Kepiye tha le le .... ? Nek numpak motor ki aja banter-banter. Daganganku khutah kabeh, terus piye lek ngeneki ?" pituture bakul pentol karo nesu.

"Kulo nyuwun ngapunen Pak, sak estu kula mboten sengaja" jawabe Aji ingkang kaweden. "Saiki daganganku uwis ora iso di adol maneh, amerga wes kuthah kabeh. Kowe kudu ngijoli duit" "Enggeh Pak, kula bakale tanggung jawab. Kula pamit mantuk rumiyin mendet arta nggeh Pak," panyuwune Aji.

Akhire Aji lan Fatih urunan dhuwit kanggo ngijole dagangane tukang pentol kang uwis ditabrak mau. Sakwise kejadian kasebut, Aji lan Fatih uwis ora wani numpak motor banter-banter maneh.

10. Cerkak Tema Liburan

Pengalaman plesiran menyang Bandung setahun kepungkur dadi kadhemenan dhewe. Aku bareng kanca-kanca budhal menyang Bandung pasa wayahe preinan sekolah. Iki salah siji pengalamanku seng rasane ora bakal jeleh.

Aku menyang Bandung saka Yogyakarta nyewa mobil bareng kanca-kancaku. Rencanane awaedhewe arep tilik menyang panggon-panggon wisata neng Bandung, kaya : Kawah putih lan Situ Patenggang. Ning jebule, kutho Bandung wis dikebaki mobil Plat B. Para warga Jakarta akeh sing pada menyang Bandung waktu musim preinan kaya ngene.Nganti tengah dalan nuju kawah putih, ning banjur aku lan kanca-kanca wurungna. Amergo situaasi ing dalan bener-bener macet parah.

Sak wise kui aku karo kanca-kanca nuju Situ Patenggang. Nyedhaki kawasan wisata Situ Patenggang, saka jero mobil kadelok telaga seng becik tenan. Aku karo kanca-kanca uwis ora sabar cepet nganti panggone wisata.

Nganti teko panggone , jebule kahanane cukup rame lan kebak karo bakulan. Kaendahan Situ Patenggan ora sabecik seng didelok saka mobil kemau. Daerahe sekitar akeh sampah sing sumebar. Embuh kurange pangopenan utawa tamu seng teka buwak sampah sak penake.

Kajaba marang Situ Patenggang, aku lan kanca-kanca uga menyang Kebun Binatang Tamansari. Ing Tamansari iso gawe ati luwih bungah tinimbang Situ Patenggang, amerga iso nyawang kewan-kewan.

Durung ngrasakake marem, aku lan kanca-kanca mubeng mlaku-mlaku nuju panggon wisata liyane nek kutho Bandung. Nanging kabeh panggon wisata pada macet lan kebak karo tamu. Akhire aku lan kanca-kanca milih wisata kuliner, anyak saka panganan pinggir dalan ing Pasir Kali, Desa Gajah, Omah Sosis, nganti menyang Mall Paris Van Java.Akhire blanja oleh-oleh panganan asli Bandung.

Itulah kumpulan contoh cerkak yang bisa detikers jadikan referensi. Semoga bermanfaat, ya!


Artikel ini ditulis oleh Aujana Mahalia, peserta Magang Bersertifikat Kampus Merdeka di detikcom.




(sun/iwd)

Berita Terkait

 

 

 

 

 

 

 

 


Hide Ads