Hal tersebut diumumkan oleh Wedhana Satrio Pura Mangkunegaran, Lilik Priarso dalam jumpa pers di Pura Mangkunegaran, hari ini. Dalam acara tersebut, Lilik hanya membacakan wara-wara atau pengumuman.
"Setelah dilakukan pertemuan keluarga, dengan tulus ikhlas sepakat dengan Prameswari-Dalem Gusti Kanjeng Putri Mangkunegoro IX, menetapkan Gusti Pangeran Haryo Bhre Cakrahutomo Wira Sudjiwo, SH sebagai Kanjeng Gusti Pangeran Adhipati Ario Mangkunegoro X," kata Lilik membacakan wara-wara, Selasa (1/3/2022).
Adapun yang bertanda tangan pada wara-wara tersebut adalah Gusti Raden Ayu Retno Satuti Suryahadiningrat saha Gusti Raden Ayu Retno Rosati Notohadiningrat.
"Tata cara adat Jumenengan-Dalem akan dilaksanakan Sabtu Pahing tanggal 8 Ruwah Alip 1955 atau 12 Maret 2022," ujar dia.
Berikut isi wara-wara berbahasa Jawa yang dibacakan:
Awit saking keparengipun Prameswari-Dalem Gusti Kanjeng Putri Mangkunagoro IX, kula: Gusti Raden Ayu Retno Satuti Suryahadiningrat saha Gusti Raden Ayu Retno Rosati Notohadiningrat, ingkang minangka hamakili kulawarga saha sadherek-sadherek (sawarga) Sampeyan Dalem Ingkang Jumeneng Kanjeng Gusti Pangeran Adhipati Ario Mangkunagoro IX, hambiyawaraaken:
1. Hanguningani Surud Dalem Sampeyan Dalem Ingkang Jumeneng Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ario Mangkunagoro IX ing dinten Jumat Legi, tanggal 4 Suro Alip 1955 surya kaping 13 Agustus 2021.
2. Sasampunipun kawontenipun pepanggihan saking kulawarga saha sedherek-Dalem (sawarga) Sampeyan-Dalem Ingkang Jumeneng Kanjeng Gusti Pangeran Adhipati Ario Mangkunagoro IX, ingkang minangka hanetepi wajibing paugeran adat, kanthi tulus ikhlas ing manah sarujuk, saha hanyengkuyung dhumateng Prameswari-Dalem Gusti Kanjeng Putri Mangkunagoro IX, anemtokaken putra dalem:
Gusti Pangeran Hario Bhre Cakrahutomo Wira Sudjiwo, SH, kajumenengaken Kanjeng Gusti Pangeran Adhipati Ario Mangkunagoro X
Dene tata cara adat Jumenengan-Dalem badhe kalampahaken ing dinten Sabtu Pahing tanggal 8 Ruwah Alip 1955 utawi surya kaping 12 Maret 2022.
Surakarta, 25 Februari 2022
(mbr/ams)