45+ Contoh Parikan dengan Berbagai Tema

45+ Contoh Parikan dengan Berbagai Tema

Najza Namira Putri - detikJatim
Sabtu, 11 Mei 2024 14:05 WIB
Ilustrasi contoh pantun Sunda lucu.
Ilustrasi parikan. Foto: Istimewa
Surabaya -

Parikan atau pantun bahasa Jawa adalah salah satu karya sastra Jawa. Membuat karya sastra ini bisa dengan berbagai tema seperti pendidikan, pemimpin, pahlawan, dan tema lainnya.

Ada dua jenis parikan, yaitu pitutur yang berfungsi menyampaikan pesan nasihat atau amanah, dan peseman yang berfungsi untuk candaan atau guyonan. Berikut contoh parikan Jawa dengan berbagai tema.

Kumpulan Contoh Parikan Berbagi Tema

Ada banyak parikan dengan berbagai tema yang bisa dijadikan referensi mengerjakan tugas maupun untuk lomba. Berikut kumpulan contoh parikan berbagai tema di bawah ini.

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

1. Parikan Tema Pemimpin

Contoh #1

Tuku tahu isi nang Mojowangi
Kepethuk Pak Wandi makani sapi
Yen negara e gema ripah loh jinawi
Pemerintah e kudu njunjung nilai demokrasi

ADVERTISEMENT

Contoh #2

Pak Kamdi dolanan gergaji
Disambi ngopi menyang Sulawesi
Calon pilkada ojo tebar janji
Wes dadi pejabat jebule korupsi

Contoh #3

Sego kikil iwak e teri
Cak Besut rabi oleh Sumini
Pikir-pikir Jombang saiki
Dipimpin Srikandi kudu lestari

Contoh #4

Awan-awan ngedusi sapi
Ojo lali nggowo sesaji
Gawe opo panjenengan dadi pejabat negeri
Yen akhir e dipenjara mergo korupsi

Contoh #5

Mlaku-mlaku nang Pasar Baru
Nang Pasar Baru golek sepeda
Dadi pemimpin kudu biso ditiru
Wargane aman kanti urip sejahtera

Contoh #6

Tindak ning Pandaan kaleh Bu Lurah
Ndilalah lali dalane lewat endhi
Jabatan ing pemerintahan kuwi amanah
Ojo seneng korupsi lan umbar janji

Contoh #7

Njajan pempek nang Betawi
Ditambahi es kepal susu karo degan
Paham apa sing ngancurne negeri
Pejabat terhormat sing korupsi terus-terusan

Contoh #8

Kutho Jombang kutho beriman
Wit tebu digiling dadi gulo
Pemerintah e iso jujur lan beriman
Rakyat e bungah lan sugih makaryo

Contoh #9

Mlaku-mlaku nang pinggir kali
Ketemu arek cilik rambute gimbal
Dadi pemimpin kudu peduli
Rakyat cilik ojo ditinggal

Contoh #10

Tuku taplak nang Tugu Kepatihan
Tuku jilbab nang Mbakalan Rayung
Ora mung terus jagakne pemerintahan
Nanging wargae yo kudhu ndukung

Contoh #11

Tak ibaratna lampune lilin
Mobat mabit kesilir angin
Ora gampang dadi pemimpin
Dikoreksi rakyat sing miskin

Contoh #12

Tawon ngentup siseh gulu
Pejabat korup, ojo ditiru

2. Parikan Tema Cinta Tanah Air

Contoh #1

Tuku kaktus ning pinggir prapatan
Nggone nandur ning pot ombo
17 Agustus kui dinone kemerdekaan
Yok dulur podho semangat ngrayakno

Contoh #2

Tuku buah nang Pasar Ngoro
Ojo lali mampir Kebon Rojo
Gegandeng tangan karo poro konco
Ayo podo guyub noto negoro

Contoh #3

Tuku areng dikreseki abang
Tuku neng mburi Pasar Terongan
Ayo bareng mbangun Semarang
Gawe nyukuri nikmat kemerdekaan

Contoh #4

Rantene dowo sadele kotak
Tukokno ruji pasangno sepeda
Enom lan tuo ayo seng kompak
Mbangun negeri ben iso sejahtera

Contoh #5

Nang Wonosalam tuku duren
Duren sak kranjang dicampur pelem
Ayo konco seng podo keren
Wujudno Jombang adem lan tentrem

Contoh #6

Muter-muter tiang menara
Delok tekan Prabumulih
Kibar-kibaren iku gendera
Gendera Sang Saka Merah Putih

Contoh #7

Malem Minggu nang Pak Sarji
Mlakune kudu ati-ati
Meskipun pean nomor siji
Tapi Merah Putih tetep di hati

Contoh #8

Mancing wader ning kali kembar
Wader e gak ono panggah dienteni
Ojo nganti negeri iki buyar
Ayo berjuang kanggo NKRI

Contoh #9

KebonRojo Khuto Jombang
Ringin Conthong tengah kutho
Dadi pemuda ojok tumbang
Ilingo mbiyen dijajah Londo

Contoh #10

Guk Wahyu menek waru
Mari menek goreng sukun
Dirgahayu Indonesiaku
Mugo-mugo damai lan rukun

Contoh #11

Sore-sore mangan rujak cingur
Ngombene es susu soda
Ayo dolor ndang podho akur
Gawe Indonesia tetep merdeka

3. Parikan Tema Pendidikan

Contoh #1

Dolan nang kali golek kerang
Nyelem ket isuk entuk mek siji
Saiki wes gak usum e perang
Tapi jamane golek prestasi

Contoh #2

Arjuna lunga marani Abimanyu
Sing diparani lagi njaga bangsa
Aja lali sregep sinau
Supaya dadi wong sing berguna

Contoh #3

Gawe cao nangka sabrang
Kurang setrup luwih banyu
Aja awatak gumampang
Den sengkud nggregut sinau

Contoh #4

Sega punar lawuh empal
Segane penganten anyar
Dadi murid aja nakal
Kudu ulah ati sabar

Contoh #5

Awan-awan aja keluyuran
Ana Pak Mantri numpak sekuter
Kapan-kapan aku keturutan
Duwe kanca sinaune pinter

Contoh #6

Wajib bapa aweh sandang mangan ngimel
Aweh arta sangu ngaji aja owel
Lan arep kasil ngilmu buwang sebel
Aja nganti ati atos amakiyel

Contoh #7

Ngasah arit, nganti landhep
Dadi murid, kudu sregep

4. Parikan Nasihat

Contoh #1

Ayo semangat melu upacara
Gae ngerayakno Indonesia merdeka
Ayo podho ngedohi narkoba
Seng iso ngrusak generasi bangsa

Contoh #2

Manuk glathik nuthuli pari
Mabur lima teka sing pitu
Luwih becik netepi janji
Luwih ala janji sing palsu

Contoh #3

Numpak becak menyang Solo
Tuku daster karo tuku celono
Ati seneng duweni konco
Iso rukun lan dadi bolo

Contoh #4

Tuku klambi karo kanca
Tukune ning Pasar Legi
Senajan toh kita beda
Nanging tetep duweni toleransi

Contoh #5

Yen pingin mangan sukun
Ojo lali mangan kedondong
Yen pengen urip rukun
Ojo lali gotong royong

Contoh #6

Denny Caknan Nang Pasuruan
Sing satru ayo merapat
Urip kui ketemu lan kelangan
Gusti Allah paringi kuat

Contoh #7

Mangan bakso nganggo gorengan
Ngombene es degan ijo
Mari udan kelingan mantan
Sing wes liwat ayo di ikhlasno

Contoh #8

Wayah bengi bulan purnama
Ketemu kuntilanak nang pinggir dalan
Manusia ra ono sing sempurna
Ora luput tekan kesalahan

Contoh #9

Ngunduh pencit nang Kebon Agung
Digawe rujak bareng buah nanas
Yen onok uwong sing jaluk tulung
Kita kudu tulus lan tetep ikhlas

Contoh #10

Masak kare bareng ketupat
Luweh enak mangan ambek sego
Hamba Allah kudu sing taat
Ben sesok melebu suwargo

5. Parikan Tema Pahlawan

Contoh #1

Petruk Gareng anak e Semar
Iku kabeh lakon pewayangan
Kabeh dulur ojo podo bubar
Monggo nerusake perjuangan pahlawan

Contoh #2

Ibu nggolek brambang
Nanging adek mangan jajan
Masio ora melu berjuang
Kita kudu hargai jasa pahlawan

Contoh #3

Tuku pecel pincuk nang Mbok Rondo
Mangan krupuk puli awas onok borax
Pahlawan biyen merangi wong Londo
Pahlawan jaman saiki merangi berita hoax

Contoh #4

Mangan soto campur iwak teri
Soto paling enak ono ing Ploso
Ayo sing sregep golek rezeki
Yen pengen dadi pahlawane keluargo

6. Parikan Tema Cinta

Contoh #1

Yen kembang pilih mlati
Yen manuk kutut wae
Biyen sayang saiki benci
Merga ora diturut karepe

Contoh #2

Golek banyu nang pinggir kali
Dinggo raup rasane anget
Kowe ojo nganti lali
Mergo aku sayang banget

Contoh #3

Paijo ngasah belati
Belati gawe mbeteti gurami
Masio koe ngayelke ati
Tapi aku cinta setengah mati

Contoh #4

Jogja Malang Ponorogo
Kadung sayang, ora wani kondo

Contoh #5

Wedang bubuk gula jawa
Yen kepethuk, ati lega

Artikel ini ditulis oleh Najza Namira Putri, peserta Magang Bersertifikat Kampus Merdeka di detikcom.




(irb/fat)

Berita Terkait

 

 

 

 

 

 

 

 


Hide Ads