- 5 Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Maulid 2025 Khutbah Jumat Jawa Maulid #1: Trisno lan Bungah in Wulan Maulid Nabi Khutbah Jumat Jawa Maulid #2: Pengetan Maulid Nabi Khutbah Jumat Jawa Maulid #3: Hikmah Mangayubagyo Maulid Nabi Muhammad SAW Khutbah Jumat Jawa Maulid #4: Kanjeng Nabi Ndandani Akhlake Menungso Khutbah Jumat Jawa Maulid #5: Nuladhani Sifatipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW
Saat bulan Rabiul Awal tiba, topik Maulid Nabi lazim dibawakan para khatib dalam khutbah Jumat. Momentum ini perlu dimanfaatkan sebaik mungkin untuk menjelaskan sosok Nabi SAW maupun peristiwa kelahirannya.
Tak hanya bahasa Indonesia, khutbah Jumat bulan Maulid juga dapat disampaikan dengan bahasa Jawa. Apalagi, di pedesaan maupun kampung-kampung yang masih sangat kental menggunakan bahasa Jawa sehari-hari.
Terlepas dari bahasanya, yang penting, khutbah Jumat sebaiknya disampaikan dengan singkat, padat, dan jelas. Selain menyampaikan isi, hal ini bertujuan agar jemaah tidak bosan dan fokus mendengarkan.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Langsung saja, cek 5 khutbah Jumat bahasa Jawa bulan Maulid Nabi 2025 di bawah ini!
5 Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Maulid 2025
Khutbah Jumat Jawa Maulid #1: Trisno lan Bungah in Wulan Maulid Nabi
(sumber: tulisan Ahmad Karomi di situs NU Jatim)
Jemaah Jumat rahimakumullah Monggo kito sami ningkataken takwa dumateng Gusti Allah kanti tansah nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun, lan cecekelan pituduh ingkang sampun dipun dawuhaken kanjeng Nabi Muhammad. Gusti Allah dawuh:
يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Artosipun: Hei wong kang podo iman, podo takwoho siro kabeh marang Allah kelawan sejatine takwo, lan ojo podo pejah siro kabeh kejobo podo muslim (Ali Imran; 102)
Salah setunggale rupi takwo ingkang sakmangke saget kito lampahi nggih meniko trisno marang Kanjeng Nabi dan bebungah kaliyan wulan maulid, wulane Kanjeng Nabi dipun lahiraken ing dunyo niki. Kranten sedoyo makhluk ingkang dipun ciptaaken Gusti Allah mboten saget ngungkuli kamulyane Kanjeng Nabi. Pramilo wulan kelahiranipun kalebet perkawis mulyo.
Hadirin Ingkang Sami Bahagio
Wonten Jum'at meniko, kito sampun melebet wulan Rabiul Awal ingkang dipun wastani wulan maulid Nabi. Katah tiyang ingkang sami ngerayaaken maulid keranten bebungah kaliyan Kanjeng Nabi. Antawisipun perayaan maulid kados dene maos maulid barzanji, diba'an, tarikh Rasul lan sakpitunggalane.
Sinaoso mekaten, ngerayaaken maulid kedah njalur kaliyan aturan agomo. Tegese perayaan meniko kedah dipun isi amal kesaenan, mboten saget dipun isi kaliyan kegiatan munkar, maksiat ingkang sasar lan nyasaraken. Amergi Gusti Allah lan poro malaikat maos shalawat lan salam kagem Kanjeng Nabi. Gusti Allah dawuh:
إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
Artosipun: Saktemene Gusti Allah lan poro Malaikat moco sholawat kagem Nabi, Hei, wong-wong kang podo iman, podo mocoho sholawat kagem Nabi lan ngucapo salam kagem Nabi. (QS. Al-Ahzab[33]: 56).
Ayat meniko negesaken bilih Kanjeng Nabi nggadah keistimewaan ingkang makhluk lintu mboten nggadah ngantos angsal sholawat lan salam saking Gusti Allah lan poro malaikat.
Wonten keterangan kitab Mahasin al-Ta'wil anggitanipun Imam Jamaluddin al-Qasimi dipun sebataken bilih ayat kasebat nuduhaken wajibe saben tiyang muslim maos sholawat kagem Kanjeng Nabi. Kewajiban maos sholawat meniko saget dipanggihi wonten lebete sholat, yakni naliko maos tahiyyat.
Setunggale hadis qudsi dawuhaken keunggulane Kanjeng Nabi:
لَوْلَاكَ لَوْلَاكَ يَا مُحَمّد لما خَلَقْتَ الأَفْلَاك
Artosipun: Lamun ora kerono siro Muhammad, ora bakal ingsun dadiaken jagat
Jamaah Jumat Ingkang Bahagio Maos sholawat kagem Kanjeng Nabi meniko mboten sanes namung damel mbuktiaken raos trisno kito dumateng Kanjeng Nabi. Imam Razi nate dawuh: Tujuane Gusti Allah ngewajibaken umat Islam maos sholawat kagem Kanjeng Nabi meniko damel nuduhaken pangkat luhur lan agunge Kanjeng Nabi Muhammad wonten ngersane Gusti Allah.
Pramilo, menawi kito sedoyo sampun trisno lan mbiasaaken maos sholawat, mongko saking waosan niku kito bakale dipun ganjar lan kecatet ngelampahi amal kesaenan. Kranten sejatine saking waosan niku barokahipun lumeber mekenani kito sedoyo. Mugi-mugi kito sedoyo kalebet umat Islam ingkang mlebet suwargo sareng Kanjeng Nabi tanpo dihisab.
Khutbah Jumat Jawa Maulid #2: Pengetan Maulid Nabi
(sumber: laman NU Banten)
Poro sederek kaum Muslimin ingkang minulyo
Monggo kito tansah samiya ajrih lan takwa kita dumateng Allah kanti takwa ingkang sak estu, sarono tansah nindakaken sedoyo dawuh lan perintahipun, soho nilar ingkang dados awisanipun. Pangajab kito tansah pinaringan rahmat lan kanugrahan saking ngarso Dalem Allah Subhanahu wa Ta'ala.
Wekdal puniko kito wonten ing wulan Rabiul Awal, inggih Wulan Mulud. Swasana upacoro pengetan wiyosan Dalem Junjungan kito Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu'alaihi wa sallam katah dipun laksanaaken dening umat Islam wonten ing pundi-pundi papan. Sedoyo wau dipun seja kangge nglahiraken raos mahabbah dateng Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu'alaihi wa sallam. Kito ngaken tresna Nabi monggo kita buktekaken kanti ngatah-ngatahaken maos shalawat, nderek dawuhipun Allah ing Al-Qur'an:
يأَيُّهَا الَّذِيْنَ أمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْماً
"He wong kang podo iman, podo mocoho shalawat siro kabeh marang Nabi, lan podo macakno salam siro kabeh.'' (QS. Al Ahzab 56)
Poro sederek kaum Muslimin ingkang minulyo
Katresnan kito dateng Kanjeng Nabi bade dados lantaran kempal kito dateng Panjenenganipun mbenjang wonten ing swarganipun Allah, jalaran Kanjeng Nabi nate paring dawuh:
مَنْ أَحَبَّنِيْ كَانَ مَعِيْ فِى الْجَنَّةِ
"Sing sopo wonge tresna marang Ingsun, mangko wong iku bakal bareng-bareng sartaningsun ing swargo."
Hadist sanes ngendikakaken:
اَنَّ رَجُلاً سَأَلَ النَّبِيَّ صلى الله عليه وسلم : مَتَى السَّاعَةُ يَا رَسُوْلَ اللهِ قَالَ: مَا اَعْدَدْتَ لَهَا قَالَ: مَا اَعْدَدْتُ لَهَا مِنْ كَثِيْرِ صَلاَةٍ وَلاَ صَوْمٍ وَلاَ صَدَقَةٍ ، وَلكِنِّىْ اُحِبُّ اللهَ وَ رَسُوْلَه، قَالَ : اَنْتَ مَعَ مَنْ اَحْبَبْتَ.
"Sawijining wong sowan Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu'alaihi wa sallam, nuli matur: Duh Rasulullah, mbenjang menopo kedadosan kiyamat meniko ? Kanjeng Nabi Sallallahu'alaihi wa sallam lajeng dang : Opo persiapanmu kanggo ngadepi dina kiyamat? Tiyang wau lajeng matur: kulo mboten gadah persiapan kangge ngadepi dinten kiyamat, kanti ngamal arupi shalat ingkang katah, utawi shiyam ingkang katah, mboten ugi sedekah, mung mawon kulo tresna dateng Allah lan utusanipun. Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu'alaihi wa sallam lajeng dawuh: Sawijining wong kuwi mbesuk ono ing akhirat bakal dikumpulake marang kang ditresnani." (HR Bukhari Muslim)
Poro sederek kaum Muslimin ingkang minulyo Mugi-mugi kito pinaringan pitulung anggenipun nderek dateng patuladanipun Kanjeng Nabi 6 Muhammad Sallallahu'alaihi wa sallam, soho nambahi katresnan kito dateng panjenenganipun. Wusono kito kalebet katahipun umat ingkang nampi syafa'at mbenjang wonten ing yaumil qiyamah. Amin
Khutbah Jumat Jawa Maulid #3: Hikmah Mangayubagyo Maulid Nabi Muhammad SAW
(sumber: tulisan Kiai Muhammad Ainun Na'im dalam situs PCNU Cilacap)
Hadirin Jama'ah Jum'at Rohimakumulloh...
Monggo kito tansah muji syukur wonten ngerso dalem Alloh SWT, lan tansah berusaha ningkatake ketaqwaan kito dumateng Alloh SWT, kanti nderek sedoyo perintah-perintah-Ipun, lan nebihi sedoyo awisan-awisan-ipun.
Hadirin Jama'ah Jum'at Rohimakumulloh...
Wulan Robi'ul Awal utawin ingkang dipun kenal kanti wulan Maulid puniko wulan wiyosan ndalem menungso ingkang luar biasa lan dipun pilih, inggih puniko Baginda Rosululloh Muhammad SAW. Awit saking puniko kito dados umat ipun, kintenipun kito wajib ngungkapaken raos syukur ingkang tanpo upami, keranten wiyosan baginda Rosululloh SAW puniko kalebet nikmat inkang agung.
Boten namung sak kedar mangayubagyo kanti raos remen kemawon, ananging perlu pemahaman, perenungan lan refleksi diri ingdalem praktek ipun. Awit puniko ingdalem ngraya'aken Maulid Nabi paling boten wonten tigang hikmah ingkang kedahipun kito pendet.
Sepindah: Perayaan Maulid Nabi saged ndadosaken tambahipun kecintaan kito dateng beliau baginda Nabi Muhammad SAW, ingkang ingdalem hal puniko inggih cinta ingkang setulusipun, boten cinta gombal kemawon.
Ingdalem maulid ingkang pundi wonten wahosan Tarikh/Riwayat beliau, sae ingdalem bentuk maulid Al Barzanji, Dziba'i, Simtuduror, utawin sanesipun, kanti dipun tambah makno saben wahosanipun, saged mbekto kito mangertosi kisah gesang beliau, lan saged nyukulaken raos kagum ingkang tanpo upami dateng Rosululloh SAW dados menungso ingkang kebak kanti kasampurnan.
Sehinggo saged nuwuhaken kecintaan ingkang estu dateng beliau, lan kito leres-leres bersyukur dumateng Allah SWT ingkang sampun ngutus menungso ingkang mulyo kados beliau dados rahmatan lil alamin ( Rohmat kagem wong ngalam sedoyo ).
Kados ingkang dipun jelasaken ingdalem Al-Quran surat Al-Anbiya Ayat 107 :
وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا رَحْمَةً لِّلْعَالَمِينَ
Artosipun : "Lan Ingsun ( Allah ) ora ngutus sliramu ( Muhammad ), kejobo minongko rohmat kanggo wong ngalam kabeh."
Ongko kalih :
Kagem mahami Tarikh/Sejarah perjuangan Baginda Nabi Muhammad SAW. Ingdalem merjuangaken agomo Islam, Rosululloh ngalami katah kangelan, alangan, masalah, lan malah ancaman pembunuhan. Harta, bondo, keluarga, tenogo, pikiran, ugo nyowo dados taruhanipun ingdalem nyi'araken agomonipun Alloh.
Ingdalem jihad/berjuang, Rosululloh boten namung ngajak lan nyuwun dateng poro sahabatipun kemawon, ananging beliau ugi paring tauladan langsung mandap ing medan perang lan kanti tindak lampah akhlaq ingkang mulyo. Beliau nderek ingdalem perang Badar, Uhud, lan Khondak. Mongko kito dados umatipun boten mungkin sanggup niru Rosululloh lan poro sahabat ingdalem li i'la'i kalimatillah (negak'aken kalimat ipun Alloh).
Cekap kagem kito nderek merjuangaken Islam sesuai kemampuan kito lan kito sesuai'aken kaliyan era masyarakat saat puniko. Salah setunggalipun inggih puniko bahagia kanti ngraya'aken maulid Nabi agung Muhammad SAW, khidmah dateng Agami, kanti sregep mulang lan ngaji ilmu agama, lan nglampahi punopo- punopo ingkang dipun conto'aken poro ulama' ingkang dados Pewaris poro Nabi.
Hadirin Jama'ah Jum'at Rohimakumulloh...
Ongko tigo: Ingdalem ngraya'aken Maulid Nabi Muhammad SAW ingkang dipun wahosaken kisah gesang beliau, dipun harapaken saged dados cerminan kagem kito supados saged neladani, nderek lan niru akhlaq Rosululloh SAW ingkang dados Uswatun Hasanah ( suri tauladan ingkang sae ). Alloh SWT ndawuhaken ingdalem Al-Quran surat Al-Ahzab ayat 21:
لَّقَدْ كَانَ لَكُمْ فِى رَسُولِ ٱللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَن كَانَ يَرْجُوا۟ ٱللَّهَ وَٱلْيَوْمَ ٱلآخِرَ وَذَكَرَ ٱللَّهَ كَثِيرًا
Artosipun: "Temen, ingdalem diri Rosululloh ( Muhammad ) bener-bener ono suri teladan sing sae tumprap sliramu kabeh, yoiku kanggo uwong-uwong sing ngarep ( rahmat ) Alloh lan ( tekone ) dino Kiamat serto kanti ngakehke dzikir/eling Alloh."
Ayat kasebat minongko dasar/pokok ingdalam neladani Rosululloh SAW ingdalam sedoyo ucapan, perbuatan, ugi perilaku beliau.
Hadirin Jama'ah Jum'at Rohimakumulloh...
Monggo kito dadosaken rawuhipun Rosululloh SAW ingdalem wulan maulid puniko minongko rohmat kagem kito sedoyo. Inggih puniko rohmat ingkang pundi kito anggadahi peluang kagem mbukte'aken trisno kito kanti ngamalaken tigang hikmah ingkang terkandung ingdalem memperingati utawin mangayubagyo wiyosan ndalem Baginda Nabi Muhammad SAW.
Mugi-mugi kito sedoyo tergolong dados tiyang-tiyang ingkang cinta beliau lan dicintai beliau, lan mugi-mugi kito sedoyo angsal syafa'at beliau benjang ing dino kiamat. Aamiin...
Khutbah Jumat Jawa Maulid #4: Kanjeng Nabi Ndandani Akhlake Menungso
(sumber: tulisan Ahmad Karomi di situs NU Jatim)
Hadirin Jamaah Jumat Rahimakumullah,
Monggo kito sareng-sareng sami netepi lan ningkataken takwo dumateng Gusti Allah kanti tansah nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun wonten ing panggenan pundi kemawon, samar utawi terang, rame utawi sepi. Amergi kelawan takwo kito sedoyo bakal pikantuk kabegjan lan selamet dunyo akherat, dipun kempalaken kaliyan tiyang-tiyang ingkang nderek tindak lampahipun Kanjeng Nabi lan ngabekti dumateng perintahe Gusti Allah.
Sholawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, ingkang sampun paring rerubo tupo tulodo kesaenan kagem kito sedoyo, lan saking Kanjeng Nabi kito sedoyo ngajeng-ngajeng syafaatipun mbenjang wonten dinten kiamat.
Gusti Allah dawuh:
قُلْ إِن كُنتُمْ تُحِبُّونَ ٱللَّهَ فَٱتَّبِعُونِى يُحْبِبْكُمُ ٱللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَٱللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ
Artosipun: Ngucapo siro Muhammad, lamun siro kabeh demen Allah, podo ngenuto (nderek) siro kabeh marang ingsun, mongko Allah bakal demen marang siro kabeh lan bakal ngapuro duso siro kabeh, saktemene Allah Dzat kang akeh ngapuro tur welas asih. (Ali Imran:31)
Wonten tafsir Tabari dipun jelasake bilih ayat meniko tumurun nyifati kaum ingkang ngaku demen marang Pengerane. Lajeng Gusti Allah dawuh dumateng Kanjeng Nabi: lamun siro kabeh bener ingatase ucapan siro, mongko manuto siro kabeh marang ingsun, amergi niku pertondo benere ucapan siro.
Ayat meniko ugi negesaken pentinge nderek tindak lampahe Kanjeng Nabi, keranten dalane ngabekti dumateng Gusti Allah kedah dipun wiwiti saking nderek Kanjeng Nabi, nggih meniko ngelampahi pituduh ingkang sampun dipun serat wonten kitab hadits lan sak pitunggalane lajeng dipertelaaken kaliyan poro ulama.
Hadirin Ingkang Minulyo
Kedah kito mangertosi bilih Kanjeng Nabi dipun utus Gusti Allah supados paring tupo tulodo sae, ndandani, nyempurnaaken akhlak menungso supados mboten kejlumprung ing dalan pepeteng. Gusti Allah dawuh:
وَمَا آتَاكُمُ الرَّسُولُ فَخُذُوهُ وَمَا نَهَاكُمْ عَنْهُ فَانْتَهُوا
Artosipun: Lan nopo kimawon ingkang dipun perintahaken Rasulullah, mongko lampahono. Lan nopo kimawon ingkang dipun cegah, mongko adohono, tinggalno (Al-Hasyr: 7).
Tafsir Ibn Katsir mertelaaken kapan Kanjeng Nabi perintah nindaaken kebecikan, mongko inggal dipun laksanaaken. Lan kapan Kanjeng Nabi ngelarang saking perkawis awon, mongko inggal dipun tebihi.
Dawuh meniko estu penting sanget tumrap tiyang ingkang ngaku nderek, manut dumateng Kanjeng Nabi. Keranten jaman sakmangke katah tiyang ingkang nulayani dawuh lan remen ninda'aken kemaksiatan, tebih saking akhlak mulyo. Wonten setunggale hadis Kanjeng Nabi dawuh:
بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ صَالِحَ الْأَخْلَاقِ
Artosipun: Ingsun diutus supoyo nyempurnakno akhlak bagus (HR. Baihaqi)
Hadis niki nuduhaken bilih salah setunggale tugas utama Kanjeng Nabi nggih meniko ndandani, nyempurnaake akhlake umat supados tambah sae. Kranten akhlak sae niku dados tetenger ibadahe nggih sae, sesrawungan kaliyan tetonggo, sanak raket nggih sae.
Jamaah Ingkang dipun Welasi Gusti Allah
Sarujuk kaliyan hadis meniko, wonten setunggale ayat dipun sebataken:
لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِى رَسُـوْلِ اللَّهِ أسْـوَةٌ حَسَـنَةٌ لِمَنْ كَانَ يَرْجُوْااللَّهَ وَاليَوْمَ الآخِرَ وَذَكَرَاللَّهَ كَثِيْرًا
Artosipun: Temen wis ono tupo tulodo (uswah) saking Rasulullah kagem sinten kimawon ingkang ngarep-ngarep marang rahmate Gusti Allah lan dino akhir, lan piyambake ngatahaken dzikir marang Allah. (Al-Ahzab: 21)
Pramilo, monggo kito ngatahaken nderek tindak lampahipun Kanjeng Nabi, neladani akhlake dumateng sinten kimawon. Amergi Kanjeng Nabi mboten nate ngelarani marang tiyang lintu.
Mugi-mugi kito sedoyo pinaringan kekiatan saking Gusti Allah supados saget ngelampahi kesaenan ingkang sampun dipun tuduhaken Kanjeng Nabi lan cancut taliwondo ndandani akhlak kito sedoyo. Amiin.
Khutbah Jumat Jawa Maulid #5: Nuladhani Sifatipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW
(sumber: buku Pepak Khotbah Jum'at Setaun Basa Jawa oleh Ust Djalal Sholehudin)
Jamaah Jum'at rahimani wa rahimakkumullah,
Alhamdulillah, puji lan syukur kula lan panjenengan aturaken dumateng Allah Subhanahu wata'ala, Dzat ingkang Nyipta, Ngreksa, lan Ngatur dhumateng sadaya alam. Salam lan shalawat mugi tansah lumeber dumateng junjungan lan panutan kula lan panjenengan Nabi Muhammad shafallahu 'alaihi wasalam, dumateng para kulawarga lan para sahabatipun, saha dumateng para pendherekipun ingkang istikamah dherek sunah-sunahipun, lan insya Allah kalebet dumateng kula lan panjenengan sadaya, aamiin.
Saklajengipun, wonten ing wekdal ingkang prayogi menika, kula badhe ngaturaken wasiatipun Allah Subhanahu wata'alasupados kula saha panjenengan nambahi takwa dhumateng Allah Subhanahu wata'ala. Kados ingkang dipunngendikakaken Allah Subhanahu wata'ala wonten ing surat an-Nisa' [4] ayat 131 inggih menika;
وَلِلَّهِ مَا فِي السَّمَوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ وَلَقَدْ وَصَّيْنَا الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ مِن قَبْلِكُمْ وَإِيَّاكُمْ أَنِ اتَّقُوا اللَّهُ وَإِن تَكْفُرُوا فَإِنَّ لِلَّهِ مَا فِي السَّمَوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ وَكَانَ اللَّهُ غَنِيًّا حَمِيدًا .
Ingkang jawinipun:
Somubarang isining bumi lan samubarang isining langit iku kabeh kagunganing Allah. Ingsun temen wis dhawuh marang sarupaning wong kang padha duwe cecekelan kitab sadurungira, lan uwis dhawuh marang sira kabeh. Sira padha takwa a ing Allah. Dene yen sira padha kafir, sira weruha yen samubarang isining bumi lan samubarang isining langit, iku kabeh kagunganing Allah, dene Allah iku ora butuh marang paro kawulane tur pantes ingalembano. (QS. An-Nisa' [4]: 131)
Sedherek muslim ingkang minulya,
Wonten ing wekdal punika, minangka khotib kula badhe ngaturaken babagan "Nuladhani sifat-sifatipun Kanjeng Nabi Muhammad shallallahu 'alaihi wassalam". Gusti Allah Subhanahu wata'ala dhawuh supadoskula lan panjenengan tansah nuladhani Rasulullah Shallallahu 'alaihi wassalam, jalaran Allah sampun paring warta: BukuEdukasi.com
لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِمَن كَانَ يَرْجُوا اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيرًا )
Ingkang artosipun:
"Satuhune ing dalem pribadine Rasulullah punika manggon suri tauladan kang bagus, kanggo wong-wong kang ngarep-arep rahmate Gusti Allah, lan marang dina akhir piyambake tansah eling marang Gusti Allah". (QS. Al-Ahzab [33]: 21)
Pangandikan saking Gusti Allah inggih dhawuh supados kula lan panjenengan minangka kawulanipun tansah nuladhani Nabi Muhammad shallallahu 'alaihi wassalam. Inggih amargi wonten ing saklebete Kanjeng Nabi, wonten sifat-sifat ingkang sae. Sampun kula lan panjenengan mangertosi bilih Nabi Muhammad Shallallahu 'alaihi wassalam ngghadhahi sifat-sifat wajib wonten sekawan inggih punika shiddiq, amanah, tabligh, lan Jothanah.
Ma'asyiral muslimin rahimakumullah,
Ingkang sepisan inggih punika siddiq, ingkang tegesipun bener lan jujur, saengga Rasulullah dados pribadi ingkang bener lan dipun beneraken pangendikanipun. Sedaya pangandikanipun Rasul punika dipun jagi dening Allah Subhanahu wata'ala.
وَمَا يَنطِقُ عَنِ الْهَوَى إِنْ هُوَ إِلَّا وَحْيٌ يُوحَى )
Ingkang artosipun:
"Lan ora ana pangendikane iku (Alquran) miturut hawa nafsune. Pengendikane iku ora ana liya kejaba wahyu kang diwahyukake (marang dheweke)". (QS. An-Najm [53]: 3-4)
Ingkang kaping kalih amanah, tegesipun Rasulullah punika pribadi ingkang saget dipun pitados. Rasul tansah nindakaken hukum-hukum kanthi leres lan pas. Semanten ugi Rasulullah mboten nate cidra ing pengendikanipun, "Sapa wonge goroh nganggo jeneng-Ku, mangka siapna panggonane sajerone genine neraka" (Hadis dipunriwayataken Bukhari lan Muslim)
Ingkang saklajengipun inggih menika sifat tabligh ingkang tegesipun ndugekaken utawi nyeberaken wahyu saking Allah, mboten wonten ingkang dipundelikaken. Sedaya wahyu saking Allah dipunsebaraken dateng kawulane, minangka pangrembakanipun Islam agami rahmat dateng sedaya alam.
Lan ingkang kaping pungkasan inggih menika fathanah, ingkang tegesipun cerdas lan wicaksana. Kanthi mekaten Rasulullah saget mangertosi sedaya dhawuh-dhawuhipun Gusti Allah. Semanten ugi saged ngadhepi tiyang-tiyang ingkang mungsuhi kanthi tegas lan bukti ingkang jelas.
Jamaah sholat Jum'at ingkang minulya,
Sifat-sifat rasul punika, menawi saget dipuntindakaken kaliyan sedaya tiyang yektos badhe nuwuhuken pegesangan ingkang remen wiwit dunya dumugi akherat. Kita asring midhangetaken siaran ing TV, radio, lan surat kabar, wonten tiyang ingkang nindakaken korupsi, pencurian, perzinaan, parampokan, lan sasanesipun, sasampunipun dipuntuntut wonten pengadilan piyambakipun matur menawi mboten nate nindakaken pedamelan punika. Sinaosa sampun wonten saksi lan bukti-buktinipun ananging tetep selak. Saengga kagem kula lan panjenengan dados perkawis ingkang samar, sinten ingkang leres lan sinten ingkang lepat.
Sinten sajatosipun ingkang lepat, saben tiyang sami paring pembelaan, ingkang penting piyambakipun slamet, mboten dipunukum lan saklajengipun. Tumindak punika amargi sampun mboten wonten sifat jujur, mboten wonten sifat amanah, mboten saget matur ingkang hak, mboten nate mikir milih sedaya tumindak punika mboten badhe uwal saking pamirsanipun Gusti Allah. Saengga dados adu domba lan permusuhan ingkang mboten nate tingkas.
Pramila kula lan panjenengan kedah tansah waspada bilih sedaya tumindak awon lan sae, ageng lan alit, nyata lan semu sedaya dipun mangertosi Allah lan badhé dipun suwuni tanggel jawab dening Allah. Tiyang badhe saged wilujeng saking perkawis dunya ananging hukum akherat badhe adil lan jujur,
فَمَن يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ خَيْرًا يَرَهُ وَمَن يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ شَرًّا يَرَهُ .
Ingkang artosipun:
"Sapa wonge nindakaken kebagusan seumpama sak bobot dzarroh, yekti dheweke bakal ngrasakake piwalese, lan sapa wonge nindakaken perkara ala senajan mung sabobote dzarroh, yekti bakal diketokake piwalese." (QS. al-Zalzalah (99); 7-8)
Dzarroh inggih punika perkawis ingkang sanget alit saengga kadosipun mboten nggadhahi bobot timbangan. Amargi saking ringanipun, ananging sinaosa ringan lan alit sanget sedaya tumindakipun manungsa badhe dipunsuwuni tanggel jawab benjang ing dinten kiyamat, amal sae kanthi kamulyan gesang ing suwarga lan amal ala dipun wujudaken kanthi siksa wonten ing salebetipun neraka.
Kaum muslimin jamaah sholat Jum'at rahimakumullah,
Paramila, sumangga supados gesang kula lan panjenengan tansah pikantuk ridhanipun Gusti Allah mangga kula lan panjenengan tuladhani sifat-sifat wajib rasul punika. Sedaya saget dipunwiwiti saking awak kula lan panjenengan piyambak, lajeng kula lan panjenengan terasaken dhateng keluarga. Insya Allah bangungan griya ingkang sae badhe mujudaken masyarakat ingkang sae, lan masyarakat ingkang sae badhe nuwuhaken negari ingkang sae. Lan negari ingkang sae badhe pikantuk karidhan saking ngarsa dalem Allah, kados ingkang dipurnsebat ayat menika;
"Lan sakirane penduduk negeri-negeri padha iman lan takwa, yekti ingsun (Allah) bakal maringake barokah saking langit lan bumi, ananging dheweke nggorohake (ayat-ayat Ingsun) iku, mangka Ingsun siksa dheweke merga pengawehane." (QS. Al A'raf [7]: 96)
Akhiripun, mugi-mugi kula lan panjenengan kalebetna tiyang ingkang pikantuk rahmat, ridho, lan pangapuntenipun Allah Subhanahu wata'ala lan dipunlebetaken wonten ing suwarganipun Allah ing pagesangan ing akhirat mbenjang. Aamin, aamiin, ya rabbal'alamin.
Nah, itulah 5 khutbah Jumat bahasa Jawa bulan Maulid yang bisa detikers gunakan sebagai referensi. Semoga membantu!
(par/alg)