Contoh Naskah Drama Sandiwara Bahasa Jawa Singkat Berbagai Tema

Contoh Naskah Drama Sandiwara Bahasa Jawa Singkat Berbagai Tema

Nur Umar Akashi - detikJateng
Kamis, 21 Agu 2025 13:02 WIB
Pertunjukan seni teater drama musikal kembali digelar di Graha Bakti Budaya, Taman Ismail Marzuki, Jakarta, Sabtu (7/7) dan Minggu (8/7). Pentas tersebut mengambil tema Roro Jonggrang. File/detikFoto.
Sandiwara Roro Jonggrang. (Foto: Rachman Haryanto)
Solo -

Tahukah kamu, di balik pementasan drama atau sandiwara, ada naskah yang telah disusun sedemikian rupa? Naskah drama tersebut dapat ditulis dalam berbagai bahasa, seperti bahasa Indonesia dan Jawa, tergantung kondisi.

Disadur dari buku Menulis Kreatif Naskah Drama oleh Marista Dwi Rahmayantis dkk, kata 'drama' berasal dari bahasa Yunani, draomai atau dran, yang berarti bertindak, berlaku, berbuat, atau beraksi. Naskah drama merupakan salah satu genre karya sastra.

Berbeda dengan prosa atau puisi, naskah drama berisikan dialog tokoh-tokohnya. Dialog-dialog tersebut tidak memakai tanda petik karena bukan kalimat langsung. Ciri utama inilah yang membedakannya dengan karya sastra lain.

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Naskah drama sudah dipelajari sejak masa sekolah, baik dalam bahasa Indonesia maupun Jawa. Sering kali para siswa kemudian diminta membuat naskah drama dan mementaskannya di depan kelas atau sekolah.

Kamu sedang butuh naskah drama sandiwara bahasa Jawa? Yuk, cek contohnya di bawah ini sebagai referensi!

ADVERTISEMENT

3 Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa Singkat

Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa #1: Sindenrela lan Sandal Jepit

(sumber: tulisan Dini Carina Halimah dan Gian Novantio A dari SMK Negeri 7 Semarang)

Sindenrela kuwi gadis desa sing pinter nembang, suarane apik, parase ayu, seneng nulung, nanging uripe melasi. Ibu kandunge wis ngadep Gusti Allah. Sindenrela nduwe ibu kuwalon anyar lan nduwe sedulur kuwalon anyar jenenge Rahayu. Ibu tiri lan Rahayu mau senenge nyiksa Sindenrela nek bapake ora neng omah. Saben dina Sindenrela dipaksa kerja terus-terusan, nanging Sindenrela tetep sabar.

Sindenrela nduwe kanca jenenge Tukimin. Tukimin iki wis dadi kancane Sindenrela kawit cilik. Mung karo Tukimin tok, Sindenrela gelem cerita apa wae, rak ana sing ditutupi. Apa maneh masalah karo ibu tirine lan Rahayu, ora ketinggalan di ceritakake meng Tukimin.

Babak I

(esuk-esuk nang omahe Sindenrela)

Ibu tiri: Sindeeeeen!!!! Sindenrela!!! (lungguh ing ngarep TV karo kipas kipas)

Sindenrela: Dalem, Bu? (mlayu marani ibu tirine)

Ibu tiri: Dolam dalem! Kowe ora ndeleng gerabah numpuk-numpuk. Kumbah saiki!

Sindenrela: Ngapunten, Bu. Kala wau kan ibu ndhawuhi Sinden supados nggirah agemane Ibu. Nah menika dereng... (Sindenrela durung rampung ngomong, wes dipedhat ibu tirine)

Ibu tiri: Halah, aja nggawe alasan terus! Ibu ora arep ngerti, pokoke saiki kabeh kudu rampung!

Sindenrela: Nggeh, Bu... (karo manthuk manthuk)

Rahayu: Sindenrelaaaaa!

Sindenrela: Dalem, Mba? (mlayu marani Rahayu)

Rahayu: Ki klambiku gosokake. Aku arep dolan karo kanca-kancaku. Saiki! (mbalangke klambi marang wajahe Sindenrela)

Sindenrela: Nanging, Mba, anu menika Sinden ajeng ngumbah agemane Ibu lan ngumbah piring.

Rahayu: Terus aku kon mikiri? Gosokake klambiku, saiki! Nek ora, kowe tak kandhakke nang ibu nek kowe ora gelem!

Sindenrela: Ampun to, Mba. Nggeh sampun Sinden gosokaken. Nenggo sekedap malih... (Sindenrela banjur cepet-cepet nggosok klambine Rahayu)

Babak II

(Sindenrela nggosok klambine mbakyune karo nangis amarga nelangsa karo uripe sing saben dina dibeda-bedani nang omahe dewe. Sindenrela ora ngerti nek ana Tukimin teka lewat lawang mburi)

Tukimin: Loh, Nden? Napa kok nangis? (nyedhak marang Sindenrela)

Sindenrela: Rasaku kok kesel banget ya, Min. Saben-saben dikon nyambut gawe kayak ngene (ngulapi iluhe kang netes)

Tukimin: Sing legowo, Nden. Sing ikhlas. Kabeh tindak-tanduke dewe mesti dibales karo Gusti Allah. Sanajan ora ngerti kapan wektune.

Sindenrela: Iya, Min. Apa kuwi sing nang tangan, sing kowe cekel? (karo nunjuk tangan tengene Tukimin)

Tukimin: Nah, tembe wae aku arep ngomong. Iki mau ana undangan saka Jaka Sembung. Dadi Jaka Sembung ki critane arep nganakake acara kanggo golek bojo.

Sindenrela: Tenan kuwi, Min? Jaka Sembung sing omahe nang desa sebelah kae, to? (kaget)

Tukimin: Iya, Nden. Jaka Sembung sing kowe senengi kae. Kowe tau cerita nang aku lho ya !!!

Sindenrela: Moso sih?

Tukimin: Halah...kowe....pipimu kok dadi abang? Hahahaha... (ngguyu nggoda Sindenrela)

Sindenrela: Gara-garane kowe, Min! Ngledeki aku! Kan aku isin, to! ( nutupe raine nganggo tangane karo ngguyu ngguyu dewe)

Tukimin: lya, İyaaa... ki undangane, masalah melu apa ora kowe terserah. Sing penting aku wis ngabari kowe, Nden.

Sindenrela: Aku sih kepengin melu, Min. Tapi aku ora ngerti oleh apa ora karo ibu.

Tukimin: Pamit wae karo Bapakmu?

Sindenrela: Bapak kan lagi kerja 2 minggu nang kota. Aku ya ora bisa matur maring Bapak.

Tukimin: Oh, yo wis kowe nembung ndhisik. Mengko aku dikabari ya Aku arep bali ndisik. Assalamu'alaikum...

Sindenrela: Walaikumsalam...

Rahayu: Sindeeeen! Lagi ngapa sih, suwe banget nggosoke!!

Sindenrela: Nggeh, Mba. Niki sampun rampung.

Rahayu: Kok suwi banget to ??! (njukuk klambine) Loh, kuwi apa sing kowe cekel?

Sindenrela: Anu, Mba..anu...niki.eh...undangan.

Rahayu: Iki kan undangan acarane Jaka Sembung? Kowe entuk saka endi? Kowe arep melu apa? Hahahahaha. Aja ngimpi Jaka Sembung seneng marang kowe! Jaka Sembung kuwi seneng wong wadon sing kaya aku, ora kaya kowe!

Sindenrela: Tapi kan mboten salah to Mba, menawi Sinden nderek acara menika.

Rahayu: Ibuuuu! Bu...

Sidenrela: (bingung Rahayu meh ngapa, wedi yen wadul ibune)

Ibu tiri: Apa to? Kok bengok-bengok?

Rahayu: Bu, menika mireng mboten menawi Jaka Sembung ngawontenaken undangan pados garwa mangke ndalu?

Ibu tiri: Loh apa iya? Jaka Sembung sing gagah kae?

Rahayu: Nggeh, Bu. Rahayu uga badhe nderek. Tapi moso Sinden nderek, kan lucu nggeh, Bu?

Ibu tiri: Apa? Kowe arep melu? Ora oleh karo ibul Mung gawe isin tok mengko nang kana!

Sindenrela: Tapi, Bu Mba Rahayu uga pareng nderek, moso Sinden mboten pareng?

Ibu tiri: Sekali ora oleh ya tetep ora! Mengko bengi, kowe nang omah, resik-resik! Ibu karo Mbakmu sing mangkat! Titik!

Babak III

(Mlebu wayah bengi Rahayu karo ibu tirine Sindenrela sibuk dandan kanggo persiapan menyang omahe Jaka Sembung. Rahayu ditukokake klambi anyar sing apik banget. Sindenrela mung bisa ndeleng sanajan atine ini ndeleng mbakyune diistimewakake karo ibune. Sindenrela sing ora bisa melu mung bisa nelangsa karo resik-resik omah)

Sindenrela: Ya Allah, paringana sabar, paringana ikhlas... (Sindenrela ndonga karo nangis)

Tukimin: Assalamu'alaikum, Nden, Sinden! (ngetok lawang omahe Sindenrela)

Sindenrela: Walaikumsalam, mlebu wae, Min!

Tukimin: Nden, kok kowe isih neng omah? (bihgung ndeleng Sindenrela kang iseh nyapu)

Sindenrela: Aku ora oleh melu karo Ibu, Min. Aku didhawuhi nang umah wae resik-resik.

Tukimin: Wis mangkat wae saiki. Ayo karo aku mronone! (karo narik narik tangane Sindenrela)

Sindenrela: Tapi nek aku diseneni Ibu plye, Min. Aja ngawur kowe! ( nguculke tangane kang ditarik Tukimin)

Tukimin: Ora, ora bakal diseneni. Wis ayo mangkat!

Sindenrela: Tapi aku ora nduwe klambi sing apik, Min... (ndeleng klambi Kang arep dinggo)

Tukimin: Halah, wis mbatin aku. Iki aku wis nyilih klambine mbakku. Dienggo kana! (nyerahke tas kresek kang isine klambi)

Sindenrela: Tukimin pancen TOP banget. Matur nuwun ya, ora salah aku nduwe kanca kaya kowe, Min! Aku tak ganti ndhisik ya...

Tukimin: Iya, lya, cepetan!

Sindenrela: (metu saka kamar) Piye, Min? Wagu ora?

Tukimin: Ayu kok, Nden. Apik lan pas nang kowe! Sumpah, kowe gawe pangling! (gacungake 2 jempol tangane)

Sindenrela: Halah, ngapusi ya?

Tukimin: Ora kok, tenanan, Wis avo mangkat! Tapi tak boncengke numpak pit, piye?

Sindenrela: Ya ora apa-apa. Wis bisa mangkat kuwi wis Alhamdulillah. Aduh, aku kelalen aku ora nduwe sepatu, Min!

Tukimin: Loh aku juga ora nggawa. Terus piye?

Sindenrela: Yo wis ora masalah, aku nganggo sendal jepit wae.

Babak IV

(Sindenrela diboncengna Tukimin maring umaeh Jaka Sembung nang desa sebelah. Tekan umaeh Jaka Sembung)

Tukimin: Wis kana mlebu, aku ning njaba wae. Mengko nek wis rampung parani aku nang pos ronda kae ya... (ngacungi pos ronda kang ana ing pojokan)

Sindenrela: Tapi aku isin mlebune, Min. Rame banget!

Tukimin: Lah, ora apa-apa. Iki kan acara bebas kanggo sapa wae. Wis kana!

Sindenrela: Yo wis. Matur nuwun ya, Min. Aku mlebu ndhisik. (mlaku marang pesta ing omahe Jaka Sembung)

Babak V

(Sindenrela mlebu marang omahe Jaka Sembung. Karo isin soale Sindenrela mung nganggo sandal jepit, padahal liyane pada nganggo sepatu apik. Tembe wae njagong kursi, Jaka Sembung nyamperi Sindenrela)

Jaka Sembung: Sugeng rawuh, Mba....?

Sindenrela: Sinden, Sindenrela. (karo isin isin)

Jaka Sembung: Sindenrela. Jenengmu apik, cocok karo parasmu sing ayu.

Sindenrela: Mas Jaka bisa wae... (raine Sinden abang amarga isin)

Jaka Sembung: Bisa ya, hehe. Sampeyan maring rene karo.sapa?

Sindenrela: Karo kanca mau, Mas.

Jaka Sembung: Oh. Sindenrela mesti pinter nyanyi? Gelem ora nembang selagu kanggo ngramekake acara iki. Selagu tok...

Sindenrela: Anu...ora, Mas. Aku ora bisa nyanyi. Malah tamune pada bubar nek aku nyanyi.

Jaka Sembung: Moso sih? Aku ora ngandel. Ayo nyanyi, dijajal sik.

Sindenrela: Ampun lah, Mas. Aku ora bisa...

Jaka Sembung: Ayo lah, selagu tok, Nden. Ya? Ya?

Sindenrela: Emm... Yo wis, selagu wae ya.

Jaka Sembung: Cihuy...lya selagu. Ayoh munggah panggung cilik kae. (Jaka ngacungi panggung kang ana ing ngarepan para tamu)

Sindenrela: lya, Mas. (Sinden miaku menyang panggung)

Babak VI

(Sindenrela sing dipaksa nyanyi karo Jaka Sembung akhire gelem. Pas Sindenrela lagi nyanyi, ibu tiri karo Rabayu metu saka lawang mburi. Wong loro iki mau ndeleng Sindenrela lagi nyanyi. Sindenrela juga ndeleng ibune karo Rahayu. Sindenrela kang ing ndhuwur panggung langsung pucet. Sawise Sindenrela nyanyi, Sindenrela mudhun saka panggung, langsung dicegat ibu tirine karo mbakyune)

Ibu tiri: Apa-apaan kowe nang kene! Ora krungu dhawuhe ibu apa, hah! Wis wani saiki?! (narik narik tangane Sindenrela)

Rahayu: Bisa-bisane ana nang kene kowe!

Sindenrela: Wau, kula, anu...

Ibu tiri: Halah, aja kakehan alasan! Saiki bali kowe! Sedurunge pada nyadar kowe nang kene. Cepet bali! (nyeret Sindenrela)

Sindenrela: Tapi, Bu...

Rahayu: Cepet rana! Ora usah kakehan tapi! (ndorong Sindenrela)

Babak VII

(Sindenrela cepet-cepet arep metu saka omahe Jaka Sembung. Tapi sedurunge tekan lawang, Sindenrela tubrukan karo Jaka Sembung)

Jaka Sembung: Loh, Sinden? Arep ngendi? kesusu temen?

Sindenrela: Anu...aku...aku pamit, Mas. Aku arep bali, aku ditunggu nang omah. Ngapurane ya, Mas.

Jaka Sembung: (nyekel tangane Sindenrela) Aja! Aja bali ndhisik...

Sindenrela: Ora bisa, Mas. Aku kudu bali saiki. (nguculake tangane saka Jaka; banjur mlayu)

Jaka Sembung: Sindeeeen!

Sindenrela: Aja nyegat aku, Mas. Aku ora bisa suwe-suwe nang kene... Assalamualaikum

Jaka Sembung: Sandal jepitmu ketinggalan. (nggojeki sandale Sinden) Walaikumsalam....

(Sindenrela bali maring umah karo Tukimin sing gumun ngapa Sindenrela mung sedela tok nang omahe Jaka Sembung. Apa maneh Sindenrela metu ora sandalan)

Babak VIII

(Esuk-esuke, omahe Sindenrela ditekani tamu sing ora diduga karo Sindenrela, ibu tirine, lan Rahayu, amarga sing teka kuwe Jaka Sembung)

Jaka Sembung: Assalamu'alaikum. (ngetok lawang)

Sindenrela: Walalkumsalam (buka lawang) Loh? Mas Jaka??

Jaka Sembung: lya, Nden. Aku arep ana perlu.

Ibu tiri: Eeeeh, ana Mas Jaka Sembung. Monggo, monggo mlebet! Mesti arep nggoleki Rahayu ya, Mas Jaka? Rahayuuu!!!

Rahayu: Wonten menopo to, Bu? (metu saka kamar)

Ibu tiri: Iki loh, ana Mas Jaka nggoleki kowe.

Rahayu: Moso? Apa iya, Mas?

Jaka Sembung: Ngapunten, Bu. Saestunipun kula dhateng mriki wonten perlu kaliyan Sindenrela. Sanes kaliyan Rahayu.

Ibu tiri: Oh, ngono? Ana perlu apa to? Kok sing digoleki Sindenrela?!

Jaka Sembung: Kula dhateng mriki sepisan kaperlu badhe wangsulaken sendal jepite Sindenrela ingkang katinggalan wonten griya kula. Kaping pindo, kula badhe ndadosaken Sindenrela dados garwa kula.

Ibu tiri, Rahayu: Haaaaaah??????? (kaget, mlongo)

Jaka Sembung: Nggih, leres, Bu, Sinden, Rahayu.

Sindenrela: Mas Jaka lagi guyon apa pripun sih?

Jaka Sembung: Ora, Nden. Aku temenan arep nglamar kowe. Kowe nerima apa ora, Nden?

Sindenrela: Eh, mm,... (ndelokake ibu lan mbakyu tirine)

Jaka Sembung: Nden?

Sindenrela: Eh, iiya, Mas...

Jaka Sembung: Alhamdulillah.

(Akhire Sindenrela digarwa karo Jaka Sembung. Sanajan Ibu tirine lan Rahayu ora seneng, nanging bapake Sindenrela wis menehi restu. Sindenrela karo Jaka Sembung urip ayem lan tentrem adoh saka ibu lan mbakyu tirine)

Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa #2: Tata Krama ing Perpustakaan

(sumber: tulisan Ferdy Wahyu Syahputra dkk dari SMAN 4 Surabaya)

#Ing sawijining dina, bocah-bocah yaiku Reva, Bella, Rosihan, Ferdy, lan Endito padha menyang perpustakaan. Bocah-bocah njupuk buku sing wis disdhiyakake banjur diwaca kanthi tenang kajaba Ferdy lan Rosihan.

Ferdy, Rosihan: (Rame lan guyon)

Bella: Shhttt rek di jogo tata krama e, iki perpustakaan awakdhewe gaoleh rame nok kene.

Reva: Hargai pengguna perpustakaan seng lain e, perpustakaan iku panggon golek ilmu duduk panggon dolanan.

#Reva lan Bella ninggal arek loro maeng kape menyang jeding

Bella: Rev, ayok melok aku nang jeding.

Reva: Ayo.

Bella: Kowe kabeh (Rosihan lan Ferdy) ojo rame ae yo.

Rosihan: Iyoo...ndang cepet rono.

#Rosihan nggawa jajanan sing didekek nak tas e.

Ferdy: Opo iku Han?

Rosihan: Jajan iki, meneng o, luwe aku.

Ferdy: Loh emange oleh ta nggawa panganan nang perpustakaan.

#Endito teko mari njupuk buku.

Rosihan: Kon mari nang ngendi.

Endito: Mari njupuk buku, opo iku?

Rosihan: Shtttt...iki jajan, gelem ta?

Endito: Gelem, njaluk...njaluk...

#Amergo jajan sing digawa iku yen ditingali enak, Ferdy uga melu...dadi wong telu maeng mangan bareng-bareng. Ujug-ujug Reva lan Bella teko lan ngerto wong telu maeng lagi mangan ing perpustakaan.

Bella: Loh heh nak perpustakaan gaoleh nggawa pangan, simpen-simpen panganan e dipangan ngko wae nak njobo.

Rosihan: Tapi aku luwe loh...

Reva: Tetep ae gaoleh, awakdewe gaoleh ngotori perpustakaan iki, kudu dijaga kebersihan.

#Oci nyimpen maneh panganan ing tas...

#Nalika bocah-bocah pada maca, Ferdy nyoret-nyoret buku sing disilih saka perpustakaan...

Reva: Bell..bell.

Bella: (Ndelok Ferdy lagi nyoret buku) buku nak kene disediakno gae diwaca ga dirusak, dicoret-coret, opo maneh disuek i.

Endito: Loh kok dicoret Fer...hayo kon yo...

Rosihan: Onok opo? Kok rame-rame.

Bella: Iki loh buku bukan diwaca tambah dicoret-coret...

Ferdy: Yo...sepurane yo rek.

#Akhire Ferdy gelem tanggung jawab nggantu buku sing dicoret lan denda dhuwit petugas perpustakaan.

Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa #3: Adil iku Pangayoman

Ing balai desa rame, warga padha nglumpuk nggawa hasil tani. Karyo nyedhiyakake gabah lan sayur-sayuran, dene Pak Lurah lungguh ing kursi ngarep kanthi wajah jumawa.

Pak Lurah: Heh, padha kene! Aku sing milih sapa sing oleh hadiah. Sing ora iso menehi upeti, aja ngarep-arep menang.

Warga padha meneng, nanging katon nesu nanging wedi.

Karyo: (Maju) Pak Lurah, menawa lomba iki kanggo kabeh warga, mesthine adil. Sing menang kudune adhedhasar kualitas, dudu amarga nyogok.

Pak Lurah ngguyu cemlorot: Haha, Karyo, kowe isih wae mikir keadilan. Ing jaman saiki, sing duwe kuasa sing menang. Kowe petani cilik aja wani sok ngatur aku.

Siti: (Nyaut, wajahe murub) Pak Lurah, bapakku pancen wong prasaja, nanging sejatine wong adil luwih diugemi Gusti tinimbang wong sing semena-mena.

Pak Lurah: Bocah cilik, meneng wae! Kowe ora ngerti apa-apa!

Mbah Joyo mlebu karo tongkaté, alon-alon ndelok kahanan. Suasana mendadak sepi.

Mbah Joyo: Pak Lurah, elinga. Wong sing adil kuwi dadi pangayoman, nanging wong sing ora adil kuwi dadi bebendu tumrap awake dhewe. Yen kowe munggah saka kursi kekuasaan nganggo keserakahan, mesthi wae bakal tiba amarga karma.

Pak Lurah isih jumawa, nanging katon ragu sedhela.

Ora suwe, sawetara warga teka nyritakake yen laporan Pak Lurah babagan dana desa ketahuan korupsi lan bakal dicekel aparat. Suasana balai desa kaget.

Warga 1: Pak Lurah, saiki wektu mbalas. Kowe sing adol keadilan, saiki awake dhewe sing ora adilan ditampa balesané.

Pak Lurah: (kleleran, lungguh gemeter, suarane lirih) Aku... aku mung mikir dhuwit. Saiki kabeh ilang...

Karyo lan Siti: Pak Lurah, iki pelajaran. Adil iku ora mung kanggo wong liya, nanging kanggo awakmu dhewe. Yen kowe ora adil, donya iki sing bakal maringi timbal balik.

Mbah Joyo: Adil kuwi dhasar panguripan. Sapa sing ninggal adil, mesthi bakal ditinggal rejeki lan katentreman. Sapa sing ngugemi adil, bakal ditetepi Gusti.

Warga padha gumregah, banjur nyanyi geguritan bebarengan minangka tandha pungkasan:

Adil iku cahya, ora adil iku pepeteng. Sing milih cahya bakal nemokake tentreming ati.

Nah, itulah 3 contoh naskah drama alias sandiwara bahasa Jawa singkat yang bisa kamu jadikan referensi. Semoga bermanfaat, ya!




(sto/dil)

Berita Terkait

 

 

 

 

 

 

 

 


Hide Ads