Macapat merupakan nama jenis tembang dalam karya sastra Jawa Baru, yang digunakan untuk menyampaikan pesan dengan menggunakan ketentuan tembang Jawa. Seperti jumlah larik pada tiap bait, jumlah suku kata pada tiap larik, dan bunyi suku akhir.
Mengutip buku Macapat dan Santiswara karya Darusuprapta, terdapat aturan-aturan yang berkaitan dengan kaidah penggunaan bahasa dan lagu dalam tembang macapat. Berikut ini uraiannya.
- Tiap bait dengan jumlah larik tertentu, antara 4-10 larik, disebut sebagai guru gatra.
- Tiap gatra atau larik dalam satu bait dengan jumlah suku kata tertentu, antara 3-12 suku kata, disebut sebagai guru wilangan.
- Bunyi suku terakhir pada setiap larik, -a, -i, -u, e-, atau -o, disebut sebagai guru lagu.
- Tiap baitnya harus mengandung isi yang utuh.
- Tiap lariknya harus berupa kalimat lengkap.
- Akhir kalimat harus disesuaikan dengan perhentian nada lagu.
- Larikan tembang mempunyai 'pedhotan' atau 'pemenggalan' irama dimana terjadi perhentian pernapasan.
- Penggunaan 'purwakanthi' atau 'persajakan' menambah kesan indah.
- Isi tembang harus selaras dengan wataknya.
Baca juga: 7 Mitos yang Masih Dipercayai di Jawa Timur |
Dalam khazanah kebudayaan Jawa, tembang macapat terbagi ke dalam beberapa jenis. Di antaranya Maskumambang, Pucung, Megatruh atau Dudukwuluh, Gambuh, Mijil, Kinanthi, dan masih banyak lagi.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Mengutip buku Warisan Geguritan Macapat karya Suwardi, berikut ini detikJatim uraikan jenis-jenis tembang macapat beserta contohnya, yang dapat dijadikan sebagai referensi pembelajaran.
![]() |
Jenis Tembang Macapat dan Contohnya:
1. Maskumambang
Tembang ini menyiratkan watak susah, sedih, terharu, prihatin. Contohnya sebagai berikut.
Nggegulang Kasarasan
Badan iki sapa ingkang durung ngerti,
yen tansah pun bekta
ing salaminipun urip,
apa uwis den gatekna.
Raga mono kandhang tumraping penggalih,
kabel solah bawa,
gegambarane kang ati,
iku ana jrone raga.
Mung sawiji raga kudu dipepetri,
murih tansah waras,
kagladhia saben ari,
aneng sabin amakarya.
Waras iku pawitane pados tedhi,
adoh mring lelara,
marakake pikir bening,
dadi manungsa prawira.
Awak kuwat sehat sarta pikir bening,
srana umur dawa,
sejahtera lair batin,
idhamanira bangsanya.
Nambut karya iku kudu angon wanci,
nora kena ngangsa,
galih datan pijer kingkin,
resikan sembarang uga.
Aywa suka tansah melek warici ratri,
awit iku godha,
tumangkarira sesakit,
mula gizi cukupana.
2. Mijil
Tembang ini berwatak terharu, melayang jauh. Contohnya sebagai berikut.
Desa Ginawe Ayu
LKMD saiki wus mijil,
gawe desa monjo,
iki padha dipun tata dhewe,
pager latar keboh dipun predi,
dadi karang-kitri, resep yen dinulu.
Tinanduran jeruk pisang engkih,
nyatane ya awoh,
uga klapa genjah kopi kates,
sakabehe giriawe linuwih,
nanging tetep asri,
nora katon njembrung.
Lamun dhusun papan uwis dadi,
seneng ingkang manggon,
thethukulan sajak sarwa pamer,
woh-wohane pancen ngiming-iming,
amung kari methik,
kanggo tambal butuh.
Sejatine sinten datan ngerti,
lamun dhusun mono,
sumber butuh sedina-dinane,
awit butuh ora kudu dhuwit,
kebon wus cumawis,
dadi "warung idhup".
Ora kleru dhusunn iki panti,
ingkang kanggo ngaso,
lamun resik adoh memalane,
prakara kang mligi,
LKMD ngrembug.
Bekicot kang tansah sabeng warih,
kanthi gotong-royong,
iki cara ingkang langkung sae,
nyata bakal bisa amungkasi,
ing desamu mesthi,
swarga gnawe ayu.
3. Sinom
Tembang macapat ini berwatak gembira, berwibawa. Contohnya sebagai berikut.
Waspada Dadi Suci
Sinnom paringane bapa,
warisan tumrap wak mami,
ingsun dadekake jimat,
mangkene unine nguni,
heh thole bagus siwi,
lah mangkene critanipun,
papan iki aran donya,
ingkang pepak kebak isi,
mula angger crita iki rungokna.
Jaman mengko donya bakal,
klakon ramene kepati,
manungsa padha ramonan,
datan eling marang budi,
mburu gesang pribadi,
tatanan tan den paelu,
nggugu mring angkara murka,
marang kanca 'ra peduli,
gedhor copet maling garong bentayangan.
Nanging sira den elinga, jaganen nggenira urip,
tindak tanduk solah bawa,
iku kudu ngati-ati,
pangaruh ala kuwi,
luwih lembut luwih alus,
nanging yen sira waspada,
bakal dadi wong kang suci,
ngger putraku dadia wong kang piguna.
Kalamun sira kuwasa,
ing kono sira den uji,
lamun urip dadi rakyat,
ing kono iya den uji,
spira pamone ati,
gegetih munggwing wit pohung,
lemah banyu saupama,
den butuhke wong sanagri,
iku kena kanggo sangu golek ngamal.
4. Kinanthi
Tembang ini berwatak senang, gembira, kasih sayang. Contohnya sebagai berikut.
Bekti Kagem Ibu
Sembah sujud bekti konjuk,
mugi katur ibu mami,
keng putra sampun rumangsa,
pinaringan gesang mukti,
urip jaman wus merdika,
warisan pra sepuh mami.
Nyuwun tambahing pangestu,
kula badhe angayahi,
tanggung jawab marang bangsa,
ugi mring ibu pertiwi,
iku pancen kuwajiban,
keng putra wus kudu ngerti.
Sepira awrate ibu,
nambut karya tanpa pamrih,
kang jinangka mung sajuga,
gawe mulya putra-putri,
labuhira kanthi nyawa,
najan abot den lampahi.
Cinathet kang resminipun,
dhek jaman Ibu Kartini,
dimen aja ketinggalan,
pra ibu nggone ngestreni,
kakung-putri bebarengan,
mbela nagri kangge siwi.
Lamun pra putri ten maju,
bakal ringkih tembe mburi,
awit ibu kang kuwasa,
mulang muruk putra-putri,
guru aneng kulawarga,
kang pawitan jroning urip.
5. Asmarandana
Tembang macapat ini berwatak sedih, rindu, prihatin. Contohnya sebagai berikut.
Ajine Pribadi
Kasmaran laku utami,
marsudi murih sampurna,
dimen kepenak uripe,
najan manungsa tan ana,
kang datan darbe cacat,
nanging kabeh tindak tanduk,
iku bisa den gegulang.
Apa dene swara ati,
dadia woting tumindak,
sabab lamun datang nate,
mulat sarira manungsa,
bisa dadi sangsara,
tangeh lamun bisa luhur,
kepara tumibeng nistha.
Pancen abot mulang dhiri,
kanggo pawitane gesang,
neng jroning masyarakate,
nanging lamun dipun nalar,
iku conto sembada,
den gugu sarta den tiru,
dadi ingajenan kanca.
6. Gambuh
Tembang ini berwatak polos, jelas, apa adanya. Contohnya sebagai berikut.
Mboyong Dewi Sri
Yen teka mangsa tandur,
mbakyu-mbakyu tani padha rukun,
rame-rame menyang sabin nyekel winih,
neng ler-leran banjur nyemplung,
ora wedi karo blethok.
Wiwite umun-umun,
nganti tekas wis meh wayah surup,
nanging iku linakonan kanthi tliti,
mrih gampang anggone matun,
kudu lempeng ora bengkong.
Pak Tani nggawa kenur,
kanggo ngentheng manut marang ukur,
mBakyu Tani jejer-jejer pating jrengking,
iki pancen wajibipun,
sedulur-sedulur wadon.
Mangkono critanipun,
ganti-ganti sabulak wis kemput,
yen sinawang amba nganti khetip-khetip,
katon iju riyu-riyu,
desane katon yen adoh.
Ing kono papanipun,
kanggo ajang rejeki kang thukul,
murakabi mring sedulur sanagari,
papan Dewi Sri tumurun,
paring tedha marang uwong.
Dewi Sri bakal nesu,
lamun tandur datan dipun rabuk,
sarta nora den upakara kang becik,
Dewi Sri ra bakal mudhun,
gawe Bapak Tani kapok.
Tujune padha emut,
warga tani tumandange sengkut,
amrih Dewi Sri nora rumangsa serik,
kanthi nguri-uri tandur,
tekan wiwit dipun boyong.
7. Dhandhanggula
Tembang ini berwatak manis, indah, gembira. Contohnya sebagai berikut.
Ora Anut Grubyug
Para mudha ing jaman saiki,
akeh padha mlayu menyang kutha,
murih bisa nyambut gawe,
amung karana sangu,
ijazah kang den piyandeli,
kang pun ajab bisoa,
antuk pangkat dhuwur,
kareben bisa kuncara,
bayar akeh nggone urip bisa mukti,
iki tan ana liya.
datan ana ginambar ing ati,
lamun kutha wus kebak manungsa,
ingkang padha karepane,
prasasat rebut dhucung,
lowongannya dipun cadhangi,
samengko tan kocapa, direwangi padu,
yen pawitan nora sabar,
bisa was banjur nekat tan preduli,
lali purwaduksina.
Jaman iki kita kudu ngerti,
yen pakaryan jebule thukulan,
saka ati mletik dhewe,
jatine ingkang baku,
sugih cara tan pilih-pilih,
tan njagake panglamar,
waton ngangsu kawruh,
iki srana salaminya,
tanpa kawruh janma ora bisa ngerti,
ubete masyarakat.
Kena apa datan wiwit iki,
reka-reka golek cara anyar,
lan wawasan kudu duwe,
'ra waton anut grubyug,
bisa ngantepi salah siji,
tolehen raganira,
aja mandheg mangu,
sapira kabisanira,
ayo padha dipun udi nganti tliti,
anggone njunjung tekat.
8. Durma
Tembang macapat ini berwatak bersemangat, keras, galak. Contohnya sebagai berikut.
Dadya Rowang Sejati
Bumi iki ora kena 'nggo jag-jagan,
wit iki papan suci,
sira bakal kwalat,
kesiku mring kang Kwasa,
jalaran pancen tinakdir,
wiwit dhek kuna,
iki papan kang becik.
Aja pisan-pisan pengin nyoba ndhustha,
'pa arep nantang pati,
'ki papan satriya,
sarwa bener tindaknya,
mula cepet ndang sumingkir,
sira nggugua,
mumpung durung kaslenthik.
Praja iki ora kanggo wong kang sarak,
kang srei lawan drengki,
nanging lamun sira,
teka arsa kekancan,
seduluran kanthi apik,
iku tinampa,
ingsun tan maekani.
Ta rungokna tembang jaman penjajahan,
sapa sarak den usir,
yen tan gelem pasrah,
dadi warga negara,
prikamanungsan wus mesthi,
emoh kanggonan,
angkara murka iki.
Njajah bangsa iki cara ingkang nistha,
saiki 'ra njamani,
awit bisa wirang,
bangsa-bangsa sadonya,
mesthi bakal ngisin-isin,
PBB uga,
cawe-cawe mungkasi.
Ning saiki bangsa aman 'dha kekancan,
ngadhepi urip iki,
padha bebarengan,
tumandang warna-warna, muga-muga tansah eling,
kang gal-ugalan,
dadya rowang sejati.
9. Pangkur
Tembang macapat ini berwatak bergairah, gagah, perkasa. Contohnya sebagai berikut.
Gawe Pangan
Bapak Tani udan udan,
nanging datan duwe tyas wigih-wigih,
kadereng ndang bisa nandur,
ketungkul macul lemah,
nggarap sawah mrih bisa urip kang makmur,
anenandur palawija,
pala kesimpar lan pari.
Mangkono slami-laminya,
gesang lulut kalawan sawah tegil,
nggaweke pangan sedulur,
ingkang manggon na kutha,
dadi cegak adeging nagri kang baku,
apa ora jeneng mulya,
mring negara diajeni.
Ayem tentrem ora nggrangsang,
najan ana jaman nganeh-anehi,
mung siji kang dipun suwun,
panenan tansah ningkat,
sarap sawan ama kabeh padha sumyur,
iku kang tansah den mengsah,
kang ora bisa dibedhil.
Mula pamrentah surnadya,
kabutuhan rabuk alat lan wiji,
uga obat amanipun,
koprasi tani sisan,
kanggo njaga paceklik wus gawe lumbung,
gawe wadhuk agraria,
ben bisa ngoncori tegil.
10. Megatruh
Tembang ini berwatak kecewa, sedih, prihatin. Contohnya sebagai berikut.
Njaga Lemah
Siti kang siniram banyu udan iku,
ing sawanci-wanci yekti,
gawe wiji sigra thukul,
migunani mring wong urip,
gawe krasan mring kang manggon.
Papan kuwi becik aja dipun gundhul,
awit gundhul mbebayani,
tetuwuhan dipun rabuk,
aja malah den tegori,
iku marakake longsor.
Penghijauan lamun datan dipun gugu,
iki gampang ana banjir,
ora bisa nyimpen banyu,
kang njalari lemah keli,
sebab ora ana oyot.
Yen mengkono yekti banjur larang banyu,
jalaran si banyu iki,
lamun udan mblandhang terus,
atus lemahe njur garing,
tan den simpen dening oyot.
Seserepan program iki pancen perlu,
najan mekar teknologi,
flora pancen tetep perlu,
mbarengi mekare janmi,
dimen lemah ora ambrol.
11. Pucung
Tembang macapat ini berwatak santai, seenaknya, dan gegabah. Contohnya sebagai berikut.
Tanpa Gandhing Ajinira
Thole kuncung,
lamun sira ngudi ngelmu,
ja pisan sembrana,
awit ngelmu migunani,
tanpa iki uripmu bakal rekasa.
Wit wong sepuh,
ingkang wus bodho kebacut,
anane mung pasrah,
ora bisa anggetuni,
marga ngerti getun mhuri tanpa guna.
Anak putu,
ora kena melu-melu,
dadi wong kluyuran,
awit marakake lali,
gawuyanmu kudu rampung saben dina.
Disinau,
awak aja nganti ngelu,
amrih kabeh lancar,
mula kudu ngati-ati,
saben dina ulah raga dimen kuwat.
Lamun esuk,
aja pisan wegah wungu,
banyu aneng njangan,
iki pituduh sayekti,
iku lamun dipun udi apik tenan,
Pancen kudu,
solah tingkah ingkang cakut,
jangkahmu sih amba,
golek mulya jaman mangkin,
isih akeh dham-idhaman ingkang mulya.
Yekti kojur,
uwong bodho kaya aku,
sasat lawe klasa,
aji godhong jati aking,
eman-eman yen urip ditinggal jaman.
Rumangsamu,
apa jaman ora maju,
iki kudu tanggap,
ngelmu perlu kanggo urip,
pawitan kang tanpa tandhing ajinira.
Artikel ini ditulis oleh Savira Oktavia, peserta Magang Bersertifikat Kampus Merdeka di detikcom.
(sun/iwd)