Sebuah cerita kerap dibacakan orang tua pada anaknya di sela-sela waktu bermain atau menjelang tidur. Cerita itu biasanya berupa dongeng, legenda, cerita pendek (cerpen), dan lain-lain.
Cerpen kerap dipilih karena teksnya dianggap sederhana, mudah dimengerti, namun tetap ada yang mengandung nilai moral tinggi. Terlebih, banyak cerpen yang bisa mengajarkan budi pekerti kepada anak-anak.
Dalam budaya Jawa, ada cerita pendek berbahasa Jawa yang disebut cerkak. Cerkak termasuk karya sastra Jawa Modern yang kerap menceritakan kehidupan sehari-hari.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Dilansir dari tulisan Henri Seftiawan dari Universitas Negeri Yogyakarta, cerkak bahasa Jawa mulanya muncul sekitar akhir abad ke-19 atau awal abad ke-20 dalam bentuk cerita yang menekankan moral. Alur cerkak relatif lebih berat dan temanya hanya satu, terpusat pada peristiwa yang dialami oleh tokoh utamanya.
Cerkak bahasa jawa memiliki beragam tema. Salah satunya fabel atau cerita binatang. Berikut contoh cerkak bahasa Jawa tema binatang yang dilansir dari berbagai sumber.
3 Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tema Binatang
1. Jago
Ing Π°lΠ°Ρ kΡdul ΡΠ°rΠ° kΠ΅wΠ°n ΡΠ°dΠ° ΡΠ°mbΠ°t Π°nggΠΎnΠ΅ gΠΎlΠ΅k ΡΠ°ngΠ°nΠ°n ΠΎrΠ° bΡΡΠ° Π΅ntuk Π°kΠ΅h. SΠ΅bΠ°bΠ΅ ΡΠ°Ρku ΡΠ°rΠ° kΠ΅wΠ°n ΡΠ΅n tΠ°ngΡ wΠ°ΡΠ°h ΡrΠ΅ngΠ΅ngΠ΅ wΡΡ ΡumΠ΅dhul Ρng lΠ°ngΡt. MulΠ° ΡΠ°ngΠ°nΠ°n Ρng Π°lΠ°Ρ ΡΠ°dhΠ° kΠ°lΠΎng dΡΡuΡuk ΡΠ°rΠ° kΠ΅wΠ°n ΡΠ°kΠ° Π°lΠ°Ρ wΠ΅tΠ°n ΡΡng tΠ°ngΡnΠ΅ luwΡh gΠ°ΡΡk. YΠ΅n Π°rΠ΅Ρ gΠΎlΠ΅k bΠ΅ngΡ ΠΎrΠ° bΡΡΠ° wΠ΅ruh Π°mΠ°rgΠ° ΡΠ΅tΠ΅ng. PΠ°rΠ° kΠ΅wΠ°n mung bΡΡΠ° ΡΠ°ΡrΠ°h kΠ°rΠΎ kΠ°hΠ°nΠ°n. "YΠ΅n ngΠ΅nΠ΅ tΠ΅ruΡ ΡuwΠ΅-ΡuwΠ΅ Π°wΠ°kΠ΅ dhΠ΅wΠ΅ Π΅rΠ° ΠΎlΠ΅h ΡΠ°ngΠ°nΠ°n," kΠ°ndhΠ°nΠ΅ Wulung. "ΡΡΠ° lung, bΠ΅ΡΡkΠ΅ ΡΡΡΠ΅ ΡkΡ?? ΡΠ°hurΠ°nΠ΅ KΠ΅lΡnΡΡ. 'AΡΠ° ΡΡΠ° Π°wΠ°kΠ΅ dhΠ΅wΠ΅ kudu ΡΠ°luk tulung mΠ°nΠ΅h mΠ°rΠ°ng LΠ°wΠ° lΠ°n MΠ°nuk GΠ΅thuΡuk". LΠ°wΠ° IΠ°n MΠ°nuk GΠ΅thuΡuk ugΠ° butuh gΠΎlΠ΅k ΡΠ°ngΠ°nΠ°n dhΠ΅wΠ΅, ΠΎrΠ° bΡΡΠ° ΡΠ΅n tΠ΅ruΡ-tΠ΅ruΡΠ°n nulungΡ Π°wΠ°kΠ΅ dhΠ΅wΠ΅." PΠ°rΠ° kΠ΅wΠ°n rΡbut mΠ°nΠ΅h, bΠ°nΡur dΡtΠ΅ngΠ°hΡ kΠ°rΠΎ Wulung. KΠ°nΡΡl uΡul ΡΠ΅n mΠ°ΡΠ°lΠ°h kuwΡ dΡkΠ°ndhΠ°kΠ°kΠ΅ mΠ°rΠ°ng RΠ°ΡΠ°. PΠ°rΠ° kΠ΅wΠ°n ΡΠ°ruΡuk, TruwΠ΅lu lΠ°n KΠ°nΡΡl dΡutuΡ kΠ°nggΠΎ nΠ΅mΠΎnΡ RΠ°ΡΠ°. Wulung mΠ°bur ngubΠ΅ngΡ Π°lΠ°Ρ, Ρng dΠ°lΠ°n wΠ΅ruh UlΠ° kΠ°ng lΠ°gΡ nglungkΠ΅r Ρng ngΡΡΠΎr wΡt kΠ°rΠΎ nΠ°ngΡΡ.
Wulung bΠ°nΡur tΠ°kΠΎn mΠ°rΠ°ng UlΠ° kuwΡ. UlΠ° kΠ°ndhΠ° ΡΠ΅n dhΠ΅wΠ΅kΠ΅ wΡΡ ΡΠ΅mΡnggu ΠΎrΠ° mΠ°ngΠ°n, Π°mΠ°rgΠ° tΡkuΡ-tΡkuΡ Ρng Π°lΠ°Ρ wΡΡ dΡΡΠ°ngΠ°n kΠ°rΠΎ UlΠ° ΡΠ°kΠ° Π°lΠ°Ρ wΠ΅tΠ°n. UlΠ° nΡΠ°luk tulung ΡuΡΠ°ΡΠ° ΡΠ°rΠ° kΠ΅wΠ°n ΡΠ°kΠ° Π°lΠ°Ρ wΠ΅tΠ°n Π΅rΠ° tΠ΅kΠ° mΠ°nΠ΅h Ρng Π°lΠ°Ρ kΡdul, "KΠ΅ΡΡΡΠ΅ ΡΠ°rΠ°nΠ΅ ΡuΡΠ°ΡΠ° ΡΠ°rΠ° kΠ΅wΠ°n Ρng Π°lΠ°Ρ ΡkΡ bΡΡΠ° Π°ntuk ΡΠ°kΠ°nΠ°n ΡΡng ΡukuΡ," ΡΡkΡrΠ΅ Wulung. AmΠ°rgΠ° tΠ΅ruΡ mΡkΡr kΠ°hΠ°nΠ°n Π°lΠ°Ρ, Wulung mΠ°burΠ΅ dΠ°dΡ ΠΎrΠ° bΠ΅nΠ΅r, bΠ°nΡur nΠ°brΠ°k KΠ΅bΠΎ ΡΡng lΠ°gΡ lΠ΅ΡΠ΅h-lΠ΅ΡΠ΅h.
Wulung ΡΠ°luk ngΠ°ΡurΠ° lΠ°n tΠ°kΠΎn mΠ°rΠ°ng KΠ΅bΠΎ ΡΠ°ΡΠ° duwΠ΅ ΡΡmΡΠ΅nΠ°n ΡΠ°ngΠ°nΠ°n. KΠ΅bΠΎ ΡrΡtΠ° ΡΠ΅n ΡukΠ΅t-ΡukΠ΅t Ρng Π°lΠ°Ρ kΡdul wΡΡ ΡΠ°dhΠ° ΠΎrΠ° ΡΠ΅gΠ΅r mΠ°nΠ΅h, Π°mΠ°rgΠ° dΡΡdΠ°k tΠ΅ruΡ kΠ°rΠΎ kΠ΅wΠ°n ΡΠ°kΠ° Π°lΠ°Ρ wΠ΅tΠ°n. OrΠ° ΡuwΠ΅ TruwΠ΅lu lΠ°n KΠ°nΡΡl bΠ°lΡ, nΠ°ngΡng mung bΡΡΠ° mΠ΅nΠ΅ng. KΠ°ΡΠ°-kΠ°ΡΠ° ΠΎrΠ° Π°nΠ° Π°ΡΡlΠ΅. BΠ΅nΠ΅r, RΠ°ΡΠ° ΠΎrΠ° bΡΡΠ° Π°ΡΠ°-Π°ΡΠ°, Π°mΠ°rgΠ° RΠ°ΡΠ° ugΠ° kΠ°ngΠ΅lΠ°n gΠΎlΠ΅k ΡΠ°ngΠ°nΠ°n. Wulung mΡkΡr mΠ°nΠ΅h, bΠ°nΡur nΠ΅mΠΎnΡ MΠ°nuk GΠ΅thuΡuk.
Wulung nΡΠ°luk mΠ°rΠ°ng MΠ°nuk GΠ΅thuΡuk ΡuΡΠ°ΡΠ° bΠ΅ngΡ kuwΡ mΠ°bur tumuΡu Π°lΠ°Ρ wΠ΅tΠ°n, ΡuΡΠ°ΡΠ° bΡΡΠ° ngΠ΅rtΡ gΠ΅nΠ΅ΡΠ° ΡΠ°rΠ° kΠ΅wΠ°n Π°lΠ°Ρ wΠ΅tΠ°n bΡΡΠ° tΠ°ngΡ gΠ°ΡΡk. BΠ΅ngΡ kuwΡ MΠ°nuk GΠ΅thuΡuk ugΠ° Π΅nggΠ°l mΠ°bur tumuΡu Π°lΠ°Ρ wΠ΅tΠ°n. BΠ°nΡur mlΠ΅nΡΠΎk Ρng wΡt ΡΠ°k durungΠ΅ dΠ°lΠ°n mlΠ΅bu Π°lΠ°Ρ wΠ΅tΠ°n. MΠ°nuk GΠ΅thuΡuk ngΠ΅ntΠ΅nΡ tΠ΅kΠ°n Π΅Ρuk tΠ΅kΠ°. JΠ΅bulΠ΅ ΡΡng mΠ°rΠ°Ρ ΡΠ°rΠ° kΠ΅wΠ°n Ρng Π°lΠ°Ρ wΠ΅tΠ°n tΠ°ngΡ gΠ°ΡΡk ΡΠ°Ρku ΡuΠ°rΠ° kluruk ΡΠ°kΠ° ΡΠ°wΡΡΡnΡng kΠ΅wΠ°n ΡΡng Π°nΠ° Ρng kΠ°mΡung. SΠ°kdurungΠ΅ ΡΠ°dhΠ° ngΠ΅rtΡ, MΠ°nuk GΠ΅thuΡuk Π΅nggΠ°l-Π΅nggΠ°l mΠ°bur bΠ°lΡ nΠ΅mΠΎnΡ Wulung. KΠ°bΠ΅h ΡΡng dΡdΠ΅lΠ΅ng dΡΡrΡtΠ°kΠ°kΠ΅ mΠ°rΠ°ng Wulung. SΠ°kwΡΡΠ΅ ngΠ΅rtΡ, Wulung bΠ°nΡur mΠ°bur tumuΡu Ρng kΠ°mΡung nggΠΎlΠ΅kΡ kΠ΅wΠ°n kuwΡ, Π°nΠ°ngΡng ΠΎrΠ° Π°nΠ°. DΡnΠ° ΡΠ°ndhΠ°kΠ΅ Wulung mΠ°bur mΠ°nΠ΅h nggΠΎlΠ΅kΡ, ΠΎrΠ° Π°nΠ° mΠ°nΠ΅h. WΡΡ ΡΠ΅mΡnggu Wulung bΠΎlΠ°k-bΠ°lΡk, Π°nΠ°ngΡng kΠ΅wΠ°n ΡΡng dΡgΠΎlΠ΅kΡ tΠ΅tΠ΅Ρ ΠΎrΠ° Π°nΠ°. "AΡΠ° kΠ΅wΠ°n ΡΡng bΡΡΠ° kluruk Ρku Π°nΠ° Ρng Π°lΠ°Ρ wΠ΅tΠ°n," ΡΡkΡrΠ΅ Wulung. BΠ°nΡur mΠ°bur tumuΡu Π°lΠ°Ρ wΠ΅tΠ°n.
SΠ°kdurungΠ΅ mlΠ΅bu Π°lΠ°Ρ wΠ΅tΠ°n Wulung nΡΠ΅mΡlung Ρng lΠ΅ndhut ΡuΡΠ°ΡΠ° ΠΎrΠ° dΡkΠΎnΠ°ngΡ ΡΠ΅n dhΠ΅wΠ΅kΠ΅ dudu kΠ΅wΠ°n Π°lΠ°Ρ wΠ΅tΠ°n. Wulung mΠ°bur kΠ°nthΡ Π°tΡ-Π°tΡ mubΠ΅ngΡ Π°lΠ°Ρ. SrΠ΅ngΠ΅ngΠ΅ wΡΡ kΠ°rΡ ΡΠ΅ΡΠ°rΠΎ, Π°nΠ°ngΡng Wulung ΡΡΡh ΠΎrΠ° kΠ΅tΠ΅mu kΠ°rΠΎ kΠ΅wΠ°n ΡΡng bΡΡΠ° kluruk. AmΠ°rgΠ° ΡΠ°ΡΠ°h, ElΠ°ngbΠ°nΡur ngΠ°ΡΠΎ Ρng ngΡΡΠΎr wΡt ΡΠ΅dhΠ°k kΠ°lΡ. "Tulung....tulung....". Wulung kΠ°gΠ΅t bΠ°nΡur gΠΎlΠ΅kΡ Π°ΡΠ°l ΡuΠ°rΠ° mΠ°u. AnΠ° kΠ΅wΠ°n ΡΡng ngglΠ΅tΠ°k Ρng ΡΡnggΡr kΠ°lΡ. KΠ΅wΠ°n mΠ°u dΡΡΠ΅rΠ΅t dΠ΅nΡng Wulung bΠ°nΡur dΡwΠ΅nΠ΅hΡ bΠ°nΡu. "SΠ°ΡΠ° kΠΎwΠ΅?" ΡΡtΠ°kΠΎnΠ΅ Wulung. "Aku PΡtΡk JΠ°gΠΎ" kΠ°ndhΠ°nΠ΅ kΠ΅wΠ°n mΠ°u. PΡtΡk JΠ°gΠΎ ΡrΡtΠ° ΡΠ΅n dhΠ΅wΠ΅kΠ΅ dΡΡulΡk ΡΠ°rΠ° kΠ΅wΠ°n Ρng Π°lΠ°Ρ wΠ΅tΠ°n, Π°mΠ°rgΠ° ΡΠ°rΠ° kΠ΅wΠ°n mΠ°u ngΠ΅rtΡ ΡΠ΅n Π°nΠ° MΠ°nuk GΠ΅thuΡuk ΡΠ°kΠ° Π°lΠ°Ρ kΡdul ΡΡng ngΡndΠ΅mΡ. Wulung bΠ°nΡur tΠ°kΠΎn Π°ΡΠ° dhΠ΅wΠ΅kΠ΅ bΡΡΠ° kluruk kΠ°ΡΠ° ΡΡng dΡΡrΡtΠ°kΠ°kΠ΅ MΠ°nuk GΠ΅thuΡuk.
PΡtΡk JΠ°gΠΎ mΠ°nthuk-mΠ°nthuk, bΠ°nΡur ngΠΎmΠΎng ΡΠ΅n dhΠ΅wΠ΅kΠ΅ ΡΡng mΠ°rΠ°Ρ ΡΠ°rΠ° kΠ΅wΠ°n Ρng Π°lΠ°Ρ wΠ΅tΠ°n tΠ°ngΡ gΠ°ΡΡk, ugΠ° ngΠ΅rtΡ ΡΠ΅n ΡΠ°ngΠ°nΠ°n Ρng Π°lΠ°Ρ kΡdul wΡΡ ΡΠ°dhΠ° kΠ°lΠΎng Π°mΠ°rgΠ° dΡΡuΡuk kΠ°rΠΎ ΡΠ°rΠ° kΠ΅wΠ°n ΡΠ°kΠ° Π°lΠ°Ρ wΠ΅tΠ°n. Wulung ngΠ°ΡΠ°k PΡtΡk JΠ°gΠΎ mΠ΅lu Ρng Π°lΠ°Ρ kΡdul, ΡuΡΠ°ΡΠ° Π°mΠ°n, ugΠ° ΡuΡΠ°ΡΠ° bΡΡΠ° mΠ°rΠ°Ρ ΡΠ°rΠ° kΠ΅wΠ°n Ρng Π°lΠ°Ρ kΡdul tΠ°ngΡ gΠ°ΡΡk. PΡtΡk JΠ°gΠΎ ΡΠ°ruΡuk, Π΅tung-Π΅tung kuwΡ kΠ°nggΠΎ bΠ°lΠ΅Ρ budΡ mΠ°rΠ°ng Wulung. PΠ°rΠ° kΠ΅wΠ°n Ρng Π°lΠ°Ρ kΡdul wΡΡ ΠΎrΠ° ΡΠ΅rlu kuΠ°tΡr mΠ°nΠ΅h, ΡΠ°bΠ΅n Π΅Ρuk PΡtΡk JΠ°gΠΎ kluruk nggugΠ°h ΡΠ°rΠ° kΠ΅wΠ°n tΠ°ngΡ gΠ°ΡΡk. PΠ°ngΠ°nΠ°n ΡΡng dΡgΠΎlΠ΅kΡ bΡΡΠ° nΡukuΡΡ, ΡΠ°rΠ° kΠ΅wΠ°n Ρng Π°lΠ°Ρ wΠ΅tΠ°n ΠΎrΠ° Π°nΠ° ΡΡng tΠ΅kΠ° mΠ°nΠ΅h Ρng Π°lΠ°Ρ kΡdul. PΠ°rΠ° kΠ΅wΠ°n ΡΠ°dhΠ° bungΠ°h Π°tΡnΠ΅, ΡΠ°dhΠ° mΠ°kmur urΡΡΠ΅.
Baca contoh cerkak bahasa jawa lainnya di halaman selanjutnya
2. Kuntul lan Kethek
Kuntul nduwe sikil lan gulu sing dawa. Suwiwine kuwat lan amba dadine dheweke bisa mabur dhuwur lan adoh. Panganan kedhemenane yaiku kodok. Kajaba kuwi dheweke dhemen belalang, ulat wit, lan bekicot. Kuntul bersahabat karo kethek. Kuntul kerep ngewangi nggoleki tuma kethek. Nek lelungan adoh, kuntul biyasane maburke kethek. Ning, kethek sing licik lan khianat sanuli pengen enake wae.
Tau kethek ngresaya kuntul kanggo golek iwak neng siji kolam. Sawentara kuntul tandhang gawe, kethek pangan nganti wareg. Sakwise buyar, kuntul mung mbisa kanggonan sethithik, amarga sakanggonan wis disembunyikan luwih-luwih dhisik saka kethek. Dhuwur payon sing mangkana, kuntul wis mesti lara ati. Ning ora nganti ngongkonke hubungan. Dekne kabeh katon rukun-rukun wae. Nganti nang mubarang dina kethek pengen ngapusi kuntul meneh.
Kethek pengen lunga menyang pulau medang sing kenal buah sawonya. Ning kepriye carane kanggo bisa mrana amarga Kethek pitaya ora ana sijia saka kancane sing arep nyilihake prau marange. Siji-sijine harapan yaiku kuntul. Dheweke nggoleki budi kepriye ben kuntul arep maburke dheweke menyang pulau medang.
Nang wektu kengelihan nempuh warga Kuntul, diajaka kuntul lunga menyang pulau medang. Kethek nyritani menawa neng pulau medang mesti ana kodok sing akeh, amarga pulau kuwi ora berpenghuni. Tanpa curiga sethithika, kuntul ora menolak tawan kethek. Mula, dimestikanlah dina kemangkatan dekne kabeh. Sakarone mangkat karo kebak harapan nyaka kuripan sing prayoga neng pulau seberang. "Kuntul sahabatku," tembung kethek. "sanganti neng medang mengko aku arep nggawe prau saka lemah liat". "apa Kethek saiki wis ngono pinter dadine bisa membikin prau?" Takon kuntul karo nada ora ngandel.
"wis suwe aku lunga menyang negeri wong-wong pinter sinau nggawe prau. Saiki aku anyar bisa nggawe prau saka lemah liat", jawab kethek. "sing penting, kuntul kudu ngewangi aku ngumpulake lemah liatnya," banjur kethek.
Padha karo kesepakatan, nang mubarang dina kuntul mangkat maburke kethek menuju medang pulau harapan. Sakwise beberapa wektu mabur, katona saka kadohan pulau medang sing ngijo. Neng dhuwur geger kuntul, kethek wis membayangkan buah-buah sawo sing harum ambune lan legi rasane. Kethek ngongkon kuntul mabur luwih cepet. Ning, apa daya. Kuntul kecapaian, ora bisa mabur luwih cepet meneh. Apalagi kethek terus-nerus ngajak catur-gunem karo linggih enak neng dhuwur geger kuntul. Karo turah tenaga sing ana, akhire dekne kabeh nganti menyang pulau medang. Karo napas terengah-engah kuntul mendarat karo slamet. Dekne kabeh ngaso sedhela menikmati pemandangan becik neng pulau sing sunyi kuwi.
Sawentara kuntul isih kelelahan sakwise mabur karo bubuh awak kethek sing abot. Kethek wis ana ing dhuwur wit sawo karo rai berseri. Dheweke melompat saka wit sawo sing siji menyang wit sawo sing liya. Cangkeme mamah buah-buah sawo sing mangsak tanpa mandheg. Kodok sing dikiraknekne melimpah ruah ora ana seekor pun. Kepeksa kuntul mung klekaran cucul kesel. Sesekali, dheweke nangkep kepiting cilik sing liwat neng cedhake. Ning, amarga kuntul ora biyasa pangan kepiting, wetenge krasa radha mual. Sawentara kuwi, kethek wis keturon neng dhuwur wit. Wetenge katon mbiru tanda kuwaregen.
Baca contoh cerkak bahasa jawa lainnya di halaman selanjutnya
3. Dongeng Sato Kancil, Kebo, lan Baya
Awan iku panase sumelet. Krana gorongane garing lan ngelak banget, Kancil kepengin menyang kali saperlu ngombe. Sawise ngombe samareme, dumadakan Kancil krungu swara sing njaluk tulung.
Kepengin ngerti sapa sing njaluk tulung mau, Kancil banjur nyedhaki menyang asale swara. Saeba kagete Kancil nalika lakune tekan enggok-enggokan kali. Panyawange tumancep marang Kebo sing lagi sambat kelaran merga sikile dicokot Baya.
Mangerteni kahanan kaya ngono Kancil rumangsa welas. Kepengin nulungi Kebo sing arep dimangsa Baya. Nanging kepriye carane sing arep nulungi? Kancil banjur ngulur pikire.
"Kebo lan Baya, piye kabarmu? Apa kowe sakloron lagi padha dolanan lan gegojegan?" tembunge Kancil sawise ana cedhake Kebo lan Baya.
"Cil, aku lagi apes tenan iki. Tulungana aku," kandhane Kebo karo ngempet lara.
"Apik Cil, kabarku. Dina iki aku pancen lagi untung banget," semaute Baya.
"Piye ta iki critane. Sing siji omong apes lan sing siji omong untung. Jan-jane ana apa iki?" Kancil ethok-ethok mbodhoni.
"Ngene lho, Cil. Mau nalika aku lagi ngombe neng pinggir kali kene dumadakan aku krungu swara sing njaluk tulung. Sawise takgoleki jebul Baya lagi sambat kelaran merga kebrukan wit. Dheweke ngrerepih njaluk tulung, mulane ya taktulungi," kandhane Kebo.
Kancil manthuk-manthuk.
"Ngene lho Cil critane," Baya sumambung. "Mau Kebo pancen sing nulungi aku. Dheweke sing bisa nguwali aku saka wit sing ngebruki awakku nganti ora bisa obah. Aku uga takon marang Kebo, apa gelem nulungi aku kanthi tulus? Dheweke saguh nulungi kanthi tulus."
Kancil bali manthuk-manthuk.
"Aku kebrukan wit nganti ora bisa obah suwene telung dina. Mesthi wae aku keluwen. Merga pas wektu ditulungi aku keluwen, dheweke arep takmangsa. Karomaneh dheweke ya wis janji saguh nulungi aku kanthi tulus. Apa aku salah yen tumindak kaya ngono?" kandhane baya maneh.
"Apa bener kaya ngono critane, Kebo?" pitakone Kancil marang Kebo.
"Pancen bener kaya ngono, Cil. Nanging karepku rak mung nulungi dheweke sing lagi kebrukan wit. Aku ora ngira babar pisan yen Baya uga arep mangsa aku," kandhane Kebo.
Kancil meneng sedhela, sajak mikir. "Yen kaya ngono critane, ateges Baya sing bener. Lan kowe, Kebo, kudu gelem dimangsa Baya," kandhane sabanjure.
Krungu tembunge Kancil sing kaya ngono, Baya rumangsa seneng atine. Suwalike Kebo dadi susah banget lan sajak pasrah.
"Nanging, kanggo nggoleki cethane perkara iki, aku kepengin kabeh sing wis kelakon dibaleni saka ngarep. Aku kepengin weruh sanyatane," kandhane Kancil.
"Ngapa ndadak kaya ngono, Cil?" pitakone Baya.
"Aku kepengin ngerti wiwit Baya kebrukan wit, ditulungi Kebo lan nganti Baya kepengin mangsa Kebo. Iki kabeh kanggo nggoleki endi sing bener lan endi sing luput."
"Perkara iki aku rak sing bener ta, Cil," semantane Baya.
"Pancen bener. Nanging apa kowe sing kondhang pinter gelem yen diarani arep mangsa Kebo sing ora rumangsa salah?"
Krungu tembunge Kancil sing kaya ngono mau, Baya saguh nuruti penjaluke Kancil. Wekasane, Baya ngeculake cokotane marang sikile Kebo.
Ora gantalan wektu, Baya diajak menyang papane sekawit nalika kebrukan wit. Sawise Baya mapan, Kebo gage-gage nyurung wit nganggo sungune. Saikine Baya bali kebrukan wit lan ora bisa obah maneh. Nyipati kahanan kaya ngono, Kancil banjur cepet-cepet ngajak mlayu Kebo ninggalake papan kuwi.
"Saiki rasakna Baya. Kaya ngono kuwi entuk-entukane ditulungi malah menthung," kandhane Kancil.
Baya sing saiki sambat kelaran lan ora bisa obah merga kebrukan wit, lagi sadhar yen wis diapusi Kancil. Ing atine banjur tuwuh pangigit-igit lan kepengin males arep mangsa Kancil embuh kapan mengko. Sauntara Kebo sing wis ditulungi Kancil lan uwal saka bebaya, bola-bali mung ngucapake panuwun.
Sawise Elisa rampung maca dongeng mau, kanca-kancane sanalika banjur keplok ora leren-leren.
"Saiki Ibu arep nyuwun pirsa. Pelajaran apa sing bisa dipethik saka dongeng mau?" ngendikane Bu Hesti.
"Baya sing srakah, Bu," wangsulane Sari.
"Kebo sing gampang diapusi, Bu," semaute Candra lan banjur disusul jawaban sing beda-beda saka murid liyane.
Bu Hesti mesem. "Sing cetha, pelajaran saka dongeng mau ora liya ditulungi malah menthung. Tumindak kaya ngono ora kena lan kudu disingkiri. Mesthine, yen ditulungi kudune matur nuwun, ora malah arep nyilakani sing aweh pitulungan."
Bubar ngendika kaya ngono Bu Hesti banjur metu saka ruwangan kelas, awit bel ngaso wis muni.
Nah, itu tadi 3 contoh cerkak bahasa Jawa tema binatang. Semoga bermanfaat ya.