- Susunan Acara Pernikahan Adat Jawa
- Contoh Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Kromo Inggil Pambuka (Muwani Lekasing Sedya) Waosan Ayat Suci Al-Quran Pasrah Panampi (Serah Terima Penganten) Upacara Panggih (Panyandra Pertemuan Adat) Kacar-Kucur & Dhahar Klimah Sasmita/Pitutur Luhur (Mau'idloh Hasanah) Sungkeman (Permohonan Doa Restu) Panutup (Wusana)
Menyusun sebuah acara pernikahan dengan adat Jawa memerlukan ketelitian, terutama dalam pemilihan kosakata. Penggunaan contoh teks MC pernikahan bahasa Jawa Kromo Inggil yang tepat tidak hanya berfungsi sebagai pemandu acara, tetapi juga sebagai ruh yang mampu membangun nuansa sakral dan penuh penghormatan kepada para tamu serta keluarga besar.
Keindahan artikulasi dalam bahasa Jawa Kromo Inggil seringkali menjadi tolok ukur kualitas sebuah prosesi pernikahan. Dengan mengikuti contoh teks MC pernikahan bahasa Jawa Kromo Inggil ini, diharapkan pembawa acara dapat menuntun jalannya upacara dari awal hingga akhir dengan lancar, sembari tetap menjaga nilai-nilai luhur tradisi yang diwariskan secara turun-temurun.
Suasana yang khidmat akan tercipta ketika setiap diksi yang diucapkan selaras dengan prosesi adat yang dijalani. Melalui contoh teks MC pernikahan bahasa Jawa Kromo Inggil di bawah ini, Anda akan dipandu untuk membawakan urutan acara dengan tata krama yang tinggi (unggah-ungguh).
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Susunan Acara Pernikahan Adat Jawa
Sebelum masuk ke naskah, berikut adalah rincian tahapan acara agar Anda memahami filosofi di setiap sesinya seperti yang dikutip dari buku Tata Cara Pengantin Jawa karya Ki Juru Bangunjiwo.
- Pambuka: Tahap awal untuk membuka acara, menyapa tamu, dan memanjatkan syukur kepada Tuhan.
- Waosan Ayat Suci Al-Quran: Memohon keberkahan melalui lantunan kitab suci agar acara dijauhkan dari hambatan.
- Pasrah Panampi: Dialog serah terima pengantin pria dari keluarga pria kepada keluarga wanita.
- Upacara Panggih: Prosesi bertemunya kedua mempelai setelah sah secara agama, melibatkan ritual Balangan Suruh dan Wiji Dadi.
- Kacar-Kucur & Dhahar Klimah: Melambangkan pemberian nafkah pertama suami kepada istri dan simbol kerukunan.
- Sasmita / Pitutur Luhur: Pemberian nasihat pernikahan dari sesepuh atau ulama.
- Sungkeman: Prosesi memohon maaf dan doa restu terakhir kepada orang tua sebagai tanda bakti.
- Panutup: Penutup acara sekaligus doa keberkahan bagi keluarga baru.
Contoh Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Kromo Inggil
Berikut adalah contoh teks mc pernikahan bahasa Jawa kromo inggil dengan referensi dari buku Tata Cara Pengantin Jawa karya Ki Juru Bangunjiwo, Menjadi MC Profesional & Ahli Pidato Bahasa Jawa Pranatacara lan Sesorah karya Ki Puspa Budyasusastra, DARI BALAI RW SAMPAI ISTANA: Cara Jadi MC Serba Bisa karya Samuel Iwan Soesantho dan Siska Armawati Sufa.
Pambuka (Muwani Lekasing Sedya)
"Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Alhamdulillahirabbil 'alamin, wa bihi nasta'inu 'ala umuriddunya waddin. Asholatu wassalamu 'ala asyrofil anbiya'i wal mursalin, wa 'ala alihi wa shohbihi ajma'in. Amma ba'du.
Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kabecikan ingkang pantes pinundi. Para pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang kinasih. Sagung para tamu undangan kakung sumawana putri, saha para dherek pinanganten saking tlatah (Sebutkan Asal) ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Langkung rumiyin, sumangga tansah kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, awit saking sih kawelasan saha lumeberipun rahmat, taufik, saha hidayahipun, kula dalah panjenengan sedaya saged makempal manunggal wonten ing sasana pawiwahan punika kanthi kawontenan wilujeng nir ing sambekala. Mugi-mugi, lenggah panjenengan sedaya dados amal kesaenan sarta pikantuk piwales ingkang matikel-tikel saking Gusti. Sholawat saha salam mugi tansah katetepaken wonten ngarsanipun junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun wonten ing yaumul qiyamah."
Waosan Ayat Suci Al-Quran
"Para rawuh ingkang winantu ing suka basuki. Wahyaning mangsa kapan wus ndungkap titi laksananing adicara, mrih berkahing pawiwahan ing siang/dalu punika, ngeningaken cipta tumuju dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Adicara salajengipun inggih punika waosan ayat-ayat suci Al-Quran.
Ananging sakderengipun, nyuwun agunging pangaksama dhumateng para tamu ingkang nembe wawan pangandikan, kasuwun kendel sawatawis saperlu khidmat sarta mirengaken waosan ingkang badhe kawahos dening (Nama Pembaca). Mugi kanthi waosan suci punika, saged dados pepadhang dhumateng penganten sarimbit anggenipun badhe mbangun bale wisma, sarta saged nuntun dhumateng margining kabecikan. Dhumateng (Nama Pembaca), wekdal saha sasana kawula aturaken."
Pasrah Panampi (Serah Terima Penganten)
"Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan. Tumapak adicara ingkang angka tiga nun inggih atur pasrah saking kulawarga pinanganten kakung. Kadya dhandhang nggula, ingkang nggambaraken raos tresna ingkang tulus nilaraken seserepan lawas, pihak kulawarga kakung badhe masrahaken putra calon penganten dhumateng kulawarga mengku gati.
Pramila punika, dhumateng panjenenganipun Bapak (Nama Wakil Pria) ingkang sampun kapiji hanjejeri minangka talang basa saking kulawarga pinanganten kakung, wekdal saha sasana kawula aturaken.
(Setelah pasrah selesai) Mekaten menggah pasrah ingkang sampun ceto tatas, titis, saha trawoco. Selajengipun inggih punika atur pambagyaharja sarta panampi pinanganten saking mengku gati. Panjenenganipun Bapak (Nama Tuan Rumah) badhe nampi pasrah kasebat kanthi mongkoging manah sarta badhe nampi calon penganten kakung kados dene putra piyambak. Ingkang punika badhe dipun-sulih sarirani dening panjenenganipun Bapak (Nama Wakil Wanita). Dhumateng panjenenganipun, wekdal saha sasana kawula aturaken."
Upacara Panggih (Panyandra Pertemuan Adat)
"Para tamu ingkang dhahat kinurmatan, hamirsani sasmita, penganten putri sampun mijil saking sasana busana, kairing gending Ladrang Penganten, lumaku ririh kadi merak amamer endahing wulu, nenggih Sang Dyah Ayu (Nama Putri) ingkang sampun cinandra kadi mulyaning raras. Wondene penganten kakung saking kadohan ketingal gagah prakosa, lumaku dhasar satriya tama kairing para kadang besan.
Ing madyaning raras, kekalihipun badhe pinanggih. Sumangga kita sakseni upacara balangan suruh. Suruh lumah lan kurebe, senadyan beda nanging manunggal rasane, minangka pralambang bilih kekalihipun sampun manunggalaken cipta, rasa, lan karsa. Salajengipun upacara wiji dadi, penganten kakung amurwani ngidak tigan minangka pratandha bilih panjenenganipun badhe dados pepucuking kulawarga ingkang saged paring pitedah utami dhumateng garwa sarta keturunanipun."
Kacar-Kucur & Dhahar Klimah
"Lajeng kita sekseni sesarengan upacara kacar-kucur. Menika pralambang bilih penganten kakung sampun sagah paring nafkah lair lan batin dhumateng garwa. Biji-bijian, kacang-kacangan, saha arta ingkang dipun kucuraken mratandhani bilih asilipun kagem nyukupi kabetuhan kulawarga kanthi mulyo.
Dene dhahar klimah nggambaraken rukunipun penganten kekalih. Madhang sa-asrama, nampeni kanugrahaning Gusti, seneng bareng, susah bareng, mboten badhe nilaraken satunggal lan satunggalipun, manunggal ing katresnan dumugi pungkasing jaman. Kadya mimi lan mintuno, mboten saged dipun pisahaken dening kahanan menapa kemawon."
Sasmita/Pitutur Luhur (Mau'idloh Hasanah)
"Bilih pinanganten sarimbit anggenipun badhe nyilemi samudraning bebrayan, mbetahaken lampu minangka pandoming lampah arupi piweling saha pitedah luhur. Panjenenganipun Bapak (Nama Tuan Rumah) dalah gotrah kulawarga ngajeng-ajeng dhumateng panjenenganipun Bapak/Romo Kyai (Nama) ingkang gambuh salwiring kaweruh, kersa paring warsitoworo utawi pitutur adi dhumateng pinanganten sarimbit khususipun, umumipun dhumateng kita sedaya. Dhumateng panjenenganipun Romo Kyai (Nama), wekdal saha sasana kawula aturaken."
Sungkeman (Permohonan Doa Restu)
"Minangka pratandha pungkasaning upacara adat, sakderengipun adicara donga kalaksanan, kunjuk dhumateng pinanganten kekalih saperlu nindakaken upacara sungkeman. Sumangga jengkar saking palenggahan, sowan wonten ngarsanipun rama dalah ibu.
Pepujining ati, penganten kekalih bersimpuh nyuwun gunging pangaksama dhumateng tiyang sepuh ingkang sampun nggulawenthah saking alit ngantos dewasa. Luh ingkang tumetes menika minangka saksi bilih restu tiyang sepuh badhe dados bekel utami nindakaken gesang enggal. Nyuwun donga pangestu, amrih rancagipun mbangun bale wisma ingkang sakinah, mawaddah, warahmah."
Panutup (Wusana)
"Handungkap titi mangsa kala paripurnaning sedya, karana urut reroncening tata adicara sampun kaleksanakaken dening para kulawarga kanthi pinayungan karaharjan. Kula minangka pranatacara, saking wiwitan saengga pungkasan, hambok bilih wonten solah bawa saha atur ingkang mboten nuju prana ing penggalih panjenengan sedaya, kawula kajibah nyuwun gunging pangaksami.
Dhumateng bapak (Nama Pembaca Doa), wekdal saha sasana kawula aturaken kagem mimpin donga panutup minangka pungkasaning gati. Salajengipun, sugeng kondur dhumateng dalemipun sowang-sowang, mugi tansah rahayu ingkang sarwi tinemu. Matur nuwun. Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh."
Menjadi pembawa acara dalam prosesi sakral adat Jawa memang menuntut kematangan dalam berbahasa. Dengan menggunakan referensi di atas, Anda tidak hanya memandu urutan acara, tetapi juga berperan penting dalam menciptakan atmosfer yang penuh penghormatan dan religius. Semoga contoh teks MC pernikahan bahasa Jawa kromo inggil ini bermanfaat bagi Anda yang ingin membawa suasana pernikahan menjadi lebih khidmat dan berkesan bagi seluruh keluarga besar.
Artikel ini ditulis oleh Shakti Brammaditto Widya Fachrezzy peserta Program MagangHub Bersertifikat dari Kemnaker di detikcom
(sto/afn)
