Ikrar menjadi salah satu hal penting dalam kegiatan halal bihalal. Pada umumnya Ikrar akan dibacakan atau disampaikan oleh salah seorang peserta halal bihalal.
Terdapat berbagai macam pilihan bahasa yang dapat digunakan, tetapi biasanya masyarakat Jawa akan menggunakan bahasa Jawa ketika ikrar halal bihalal. Lantas seperti apa ikrar halal bihalal bahasa Jawa? Berikut ini contoh ikrar syawalan halal bihalal bahasa Jawa.
Halal bihalal menjadi salah satu tradisi yang melekat pada umat Islam di Indonesia. Tradisi ini rutin dilakukan oleh umat Islam ketika hari raya Idul Fitri. Pada umumnya umat Islam di Indonesia akan berkumpul dengan seluruh anggota keluarga untuk saling memberi dan meminta maaf yang akan dipimpin oleh salah seorang anggota keluarga untuk berikrar.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Berikut ini beberapa contoh ikrar syawalan halal bihalal bahasa Jawa, dikutip detikJateng dari Academia dan Scribd.com, Kamis (27/4/2023).
Contoh Pertama
Kanthi menika, Kula ikrar bilih : Kanthi manah ingkang ikhlas, lega legawa. Kula hangluberaken pangapunten dhumateng sedaya kalepatan panjenengan ingkang sami rawuh ing papan panggenan menika. Kalepatan ingkang ageng utawi alit, ingkang kasengaja saha ingkang mboten kasengaja, ingkang asifat lahir saha ingkang asifat batos.
Ugi ngaturaken panyuwunan, dhumateng panjenengan sadaya mugi-mugi kapareng lan kersaha paring pangapunten dhumateng sedaya kalepatan kula. Kalepatan ingkang ageng utawi alit, ingkang kula sengaja saha ingkang boten kula sengaja, ingkang asifat lahir saha ingkang asifat batos.
Mugi-mugi kanthi ikrar menika Gusti ingkang Maha Asih kapareng paring pangapunten dhumateng sedaya dosa kalepatan kita, ingkang ageng menapa dene ingkang alit, ingkang kita sengaja menapa dene boten kita sengaja.
Mugi-mugi Gusti ingkang Maha Mirah tansah paring pitedah saha paring barokah. Menggah gesang lan panggesangan kita satemah tansah manggih kabegjan dunya akherat. Aamiin Aamiin aamiin Yaa Robbal'alamiin.
Contoh Kedua
Kanthi nyuwun ridhonipun Allah SWT kita sedaya ingkang lenggah samia nglenggana gadahi salah, khilaf, lan dosa. Kanthi punika kita ikhlas ikrar halal bihalal sepuh punapa ingkang anem sami-sami paring lan nyuwun pangapunten antawis satunggal dhumateng sanesipun mugi Allah SWT paring ridho dateng lampah ingkang pinuji punika kanthi kairing donga:
Taqoballahu minna wa minkum, minal aidzin wal faidzin
Mugi-mugi kita sedaya tansah wangsul dateng fitrah lan Allah tansah paring bimbingan dhumateng kita sedaya dateng kasaenan lan pangibadahan.
Contoh Ketiga
Duh Gusti Allah pangeran kula.
Sedaya pangalembono kunjuk wonten ngarso paduka.
Wonten ing dinten menika, kula sami silaturahmi, saperlu halal bihalal
apuro ing apuran.
Dhumateng bapak/ibu engkang kaleres sepuh. Kulo ngaturaken raos bektos kula,
Dhumateng kadang sesami, kula ngaturaken salam takdzim kula.
Dateng adik-adik engkang kaleres anem, kula ngaturaken raos tresno kula.
Wonten Riadin Fitri menika, Kula nglenggono sedoyo kalepatan soho kekhilafan kula.
Dhateng panjenengan sedoyo.
Mbok bilih panjengan sedoyo, kagungan kalepatan soho kekhilafan dateng kula,
Saestu kanthi longgaring manah, kula caos pangapunten dhateng panjenengan sedoyo.
Mugi-mugi Allah SWT, tansah paring pitedah saha pitulungan dateng kita.
Sahingga kita saged njagi iman saha taqwa kita, Ibadah saha amal sholeh kita.
Mugi-mugi Gusti Allah nampi amal ibadah kita, tansah paring pangapunten dateng sedoyo dosa kalepatan kita,
tansah paring ijabah dateng sedoyo panyuwunan kita.
Rabbana atina fiddunya hasanah, wa fil akhiroti hasanah Waqina' adza bannar, Aamiin Aamiin Ya Robbal Alamin.
Demikian beberapa contoh ikrar syawalan halal bihalal bahasa Jawa. Semoga bermanfaat ya, Lur!
Artikel ini ditulis oleh Noris Roby Setiyawan peserta Program Magang Bersertifikat Kampus Merdeka di detikcom.
(rih/ahr)