15 Pantun Bahasa Jawa yang Lucu Tapi Penuh Makna

15 Pantun Bahasa Jawa yang Lucu Tapi Penuh Makna

Rina Fuji Astuti - detikJatim
Jumat, 14 Okt 2022 02:30 WIB
Full length of a cool young couple writing in notepads over white background
Ilustrasi/Foto: Getty Images/iStockphoto/Wavebreakmedia
Surabaya -

Awalnya, pantun identik dengan bahasa Melayu. Namun setelah bahasa Indonesia disahkan, pantun pun diterapkan dalam bahasa Indonesia.

Pantun berbahasa Jawa pun sama kerennya. Sama-sama bisa mengundang tawa, sama-sama menyiratkan makna.

Ciri-ciri pantun yakni memiliki sajak a-b-a-b. Dua bait pertama adalah sampiran dan dua bait terakhir adalah isi.

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Berikut pantun bahasa Jawa yang lucu tapi penuh makna:

1. Tuku soto nang Lamongan
Budal isuk moleh sore
Kowe sing tau nggarai nyaman
Saiki pie kabare kowe?

2. Sore-sore cangkruk nang warung
Nyumet rokok lan ngombe kopi
Urip susah kadang beruntung
Akeh masalah digawe hepi

ADVERTISEMENT

3. Budal kerjo nang Suroboyo
Minggir disik tuku bensin
Wes kadung sayang gak wani kondo
Moleh ae nek isin-isin

4. Denny Caknan Nang Pasuruan
Sing satru ayo merapat
Urip kui ketemu lan kelangan
Gusti Allah paringi kuat

5. Mangan bakso nganggo gorengan
Ngombene es degan ijo
Mari udan kelingan mantan
Sing wes liwat ayo di ikhlasno

6. Wayah bengi bulan purnama
Ketemu kuntilanak nang pinggir dalan
Manusia ra ono sing sempurna
Ora luput tekan kesalahan

7. Ngunduh pencit nang Kebon Agung
Digawe rujak bareng buah nanas
Yen onok uwong sing jaluk tulung
Kita kudu tulus lan tetep ikhlas

8. Mlaku-mlaku nang Banyuwangi
Tuku oleh-oleh kopi kemiren
Onok wayah lara lan dilarani
Apik ku nang kowe ra bakal leren

9. Isuk-isuk makani pitik
Mari adus sarapan tahu tempe
Kowe ayu akeh sing ngelirik
Kari milih sing apik sifate

10. Masak kare bareng ketupat
Luweh enak mangan ambek sego
Hamba Allah kudu sing taat
Ben sesok melebu suwargo

11. Numpak sepur nang Jakarta
Tuku ketoprak lan ngombe jamu
Aku lan kowe ora dadi kita
Mari sayang saiki satru

12. Budal ngaji tuku sosis
Yen moleh dulinan layangan
Akhir bulan dompetku tipis
Bayaran entek digawe jajan

13. Tuku lontong kupang nang Kenjeran
Yen moleh tuku telur gulung
Dadi konco sing apikan
Onok sing susah langsung ditulung

14. Moleh sekolah dolen nang Alun-Alun
Awak pegel kakean playon
Urip kui ngerti sopan santun
Nanging ra lali wayahe guyon

15. Dina minggu wayahe dolen
Rame-rame nang pantai Prigi
Tresna kowe ra bakal leren
Setiaku nganti tekane mati




(sun/iwd)

Berita Terkait

 

 

 

 

 

 

 

 


Hide Ads